Anda di halaman 1dari 2

ASSALAMUALAIKUM Wr.

Wb
Mugiya kawilujengan lan kasarasan saking ngarsa dalem Gusti Allah
tansah rumentah kajiwa salira dhumateng kula lan panjenengan sami. Amin.
Ibu kepala SMA N 2 Playen ingkang dhahat kinurmatan
Bapak, ibu guru saha karyawan-karyawati SMA N 2 playen ingkang kula urmati
Rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Nuwun sewu keparengna kula wonten ing mriki supados nderekaken
lampahipun titilaksana perpisahan kelas 12 SMA N 2 Playen ingkang mapah
wonting ing lapagan SMA N 2 Playen.
Naming saderengipun sumangga ngaturaken puja lan puji syukur
dhumateng ngersanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung saengga kita saget
makempal wonting ing mriki.
Ing salajengipun kepaingna kula ngaturaken rantamaning acara:
Ingkang sepisan pambuka
Angka kalih pambagya saking ketua panitia
Kaping tiga inggih menika talanging atur saking wakil kelas 12
Kaping sekawan talanging atur saking wakil kelas 10 lan 11
Kaping gangsal pambagya saking Ibu kepala sekolah
Kaping enem pentas tari saman
Kaping pitu pantutup
Sumangga kita mlebet acara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
Sumangga kita buka acara puniki kanthi waosan basmalah
sesarenganbismilahirohmanirohim.
Angka kalih inggih menika pambagya saking ketua panitia. Dhumateng
Ibu Yofi Indriana kasumanggakaken.
Ingkang kaping tiga inggih menika talanging atur saking wakil kelas 12.
Dhumateng Dio Akinta kasumanggakaken.
Ingkang kaping sekawan inggih menika talanging atur saking wakil kelas
10 11. Dhumateng Bekti Kristyawati kasumanggakaken.
Inkang kaping gangsal inggih menika pambagya saking Ibu Kepala
Sekolah. Dhumateng Ibu Reni Mugianti kasumanggakaken.
Ingkang kaping enem inggih menika pentas tari saman. Dhumateng
rencang-rencang tari saman kasumanggakaken.
Adiacara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sumangga kita
tutup acara niki kanthi waosan hamdalah sesarengan. alhamdulilah
Mekaten kula nderekaken runtuting titilaksana menika, kathah lepat
nyuwun pangapunten.
WASSALAMUALAIKUM Wr.Wb

PERPISAHAN
KELAS XII
DENING
BEKTI K.

(WAKIL KELAS 10 11)

RESTU W.

(MC)

RENI M.

(IBU KEPALA SEKOLAH)

TESASMARA D.A (WAKIL KELAS 12)


YOFI INDRIANA

(KETUA PANITIA)

Anda mungkin juga menyukai