Anda di halaman 1dari 4

WARUNG POJOK

Akeh wong pada kedanan masakan


Akeh wong pada kelingan pelayan
Ora klalen ning kesopanan ning sekabeh lelangganan
Yen tes balik jalan jalan mingguan
Mumpung bae tes gajian kaulan
Warung pojok go ampiran etung etung kekenalan
Tobal dendenge
Emi rebuse
Sega gorenge
Daginge gede gede
Aduh kopie
Tobat bukete
Aduh manise
Persis kaya pelayane
Pura pura mata mlirik ning duwur
Padahal ati tertarik lan ngawur
Nginum kopi mencak nyembur
Kesebab nyasar ning cungur

KEMBANG JAMBE by. Abdul Adjib


Ana sawiji prawan
Ganjene ora kejagan
Ngaku sugi demenan
Nanging langka sing temenan

Yen wis wayae dangdan


waktune sampe jam-jaman
bli ketinggalan jaman
bedak lipstik setrip mata kosmetik gawean jerman

Aduh lunga ya mingguan


Alesane jalan-jalan
Padahal luru kenalan
Lumayan kanggo hiburan
Ngintil sedalan-dalan

Ngajak nguma ati bunga


Bakal wara ning wong tua
Bari tangga oli jaka
Duh tobat ora disangka
Dadi-dadie cuwa

Kang ngintil bebalik pikir


Rupane si kurang naksir
Lanange tukang iseng
Balike bari geglendeng

Rambut dipotong sasak


Akeh sisir pada rusak
Kaca ditepak-tepak
Wis mengkel sisir disepak

Yen tanggal ganti wulan


Bli klalen gawe klakuan
Mangan gedang sepisan
Bli mangan manis-manisan

Bli kedeleng ning panglinge

Sing katon ganjene bae


Kembang jambe tutup ketel
Demen kabeh demen kabeh
Langka langka sing nyantel

Duh niate wurung bae


Kapan bae kelakone
Sapa bae ya jodone
Durung klakon lamunane
Sing pada demene

Kedanan wong pegawe


Sayang wong tuane blawe
Bakal mantu pengene
Luru kang sepapak duniane

Iku tugas wong wadon


Dudu mung kanggo ning pawon
Tindak tanduk kang alon
Sekabeh bakal kelakon

Aja kanggo kadiran


Yen dunia iku sampiran
Nganggoa seukuran
Mbok menawa mengko bli bakal penasaran

Aja gagal masih bakal


Bokatan dianggep bagal

Kembang jambe tutup ketel


Demen kabeh demen kabeh
Langka langka sing nyantel

Aja sokan cawal-cawel


Matekan dianggep rewel
Kembang jambe tutup ketel
Demen kabeh demen kabeh
Langka langka sing nyantel

Lurua dalan ilmu


Kang becik minangka guru
Sebab iku leluku
Mengkonon pesene lagu

Anda mungkin juga menyukai