Lirik Lagu Mendem Wedokan
Lirik Lagu Mendem Wedokan
Dini Aditama
Lk:
Mbok’e… aku njaluk dikawinke
Pr:
Karo sopo to le…
Lk:
Sing penting ono nyawane
¥¥¥¥
Lk:
Simbok simbok wetengku luwe
Ono ketan aku tukokno
Simbok simbok aku wis gedhe
Ono prawan coba takokno
Pr:
Thole thole ketane abang
Dicampuri klopo parutan
Thole thole rabine gampang
Paling penting golek gawean
Lk:
Aduh simbok penting kawinan
Aku iki mbok wis mendem wedokan
Aduh simbok ra biso turu
Awan bengi pengin pengin ketemu
Pr:
Ora gampang urip bebojoan kudu biso golek sandhang pangan
Yen mung nuruti mendemu opo bojo kok pakani watu
Lk:
Yen mengkono mbok aku tak nyambut gawe
Golek duwit kanggo nikahan
Pr:
Iyo thole dongane mboke
Muga wae bisa kaleksanan