Anda di halaman 1dari 4

Assalamualaikum wr.

wb
Ingkang kawula hormati bapak kepala sekolah, bapak ibu guru karyawan, bapak ibu wali murid
saha para adik-adik ingkang kawula tresnani. Ingkang sapisan mangga kita panjataken puji syukur
dumateng gusti ingkang maha kuwaos saha junjungan kita nabi agung Muhammad SAW
Ing mriki kula minangka pranatacara perpisahan. Wonten ing mriki kula badhe ngaturaken
reroncening adicara,
adicara ingkang,
1
2
3
4
Amargi wekdal sampun siang sumangga adicara dipunwiwiti kanthi waosan basmalah. Mugi-
mugi kanthi waosan basmalah kala wau adicara saget kalampahan kanthi lancar, mboten wonten
alangan satunggaling menapa.
Adicara ingkang sapisan inggih menika atur pangandikan saking bapak kepala sekolah. Dumateng
bapak Oby wekdal saha papan kula sumanggaaken.
Matur nuwun dumateng bapak Oby ingkang sampun paring pangandikan.
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pangandikan saking ketua komite, dumateng bapak
Pandu wekdal saha papan kula sumanggaaken. Matur nuwun dumateng bapak Pandu.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan saking walimurid. Dumateng ibu Pramesti
wekdal saha papan kula sumanggaaken. Matur nuwun dumateng ibu Pramesti ingakan sampun
paring pangandikan.
Sak derengipun adicara menika kula pungkasi, kula minangka pranata adicara ngaturaken mugi-
mugi para siswa kelas XII saged nggayuh cita-cita ingkaong dipun kersaaken lan ketampi wonten PTN
ingkang dipun kersani. Kintenipun cekap semanten atur saking kawulo awal ngantos akhir sedoyo
kelepatan kulo, kulo nyuwun anggenipun pangapunten.
Sugeng injing,
Nuwun bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati lan para bapak ibu wali murid ingkang
kula tresnani. Puji syukur tansah kula aturaken wonten ngarsanipun Tuhan YME, ingkang sampun
maringi kabagas warasan dumateng kula lan panjenengan sedaya satemah kula lan panjenengan
sedaya saged makempal ing papan punika ing adicara perpisahan siswa siswi kelas 12 SMA N 2
Ngaglik.
Kula minangka ketua komite SMA N 2 Ngaglik menika ngaturaken panuwun awit bapak lan
ibu wali murid nglonggaraken wekdal, rawuh ing acara perpisahan menika. Kaping kalih, kula
ngucapaken selamat kegem kelas 12 ingkan sampun lulus kanthi biji ingkang sae. Satemah para
murid saged nglanjutaken ing perguruan tinggi ingkang di cita-citaaken.
Mugi-mugi ilmu ingkang sampun pikantuk saged migunani kagem murid-murid sedaya.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken mbok bilih katah kalepatan anggenipun kula matur
kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun
UJIAN SEKOLAH 2012
SMA N 2 NGAGLIK
Bahasa, Sastra dan Budaya

Naskah Praktik Simulasi


PRANATACARA
Tema : Perpisahan

Kelas : XII IPA 2


Kelompok :
1. Nurul K. (31)
2. Oby R. (32)
3. Pandu Candra (33)
4. Pramesti (34)
Assalamualikum wr wb

Bapak ibu kepala sekolah ingkang kula hormati bapak ibu guru ingkang kula hormati, sedaya adik-
adik kelas 12 ingkang kula tresnani.

Puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng gusti ingkang maha welas asih awit saking
rahmatipun kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan saengga saged makempal wonten papan
menika. Saperlu mahargya perpisahan kelas 12, siswa siswi SMA N 2 NGAGLIk.

Kula badhe ngaturaken selamet kangge adik-adik sedaya amargi sampun sukses ngrampungaken
pendidikan ing jenjang pawiyatan menika. Uga kula ngaturaken matur nuwun tumrap guru-guru
ingkang sampun bimbing kanthi becik. Mugi-mugi tumindak ingkang becik kedah kita tansah
dadosaken tuladha. Sejatinipun tugas para adik-adik mrnika luwih abot maneh, mula kita kedah
semangat sinau supados menapa mawon ingkang para adik-adik cita-citaaken saged dipun gayuh.
Mboten naming adik-adik mawon ingkang bangga menawi sukses nanging bapak lan ibu injih remen
lan bangga. Naming menika ingkang saged kula aturaken menawi kathah kalepataning atur saha
salah bawa ingkang kurang nuju prana, kula nyuwun agunging pangapunten.

Pungkasaning atur, mangga sedaya sami nyenyuwun mugi ing warsa enggal samangke kita tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan saha barokahipun gusti ingkang maha mirah. Amin. Matur
nuwun

Assalamuallaikum wr,wb

Anda mungkin juga menyukai