Anda di halaman 1dari 2

ِ َّ‫أَحْل م ُد لِلَّ ِه ال‬

.‫اها‬ َ ‫اب َم ْن َد َّس‬ َ ‫اه ا َو َخ‬ َ ‫ب بِأَنَّهُ قَ ْد أَْفلَ َح َم ْن ّز َّك‬ َ َ‫ َو َكت‬.‫س فَأَهْلََم َه ا فُ ُج ْو َر َه ا َوَت ْق َو َاه ا‬ َ ‫ف‬
ْ ‫الن‬
َّ ‫ق‬َ ‫ل‬
َ ‫خ‬
َ ‫ى‬ ‫ذ‬ َْ
ْ ‫ َوأ‬.‫ال َم ا لَ َديْ ِه إِاَّل بِِإ َزالَ ِة الْغُُي ْو ِب‬
َّ ‫َش َه ُد أ‬
‫َن َس يِّ َدنَا حُمَ َّم ًدا‬ ُ َ‫ب َك ِرمْيٌ اَل َين‬ ٌّ ‫ك لَهُ َر‬ َ ْ‫َش َه ُد أَ ْن اَل إِلَهَ إاَّل اللَّهُ َو ْح َدهُ اَل َش ِري‬ْ ‫َوأ‬
ِ ٍ ِ ِ ِ
‫ف‬َ ‫ص ِّل َو َس لِّ ْم َوبَ ا ِر ْك َعلَى َس يِّدنَا حُمَ َّمد الَّذى َك َش‬ َ ‫ اَللَّ ُه َّم‬.‫َعْب ُد َه َو َر ُس ْولُهُ نَيِب ٌّ أ َْر َس لَهُ َهاديً ا اَل َم َّس هُ َعاَّل ُم الْغُُي ْوب‬
ِ ِ ُّ ‫أص َحابِِه َس ُاروا بِسْيرتِِه َو َجنَ ُح ْوا بِغُ ْفر ِان‬ ِِ
ْ ‫ إَِّت ُق وا اللَّهَ َم ا‬,‫ َفيَاعبَ َاد اللَّه‬:‫ أ ََّما َب ْع ُد‬.‫الذنُ ْو ِب‬
‫اس تَطَ ْعتُ ْم‬ َ ََ ْ ‫ َو َعلَى آله َو‬.‫ب‬ َ ‫الْ ُك ُر ْو‬
‫ات لَ َعلَّ ُك ْم ُت ْفلِ ُح ْو َن‬
ِ ‫اب املحَّرم‬
َ َ ُ َ‫اجتن‬
ِ ِ ْ ‫رات و‬ ِ
َ ‫بف ْع ِل املَ ُأم ْو‬
ِ

Jamaah sholat Jum’at hafidhakumullah,


Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken
sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kita sedoyo manggehaken
kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun. Sampun dipun shohihaken deneng
poro ulomo, bilih Alloh swt puniko menawi ngersaaken sae dateng kawulonipun, kawulo kasebat dipun
tedahaken keawonan soho celo-celo engkang wonten awak ipun piyambak. Lajeng Alloh paring gampil
ngicali awon utawi celo saking awakipun. Lajeng nyampurnaaken sekedik boko sekedik hinggo dados
sempurno miturut bagianipun saking Alloh.
Jamaah sholat Jum’at Rahimakumullah,
Limrahipun utawi kathah-kathahipun manungso sami mboten nyumerapi celo lan awonipun
piyambak. Sami anggadahi anggepan bilih piyambakipun sampun sae, sae menggahipun masyarakat lan sae
menggahipun Alloh. Akibat saking anggepan puniko, piyambakipun menawi sumerap awon utawi celo
engkang namung sak klilip mawon rame-rame lan kadamel rasan-rasan. Celo utawi awon engkang malang
wonten ngajeng mripatipun piyambak mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kados
pribasan: ojo podho nyacat wong liyo, ngilo getho’e dewe. Kanjeng Nabi dawuh:

)‫ (رواه أبو هريرة‬.‫ع ىِف َعْينِ ِه‬ ِ ِِ


َ ‫َح ُد ُك ُم الْ َق َذى ىِف َعنْي ِ أَخْيه َو َيْن َسى اجْل ْذ‬
ِ
َ ‫يُْبص ُر أ‬
“Salah siji iro weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali kayu malang ono mripate dewe.”
Ngilo getho’e dewe lan metani awon serto celone dewe, ora niti-niti alane wong liyo, lajeng ambudidodyo
ngilangi cacat utawi alane piyambak hinggo dados sae meniko sumber ipun kabekjan.
Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:

ِ ‫طُْوىَب لِ َم ْن َشغَلَهُ َعْيبُهُ َع ْن عُُي ْو ِب الن‬


)‫ (رواه البزار‬.‫َّاس‬
“Untung gede banget wong kang ketungkul metani celo ne awake lan ora gelem ketungkul metani celo ne
liyan.” (HR. Al-Bazzar)
Kagem ngilo getho’ dewe utawi mawas diri monggo kita timbang kalian dawuh pangandikanipun Sayyidina
Ali karramallahu wajhah wonten kitab Nashaihul Ibad karyanipun Ibnu Hajar al-Asqalani:

ِ ‫َّاس َر ُجاًل ِم َن الن‬


‫َّاس‬ ِ ‫َّاس َو ُك ْن ِعْن َد الن‬
ِ ‫س َشَّر الن‬ َّ ‫َّاس َو ُك ْن ِعْن َد‬
ِ ‫الن ْف‬ ِ ‫ُك ْن ِعْن َد اللَّ ِه َخْيَر الن‬
“Dadio manungso paling sae mungguhe Alloh. Dadio manungso paling awon mungguh pandanganmu, lan
dadio manungso lumrah ono ngarepe poro manungso”.
Pitutur meniko mengku pesen engkang sae sanget, kagem ndandosi awak kita supados ngajeni tyang
sanes, mboten rumaos langkung sae soho tawadhu’: Istiqomah ningkataken taqwa, amal sholih soho
ninggalaken larangan-laranganipun. Hinggo dados manungso paling sae menggahipun Alloh. Ngrumaosi
dados tiyang awon lan kirang amal sholihipun. Mboten ateges rendah diri, namung supados selamet saking
ujub (sombong), riya’ (pamer), lan sum’ah (ngarep-ngarep pujiane liyan). Andap asor (tawadhu’) dateng
tyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung sae. Amargi kathah tyang engkang ngremehaken tyang sanes,
ngrumaosi langkung sae lan mulyo.
Jamaah shalat Jum’at hafidhakumullah,
Syaikh Abdu Qadir Al-Jilani kagungan tips sederhana engkang saget kita tindaaken saben dintenipun:
Menawi pepanggihan kalian tyang lintu, kita anggep tyang meniko langkung sae, langkung taqwa, langkung
kathah amal sholihipun soho langkung inggil derajat ipun. Menawi kepanggih lare alit utawi lare anem, kita
anggep, “Bocah cilik utawo bocah anem iki dosane luwih sethithik tinimbang dosa ku.” Sebalikipun, menawi
kepanggih tiyang sepuh, kita anggep “Tiyang sepuh iki amal sholihe luwih akeh lan luwih akeh anggone
paring manfaat marang wong liyo. Sebab dewekne luwih disik anggone takwa lan taat,” Menawi kepanggih
tiyang ‘alim, kita yakini bilih piyambakipun langkung sae, toto coronipun ibadah ugi langkung afdhol lan
langkung leres. Ugi berjuang nyebaraken ilmunipun. Menawi kepanggih tiyang mendo (bodo), kita bisiki
awak kita, “Mungkin wae dewekne salah lan doso mergo ora ngerti, sedeng aku salah utowo nglakoni doso
kanthi sadar lan ngerti ilmune, sehinggo dosoku luwih abot lan akeh.”
Jamaah shalat Jum’at hafidhakumullah,
Ngilo getho’e dewe utawi mawas diri kedah kita tindaaken saben wekdal supados kita kemutan
kekirangan, kesalahan lan aib kita. Lajeng ambudidoyo ndandosi diri. Ampun niti-niti utawi metani
kekirangan serta aibipun liyan. Ngilo getho’e dewe utawi muhasabah meniko coro kagem ngendalikaken
gesang kita, engkang bade ngasilaken efek luar biasa wonten diri kita. Teledor ngilo getho’e dewe utawi
mawas diri bade ngrisak panggesangan kita, keluwargo tuwin masyarakat. Rosululloh SAW andawuhaken:

ِ
ِ ‫اجز من أَْتبع َن ْفسه هواها ومَتَىَّن علَى‬
)‫اهلل (رواه أمحد‬ ِ ِ ِ
َ َ َ َ َ ُ َ َ َ ْ َ ُ ‫س َم ْن َدا َن َن ْف َسهُ َو َعم َل ل َما َب ْع َد الْ َم ْوت َوالْ َع‬
ُ ِّ‫اَلْ َكي‬
“Wong cerdas yo iku wong kang ngitung-ngitung diri lan ngamal kanggo sak wise mati. Wong lemah
(apes) yo iku wong kang nuruti nafsune lan arep-arep barang muhal marang Alloh.” (HR. Ahmad).
Mugi-mugi kita lumebet golonganipun tiyang-tiyang engkang asring ngilo getho’e dewe utawi mawas
diri tuwin berbenah diri. Hinggo dados tiyang engkang rendah hati (tawadhu’), ngajeni tiyang lintu, mboten
ngrumaosi langkung sae tuwin bejo dunyo lan akhiratipun. Aamiin.

Bismillah, al asyr
Barakallu

ِِ ‫ وعلَى آلِِه وأ‬،‫ وأُصلِّي وأُسلِّم علَى سيِّ ِدنَا حُم َّم ٍد الْمصطََفى‬،‫هلل و َك َفى‬ ِ
ُ‫ أَ ْش َه ُد أَ ْن اَّل إِلهَ إِاَّل اهلل‬.‫َص َحابه أ َْه ِل الْ َوفَا‬
ْ َ ََ ْ ُ َ َ َ ُ َ َْ َ َ َ ‫اَحْلَ ْم ُد‬
َ ْ‫َو ْح َدهُ اَل َش ِري‬
َّ ‫ َوأَ ْش َه ُد أ‬،ُ‫ك لَه‬
،‫ أ ََّما َب ْع ُد‬.ُ‫َن َسيِّ َدنَا حُمَ َّم ًدا َعْب ُدهُ َو َر ُس ْولُه‬

‫ أ ََم َر ُك ْم بِالصَّاَل ِة‬،‫َن اهللَ أ ََم َر ُك ْم بِأ َْم ٍر َع ِظْي ٍم‬َّ ‫اهلل الْ َعلِ ِّي الْ َع ِظْي ِم َو ْاعلَ ُم ْوا أ‬
ِ ‫ أُو ِص ي ُكم و َن ْف ِس ي بَِت ْق وى‬،‫َفيا أَيُّه ا الْمس لِمو َن‬
َ ْ َ ْ ْ ْ ُْ ْ ُ َ َ
ِ ِ ِ َّ ِ َ ‫الساَل ِم َعلَى نَبِيِّ ِه الْ َك ِرمْيِ َف َق‬
،‫يما‬ ً ‫ص لُّوا َعلَْي ه َو َس لِّ ُموا تَ ْس ل‬ َ ‫ين َآمنُوا‬ َ ‫ يَا أَيُّ َه ا الذ‬،ِّ ‫صلُّو َن َعلَى النَّيِب‬ َ ُ‫ إِ َّن اللَّهَ َو َماَل ئ َكتَهُ ي‬:‫ال‬ َّ ‫َو‬
‫ت َعلَى َس يِّ ِدنَا إِ ْب َر ِاهْي َم َو َعلَى ِآل َس يِّ ِدنَا إِ ْب َر ِاهْي َم َوبَا ِر ْك‬ َ ‫ص لَّْي‬
ٍ ِ ِ ٍ ِ
َ ‫ص ِّل َعلَى َس يِّدنَا حُمَ َّمد َو َعلَى آل َس يِّدنَا حُمَ َّمد َك َم ا‬
ٰ
َ ‫اَللّ ُه َّم‬
ِ ِ ِ ِ ٍ ِ ِ ٍ ِ
َ ‫ يِف ْ الْ َع الَ ِمنْي َ إِن‬،‫ت َعلَى َس يِّدنَا إِ ْب َراهْي َم َو َعلَى ِآل َس يِّدنَا إِ ْب َراهْي َم‬
‫َّك‬ َ ‫َعلَى َسيِّدنَا حُمَ َّمد َو َعلَى آل َسيِّدنَا حُمَ َّمد َك َما بَ َار ْك‬
ِ ِ ِ ‫ات اأْل‬ ِ َ‫ات والْم ْؤ ِمنِ والْم ْؤ ِمن‬ ِ ‫ اَل ٰلّه َّم ا ْغ ِفر لِْلمسلِ ِم والْمسلِم‬.‫مَحِ ي ٌد جَمِ ي ٌد‬
َ‫ اللهم ْادفَ ْع َعنَّا الْبَاَل ء‬،‫َحيَ اء مْن ُه ْم َواأْل َْم َوات‬ ْ ُ َ َ ‫ُ نْي‬ َ ْ ُ َ َ ‫ْ ُ ْ نْي‬ ُ ْ ْ
‫ ِم ْن َبلَ ِدنَا‬،‫ َما ظَ َهَر ِمْن َها َو َما بَطَ َن‬،‫َّدائِ َد َوالْ ِم َح َن‬ َ ‫ف الْ ُم ْختَلِ َفةَ َوالش‬ َ ‫السُي ْو‬
ُّ ‫َوالْغَاَل ءَ َوالْ َوبَاءَ َوالْ َف ْح َشاءَ َوالْ ُمْن َكَر َوالَْب ْغ َي َو‬
‫َّك َعلَى ُك ِّل َش ْي ٍء قَ ِد ْيٌر‬ ِ
َ ‫ إِن‬،ً‫اصةً َو ِم ْن بُْل َد ِان الْ ُم ْسل ِمنْي َ َع َّامة‬ َّ ‫َه َذا َخ‬

Anda mungkin juga menyukai