Anda di halaman 1dari 3

Teks Pranatacara

Nama : Bagas Megantara H.P.

NO / Kelas : 09 / 9D
Perpisahan kelas 9

Assalamualikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati Bapak Kepala Sekolah SMPN 4 Kepanjen, Bapak /


Ibu guru saha karyawan lan karyawati, para wali murid, lan para siswa-siwi
ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng


Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasehatan sehingga
kula lan panjenengan sedaya saget rawuh ing mriki.

Ingkang titiwanci menika, kula minangka pranatacara badhe ngaturaken


rantaman adicara inggih menika :

1. Atur Pambuka
2. Atur pangandikan saking Bp. Rahmad minangka bapak kepala sekolah SMPN
4 Kepanjen
3. Atur pangandikan saking bapak wakil kepala UPTD
4. Pentas Banjari
5. Menehake prestasi siswa-siswi
6. Serah terima ijazah
7. Gembul bujana
8. Panutup

 Dipun lajengaken adicara kaping setunggal inggih menika pambuka. Pertama-


tama mangga kula lan hadirin sedaya ngucapaken fatihah supados acaranipun
lancar. (Alfaatihah....Aamiin)
 Dipun lajengaken adicara kaping kale inggih menika atur pangandikan saking
Bp. Rahmad, dhumateng Bp. Rahmad wekdal kula sumanggakaken. Menika
kalawau atur pangandikan saking Bp. Rahmad, mugi-mugi atur pangandikan
menika saged kita petik hikmah lan manfaate.
 Dipun lajengaken adicara kaping tiga inggih menika atur pangandikan saking
bapak wakil kepala UPTD, dhumateng bapak wakil kepala UPTD wekdal kula
sumanggakaken. Menika kalwau atur pangandikan saking bapak wakil kepala
UPTD, mugi-mugi atur pangandikan menika saged kita petik hikmah lan
manfaate.
 Dipun lajengaken adicara kaping sekawan inggih menika pentas banjari,
dhumateng grup banjari wekdal kula sumanggakaken. Menika kalawau pentas
banjari.
 Dipun lajengaken adicara kaping gangsal inggih menika menehake prestasi
siswa-siswi, dhumateng bapak/ibu guru wekdal kula sumanggakaken. Menika
kalawau menehake prestasi siswa-siswi saking bapak/ibu guru.
 Dipun lajengaken adicara kaping enem inggih menika serah terima ijazah,
dhumateng Bp. Rahmad wekdal kula sumaggakaken. Menika kalawau serah
terima ijazah saking Bp. Rahmad.
 Dipun lajengaken adicara kaping pitu inggih menika gembul bujana,
dhumateng para rawuh magga disekecakake gembul bujana.\
 Dipun lajengaken adicara kaping wolu inggih menika panutup. Ing akhiripun
adicara, kula minangka pranatacara nyuwun ngapunten dhumateng para rawuh
sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Wassalamulaikum
Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai