Anda di halaman 1dari 10

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN KABUPATEN PATI

KECAMATAN PATI

PENILAIAN AKHIR SEMESTER II SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2017 / 2018
SEKOLAH DASAR ..........................................

Mata pelajaran: Mulok Bahasa Jawa


Hari,Tanggal : Nama :
Kelas : VI ( enam )
Waktu : No.Absen:

Petunjuk Umum :
1. Tulisen jenengmu ana ing sisih tengen dhuwur !
2. Wacanen luwih dhisik apa prentahe kanthi tliti !
3. Garapen dhisik soal-soal sing koanggep gampang.!
4. Nyuwunna pirsa gurumu yen ana soal sing ora cetha !
5. Tlitinen luwih dhisik sadurunge koaturake gurumu !

I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe pratelan


kang bener !
Wacanen kanthi permati wacan ing ngisor iki kanggo njawab soal nomer 1
nganti 4!
Wacanen punggelan sesorah iki kanggo soal nomer 1 lan 2 !
………………………………………………………………………………………..
Ingkang sepisan, minggu ngajeng kita sadaya kedah gotong royong
sesarengan, resik-resik selokan. Awit sakedap malih badhe wanci jawah. Kejawi
saking punika, selokan ing dhusun kita sampun sami mampet. Pramila
sumangga sami sesarengan minggu ngajeng kita rame rame gotong royong
reresik dhusun.
Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih dhusun kita punika pikantuk
tugas inggih punika dados wakil lomba dhusun ing tingkat kecamatan. Menawi
boten lepat, wulan ngajeng sampun dipun biji dening tim juri saking kecamatan.
………………………………………………………………………………………..
1. Punggelan sesorah ing dhuwur kalebu perangan … .
a. purwakaning atur
b. wigatining atur
c. kesimpulan
d. panutup
2. Pratelan iki kang cocog karo isining sesorah kasebut adalah … .
a. ngajak para wargo rame-rame gotong royong reresik lingkungan ing saben
dina minggu
b. ing dina minggu wayah udan para warga padha gotong royong ngresiki
lingkungane dhewe-dhewe
c. kanggo ngadhepi lomba dhusun kabeh warga padha gotong royong saben
dina minggu
d. para warga diajak gotong royong reresik selokan kanggo ngadhepi wayah
udan lan lomba dhusun tingkat kecamatan
3. ?msH/ytumBsSbun\,
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ... .
a. Mas Arya tumbas sabun
b. Maryata tukang salon
c. Mas Saryana tumbas sabun
d. Mas Aryata kulak sabun
Kanggo mangsuli soal nomer 4 lan 5, wacanen pacelathon ing ngisor iki!

Pesen saka Bu Narli

Bu Narli : “Kula nuwun … .”


Hendra : “Mangga. O …. Bu Narli.”
Bu Narli : “Iya, Nak Hendra.”
Hendra : “Mangga pinarak, Bu!”
Bu Narli : “Matur nuwun, Nak. Apa ibu ana ndalem?”
Hendra : “Boten Bu, ibu tindak dhateng peken mundhut sepatu kagem adik
kula, Siti.”
Bu Narli : “Ngene Nak Hendra, manut rapat pengurus Posyandu ing dhusun
kene, kegiatan penimbangan balita sidane diajokake dina
Minggu tanggal 23 April 2017. Amarga Bu Hamidah ibune
Nak Hedra ora ora tindak rapat, mula ibu arep titip pesen,
bisa ta?”
Hendra : “Saget, Bu. Ngestokaken dhawuh.”
Bu Narli : “Nak Hendra, ing dina Minggu tanggal 23 April Bu Hamidah
diaturi tindak gasik amarga arep ana penyuluhan saka
Puskesmas bab carane ngindhari demam berdarah.”
Hendra : “Inggih Bu, mangkih kula aturaken.”

4. Tegese tembung rapat ana ing pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
a. tata jejer ora ana rengganga
b. tanduran kang uripe mrambat
c. kumpul nganakake rerembugan
d. kumpul baren nganakake arisan
5. Apa isi pesen sajroning pacelathon ing dhuwur ?
Isine pesen pacelathon ing dhuwur yaiku … .
a. ing dina Minggu Bu Narli diaturi tindak luwih gasik, maringi penyuluhan
b. ing dina Minggu Bu Hamidah diaturi tindak Posyandu luwih gasik
c. ibune Hendra diaturi ndherek penyuluhan kesehatan wonten Puskesmas
d. Bu Hamidah diaturi Bu Narli tindak bareng ndherek penyuluhan
6. Wulandari seneng nembang.
Ukara ing dhuwur yen katulis nganggo asara jawa dadi ... .
a. ?wulNfrisene=nemB=.
b. ?wulnFrisene=nmB=.
c. ?wulnFrisene=nemB=.
d. ?wulnfrisenezneneMb=.
Setitekna geguritan iki kanggo mangsuli soal nomer 7 nganti 9!
Anakku
Rungokna welinge yayah wibi
Angger-angger gantilaning ati
Piyarsakna lan resepna jroning ati
Titah ora bisa uwal saka bebayaning margi
Mula tansah elinga marang kang kuwasa
Dimen kasembadan gegayuhanira
7. Tembung kang kacetak miring ing geguritan kasebut tegese ....
a. rungokna
b. sawangen
c. lakonana
d. wartakna
8. Piweling kang bisa kapetik saka geguritan kasebut yaiku minangka titah,
manungsa kudu tansah ... .
a. eling lan waspada marang bebaya
b. manut marang aturan kang lumaku
c. eling marang Gusti kang Maha Kuwasa
d. manut marang karep lan angen-angene dhewe
9. Angger-angger gantilaning ati
Piyarsakna lan resepna jroning ati
Ukara punggelan geguritan kasebut, ukara critane yaiku ... .
a. Bocah-bocah aja padha lali sregep sinau lan mituhu marang wong tuwa
b. Tatanan-tatanan ana ing masyarakat, kabeh kudu dipatuhi
c. Manungsa minangka titahing Gusti kudu tansah eling lan waspada
d. Anak-anakku sing dak tresnani, rungokna lan padha rasakna jroning ati
Wacanen kanthi pratitis crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer
10 nganti 13!
Karna Tandhing
Ana ing perang Baratayuda, nalika kurawa disenapateni dening Adipati
Karna, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Arjuna supaya methukake kridhane.
adipati Karna nitih kreta Jatisura sing dikusiri dening Prabu Salya. Adipati Karna
nglepas jemparing Naracabala sing njalari akeh bala Pandhawa sing padha tiwas.
Nalika keprungu gumludhug lakune kreta Jaladara, Adipati Karna mandheg
anggone namakake jemparinge. Kreta Jaladara titihane Raden Arjuna sing
dikusiri dening Prabu Kresna.
Adipati Karna kapethuk marang Raden Arjuna. Saklorone padha mangu-
mangu nerusake perang, jalaran satemene Adipati Karna iku kangmase Radn
Arjuna sing pambarep. Nanging netepi watak satriya, saklorone tetep neruake
perang Baratayuda.
Perang kang kadadeyan ing Tegal Kurusetra iku rame banget. Raden Arjuna
lan Adipati Karna pdha ngetokake kadigdayane. Perang kanthi numpak jaran,
banjur kasekten namakake jemparing.kaprigelan satruya loro iku pancen ngedap-
edapi. Para prajurit sing nonton padha kamitenggengen, ora obah saka panggone
ngadeg.
Nalika perang diterusake numpak kreta, dumadakan kretane Adipati Karna
keblesek, rodhane ambles. Durung uwal saka pepalang iku, dumadakan panah
Pasopati mlesat natas janggane Adipati Karna. Saking ampuhe panah Pasopati,
Adipati Karna ora krasa yen ketaman pusaka. Ora watara suwe gumlundhung
mustakane.
Raden Arjuna banjur mudhun saka kreta lan ngrungkepi layone Adipati
Karna. Paperangan leren saperlu ngurmati senopati agung sing gugur ing
palagan.

10. Apa kang dadi piandele Raden Arjuna nalika maju perang madeg senapati?
Kang dadi piandele Raden Arjna nalika madeg senapati yaiku ... .
a. Jemparing Naracabala
b. Panah Pasopati
c. Keris Pulanggeni
d. Keris Nagasasra
11. Sapa sing dadi kusire Adipati Karna nalika perang mungsuh Raden Arjuna?
Sing dadi kusire Adipati Karna yaiku ... .
a. Raden Kumbakarna
b. Prabu Kresna
c. Raden Puntadewa
d. Prabu Salya
12. Ana ing ngendi perang Baratayuda kadadeyan?
Perang Baratayuda kadadeyan ing ... .
a. Tegal Kurusetra
b. Negara Amarta
c. Wana Amarta
d. Tegal Alasdawa
13. Kepriye kahanan perang antarane Raden Arjuna mungsuh Adipati Karna?
Perang antarane Raden Arjuna mungsuh Adipati Karna kahananne ... .
a. sepi nyenyet
b. rame banget
c. udan deres
d. peteng dhedhet
14. Bu Ratna tindak arisan.
Panulise nganggo aksara jawa ukara kasebut yaiku ... .
a. ?burniNtinFkHrisn\,
b. ?burtNtinDkHrisn\,
c. ?burtNtinFkHrisn\,
d. ?burtNtinDkarisn\,
15. Dhumateng Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik, sepisan malih kula ndedonga
mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Punggelan pidhato in g dhuwur kalebu perangan … .
a. purwaka
b. surasa basa
c. dudutan
d. wasana basa
16. Assalamu’alaikum wr.wb.
Bapak kepala dhusun ingkang kinurmatan, para kanca ingkang kula urmati lan
kula tresnani, saha adhik-adhik ingkang saestu kula tresnani.
Sumangga sesarengan tumungkul wonten ing ngarsane Gusti ingkang Maha
Agung. Inggih Gusti ingkang sampun paring kanikmatan saha kasarasan.
Wonten ing wekdal punika, kula minangka ketua pauyuban nem-neman
dhusun rumaos perlu ngaturaken babagan ingkang sanget wigatosipun.
..................................................................................................................................
Ukara kang trep minangka panutuping pidhato ing dhuwur yaiku ....
a. Makaten atur kula. Menawi wonten kekiranganipun kula nyuwun gunging
pangapunten
b. Cekap semanten atur kula. Yen onten salahipun kula njaluk pangapura
c. Pramila mangga kita sadaya ngayahi jejibahan kita piyambak-piyambak
d. Sumangga kita nyaketi tim yuri supados anggenipun lomba kita menang
17. Kula nedha ulam, dene bapak ... welut.
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ukara kasebut yaiku … .
a. mangan
b. ngunjuk
c. nedhi
d. dhahar
18. Pak Rusdi lunga menyang kantor.
Ukara kasebut basa krama aluse yaiku … .
a. Pak Rusdi tindak dhateng kantor
b. Pak Rusdi kesah dhateng kantor
c. Pak Rusdi tindak wonten kantor
d. Pak Rusdi kesah onten kantor
19. Ukara-ukara ing ngisor iki kang nganggo basa ngoko alus kanthi bener yaiku ....
a. Aku melu ibu lunga menyang pasar
b. Bapak lagi gerah mula ora tindak kantor
c. Putranipun pakdhe wis krama
d. Eyang sampun sare, adik ugi sampun tilem
20. Apa Eyang Kakung wis dhahar?
Ukara kasebut yen ditulis manut unggah-ungguh kang trep dadi ... .
a. Apa Eyang Kakung sampun dhahar?
b. Apa Eyang Kakung wis mangan?
c. Punapa Eyang Kakung sampun dhahar?
d. Punapa Eyang Kakung sampun madhang?
21. ?mBkSritumBsCmBh.
Ukara ing dhuwur panulise latin yaiku ... .
a. Mbak Srini tumbas cambah
b. Mbak Sari tumbas cambah
c. Mbake Sari ngumbah sandhal
d. Mbak Sri ngundang simbah
22. Eyang kondur ngasta oleh-oleh.
Panulise nganggo aksara jawa yaiku ... .
a. ?[ay=[konF|/zsT[ao[lh[ao[lh.
b. ?[ay=[kon\fu/zsT[ao[lh[ao[lh.
c. ?[ay=[konFau/zsT[ao[lh[ao[lh.
d. ?[ay=[konF|/zsT[aolhao[lh.
23. Siska : “Wilujeng siang, Bu Guru.”
Bu Guru : “E... Siska, ayo kene, lungguh kene!”
Siska : “.............................................................”
Bu Guru : “Ana perlu apa Sis, kok njanur gunung dolan kene?”
Siska : “Inggih, Bu. Kula badhe nyuwun pirsa caranipun maos geguritan.”
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
a. Sampun Bu, matur nuwun
b. Kula teng ngriki mawon
c. Inggih Bu, matur nuwun
d. Wonten pundi, Bu?
24. Pacelathon ing dhuwur ngrembug babagan ... .
a. kawilujengan
b. kalungguhan
c. janur gunung
d. carane maca geguritan
25. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku … .
a. Ibu mboten teng griya sek kesah dhateng peken
b. Yen arep tindak mrana, aku tak melu ya Pak?
c. Kowe wingi neng ngendi, takgoleki koko ora ana?
d. Kula wastani panjenengan sampun tindak kantor
26. (1) Jawahipun deres sanget.
(2) Nalika semanten Bapak dereng kondur saking kantor.
(3) Wiwit siang mendhung lelimengan.
(4) Ibu katawis bingung amargi Bapak biasanipun sampun kondur.
(5) Mendhung ingkang gumandhul pungkasanipun dhawah dados jawah.
Urutan ukara ing ndhuwur supaya dadi crita kang runtut yaiku ... .
a. (5), (3), (4), (2), (1)
b. (5), (2), (4), (1), (2)
c. (3), (5), (1), (2), (4)
d. (3), (2), (1), (4), (5)
27. Para rawuh ingkang kula bekteni, kula minangka wakilipun kanca-kanca
kelas enem, badhe ngaturaken panuwun dhumateng bapak/Ibu Guru ingkang
sampun nggulawentah kula sakanca ngantos lulus kathi lancar saha pikantuk
biji ingkang sae. Sadaya kala wau awit saking pambiyantu ... .
Ukara kang trep kanggo ngganepi isi sesorah ing dhuwur yaiku ... .
a. kanca-kanca ingkang tansah makaryasesarengan wonten dekolah punika
b. Bapak/Ibu Guru saha tiyang sepuh ingkang tansah nggulawentah kula saben
dinten
c. Bapak/Ibu Guru, Kepala Sekolah, saha para karyawan ingkang makarya
sesarengan
d. rencang-rencang saha kanugrahaning Gusti ingkang maha Agung

Wacanen sing permati pacelathon iki, kanggo mangsuli soal nomer 28 lan 29!
Tutik : “Dung, kowe tiba neng narep kantin ya? Kesrimpet tali ya?”
Indri : “Iya, kowe kok ngerti ta?”
Tutik : “Aku mau ngerti, Warsana sing masang tali ing kono. Dadi kuwi
mau pokale Warsana.”
Gandung : “Oo... dadi Warsana ta sing njalari aku tiba. Awas ya War, yen
mengko ketemu sida tak jotosi tenan!”
Indri : “Ora apik, Dung. Becike sikilmu diobati dhisik ana UKS. Masalahe
dirampungake mengko wae.”
( Bocah telu padha menyang UKS. Ing UKS ana Warsana kang lagi
nangis, irunge mimisen.)
Warsana : “Dung, aku njaluk pangapura. Sing masang tali marakake kowe tiba
mau aku.”
Gandung : “Lha rak tenan ta. Dasar bocah kurang ajar.”
(Gandung arep njotos Warsana, tangane ditampel Indri)
Indri : “Nyebar godhong kara Dung, sabar sawetara, ora usah emosi.
Warsana wis njaluk pangapura lan ngakoni lupute.”
28. Adedasar pacelathon ing dhuwur, Gandung duwe watak ... .
a. ora sabar lan emosinan
b. sabar lan sugih pangapura
c. gampang nesu nanging sabar
d. seneng tetulung lan sabar
29. Latar swasana pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
a. ayem tentrem
b. gumbira
c. susah nanging ribut
d. susah lan sepi
30. Pangeran Dipanegara iku isih trah bangsawan Ngayogyakarta.
Tembung kang kacetak miring tegese ... .
a. darah
b. sedulur
c. keturunan
d. kulawarga
31. Bapak ... gerah mila boten ... kantor.
Tembung krama alus kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur kanthi urut
yaiku ... .
a. lagi ; kesah
b. nembe ; lunga
c. lagi ; tindak
d. nembe ; tindak
32. 1. Bocahe bagus, gedhe dhuwur, lan anteng
2. Mulane akeh kancane sing seneng srawung
3. Manawa kekandhan ora tau gawe tatune liyan
4. Marsudi bocah kelas enem SD Ngudimakmur
Urut-urutaning ukara acak ing dhuwur supaya dadi paragraf kang runtut ... .
a. 4 – 3 – 2 – 1
b. 4 – 1 – 3 – 2
c. 1 – 4 – 2 – 3
d. 1 – 4 – 3 – 2
33. Aku nembe adus nalika bapak tindak kantor.
Tembung kang salah ing ukara kasebut sing bener ... .
a. aku sing bener kula
b. nembe sing bener lagi
c. adus sing bener siram
d. tindak sing bener lunga
34. Salam sejahtera kangge kita sedaya,
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala SD Sidomulya, Bapak Ibu Guru
ingkang tansah kula urmati, saha recang-rencang ingkang kula tresnani.
Purwakaning atur, sumangga kula dherekaken caos puja puji syukur
dhateng Allah, Gusti ingkang Maha Asih. Awit saking sih nugrahanipun,
panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Sidomulya punika
kanthi sae, wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Punggelan sesorah ing dhuwur kalebu perangan ... .


a. pambuka
b. isi
c. pangajeng-ajeng
d. panutup
35. ?tuk=[bckMesQi[ros.
Ukara kasebut yen ditulis latin dadi ... .
a. Tukang balok pancen rosa
b. Tukang becak tuku bakso
c. Tukang bakso numpak becak
d. Tukang becak mesthi rosa
II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !
36. Wingi sore Sardi mendem gadhung.
Tembung kang dicetak miring yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ... .
Wacanen kanthi pratitis wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 37 nganti
39!
Wengi iki rasane beda karo adat saben. Hawane kang atis krasa ing awak
njalari kepingin enggal-enggal mlebu kamar, kemulan brungkut, mlungker ing
kasur, lan turu. Saya wengi saya tintrim. Wong-wong kang biasane padha
jagongan wis padha mlebu ing ngomah, ngeloni bantal gulinge. Para warga ing
desaku wis padha turu kepati.
Ing tengah wengi kang sepi nyenyet iku dumadakan ana prastawa kang
ngegirisi. Bumine horeg, gonjang-ganjing njalari omah saisine padha rubuh,
remuk kabanting. Para warga kang lagi turu kepati padha tangi, mlayu salang
tunjang metu saka ngomah golek pekarangan kang lapang. Akeh warga kang
tiwas dadi kurban ganasing bumi, tan bisa nylametke dhiri.
37. Saya wengi saya tintrim.
Tembung kang dicetak miring tegese ... .
38. Kosok baline ukara sepi nyenyet ana ing wacan yaiku ... .
39. Tema wacan ing dhuwur yaiku ... .
40. Dhani nandur tela.
Yen ditulis nganggo aksara jawa ukara ing dhuwur dadi ... .
41. teXsKebes\
Ukara kasebut yen ditulis latin dadi ... .
42. Pak Warsana ... dhateng griya kula saperlu pinanggih bapak.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ... .
43. Setitekna gambar wayang iki!

Tokoh wayang kasebut arane ... .

Wacanen kathi tliti pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 44
lan 45 !
Bima : "Halo... Assalamu'alaikum"
Inu : "Wa'alaikumsalam, iki sapa?"
Bima : "Aku Bima "
Inu : "O... Bima, kepriye Bim, ana apa?"
Bima : "Arep takon acara sesuk Minggu, sida ora?"
Inu : "O... kerja bakti ngresiki desane dhewe iki? Ya sida ta, warga wis
padha ngerti kok, acarane diwiwiti esuk jam 06.30-an".
Bima : "Nu, sing diresiki mung omahe dhewek ta?"
Inu : "Ya ora. Wiwitane ngresiki omahe dhewe-dhewe, banjur mengko
jam 07.00 cah enom-enome kaya awake dhewek iki kumpul ana ing
bale desa!"
Bima : " ... "
Inu : "Mengko dibagi tugas, ana sing ngresiki masjid, bale desa, mushola,
uga kali".
44. Ukara kang trep kanggo ngganepi ceceg-ceceg pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
45. Pacelathon ing dhuwur ngrembug babagan ... .

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !


46. Ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara ngoko alus!
a. Apa kowe wis ngerti berita esuk mau?
b. Aku tak melu ya Pak, nek arep lunga rana!
Jawab :
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
.............................................................................................................................
47. Gawea ukara panutuping pidhato, kanthi tetembungan lan unggah-ungguh kang
trep!
Jawab :
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
..............................................................................................................................
48. Tulisan nganggo aksara Jawa ing ngisor iki wacanen lan tulisen latine!
a. ?rhmwtinumPkPeswt\,
b. ?peXmarumMnis\,
Jawab :
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
.............................................................................................................................
49. Wacanen geguritan ing ngisor iki, banjur owahana dadi crita prosa nganggo
ukara lan tetembunganmu dhewe!
“ALAM”

Ati sing lara dadi waras


Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa

...........................................

Jawab :
…………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………......
..................................................................................................................................
........
50. Setitekna banjur critakna gambar ing ngisor iki nganggo ukaramu dhewe cacahe
telumg ukara!

Jawab :
……………………………………………………………………………………..
…………………………………..
……………………………………………………………………………………
…………………………………..
……………………………………………………………………………………
………………..

Anda mungkin juga menyukai