Anda di halaman 1dari 2

Puji-pujian

ALLAHUMMA SHALLI’ALA Kula gesang tanpa nyana


MUHAMMAD SAFI’IL ANAM Kula mboten gadhah seja
WA’ALIHI WASAHBIHI Mung karsane kang Kuwasa
WASALLIM ’ALADDAWAM Gesang kula mung sa’derma

Eling-eling sira manungsa Gesang kula sapunika


Temenana lehmu ngaji Inggih wonten ngalam donya
Mumpung durung katekanan Donya ngalam karameyan
Malaikat juru pati Isine apus-apusan

Luwih susah luwih lara Yen sampun dumugi mangsa


Rasane wong nang naraka Nuli sowan kang Kuwasa
Klabang kures kalajengking Siyang dalu sinten nyana
Klabang geni ula geni Jer manungsa mung sa’derma

Rante geni gada geni Sowanmu mring Pangeranmu


Cawisane wong kang dosa Sapa kang dadi kancamu
Angas mring kang Maha Kwasa Sarta apa gegawanmu
Goroh nyolong main zina Kang nylametke mring awakmu

Luwih beja luwih mulya Kula sowan mring Pangeran


Rasane manggon suwarga Kula ijen tanpa rewang
Mangan turu diladeni Tanpa sanak tanpa kadang
Kasur babut edi peni Banda kula katilaran

Cawisane wong kang bekti Yen manungsa sampun pejah


Mring Allah kang Maha Suci Uwal saking griya sawah
Sadat salat pasa ngaji Najan nangis anak semah
Kumpul-kumpul ra ngrasani Nanging kempal mboten wetah

Omong jujur blaka suta Sanajan babanda-banda


Niliki tangga kang lara Morine mung telung amba
Nulungi kanca sangsara Anak bojo mara tuwa
Pada-pada tepa slira Yen wis ngurug banjur lunga

Yen janji mesthi netepi Yen urip tan kabeneran


Yen utang kudu nyahuri Banda kang sapirang-pirang
Layat mring kang kasripahan Ditinggal dinggo rebutan
Nglipur mring kang kasisahan Anake padha kleleran

Awak-awak wangsulana Yen sowan kang Maha Agung


Pitakonku marang sira Aja susah aja bingung
Saka ngendi sira iku Janjine ridhone Allah
Menyang endi tujuanmu Udinen nganggo amalan

Mula coba wangsulana Ngamal soleh ra mung siji


Jawaben kalawan cetha Dasare waton ngabekti
Aneng endi urip ira Ndherek marang kanjeng nabi
Saiki sadina-dina Muhammad Rasul Illahi

1
Puji-pujian

Mbangun turut mring wong tuwa Gusti Allah wus nyawisi


Sarta becik karo tangga Islam agama sejati
Welasa sapadha-padha Tatanen kang anyukupi
Nulunga marang sing papa Lahir batin amumpuni

Yen ngandika ngati-ati Kitab Qur’an kang sampurna


Aja waton angger muni Tindak nabi kang pratela
Rakib ngatit sing nulisi Sinaunen kang permana
Gusti Allah sing ngadili Sing sregep lan aja ndleya

Karo putra sing permati Dhuh Allah kang Maha Agung


Kuwi gadhuhan sing edi Mugi paduka maringi
Aja wegah nggula wentah Pitedah lawan pitulung
Suk dadi ngamal jariyah Margi leres kang mungkasi

Banda donya golekana Nggih punika marginipun


Metu dalan sing prayoga Tetiyang jaman rumuhun
Yen antuk enggal tanjakna Ingkang sampun pinaringan
Mring kang bener aja lena Pinten-pinten kanikmatan

Aja medhit aja blaba Sanes marginipun tiyang


Tengah-tengah kang mejana Ingkang sami dinukanan
Kanggo urip cukupana Lan sanes margining tiyang
Sing akherat ya perlokna Kang kasasar kabingungan

Aja dumeh sugih banda Gesang kita datan lama


Yen Pangeran paring lara Amung sakedheping netra
Banda akeh tanpa guna Maena sami andika
Doktere mung ngreka daya Rukun Islam kang lelima

Mula mumpung sira sugih AMIN AMIN AMIN AMIN


Tanjakna ja wigah wigih YA ALLAH ROBBAL ‘ALAMIN
Darma ja ndadak ditagih MUGI PADUKA NGABULNA
Tetulung ja pilah-pilih SADAYA PANYUWUN KULA

Mumpung sira isih waras TOMBO ATI


Ngibadaha kanthi ikhlas Tombo ati iku lima ing wernane
Yen lerara lagi teka Ingkang dhihin maca Qur’an sak
Sanakmu mung bisa ndonga maknane
Ping pindhone sholat wengi
lakonana
Mumpung sira isih gagah
Ping telune dzikir wengi ingkang
Mempeng sengkut aja wegah suwe
Muga sira yen wus pikun Kaping pate wetengira ingkang luwe
Ora nlangsa ora getun Ping limane wong kang sholeh
kumpulana
Mula kanca da elinga Sapa wonge padha bisa anglakoni
Mung sapisan aneng donya Insya Allah Gusti Allah nyembadani
Uripmu sing ngati-ati
Yen wis mati ora bali

Anda mungkin juga menyukai