Anda di halaman 1dari 7

‫‪PENGURUS CABANG NAHDLATUL ULAMA‬‬

‫‪LEMBAGA DAKWAH NAHDLATUL ULAMA‬‬


‫‪LDNU KABUPATEN KEDIRI‬‬
‫‪Sekertariat: Jl. Imam Bonjol 38 Kediri 64122‬‬
‫=============================================================================‬
‫!‪TAKUTLAH KAYA, JANGAN TAKUT MISKIN‬‬
‫)‪(BAHASA JAWA‬‬

‫َّ‬ ‫حََ‬ ‫َ َّ َ‬ ‫َ َّ َ‬ ‫حَ ح ح َ ًَ َََ ً َ َ َ‬ ‫ح‬ ‫َ‬ ‫َ ح‬


‫انُ‬‫ل ُمَك ٍن‪ُ ،‬والصلةُ ُوالسلمُ ُاْلتم هُ‬ ‫ل ُوأبدا ُبه ُ‬ ‫لل ُالموجو هُد ُأز ُ‬ ‫اْلمدُ ُ هُ‬
‫ن ُتَب َعه ُمُح‬ ‫حب ُه ُ َو َم ُح‬ ‫َ َ ح‬ ‫َ َ َ ِّ َ َ َّ َ ِّ َ َ َ ح َ َ َ َ َ‬ ‫حَ حََ‬
‫ه‬ ‫آل ُوص ه ه‬ ‫َع ُ ه هُ‬ ‫ل ُعدنان‪ُ ،‬و ُ‬ ‫َع ُس هي هدنا ُُمم ٍُد ُس هي هُد ُو هُ‬ ‫اْلكمل هن‪ُ ُ ،‬‬
‫ح‬ ‫َ ح َ َ َ ح َ َ َ َ ح َ َ َّ َ ِّ َ َ َ َّ ً َ‬ ‫َ ح َ َ ح َّ َ َّ‬ ‫ح َ‬
‫نُس هيدناُُممداُعبدهُُ‬ ‫كُل‪ُ،‬وأشهدُُأ ُ‬ ‫َشي ُ‬ ‫لُ ه‬ ‫لُاللُُوحدهُُ ُ‬ ‫لُ هإ ُ‬
‫لُ هإ ُ‬ ‫نُ ُ‬ ‫ان‪ُ،‬أشهدُُأ ُ‬ ‫به هإحس ٍ‬
‫َ‬ ‫َ َ ح َ َ َّ َ ح‬
‫بُبعدهُ‪.‬‬ ‫لُن ه ُ‬ ‫ورسول‪ُ ُ،‬‬
‫َ‬ ‫ح ح َ‬ ‫ح َ ِّ ح َ ح ح َ‬ ‫َ‬ ‫َ َّ َ ح َ ِّ ح ح ح َ َ ح ح َ ح‬
‫لل ُالع هِل ُالق هدي هر ُالقائه هل هُِف ُُمك هم ُ هكت ُابه هُه‪ُ:‬‬ ‫أماُبعد‪ُ،‬ف هإ هِن ُأو هصيكم ُونف هِس ُبهتقوىُا ه‬
‫ح َ َ َ َ َّ َ‬ ‫َ‬ ‫َ ِّ َ َ ح َ َ َ ح َ‬ ‫ُالش َه َ‬ ‫ُّ َّ‬ ‫ِّ َ َّ‬
‫بُ‬ ‫ه‬ ‫ه‬ ‫ُاذل‬ ‫ن‬ ‫م‬ ‫ه‬ ‫ُ‬ ‫ة‬
‫ه‬ ‫ر‬ ‫نط‬ ‫ق‬‫م‬ ‫ُال‬ ‫ري‬‫ه‬ ‫اط‬
‫ه‬ ‫ن‬ ‫ق‬ ‫ال‬‫ُو‬ ‫ني‬ ‫ن‬
‫ه‬ ‫اْل‬‫ُو‬ ‫ء‬‫ه‬ ‫ا‬‫س‬ ‫ن‬
‫ه‬ ‫ُال‬ ‫ن‬ ‫م‬
‫ه‬ ‫ُ‬ ‫ات‬
‫ه‬ ‫و‬ ‫ب‬ ‫ُح‬ ‫اس‬ ‫ه‬ ‫لن‬ ‫ز هين ُل ه‬
‫ُوالل ُع َ‬ ‫ُال حنيَ‬
‫ُاْلَيَاة ُّ‬ ‫ح‬ ‫ُمتَ‬
‫ك َ‬ ‫َ‬
‫َ ح َّ َ ح َ ح ح َ َّ َ َ ح َ َ ح َ ح َ َ‬
‫ندهُ‬ ‫ه‬ ‫َ‬ ‫ا‬ ‫ه‬ ‫اع‬ ‫وال هفض هة ُواْلي هل ُالمسوم هة ُواْلنعامه ُواْلر هث ُذل ه‬
‫َ َ ِّ ح َ َّ ٌ َ ح‬ ‫ح‬ ‫ح َّ َ َّ َ‬ ‫َ‬ ‫ح‬ ‫َ‬ ‫ِّ‬ ‫ح َ َ‬ ‫ح حسن ُال ح َ‬
‫َّلين ُاتقواُ هعند ُربه ههم ُجنات َُت هريُ‬ ‫ري ُ همنُذ هلكم ُل ه ه‬ ‫ٍ‬ ‫مُِب‬‫ه‬ ‫ك‬ ‫ئ‬ ‫ب‬
‫ه‬ ‫ن‬ ‫ؤ‬ ‫أ‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬
‫ل‬ ‫ق‬ ‫*ُ‬‫ُ‬ ‫آب‬‫ه‬ ‫م‬
‫َ‬ ‫ح‬ ‫ٌ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ َ ح َ ٌ َ َّ َ ٌ َ ح َ ٌ‬ ‫َ‬ ‫حَ َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َح‬
‫للُواللُب هصريُبهال هعبا هُدُ‬ ‫َ‬ ‫الينُ هفيهاُوأزواجُمطهرةُو هرضوانُ همنُا ه‬ ‫همنَُت هتهاُاْلنهارُخ ه ه‬
‫(ءالُعمران‪)41-41ُ:‬‬

‫‪Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,‬‬


‫‪Saking mimbar punika khatib paring wasiat dumateng kita sedaya,‬‬
‫‪terutami dumateng awak khatib piyambak, sumonggo kita tansah‬‬
‫‪berusaha nambahi kualitas keimanan lan ketaqwaan kita dumateng Allah‬‬
‫‪SWT kanthi nglampah sedaya kewajiban lan nebihi saking sedaya ingkang‬‬
‫‪dipun haramaken.‬‬

‫‪Kaum Muslimin rahimakumullah,‬‬


‫‪Ing wekdal ingkang mulia wonten siang puniko, khatib badhe ngaturaken‬‬
‫‪khutbah kanthi tema : “Ujian Kekayaan”.‬‬
Hadirin rahimakumullah,
Ngawiti khutbah puniko, khatib badhe maosaken makna saking kaleh
ayat ingkang sampun dipun waos wonten muqoddimah khutbah ing
inggil. Makna kaleh ayat kasebat nuninggih : dipun dadosaken ketingal
sahe ing dalem peningal manungso raos tresno dumateng punopo
ingkang dipun kersaken, arupi tiyang-tiyang estri, putro putro, bondho
ingkang kathah arupi emas lan perak, kuda pilihan, hayawan ternak lan
sawah pertanian. Menikolah kesenangan gesang wonten dunyo. Lan
dumateng Allah-lah panggenan bali ingkang sahe. Ngendikoho siro.
Punopo kerso siro dipun paringi khabar punopo ingkang langkung sahe
tinimbang ingkang lalawahu? kagem tiyang-tiyang ingkang bertaqwa
dipun cawisaken pinten-pinten suwargi ingkang ngandap ipun wonten
toya-toya (air) ingkang mili. Piyambakipun badhe langgeng ing dalem
suwargo. Lan pasangan-pasangan ingkang suci, sarto ridho Allah. Lan
Allah maha mirsani dumateng poro kawulanipun” (QS Ali ‘Imran: 14-15)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun dhawuh:

َ ‫ح‬ َّ ‫ن حع َمُال ح َمال‬


ُ ‫ُح ِّب‬
ُ)‫ان‬ ‫ُابن ه‬ ‫د‬
‫ه‬ ‫ه‬ ‫ئ‬‫ُِفُزوا‬ ُّ ‫أو َر َدهُال َه ُيحتَ ه‬
‫ِم‬ ‫ه‬
َّ ‫ُللرجل‬
‫ُالصا هلحُ( ح‬ َّ ‫ُالصا هلح‬ ‫ه‬
‫ه‬ ‫ه‬
Tegesipun : “Bondho ingkang sahe nuninggih kagungan tiyang ingkang
sholih” (disebataken dening al Haitsami dalam Zawa’id Ibn Hibban).

Artosipun, bondho ingkang halal ingkang dipun ginaaken lan dipun


belanjaaken dening tiyang muslim wonten margi ingkang dipun ridlai
dening Allah ta’ala lan dipun tujuaken kagem netepi hak-hak ipun Allah
nuninggih nikmat ageng ingkang dipun anugerahaken dumateng
kawulanipun ingkang mukmin.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Dipun ceritaaken saking sahabat ‘Amr bin Áuf Al-Anshory radhiyallahu
‘anhu bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nate perintah dumateng
sahabat Abu ‘Ubaidah bin Jarrah supados tindakan dumateng negeri
Bahrain saperlu mundhut bondho Jizyah. Selajeng Abu ‘Ubaidah wangsul
dateng Madinah kanthi bekto bondho saking negeri Bahrain.
Dumuginipun Abu Úbaidah meniko dipun mirengaken dening kaum
anshor bertepatan kalian wekdal sholat shubuh sesarengan Rasulullah
shallallahu ‘alaihi wa sallam. sak sampunipun sholat, banjur kanjeng Nabi
tindakan ananging para sahabat ngempal ateng Abu ‘Ubaidah. Selajeng
Kanjeng Nabi nggujeng (tersenyum) kanthi Dhawuh: kulo kinten siro
kabeh podo mireng bilih Abu ‘Ubaidah sampun dumugi kanthi mbekto
sawiji-wiji”poro sahabat sami matur: “Inggih leres wahai Rasulullah.”
Kanjeng Nabi banjur dhawuh : “Bungaho siro, lan sami gayuho kekarepan
siro kabeh kanthi punopo ingkang biso ndadeake siro bungah.” Kanjeng
Nabi nglajengaken dhawuhipun:

َُ‫ُكما‬َ ‫ح َ َ ُّ ح َ َ َ ح ح‬ َ ‫َ َ ح ح َ ِّ َ ح‬ َ ‫َ َحَ َ ح‬ ََ
‫ك هِن ُأخَش ُأن ُتبسط ُالنيا ُعليكم‬ ‫لل ُما ُالفقر ُأخَش ُعليكم ُول ه‬ ‫فو ُا ه‬
‫َ َح‬ َ ‫َ َ َ َ َ َ َ ح‬ َ َ َ َ َ ََ ‫َ ح‬
ُ‫ُم حن َُكن ُقبحلك حم ُفتَنَافس حوهاُك َماُتنَافس حوهاُفته هلكك حم ُكماُأهلكته حُم‬ ‫ب هسطت َُع‬
َ ٌ َ ِّ
)‫قُ َع ُل ُيح هُه‬ُ ‫(مُتف‬

“Demi Allah, sanes kefakiran ingkang aku khawatiraken saking siro


kabeh, ananging aku khawatir menowo siro kabeh sampun dipun
jembaraken bondo dunyo kados dene tiyang-tiyang rumiyen sak durunge
siro kabeh, banjur siro kabeh podo bersaing ngrebutaken bondo dunyo
sahinggo bondho ngrusak siro kabeh koyo dene ngrusak tiyang sak
derange siro kabeh”. (HR al-Bukhari dan Muslim)

Hadirin rahimakumullah,
Wonten umumipun, tiyang sepah wonten akhir gesangipun badhe
ngawatiraken menowo putra-putrane dados mlarat. Ananging benten
kalian Rasulullah ibarat tiyang sepah kagem umatipun. Kanjeng Nabi
mboten nate ngawatiraken kemiskinan lan kefakiran ummatipun,
padahal piyambakipun tresno dateng ummatipun. Ingkang kanjeng Nabi
khawatiraken nuninggih kosok baline. Rasulullah khawatir kekayaan lan
jembaripun bondho dateng umatipun.

Al-Hafidz Ibnu Hajar Al-‘Asqolani ing dalem kitab Fath Al-Bari njlentrehake
bilih hal puniko dipun sebabken bahaya kefakiran langkung entheng
tinimbang bahaya kekayaan. Bahaya kefakiran umumipun dipun
sebabaken urusan dunyo. Ananging bahaya kekayaan umumipun dipun
akibataken urusan agami. Bahaya ing dalem agami tentunipun langkung
ageng tinimbang bahaya keduniaan.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Bondho nuninggih barang ingkang saged bujuk kagem kathah tiyang.
Langkung-langkung dumateng ingkang kagungan. Kanthi jalaran bondho
ingkang kathah, kathah tiyang kemungkinan kathah badhe terbujuk
supados nglampahi pinten-pinten perkais ingkang dipun tresnani dening
nafsunipun. Lan perkawis ingkang dipun tresnani dening hawa
nafsunipun umumipun perkawis ingkang dipun larang deneng agami.

Bondho ugi dados jalaran persaingan supados rerebutan. Akibat saking


persaingan rerebutan bondho, antar sahabat lan antar kerabat saged
saling paten pinaten. Rerebutan bondho ugi sering ndadosaken tiyang
kalap lajeng ngusir tiyang sepah kandungipun, menuntut wonten
pengadilan lan menjaraaken tiyang sepahipun. Akibat rerebutan bondho
sering kito supe lan mboten menyadari bilih sejatosipun bondho mboten
dipun bekto mati.

Hadirin rahimakumullah,
Menawi kita teliti kanthi saestu, sahe kemiskinan punopo kekayaan.
Kekalihipun saged dados sumber fitnah lan musibah. Nanging wonten sisi
ingkang lintu ugi saged dados sumber kesahenan sarto sumber ganjaran.
Gumantung kados pundi anggenipun tiyang kalawahu nampi lan
nglampahi.

Sebagian tiyang sugeh, kekayan nuninggih sumber musibah lan fitnah


ingkang nambahi duso-duso nipun kanthi kekayaan ingkang dipun miliki,
piyambakipun rumaos sombong wonten ngarso tiyang sanes. Lan
sebagian tiyang sugeh ngginaake kekayaan kagem nglampahi kesahenan
lan ngumpulaken bekal kagem gesang abadi wonten akhirat.

Ugi maleh kalian kefakiran, sebagian tiyang naliko nampi kefakiran,


wonten ingkang nyolong lan nglampahi tumindak-tumindak duso
sanesipun. Kagem piyambakipun, kefakiran dados jalaran sengsara nipun
wonten akhirat. Kosok bali nipun sebagian tiyang fakir nampi kefakiran
kanthi raos sabar. Sifat sabar menikolah ingkang nyegah nafsu nipun
supados mboten nglampahi hal-hal ingkang dipun haramaken. Kagem
piyambakipun menikolah, kefakiran ingkang ngenani paring manfaat
wonten akhirat lan dados sumber ganjaran.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Sebagian kathah poro Nabi lan Wali nuninggih tiyang fakir. Sekedik
sanget ingkang dipun anugerahi kekayaan dening Allah. Bahkan
Rasulullah paring khabar dumateng kita bilih sebagian kathah penduduk
suwargi nuninggih tiyang-tiyang fakir. Dhawuhipun kanjeng Nabi:

ٌ ‫ح‬ َ ِّ َ ‫ََ َ ََ ح‬ َ ‫َ َّ َ َ َ ح َ ح َ َ َ ح‬ ‫َّ َ ح‬


ُ)‫س هُل ُم‬
ُ ُ‫يُ ُوم‬
ُ ‫ار‬ُ‫خ ه‬
ُ ‫اْل‬
ُ ُُ‫اءُ( ُر ُواه‬
ُ ‫اطلعت هُِفُاجلن هةُفرأيتُأكَثُأه هلهاُالفقر‬

Artosipun: “Aku ningali ing suwargo, lan aku ningali kathahe ahli suwargo
nuninggih tiyang-tiyang fakir” (HR al-Bukhari dan Muslim).

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi dhawuh:

‫ح‬ َ َ َ َ ً َ َ ‫َ ح َّ َ َ ح َ َ ح َ ح َ ح‬ َ ‫يَ حدخل ُف َق َراء ُالحم‬


ُ‫اج هرين ُاجلَنة ُقبل ُأغ هنيائه ههم ُبهسب هعني ُخ هريفا ُ(رواه ُأبو ُنعي ٍم هُِف‬
‫ه‬ ‫ه‬
‫ح‬ َ ‫حَ ح‬
َ
)‫هحلي هةُاْلو هِلا هُء‬

Tegesipun: “tiyang-tiyang fakir wonten golongan muhajirin badhe mlebet


suwargo langkung rumiyen sak derange tiyang-tiyang sugeh wonte
golonganipun kanthi selisih wekdal petung doso tahun”. (HR Abu Nu’aim
dalam Hilyah al-Auliya’)

Hadirin rahimakumullah,
Menawi setunggal tiyang dipun dadosaken fakir, sayogjanipun
piyambakipun menteladani sahabat Abu Hurairah ingkang
kemiskinanipun mboten dadosaken lemah semangat ing dalem pados
ilmu dumateng Raulullah lan hadir wonten majlis-majlis ilmu. Bahkan
piyambakipun sahabat nabi ingkang paling kathah ngriwayataken hadits
ipun Rasulullah. Sanget fakir ipun Abu Hurairah, ngantos ngantos
piyambakipun naten pingsan jalaran keluwen. Ugi maleh Uwais bin ‘Amir
Al-Qarani ingkang minongko sahe-sahene tabiin, keranten sanget
miskinipun, harapanipun kepingin panggih lan belajar ilmu saking
Raulullah mboten saged terpenuhi. Piyambakipun wonten Yaman lan
Rasululloh wonten Madinah. Jalaran bakti nipun dumateng ibu
kandungipun lan raos tresno ingkang sanget dumateng Rasulullah,
lantaran wahyu saking Allah, kanjeng Nabi Dhawuh:

َ ‫ِّ ح‬ َ َ ٌ َ َ ‫َّ َ ح َ َّ ح‬
َ ‫ُلُأ َوس ح ُُبحن‬
)‫نُ( َر َواهُم حس هل ٌُم‬
ٍُ ‫ُمنُق َر‬ ‫َُع هم ٍرُ هم حنُمرا ٍدُثم‬ ُ ‫ُرجُلُي ُقال‬
ُ ‫ني‬
ُ ‫ُاَّ ُابه هُع‬
ُ ‫ري‬ ُ ‫خ‬
ُ ُ‫ن‬
ُ ‫هُإ‬

Artosipun: “Sejatosipun sak sahe-sahene tabiin nuninggih tiyang jaler


ingkang name Uwais bin ‘Amir saking kabilah Murad lajeng Kabilah
Qaran”. (HR Muslim)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Menawi tiyang dipun dadosaken sugeh, prayoginipun piyambaipun
menteladani para sahabat Nabi ingkang melimpah bondhonipun kados
sahabat Abu Bakr lan Sahabat ‘Utsman bin ‘Affan radhiyallahu ‘anhuma.
Bondho nipun dipun infaq aken wonten margi ingkang dipun ridlai Allah
saperlu mbiyantu perkembangan dakwah Islam.

Ingkang terakhir, kawulo tegesaken bilih islam mboten nate nglarang


dados tiyang ingkang sugeh (kaya). Ingkang dipun larang nuninggih
ngginaaken kekayaan ing dalem hal-hal ingkang dipun haramaken agami.

Hadirin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah,


Mekaten khutbah singkat wonten siang ingkang penuh berkah puniko,
mugi-mugi paring manfaat lan mbekto barokah kagem kita sedaya.
Aaamiin …

‫َ ح‬ ََ ‫ح‬ َ
ُ‫ات‬ ُ ‫ِن ُ َو هإيَّاك حُم ُبه َما ُ هفيح هُه ُ هم‬
ُ ‫ن ُاْليَ ه‬ ُ ‫ ُ َونف َع ه‬،‫آن ُال َع هظيح هم‬ ُ ‫ل ُ َولك حُم ُ ه‬
ُ‫ِف ُالق حر ه‬ َُ ‫ار‬
ُ ‫ك ُاللُ ُ ه‬ َ َ‫ب‬
‫ح‬ َ ‫َ ِّ ح ح َ ح َ َ َ َّ َ ِّ ح َ ح ح َ َ َ َّ َ َّ ح ح‬
ُُ‫ُ هإنهُُه ُوُالس هميعُُالع هليم‬،‫ِنُو همنك ُمُتهلوته‬ ُ ‫لُ هم ه‬
ُ ‫ُوتقب‬،‫كي هم‬ ‫ذلك هراْل ه‬‫وا ه‬
‫‪Khutbah II‬‬

‫َ‬ ‫ح ح َ‬ ‫َ َ‬ ‫َ‬ ‫ِّ‬ ‫ِّ‬ ‫َ َ‬ ‫َ ح‬


‫آلُ‬
‫َع ُ ه هُ‬ ‫َع ُ َس هِّي هدنا ُُم َّم ٍُد ُالمص َطَف‪َ ُ ،‬و َ ُ‬ ‫ِل ُ َوأ َس هلمُ ُ َ ُ‬ ‫لل ُ َوكَف‪َ ُ ،‬وأ َص ه حُ‬ ‫اْل َ حمدُ ُ هُ‬
‫َ ح َ َ َ ح َ َ َ َ ح َ َ َّ َ ِّ َ َ‬ ‫َ َ ح َ َ ح ح َ َ َ ح َ َ ح َّ َ َّ‬
‫ن ُس هيدناُ‬ ‫ك ُل‪ُ ،‬وأشهدُ ُأ ُ‬ ‫َشي ُ‬ ‫لُ ه‬ ‫ل ُاللُ ُوحدهُ ُ ُ‬ ‫ل ُإه ُ‬ ‫ل ُ هإ ُ‬‫نُ ُ‬ ‫ل ُالوفا‪ُ.‬أشهدُ ُأ ُ‬ ‫وأصحابه هُه ُأه هُ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫ُم َّم ًداُعبحدهُُ َو َرس حولُ‪ُ.‬‬
‫ح‬ ‫َ‬ ‫حَ ح‬
‫ِّ‬ ‫َ‬ ‫َ َّ َ ح َ َ َ ُّ َ ح ح ح َ ح ح ح َ َ ح ح َ ح‬
‫ِل ُالع هظي هُمُ‬ ‫لل ُالع ه هُ‬
‫ِس ُبهتقوى ُا هُ‬ ‫أما ُبعد‪ُ ،‬فيا ُأيها ُالمس هلمون‪ُ ،‬أو هصيك ُم ُونف ه ُ‬ ‫ُُ‬
‫ح َ‬ ‫ََ َ‬ ‫َّ َ َ َّ َ‬ ‫َ‬ ‫ح‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬ ‫حَ‬
‫َع ُن هب هِّي هُه ُالك هريح هُمُ‬ ‫السلمهُ ُ ُ‬ ‫الل ُأ َم َرك حُم ُبهأم ٍُر ُ َع هظيح ٍم‪ُ ،‬أ َم َرك حُم ُبهالصل هُة ُو‬ ‫ن ُ َُ‬ ‫َواعلم حوا ُأ ُ‬
‫َ ُّ َ َ ح َ َ ِّ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ َ َّ َّ َ َ َ َ َ َ َ ُّ َ َ َ َّ َ َ ُّ َ َّ‬
‫ينُآمنواُصلواُعلي هُهُوس هلمواُ‬ ‫اذل ُ‬ ‫ب‪ُ،‬ياُأيهاُ ه‬ ‫َعُانل ِّ‬
‫ونُ ُ ه ه‬ ‫اّللُوملئهكتهُُيصل ُ‬ ‫نُ ُ‬ ‫ال‪ ُ:‬هإ ُ‬ ‫فق ُ‬
‫َ ِّ َ َ َّ َ َ َ َّ ح َ َ َ َ ِّ َ‬ ‫َ ح ً َ َّ َ ِّ َ َ َ ِّ َ َ َّ َ َ َ‬
‫َع ُس هي هدناُ‬ ‫تُ ُ‬ ‫آل ُس هي هدنا ُُمم ٍُد ُكما ُصلي ُ‬ ‫َع ُ هُ‬ ‫َع ُس هي هدنا ُُمم ٍُد ُو ُ‬ ‫لُ ُ‬ ‫تس هليما‪ُ ،‬اللُه ُم ُص هُ‬
‫َ‬ ‫َ َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ‬ ‫َ ِّ َ ح َ ح َ َ َ ح َ‬ ‫حَ حَ َ ََ‬
‫آل ُ َس هِّي هدنا ُُم َّم ٍُد ُك َماُ‬ ‫َع ُ هُ‬ ‫َع ُ َس هِّي هدنا ُُم َّم ٍُد ُ َو َ ُ‬ ‫كُ َ ُ‬ ‫ار ُ‬
‫ه‬ ‫ب‬ ‫و‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬
‫م‬ ‫ي‬ ‫ه‬ ‫ا‬‫ر‬
‫ه هه ه ه‬ ‫ب‬ ‫إ‬ ‫ُ‬ ‫ا‬‫ن‬ ‫د‬ ‫ي‬ ‫س‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬
‫آل‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬
‫َع‬ ‫هإبرا ههي ُم ُو‬
‫َ ِّ َ ح َ ح َ ح ح َ َ ح َ َّ َ َ ح ٌ َ ح ٌ‬ ‫َ َ ح َ َ َ َ ِّ َ ح َ ح َ َ َ َ‬
‫َمي ُد‪ُ.‬‬ ‫َحي ُد ُ ه‬ ‫كُ ه‬ ‫ني ُإهن ُ‬
‫ِف ُالعال هم ُ‬ ‫آل ُس هي هدنا ُ هإبرا ههيم‪ ُ ،‬ه ُ‬ ‫َع ُ هُ‬ ‫َع ُس هي هدنا ُإهبرا ههي ُم ُو ُ‬ ‫تُ ُ‬ ‫بارك ُ‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫اتُ حاْل ححيَا هُءُ همنحه حُمُ َو حاْل حم َ‬ ‫نيُ َوالحم حؤمنَ‬ ‫اتُوالحم حؤمن ح َ‬ ‫نيُ َوالحم حسل َ‬ ‫اغف حُرُللحم حسلم ح َ‬ ‫َ َّ ح‬
‫ات‪ُ،‬‬ ‫ه‬ ‫و‬ ‫ُ‬ ‫ه ه‬ ‫ُ‬ ‫هه‬ ‫ُ‬ ‫ه ه‬ ‫م‬ ‫ُ‬ ‫هه‬ ‫اللُه ُمُ ه ه‬
‫ح َ ح َ َّ ح َ َ َ َ ح َ َ َ َ ح َ َ َ َ ح َ ح َ َ َ ح ح َ َ َ ح َ ح َ َ ُّ ح َ‬
‫فُ‬‫غ ُوالسيو ُ‬ ‫اء ُوالمنك ُر ُواْل ُ‬ ‫اء ُوالفحش ُ‬ ‫امهلل ُادف ُع ُعنا ُاْلل ُء ُوالغل ُء ُوالوب ُ‬
‫ح ح َ َ َ َ َّ َ َ َ ح َ َ َ َ َ َ ح َ َ َ َ َ َ ح َ َ َ َ َ َ َّ ً‬
‫نُ‬‫اص ُة ُ َو هم حُ‬ ‫لنا ُهذا ُخ‬ ‫ن ُب هُ‬ ‫المخت هلف ُة ُوالشدائه ُد ُوال همحن‪ُ ،‬ما ُظه ُر ُ همنها ُوما ُبطن‪ ُ ،‬هم ُ‬
‫ح ح ح َ َ َّ ً َّ َ َ َ ِّ َ ح َ‬ ‫ح‬
‫َش ٍُءُق هدي ح ٌُرُ‬ ‫كُ‬‫َعُ هُ‬ ‫كُ ُ‬ ‫نيَُعمة‪ُ،‬إهن ُ‬ ‫انُالمس هل هم ُ‬ ‫ب َل هُ‬
‫َ‬ ‫ح حَ َحَ‬ ‫َ‬ ‫َ ح‬ ‫حَ ح َ ح ح‬ ‫َّ َ َ ح‬ ‫َ‬
‫نُ‬‫ه ُع ه ُ‬ ‫ب ُوين ُ‬ ‫ان ُو هإيتا هُء ُ هذي ُالقر ُ‬ ‫َ‬
‫الل ُيأمرُ ُبهالعد هُل ُواْلحس هُ‬ ‫إن ُ ُ‬ ‫لل‪ُ ُ ،‬‬ ‫اد ُا ه‬ ‫هعبَ ُ‬
‫َ ح‬ ‫ح َ َ َّ ح َ َ َّ ح َ َ‬ ‫َ ح ح َ َ َح‬ ‫َ ح َ‬
‫الل ُال َع هظيح َُمُ‬ ‫ن‪ُ .‬فاذكروا ُ ُ‬ ‫غ‪ُ ،‬يَ هعظك ُم ُلعلك ُم ُتذكرو ُ‬ ‫اْل‬
‫َ ح ه َ ح ه‬‫و‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬
‫ر‬ ‫ك‬ ‫ن‬ ‫م‬ ‫ال‬ ‫و‬ ‫ُ‬ ‫ُ‬
‫ء‬
‫ه‬ ‫ا‬‫ش‬ ‫الفح‬
‫َح‬
‫ب‪.‬‬ ‫للُأك َ ُ‬ ‫ذلكرُُا هُ‬ ‫يذك حرك حُمُ َو ه‬

‫‪Ustadz Nur Rohmad, Pemateri/Peneliti di Aswaja NU Center PWNU Jawa‬‬


‫‪Timur dan Ketua Bidangُ Peribadatanُ & Hukum, Pengurus Daerah Dewan‬‬
‫‪Masjid Indonesia Kab. Mojokerto‬‬

Anda mungkin juga menyukai