Anda di halaman 1dari 2

Nama : Fami Amalia Putri

Kelas : XII IPA 2


No.ab :10

Sesorah Basa Jawa

Assalamu’alaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh


Nuwun, para sesepuh para pinisepuh, ajisepuh, para warga mudha-mudhi ingkang
karoban ing raos bagya.
Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing
ngarsanipun Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing
wekdal menika kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.
Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik
Indonesia ingkang kaping 68 Tanggal 17 Agustus tahun 2013 keparenga badhe matur wonten
ngarsanipun panjenegan sedaya.
Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia
sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken
pahargyan pengetan Kamardikan kita ingkang kaping 68 tanggal 17 Agustus tahun 2013.
Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga Dhusun Suka maju
ing mriki, awit panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon
penggalihan, dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara
pentas seni pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika. Boten
kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing kampong
suka maju mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti, makarya
sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas ingkang dados hiburan tumrapa para
warga sedaya.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kados sampun kawuningan bilih rikala
tanggal 17 Agustus 1945. Bangsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi
kamardikan Bangsa Indonesia ingkang saderengipun sinartan pangorbanan wutahing rah saha
musnaning bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh
bilih kita pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti, pramila kita ing siang wau
sami ngawontanaken upacara. Kita sedaya ngawontenaken pentas seni menika saged ugi
kalebet rerengkening acara 17 Agustus. Minangka pratandha raos syukur lan hiburan dhateng
para warga, ing dinten ingkang mulya menika.
Sumangga para tamu sedaya, kita priksani putra-putri kita ingkang badhe nggelar
kawasisan lan kreatifitasipun. Sugeng mrikasani nganti paripurnaning acara.

1
Ingkang pungkasan, kula minangka sesepuh panitia menawi wonten kekirangan utawi
wonten bab ingkang kirang mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. Jenang
sela, wader kali sesonderan.
Nuwun, wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai