Anda di halaman 1dari 9

RINGKASAN MATERI US BAHASA JAWA

KD 3.1 Memahami teks deskripsi tentang peristiwa budaya


Materi : Teks deskripsi tentang peristiwa budaya

Baratan
Baratan kui minangka salah sawijining adat budaya warga Jepara kang ana gegayutane
karo Ratu Kalinyamat. Tembung baratan asale saka tembung basa Arab “baraah” kang tegese
kaselametan utawa “barakah” kang tegese barokah. Kagiyatane dipusatake ana ing mejid Al
Makmur Desa Kriyan Kecamatan Kalinyamatan. Rituale mung sederhana wae, yakui sawise
sholat Maghrib, wong Islam ing Desa kono ora langsung bali, nanging nganakake donga
bareng-bareng, banjur maca surat Yasin kaping telu, lan sholat Isya bareng-bareng.
Sakbanjure padha maca donga nishfu syakban bareng-bareng kang dipandegani dening
kyai ing kono. Sakwise Ndonga banjur padha dhahar bancaan sega puli lan ngeterake arak-
arakan. Sega puli kui digawe saka beras lan ketan dideplok alus lan dicampuri klapa.
Prastawa budaya iki dilaksanakake saben tahun, yaiku saben tanggal 15 sasi Ruwah/Syakban,
bebarengan karo malem Nisfu Syakban.

Disajikan penggalan deskripsi tentang peristiwa budaya, peserta didik dapat menentukan :
1.Topik teks tersebut
Topik adalah pokok pembicaraan dalam teks tersebut

2. Amanat dari teks tersebut


Amanat adalah pesan yang terkandung dalam teks tersebut

3,4.Arti kata-kata sulit yang terdapat dalam teks


Gegayutane = sesambungane
Dipandegani = dipimpin
Arak-arakan = karnaval

5.Pokok-pokok isi teks


Cara menentukan pokok-pokok isi teks
Bacalah teks cerita, kemudian tentukan pokok-pokok isi teks tersebut

6.Menceritakan kembali isi teks dengan ragam krama


Cara menceritakan kembali isi teks
Bacalah dan pahami teks cerita, kemudian ceritakan kembali menggunakan ragam krama

KD 3.2 Memahami teks cerita “ Gathutkaca Gugur”


Materi : Teks cerita “Gathutkaca Gugur”

 Gathutkaca Gugur
Wengi iku Prabu Salya duka yayah sinipi amarga putrane kang kinasih Arya Burisrawa
gugur ing madyaning paprangan. Kabeh didukani lan diamuk klebu Adipati Ngawangga ya
Adipati Karna. Adipati Karna ora trima disalahake, sanalika iku uga banjur mbirawaake dheweke
madeg dadi senapati. Adipati Karna banjur nggempur wadya Randhu –watangan wengi iku uga.
Bab kang ora lumrah perang ing wayah wengi ndadekake wadya Pandhawa panas atine. Raden
Arjuna banjur siyaga bakal madeg senapati ngadepi Adipati Karna.Nangung dipenggak dening
Prabu Kresna, amarga perang wayah wengi iku perang kang ora manut aturan.
Prabu Kresna banjur dhawuh marang Raden Gathutkaca supaya madeg senapati ing
wengi iku. Raden Werkudara minangka bapake Gathutkaca sejatine ora lila anake madeg
senapati.Jalaran kang bakal diadepi iku senapati kang digdaya, pinunjul lan nduweni sanjata
kang ampuh. Prabu kresna menehi pitutur marang Raden Werkudara, “Majune Gathutkaca iku
kanggo labuh marang bangsa lan negara. Saumpama ing paprangan mengko nganti gugur iku
mujudake mati kang mulya lan bakal oleh ganjaran swarga”.

7. Mengartikan kata- kata sulit yang terdapat dalam teks

Kata- kata sulit yang terdapat dalam teks


Duka yayah sinipi = nesu tenanan
Mbirawakake = ngumumake
Pinunjul = onjo, unggul

8.Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi teks dengan ragam ngoko

Cara menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi teks


Bacalah teks cerita secara lengkap kemudian jawablah pertanyaan sesuai isi teks tersebut

9.Mengartikan kata- kata sulit yang terdapat dalam teks


Kata- kata sulit yang terdapat dalam teks
Duka yayah sinipi = nesu tenanan
Mbirawakake = ngumumake
Pinunjul = onjo, unggul

10. Menentukan pokok-pokok isi teks


Cara menentukan pokok-pokok isi teks
Bacalah teks cerita, kemudian tentukan pokok-pokok pembicaraan teks tersebut

11.Menentukan tokoh dalam teks


Tokoh-tokoh dalam teks :
Gathutkaca Prabu Salya
Prabu Kresna Adipati Karna
Raden Werkudara Raden Arjuna

12. Menentukan tembung saroja dengan benar


Tembung saroja yang terdapat dalam teks adalah yayah sinipi
Contoh tembung saroja yang lain :
Abang mbranang bagas waras edi peni
Jabang bayi rahayu slamet guyub rukun
Tata karma unggah ungguh welas asih, lsp

KD 3.3 Memahami teks cerita pengalaman yang mengesankan


Materi : Teks cerita yang mengesankan
Mukti lan Rudhi esok kuwi lagi gawe dolanan othok-othok. Dheweke banjur crita
pengalamane sing nyenengake kaya cerita kang ana ngisor iki
Dolanan Montor Othok-othok
Bocah pancen seneng dolanan kang bias nyuwara banter. Tambah banter swarane tambah
seneng. Sompring saka wit pring kang tipis lan wus diresiki glugute bias dadi dolanan,
yaiku nalika sompring diselipake ing ban mburi sepedha. Banjur sompring kasebut bakalan
muni nalik kena ruji ban mburi. Mula para wong tuwa akeh sing nesu amarga dolanan
kasebut marai kuping lara.
Dolanan liyane kang uga nyuwara yakui montor othok-othok. Dolanan kasebut
dijenengake othok-othok amargi swarane koyo ngunu kuwi. Carane gawe dolanan kasebut
yakui ubarampene kang arupa pring diresiki dhisik. Saliyane kuwi, sandhal karet kang wus
ora kanggo dibentuk bunder kanggo rodha utawa ban montor othok-othok. Aja lali golek
kaleng susu sing ora kanggo, kethokan gembreng lan karet tilas ban njero sepedha montor.
Carane gawe yaiku pring kang dawane 1 meter disigar dadi loro ing salah sijine pucuk.
Sabanjure kuwi saben pucuk diwenehi pring kanggo as rodha. Dene rodha saka wekas
sandhal karet disigar ing tengahe. As rodha diwenehisigaran kuwi. As rodha kuwi
dilebokake ing pucuk kayu kang wus ana.
Sabanjure trempolong wekas susu, ditali ing ndhuwur as rodha kang wus dipasang
sakdurunge, ing antarane trempolong lan as rodha kang wus ana gembreng mau, diwenehi
kethokan as ban njero sepedha kang wus ditali. Ing tali kuwi uga wus dwenehi kayu. Wus
rampung. Carane yaiku rodha yen wus mlaku gembreng ing as rodha bakal kena kayu kang
wus ditali ing karet. Kayu kasebut bakal nuthuk trempolong. Tambah banter olehe
nglakokake montor kuwi sansaya tambah banter unine othok-othok.
Disajikan penggalan teks cerita pengalaman yang mengesankan, peserta didik dapat :
13.Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks
Sompring = sumpritan sepedha
Ubarampene = bahan-bahane
Kethokan gembreng = kethokan seng
Trempolong = cempolong wekas susu kaleng

14,15.Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi teks dengan ragam ngoko dan krama
Contoh ragam ngoko lugu, ngoko alus, dan krama :
Tembung ngoko lugu Tembung ngoko alus Tembung krama alus
mangan nedha, madhang dhahar
ngombe minum ngonjuk
lunga kesah tindak
turu tilem sare
lara sakit gerah, lsp

16.Menentukan pokok-pokok isi teks cerita pengalaman yang mengesankan


Menentukan pokok-pokok isi teks

17. Menceritakan kembali isi teks cerita yang mengesankan dengan ragam krama

Uraian
41. Menyajikan cerita yang mengesankan dalam ragam karma
Ceritakan pengalaman siswa masing-masing yang mengesankan dalam ragam krama

KD. 3.4 Memahami tembang Kinanthi


Materi : Disajikan satu pada tembang Kinanthi, siswa dapat :
Kinanthi

Anjagi lingkunganipun

Dimen resik resep asri

Para mudha trus tumandang


Lingkungane diresiki

Kabeh warga padha sehat

Lelara padha sumingkir

18.Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam tembang kinanthi


Anjagi = njaga
Resep = kepenak disawang
Asri = endah
Tumandang = nyambut gawe
Sumingkir = nyingkir, lunga

Uraian
42. Menjawab pertanyaan tentang isi tembang kinanthi ragam krama
Pertanyaan dan jawaban tentang isi tembang kinanthi
Bacalah/nyanyikanlah dan pahami isi tembang kinanthi

19.Menceritakan kembali isi tembang kinanthi dengan ragam karma

20. Menentukan kalimat berhuruf Jawa yang menggunakan pasangan

Kalimat berhuruf jawa yang menggunakan pasangan.


Contoh :
Anjagi lingkunganipun = anJgi li=kuznipun\
Para mudha trus tumandang = pr mud t]usTumnF=

21. Menentukan guru lagu dan guru wilangannya dengan tepat


Tembang kinanthi cacahe ana 6 gatra (8u, 8i, 8a, 8i, 8a,8i)

KD 3.1 Memahami isi teks pidhato tentang perpisahan kelas VI


Materi : Disajikan penggalan teks pidhato, siswa dapat :
 Teks pidato
Perpisahan Siswa Kelas VI

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Kepala Sekolah SDN 2 Dermolo
Ingkang dhahat kinabekten para bapak ibu guru SDN 2 Dermolo
Ingkang dhahat kinabekten para bapak lan ibu tamu undangan
Para rencang sedaya saha adhik kelas ingkang kula tresnani
Sakderengipun kawula matur ingkang sakalangkung kathah, sumangga kula lan
panjenengan sedaya tansah ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT
ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, lan hidayahipun dhumateng kula lan panjenegan
sedaya. Inggih naming kanthi palilahipun Allah SWT kula lan panjenengan sedaya saget
makempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng ing sambikala.
Para rawuh ingkang kinurmatan, bingah sanget manah kula lan rencang-rencang kelas VI
sedaya, awit sampun saget muntasaken pasinaon sakdangunipun 6 tahun wonten ing SDN 2
Dermolo mriki. Pramila kula minangka wakil saking murid-murid kelas VI sedaya
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng Bapak Kepala Sekolah
lan sedaya bapak/ibu guru. Inggih awit saking sih katresnan bapak/ibu guru ingkang sampun
nggulawenthah kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Saengga kula sakanca saget ngrampungaken
sekolah. Mugi-mugi bapak/ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti
ingkang Maha Agung, amin.
Bapak, ibu guru tuwin adik-adhik ingkang satuhukula kurmati, sekedhap maleh kula
sarencang ninggalaken pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun
nilar bapak/ibu guru saha adhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa
kula sakanca nilaraken bapak/ibu saha adhik-adhik kelas sedaya.
Kula sakanca nglenggana bilih asring sanget damel Bapak lan Ibu guru duka. Pramila
kula sakanca nyuwun agunging samodra pangaksami. Salajengipun nyuwun tambahing
berkah pangestunipun Bapak saha Ibu guru, supados kula sakanca anggenipun bade pados
sekolah lan dipun paring gampil ugi anggenipun nempuh pendhidhikan ingkang langkung sae
wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil.
Kula sakanca tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi adhik-adhik sedaya saget kasil
anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saget kula aturaken, menawi wonten
kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr,wb.

22. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks pidato

 Kata-kata sulit yang terdapat dalam teks pidato


Nggulawenthah = ndhidhik
Pawiyatan = sekolah
Awrat = abot
Dangu = suwe
Nglenggana = ngrumangsani
Ngangsu kawruh = sinau
Tuwin = lan

23.Menjawab pertanyaan tentang pokok-pokok isi teks pidato


Cara menjawab pertanyaan tentang isi teks
Bacalah teks cerita secara lengkap kemudian jawablah pertanyaan sesuai isi teks pidato
tersebut

24. Membuat pertanyaan tentang pokok-pokok isi teks pidato


Membuat pertanyaan yang jawabannya terdapat dalam teks pidato

25. Menjelaskan isi teks pidato


Bacalah teks pidato kemudian jelaskan isi teks tersebut

Disajikan bagian tertentu dari sebuah teks pidato, peserta didik dapat:
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula urmati, para bapak lan ibu guru ingkang kula urmati. Monggo
kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos.

26. Menunjukkan nama bagian pidato tersebut


Bagian-bagian/Kerangka teks pidato
* Pambuka/Purwaka basa
-Salam pambuka
- pakurmatan marang para tamu kang padha rawuh
- pambukaning pidhato/sesorah
* Isi/surasa basa
- isining pidhato/sesorah
* Panutup/wasana basa
- panutuping pidhato/sesorah
- salam panutup
27. Menentukan topik
Topik adalah pokok pembicaraan dalam teks tersebut

28. Disajikan sebuah penggalan pidato, peserta didik dapat menentukan kerangka pidhato dengan
benar
Bagian-bagian/Kerangka teks pidato
* Pambuka/Purwaka basa
-Salam pambuka
- pakurmatan marang para tamu kang padha rawuh
- pambukaning pidhato/sesorah
* Isi/surasa basa
- isining pidhato/sesorah
* Panutup/wasana basa
- panutuping pidhato/sesorah
- salam panutup

Uraian
43. Disajikan sebuah pokok pikiran/tema tertentu, peserta didik dapat mengembangkan
menjadi sebuah paragraf
Cara mengembangkan teks pidato
Pambuka
- Salam pambuka, yaiku salam kang kudu diucapake dening paraga kanga rep sesorah sing
ditujokake marang para tamu. Contone : assalamua’alaikum wr.wb. / sugeng…( enjang,
siang, dalu, lsp)
- Pakurmatan, yaiku para tamu kang rawuh, iki perlu kanggo ngaturake salam pakurmatan
lan ngerteni marang sopo sesorah kui.
- Minangka umat kang ngrasuk agama, perlu tansah ngonjukake sokur marang Gusti Allah
- Isi, yaiku minangka tujuan sesorah
- Panutup, yaiku ukara kanggo mungkasi sesorah
- Salam panutup, yaiku salam panutuping sakabehing rerangken sesorah, contone :
wassalamu’alaikum wr.wb. / sugeng …(enjang,siang, dalu), nuwun lan liya-liyane

KD 3.2 Memahami teks percakapan/dialog dengan teman sebayanya atau orang tua
 Teks percakapan
Dadi golekan
Rika : “Wah, elok tenan ya, Candhi Borobudhur iki!”
Indri : “Iya, jelas Rik, lha wong Candhi Borobudhur kalebu 7 keajaibane donya.”
Rudi : “Ayo mlaku-mlaku munggah mrono!”
Arip : “Iya, mlaku munggah mrono.”
Rudi : “Aku tak mlaku mrana dhisik ya!”
Rika : “Rud, ati-ati ya. Aja pisah karo rombongan, bias ilang lho!”
Rudi : “Ora-orane yen ilang, wong aku ngerti tulis kok. Yo takon-takon to mengko.”
(mlayu ngadoh)
(bocah-bocah lan bapak ibu guru muter-muter plesir ing Candhi Borobudhur)
(nalika ing bis arep mulih)
Pak Guru : “Bocah-bocah, sapa sing durung munggah bis?”
Riki : “ Rudi Pak, manggene kalihan kula ten kursi mriki”
Pak Guru : “Lha Rudi kelompoke sapa mau?”
Indri : “Kula, Rika kalihan Riki, Pak”
Rika : “Kala wau Rudi pamit minggah candhi piyambak”
Indri : “Nggih, leres Pak. Sampun dipun emutaken Rudi mboten nggugu malah nekat,
Pak”
Pak Guru : Yo wis, tak menyang ruang informasi ben cepet ketemu”
( Pak Guru tindak menyang ruang informasi. Rudi ditunggu ing kana. Rudi ketemu banjur
munggah bis)
Riki: “Owalah Rud, Rud. Wong kok gawe kesele wong akeh. Mula yen dikandani manuta!”
Rudi : (Rudi ndungkluk)
“ Kanca-kanca aku njaluk ngapura, ya. Aku wis ngrepotake kowe kabeh. Pak
Guru, kula nyuwun pangapunten, Pak”
Pak Guru : “Ya, wis tak apura. Aja dibaleni maneh!” (Rudi nyalami Pak Guru)
Rudi : Inggih Pak, maturnuwun sanget” (Bis terus mlaku)

29. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat pada teks


Plesir = mlaku-mlaku
Minggah = munggah
Nggugu = ngandel,manut
Manggene = manggone

30. Menjawab pertanyaan tentang isi teks


Bacalah teks secara keseluruhan kemudian jawablah pertanyaan

31. Membuat pertanyaan yang berkaitan dengan isi teks


Membuat pertanyaan yang jawabannya terdapat pada teks

32. Menentukan penempatan letak tokoh dan dialognya dengan tepat


- Nama tokoh, ditulis di depan kalimat percakapan, dan antara nama tokoh dan kalimat
percakapannya diberi titik dua (:)

33. Menentukan topik dari teks pacelathon dengan tepat


Baca dan pahami teks tentukan pokok pembicaraan dalam teks

Uraian
44.Disajikan teks pacelathon,anak didik dapat mengubah teks pacelathon menjadi bentuk
narasi dengan benar

Cara mengubah teks percakapan menjadi narasi


1. Pahami bagian-bagian teks percakapan, yaitu :
- Nama tokoh, ditulis di depan kalimat percakapan, dan antara nama tokoh dan kalimat
percakapannya diberi titik dua (:)
-Kalimat percakapan, yaitu kalimat yang diucapkan para tokoh/pelaku
-Kalimat petunjuk, yaitu kalimat yang menunjukkan apa yang harus dilakukan oleh tokoh
dalam percakapan.
2. Selanjutnya buatlah teks percakapan menjadi cerita narasi, yaitu teks yang menjelaskan
tokoh
atau kejadian secara kronologis.

34. Disajikan sebuah ukara ngoko, peserta didik dapat mengubah menjadi krama alus dengan
Tepat.
Basa Krama alus digunakake wong nom marang wong kang luwih tua
Contoh :
- Bapak menyang kator jam pitu (ukara ngoko)
- Bapak tindak kantor tabuh pitu (ukara krama alus)
35. Disajikan kalimat berhuruf jawa yang menggunakan kata-kata yang yang berakhir dengan
konsonan h, ng, dan r, peserta didik dapat menentukan transliterasi latin yang paling tepat.

Kata yang berakhir dengan konsonan h maka diberi sandangan wignyan ( h)


Kata yang terdapat huruf ng maka diberi sandangan cecek ( = )
Suku kata yang berakhir dengan huru r diberi sandangan layar ( / )
Contoh : sulimah menyang pasar = sulimh mev= ps/
36.Disajikan kalimat berhuruf jawa yang menggunakan kata-kata berfonem e, i, o, atau u, peserta
didik dapat menentukan transliterasi latinnya yang paling tepat.
Kata yang terdapat huruf e maka diberi sandangan suara pepet ( e)
Kata yang terdapat huruf e’maka diberi sandangan suara taling ( [ …)
Kata yang terdapat huruf o maka diberi sandangan suara taling dan tarung ( [ dan o )
Kata yang terdapat huruf i maka diberi sandangan suara wulu ( i )
Kata yang terdapat huruf u maka diberi sandangan suara suku (… u )
37.Disajikan kalimat berhuruf Jawa yang menggunakan pasangan sederhana, peserta didik dapat
menentukan transliterasi latinnya yang paling tepat.
Aksara Pasangan
Ha = H da = F pa = P ma = M
Na = N ta = T dha = D ga = G
Ca = C sa = S ja = J ba = B
Ra = R wa = W ya = Y tha = Q
Ka = K la = L nya = V nga = Z
Uraian
45. Disajikan kalimat berhuruf latin yang menggunakan fonem e, i, o, dan u, peserta didik
dapat menentukan penulisan kalimat berhuruf jawa yang benar.

Kata yang terdapat huruf e maka diberi sandangan suara pepet ( e)


Kata yang terdapat huruf e’maka diberi sandangan suara taling ( [ …)
Kata yang terdapat huruf o maka diberi sandangan suara taling dan tarung ( [ dan o )
Kata yang terdapat huruf i maka diberi sandangan suara wulu ( i )
Kata yang terdapat huruf u maka diberi sandangan suara suku (… u )
38.Disajikan kalimat berhuruf latin yang menggunakan kata-kata yang berakhir dengan
konsonan
h, ng, dan r, peserta didik dapat menentukan penulisan kalimat berhuruf jawa yang tepat.

Kata yang berakhir dengan konsonan h maka diberi sandangan wignyan ( h)


Kata yang terdapat huruf ng maka diberi sandangan cecek ( = )
Suku kata yang berakhir dengan huru r diberi sandangan layar ( / )
39. Disajikan kalimat tunggal yang menggunakan kata-kata yang berakhir dengan konsonan,
peserta didik dapat menentukan penulisan kalimat berhuruf jawa yang tepat.

40.Disajikan kalimat berhuruf Jawa rumpang, peserta didik dapat melengkapi sehingga menjadi
kalimat yang utuh.
Contoh :
tut anFyni = tut ….. handayani, maka dilengkapi dengan wuri = Wuri

Anda mungkin juga menyukai