Anda di halaman 1dari 4

Assalamualaikum wr wb

Alhamdulillahirobbilalamin.
assolatu wassalamuala asrofil ambiyai wal mursalin, waalaihi wasobihi, aja ma ngin ama
baddhu.
Jamaah masjid Ar-Rahman sedaya ingkang kulo hormati, linangkung wonten ngarsanipun para
pepunden pini sepuh sesepuh ingkang kula pundi.
Panjenenganipun Bapak Dukuh pedukuhan Tangkilan saha bapak bapak tokoh masyarakat
pedukuhan Tangkilan sedaya ingkang kula hormati.
Bapak bapak pengurus takmir masjid Ar-Rachman sedaya ingkang kula hormati ugi,
Sumrambahipun jamaah sedaya ingkang pikantuk rahmatipun Allah SWT
Keparenga kula marak sowan matur wonten ngarsa panjenengan sedaya ,awit kula mundi dawuh
saking pengurus takmir masjid Ar-Rachman , supados nderekaken lampahipun acara syawalan
wonten ing enjang punika.
Sakderengipun acara kawiwitan , manga panjenengan sedaya kula derekaken ngaturaken raos
sukur wonten ngarsanipun Allah SWT, awit kathah sanget kanikmatan ingkang dipun parengaken
dateng kita sedaya.
Salam saha shalawat boten kesupen ugi kita aturaken dating panutan agung, Rassullulah
Muhhammad SAW, mugi syafaatipun dipun luberaken dating kita sami. Amin ,amin, amin
yarab.
Jamaah sedaya ingkang kula hormati , kepareng kula ngaturaken menggah susunan acara
syawalan tahun 1437 H wonten ing injing punika:

1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.

Adicara ingkang setunggal Pambuka


Ingkang nomer kaleh Waosan Ayat- ayat Suci Al-Quran
Salajengipun nomer tiga Atur Pambagyoharjo saking Panitia Swayalan.
Ingkang nomer sekawan Ikrar Syawalan saking jamaah Masjid ..
Salajengipun angka gangsal Atur panampi saking para pinisepuh.
Selenjengipun inggih puniko Doa.
Ingkang Pungkasan Panutup.
Mekaten wau menggah urut-urutaning adicara ingkang samengkeh badhe lumampah.

=============PEMBUKA==========
Lumebet adicara ingkang sepisan Pambuka, sumangga kita purwakani kanthi maos
basmallah

------------Bismillahirohmanirohim------Mugi-mugi kanthi waosan Basmalah punika, Gusti Allah paring rohmat, saha adicara punika
saged lumampah kanthi wilujeng
sedayanipun. Amiin

===========QALAM ILAHI===========
Salajengipun, waosan ayat- ayat suci AL-Quran, ingkang samengkeh dipun waosaken
sedherek .. Wekadal kula sumanggakaken.
--------Baca Qur an ------Kula aturaken panuwun dhumateng sedherek Arum saha sedherek Rika ingkang sampun
waosaken ayat-ayat suci Al Quran. Mugi mahanani dhumateng katentreman kito
sedoyo . Amiin
======ATUR PEMBAGYA HARJO=====
Acara salajengipun, inggih puniko atur pembagya harjo saking panitia penyelenggara, ingkang
samangkeh badhe dipun wakili panjenengannipun Bpk . Wekadal kula sumanggakaken.
----------------------ngendika--------------Maketen wau menggah atur pambagya harjo saking panitia swayalan
========= Ikrar Syawalan =========
Dumeteng Jamaah Masjid Ar-Rahman ingkang tansah kinurmatan,
Semongga adicara kita lanjengaken. Ngancik acara ingkang salejengipun inggih puniko ikrar
swayalan (mandek) : Wakil atur ikrar sawalan ingkang dawah nem saha jamaah Masjid ArRahman ingkang mangkeh dipun slirani panjengannipun Bpk .. Wekadal kula
sumanggakaken.
--------------------ngendika-------------------Kula aturanken agunging panuwun dumateng Bpk . ingkang kersa amakili atur saking
jamaah Masjid Ar-Rahman.
==========ATUR PANAMPI=============
Lumebet adicara ingkang salejingipun atur Panampi para pinisepuh ingkang samangke
badhe dipun slirani panjenganipun Bpk . Dhumateng Bpk . wekdal kul
sumanggakaken.
-----------------ngendika--------------Matur nuwun dhumateng Bpk . ingkang sampun kersa amakili atur saking sedoyo para
pinisepuh.
============DOA==========
Ngancik acara ingkang salajengipun inggih peniko doa,
Pramilo dhumateng bpk Kaum__________ wekdalkula sumanggakaken.
Matur nuwun dhumateng ............. Sampun kersa mimpin doa kagem Halalipun agen
kitho ngawontenaken syawalan wonten wekdal puniko.
Dumeteng Jamaah Al- muhtadin ingkang tansah kinurmatan,
Kagem syahipun agen kito ngawontenaken syawalan wonten ing wekdal punika . ing mangkeh
badhe dipun wonteni adicara jabat asto / salam-salaman. Ing mangkeh kasuwun penjenganipun
Bpk sepados angrampetaken adicara jabat asta / salam-salaman wonten wekdal puniko.
==========PANUTUP============

Namung sakderengipun wekdal kulo aturaken, kula minangka pranata adicara, mbok bilih
salebetipun kula dherekaken adicara kirang trapsilo saha tumpangsung anggen kula matur.kula nyuwun
agunging pangapunten.Sumangga adicara puniko kita pukasi kanthi atur Hamdallah sesarengan.
Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai