Anda di halaman 1dari 7

UNDUH SOAL PH 2 B.

JAWA

Jumlah Soal : 25
1) Tembang sing kaiket karo aturan guru gatra, guru wilangan , lan guru lagu diarani
tembang . . . ..

a. tembang dolanan
b. tembang macapat
c. tembang kenangan
d. tembang tengahan

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :B
2) Jenise tembang Macapat ana . . . . .

a. 11
b. 12
c. 13
d. 14

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A
3) Ing ngisor iki sing ora klebu jenise tembang macapat yaiku . . . .

a. mijil
b. kinanthi
c. prau layar
d. pucung

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :C
4) Miturut paugeran cacahe gatra tembang Pangkur ana . . . . gatra
a. 7
b. 8
c. 9
d. 10

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A
5) Tembang Macapat lumrahe migunakake basa Jawa Kuno. Tuladha : Pakartining
ngelmu luhung. tembung luhung tegese padha karo . . . .

a. becik
b. luhur
c. apik
d. mulya

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :B
6) Tembang Pucung saben sapada . . . . gatra

a. loro
b. telu
c. papat
d. limp

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :C
7) Cacahe gatra saben sapada ing tembang macapat diarani . . . .

a. guru wilangan
b. guru lagu
c. guru swara
d. guru gatra

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :D
8) Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani . . . .
a. Guru wilangan
b. guru lagu
c. guru swara
d. guru gatra

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A
9) Dhong-dhinge atawa tibane swara ing pungkasaning gatra tembang Macapat diarani
....

a. Guru wilangan
b. guru lagu
c. guru gatra
d. guru baris

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :B
10) Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira   Tembang ing dhuwur jenenge tembang . . .

a. Gambuh
b. Pucung
c. Sinom
d. Mijil

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :B
11) Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira   Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu
ing tembang dhuwur yaiku . . . .

a. 5i
b. 6i
c. 7i
d. 8i

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :D
12) Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira   Tembang ing dhuwur satemene cangkriman.
Batangane . . ..

a. ula
b. tali
c. kalung
d. sabuk

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :D
13) Tembang Pangkur watake . . . .

a. tandes, lugas, tinarbuka


b. nengsemake, luwes, endah
c. seneng, asih, tresna
d. prihatin
e. asih

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A
14) Ing tembang Pucung ana gatra kang unine : yen lumaku si pucung lembehan grana.
Tembung grana tegese . . . .

a. siki
b. buntut
c. kuping
d. irung/tlale

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :D
15) Tembang Kinanthi watake . . .  .

a. seneng, asih, tresna


b. gemes, gregeten
c. rumaket, sumanak
d. prihatin, pangasih, pangajab

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A
16) Mingkar mingkur ing angkara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resming
kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, kang tumprap
ing tanah Jawa, agama agen\ming aji.   Tembang ing dhuwur diarani tembang . . . .

a. Pucung
b. Pangkur
c. mijil
d. Kinanti

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :B
17) Mingkar mingkur ing angkara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resming
kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, kang tumprap
ing tanah Jawa, agama agen\ming aji.   Guru wilangan lan guru lagune tembang
Pangkur ing dhuwur yaiku . . . .

a. 12i-6a-8a-8a
b. 12a-6a-8i-12a
c. 8a-11i-8u-7a-12u-8a-8i
d. 12a-7i-6a-7a-8i-5a-7i

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :C
18) Lumrahe isine tembang iku pitutur (nasehat). Ukara ing ngisor iki kang ora klebu
pitutur yaiku . . . .

a. aja padha golek kawruh


b. kudu tansah ngudi ilmu
c. supaya pinter kudu sinau
d. kudu manut mring wong tuwa

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A
19) Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira   Guru wilangan lan guru lagune tembang
Pucung ing dhuwur yaiku . . . .
a. 12i-6a-8i-8a
b. 7u-10-12i-8u-8o
c. 12u-6a-8i-12a
d. 12u-8i-8u-8i-8o

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :C
20) Miturut watake tembang Pangkur iku kena kanggo . . . .

a. pitutur kang keras


b. medhar apa apa wae
c. crita sedih lan kasmaran
d. medharake crita sedih lan prihatin

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A
21) Tembang Kinanthi ing ngisor iki isine bab mangeti . . . . Amba pra siswa sedarum,
bingah-bingah amengeti, inggih Hari Pendhidhikan, Tanggal kalih wulan Mei, Wiyose
Ki Hajardewantara, Putra Nusantara Adi.

a. ambal warsa Ki Hajardewantara


b. dinas pendhidhikan
c. hari pendhidhikan
d. putra Nusantara

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :C
22) Bapak pucung rupamu anemba gunung, Tan ana kang tresna, Kabeh uwong mesthi
sengit, Kang kanggonan den elus-elus tetangisan.   Batangane tembang Pucung ing
ndhuwur yaiku . . . .

a. Sepur
b. wudun
c. sabuk
d. tali

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :B
23) Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung, Ngambah jumantara, kaya manuk
rajawali, wira-wiri nggawa barang lan manungsa.   Batangane tembang Pucung ing
ndhuwur yaiku . . . .

a. wudun
b. gajah
c. kapal mabur
d. layangan

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :C
24) Bapak pucung dudu watu dudu gunung, Asal saka Palembang, Titihae Sri Bupati,
Yen lumaku si pucung lembehan grana.   Batangane tembang Pucung ing ndhuwur
yaiku . . . .

a. klenthing (jun)
b. gajah
c. ulo
d. sabuk

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :B
25) Wernaipun wonten putih wonten jamus, tindak tanpa pada, kang jamus angatarani,
yen tan olangu arsa kumucur kang waspada.   Batangane tembang Pucung ing
ndhuwur yaiku . . . .

a. mega, mendhung
b. es teh
c. nyiram kembang
d. kran banyu

Jenis Soal :Pilihan Ganda


Jawaban Benar :A

Anda mungkin juga menyukai