Anda di halaman 1dari 1

Wifi Corner,Internet Cepet Lan Murah

Ing jaman saiki internet wes dadi kebutuhan utama,neng ngendi ngendi internet bias
ditemoake.ora enom ora tuwa kabeh butuh internet.barang barang elektronik yo butuh
internet.seko hp,computer,tekan tv wes bisa ngunaake internet.yen ora ono internet rasane
koyo mbalik meneh neng jaman watu.Akses internet yo gampang dientuke.seko tuku paketan
tekan anggo wifi.wifi dadi pilihan pas paketan uwes entek.pas anggo wifi kita bias internetan
sepuase tanpa wedi keentekan paketan.mula wifi uga penting kanggo dunia perinternetan ing
Indonesia.
Tapi wifi ora sembarangan iso di entuke.mung wong wong kang sugih utawa fasilitas
lan toko sing bias nyediake wifi.mula wifi termasuk barang kang mewah yen bias dingo
pribadi.misale wifi merek indihome sebulane bisa mbayar Rp.350.000.duit kang ora setitik
kanggo masyarakat menengah kebawah.
Banjur piye carane masyarakat menengah kebawah ben iso menikmati jaringan wifi?
Masyarakat bias memanfaatkan fasilitas kang disediani PT Telkom Indonesia,yaiku wifi
corner. Ribuan wifi corner sing terletak ing berbagai wilayah ing Indonesia wes nyediani
kecepatan internet nganti 100 Mbps. Mung mbayar Rp.5000,masyarakat uwes iso menikmati
layanan internet sajrone 12 jam tanpa mandeg.
Wifi corner mangon ing sarana sarana umum,utamane plasa Telkom.wifi corner uga
dilengkapi fasilitas meja,kursi,lan aliran listrik,supaya masyarakat bisa kepenak ngunakake
fasilitas kuwi.masyarakat uga ora ditagih biaya sewa tempat.masyarakat bisa tuku vocher ing
outlet Telkom terdekat utawa bisa tuku lewat sms lan mbayar anggo pulsa Rp.5000
Pemerintah kudu ningkatke fasilitas internet koyo iki ben masyarakat bisa
ngrasaake kemudahan internet kang cepet lan stabil.yen masyarakat bisa ngunake fasilits
internet sing bener,banjur Indonesia bsa maju lan ora ketinggalan informasi kaaro negoro
negoro liyane.

Masyarakat lagi ngunaake akses wifi ing wifi.id corner piyungan

Anda mungkin juga menyukai