Anda di halaman 1dari 1

Nama : Adinda Anugrah Kinant

Kelas : XI IPS 2
Ulang Tahunku
Jenengku Seli, aku sekolah ing salah siji sekolah ing tengah kota Ngayogyakarta. Aku anak
wong sing ora susah, wong tuaku kerjo dadi PNS. Keluargaku ora termasuk keluarga sing susah ning
aku yo ora pernah ngerasa bahagia. Aku ora pernah nduwe kanca ing sekolah lan aku yo ngerasake
kekurangan kasih sayang saka uwong tuaku. Aku anak sing termasuk cupu ing sekolah, lan kanca-
kancaku wis sering bully lan ngelek-ngeleki aku mung mergo penampilanku cupu. Uwong tuaku sibuk
saben dina, yen kerja ora pernah inget lan mikirke anak-anake. Aku pingin banget uripku bisa bahagia
kaya kanca-kancaku sing liyane.

Sesok iki, dina sing paling spesial kanggo aku. Aku ulang tahun lan aku wis want-want nalika
aku bakalan diparingi kado karo kanca-kancaku. Ninga aku ora ngarep banget, bisa wae dina iki ora
ono sing ngucapake ulang tahun ing aku. Aku ya wis biasa ngerasakake kesepian kaya dina iki. Aku wis
want-want dina iki ora bakal ana sing ngucapake aku. Dina iki pancen luwih sepi kaya biasane
amarga ning kelasku akeh sing ora mangkat sekolah.

Ngant bali sekolah, ora ana sing ngucapakke ning aku. Aku lewat ing ngarep kanca-kancaku
ya ora pernah digagas. Aku wis cukup biasa karo suasana iki. Uwong tuaku ya mest ora bakal bali
dina iki. Uwong tuaku wis sibuk karo urusane masing-masing. Aku bali karo pak supir bayaran, pak
supir iku jenenge Pak Kardi. Pak Kardi kuwi uwong sing apikan lan sayang karo aku. Pak Kardi ya dadi
uwong sing ngucapakke aku sing pertama.

Ing dalan, aku mung ngerungokake cerita Pak Kardi tentang anakke sing ning desa lan uwong
tuaku sing ora bali dina iki. Ana rasa kecewa sitk maran uwong tuaku, aku lagi ulang tahun ninga
uwong tuaku ora pernah bisa ngeluangke waktu kanggo aku. Ing tengah dalan, aku ndelok ana
bocah-bocah cilik pengamen ing pinggir dalan. Ana rasa mesaakke ning jeru atku, bocah-bocah cilik
mau mest durung madang lan ngombe, mung ana siji bungkus sega sing dicekel karo salah siji bocah
mau.

Aku kepikir dina iki aku ulang tahun, ibukku ngomong dina iki ibukku masak masakan sing
enak lan akeh kanggo ngerayakke ulang tahunku karo kanca-kancaku, padahal aku ora nduwe kanca.
Aku ngongkon Pak Kardi mandheg ing tempat bocah pengamen mau, aku nekani kumpulan bocah
mau lan takon apa sing lagi dekne kabeh lakoke. Bocah sing paling gede mau jawab yen dekne kabeh
lagi mikirke cara bagi siji bungkus sega sing dicekel mau. Banjur aku ngomong karo Pak Kardi yen ibuk
masak akeh lan enak-enak ning omah, aku ngongkon Pak Kardi ngajak 5 bocah mau melu ning
omahku kanggo mangan bareng lan ngerayakke ulang tahunku.

5 bocah mau akhire gelem melu aku ning omah lan mangan panganan masakan ibukku
kanthi lahap. Aku seneng bisa delok bocah-bocah iki seneng lan bisa mangan sakpuase kanthi
wareg.5 bocah mau ya nyanyi lagu selamat ulang tahun kanggo aku, Pak Kardhi ya melu nyanyi lan
mangan bareng aku. Aku ngerasa dina iki dina ulang tahunku sing paling berharga amarga aku bisa
ngerasakke sing jenenge ngerayakke ulang tahun bareng kanca-kanca lan aku ya bisa bagi-bagi
sedekah karo bocah-bocah sing mbutuhake lan kesusahan.

Anda mungkin juga menyukai