Anda di halaman 1dari 8

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN KEPEMUDAAN DAN OLAHRAGA


KORWIL BIDANG PENDIDIKAN KECAMATAN KUTOWINANGUN
Alamat: Jalan Stasiun No: 25 Telp (0287) 661342 Kutowinangun Kebumen (54393) Kutowinangun

PENILAIAN AKHIR TAHUN ( PAT )


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : IV (Empat)
Hari/Tanggal : /
Waktu :

PITUDHUH :

1. Ndonga luwih dhisik sedurunge nggarap soal!


2. Tulisen jeneng lan nomermu ana ing pojok tengen lembar jawaban!
3. Wacanan kang tliti sadurunge nggarap soal!
4. Garapan luwih dhisik soal-soal sing kok anggap luwih gampang!
5. Tlitinen maneh garapanmu sakdurunge kok aturake marang Bapak/Ibu Guru!
--------------------------------------

I. Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara A, B, C, utawa D wangsulan kang trep ana lembar
jawaban!

KD. 3.1

1. Dongeng kang awewaton sejarah nanging akeh wuwuhane, jenenge ….


a. mite
b. sage
c. fable
d. legenda

2. Ing ngisor kang kalebu cerita rakyat saka Jawa Tengah, kajaba ….
a. Bledug Kuwu
b. Andhe-andhe Lumut
c. Rawa Pening
d. Malin Kundang

3. Jaka Linglung iku titah kang wujude … gedhe


a. gajah
b. macan
c. manuk
d. ula

Wacanen kanthi pemati ! ( no 4-5)


Dumadine Bledug Kuwu
Ing pisowane menyang kraton, Joko Linglung diaku anake Ajisaka menawa dheweke bisa
ngalahake Bajul Putih malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki mapan ana ing Segara Kidul.
Saliyane iku, menawa dheweke bias ngalahake si Bajul Putih iku, mulihe menyang
Medangkamolan oraa oleh liwat sandhuwure lemah. Dheweke kudu liwat sangisore lemah,
jalaran menawa lewat dalan biasa mesthi bakal gawe wedine rakyat Medangkamolan.

4. Tembung “anake” krama inggile yaiku ….


a. putrane
b. larene
c. yogane
d. sunune
5. Guru : … sing mapan ana ing Segara Kidul ?
Murid : Prabu Dewatacengkar
Tembung pitakon kang trep, yaiku ….
a. Endi
b. Apa
c. Sapa
d. Kepriye

JAKA BEREG
Ing sawijining dina, sawise mulih saka dolan, Jaka Bereg katon susah atine. Dheweke ora
gelem mangan lan praupane katon mbesengut wae. Ibune kang asma Dewi Sangkrah utawa Rra
Blengoh takon marang Jaka Bereg apa sing mentas dialamai. Jaka jawab, bilih dheweke wis ora
kuwat saben dino dilokne kanca-kancane. Saka dhawuhe Eyang Wangsadarna, Roro Blengoh
nyritaake kedadean 13 tahun kepungkur bilih rama asline Jaka Bereg yaiku Adipati Jayengrana.
Jaka Bereg iku anak sing sregep tumandang gawe. Saben dina ngarit golek suket kanggo sapine
Eyang Wangsa.

6. Kepriye sifate Jaka Bereg ?


a. sregep tumandang gawe
b. daksiya marang kanca
c. lumuh, ora tau gelem tandhang gawe
d. sugetan ati, gampang nesu

7. Dhawuhipun Ajisaka dhateng Jaka Linglung supados konduripun boten miyos margi. Tembung
margi basa ngokone yaiku . . . .
a. lewat
b. dalan
c. kali
d. lemah

Wacanen kanthi pemati ! ( no 8-9)


Mangkono, saben uwong kang dijaluki pangan ora ana sing menehi. Bocah bajang iku malah
diusir, dikongkon lunga sing adoh. Bocah bajang akhire semingkir adoh merga awake reget.

8. Simpulan sing trep kanggo wacan ing ndhuwur yaiku . . . .


a. akeh wong sing padha menehi pangan bocah bajang senajan reget.
b. wong sedesa padha ngusir bocah bajang sebab bocahe katon reget.
c. prilaku wong sedesa anggone ngusir bocah bajang nganti adoh tapi dimenehi pangan.
d. bocah bajang diopeni warga desa senajan awake katon reget.

9. Perilaku sing ora oleh ditiru saka cerita ing dhuwur yaiku ….
a. nyenengke
b. nulungi
c. mbiyantu
d. ngina

KD 3.2
10. Tembang gambuh nduweni watak . . . .
a. seneng, asih, tresna
b. kendo, tanpa greget saut
c. rumaket, kulina, wanuh-wani
d. sedih, kingkin kaworan nglokro

Wacanen tembang ing ngisor iki kanggo nomer 11 -12 !


Gambuh

Aja seneng adu-adu


Sipat sing ala aja ditiru
Gawe kanca padha serik lara ati
Luwih becik urip rukun
Aja padha seneng goroh
11. Guru lagu tembang ing dhuwur yaiku ….
a. u-u-i-n-h
b. u-u-a-i-a
c. u-u-i-u-o
d. a-i-u-e-a

12. Aja padha seneng goroh


tembung goroh kosok baline ….
a. jujur
b. sregep
c. pinter
d. welas asih

13. Perilaku sing becik kudu ditindakake, kayata ….


a. nulung wong lara
b. ngapusi cah cilik
c. mangan karo mlaku
d. ngomong sing ala

14. Cacahing gatra/ larik ing saben pada jenenge….


a. guru lagu
b. guru gatra
c. guru wilangan
d. guru swara

Wacanen tembang ing ngisor iki ! (no 15-16 )

Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh kang dadi awon

15. Tembung sekar ana ing tembang Gambuh tegese . . . .


a. kembang
b. tembung
c. tembang
d. kembung

16. Guru wilangan tembang ing ndhuwur yaiku ….


a. 7, 12, 10, 8, 8
b. 8, 10, 12, 8, 8
c. 8, 10, 12, 7, 8
d. 7, 10, 12, 8, 8

Wacanen tembang ing ngisor iki ! (no 17-18 )

Kabeh kanca kancaku


Yo bebarengan padha sinau
Maca lan nulis kudu ditelateni
Mumpung iseh akeh wektu
Bocah keset bakal bodho

17. Isi tembang ing dhuwur yaiku. . . .


a. Mumpung iseh cilik kudu sregep dolanan
b. Sinau wektu cilik padha mbiyantu wong tuwa
c. Mumpung iseh cilik ayo padha sregep sinau
d. Sinau iku mung maca lan nulis
18. Guru : ...?
Murid : Maca lan nulis kudu ditelateni

Ukara pitakon kang trep yaiku ….


a. Sapa sing kudu maca lan nulis
b. Nang endi maca lan nulis
c. Kepriye carane sinau
d. Apa tegese maca lan nulis

19. Tembung “ akeh “, ragam kramane ….


a. kathah
b. sithik
c. sedaya
d. sekedhik

KD. 3.3
Wacanen kanggo nomer 19 -21 !
Prabu Pandhudewanata , ratu ing negara Astina bingung . Anake kang nomer loro wis lair,
nanging wujud bungkus. Dene sing ndadeakke bingung lan susahe Prabu Pandhu, bungkuse
jabang bayi iku ora tedhas saka behing gegaman lan pusaka kang ana ing Astina. Bungkus babar
pisan ora bisa disuwek / dipecah.

20. Pitakon : . . . wujude anake Prabu Pandhudewanata nalika lair ?


Tembung pitakon sing trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku . . . .
a. Sapa
b. Apa
c. Ning endi
d. Piro

21. Anake Prabu Pandhudewanata kang nomor loro nalika lahir awujud ….
a. dewa
b. gendruwo
c. bungkus
d. kewan

22. Para Pandhawa nduweni watak kang ….


a. nakal
b. ala
c. brutal
d. becik

23. Boten wonten gegamaning kang tedhas kangge nyuwek bayi bungkus. Basa pedhinan tedhas
yaiku....
a. landhep
b. mempan
c. lancip
d. kethul

24. Pirang tahun jabang bayi bungkus gumlethak ana ing alas Mandalasara? Bayi gemletak
suwene….
a. 14 tahun
b. 15 tahun
c. 16 tahun
d. 17 tahun

25. Sawise bungkuse bisa dibuka, bayi diwenehi jeneng . . . .


a. Antasena
b. Haryo Sena
c. Bima
d. Werkudara
26. Wacanen kanthi setiti!

Bedane Kurawa iku olehe meguru ora


temen, mung ngendelake sugihe. Dene
Pandhawa iku nindakake dhawuhe gurune
mesthi temen lan semangat.

Kurawa iku olehe meguru ora . . ..


a. temen
b. jujur
c. eman
d. semugih

27.
Gambar wayang ana ing sisih kiwa iki, jenenge ….
a. Puntadewa
b. Janaka
c. Nakula
d. Werkudara

28. Pandhawa iku cacahe 5, dene kurawa cacahe ana . . . .


a. 200
b. 100
c. 50
d. 25

KD 3.4
29. Jenis sandhangan penyigeging wanda yaiku . . . .
a. e
b. h
c. \
d. /

30. Wujude sandhangan sesigeg cakra yaiku . . . .


a. i
b. ]
c. /
d. \
31. s]e[z[z Tulisan iki yen diwaca unine .. . .
a. obor
b. bagong
c. semrawut
d. srengenge

32. Sandhangan - jenenge ….


a. cakra
b. layar
c. pengkal
d. wignyan
33. Sandhangan wignyan (h) manggone ana ing. . . aksara.
a. mburine
b. ngarepe
c. ndhuwure
d. ngisore

34. Gunane sandhangan keret yaiku nulis aksara. . . pinangka gugus konsonan swara.
a. ng
b. h
c. y
d. r
35. Tulisaniki buzh aksara latine yaiku ….
a. kopyah
b. bungah
c. sirah
d. munggah

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki ngango tembung-tembung kang trep !

KD. 3.1
36. Cerita rakyat sing nyeritake bocah bajang iku dadi asal usul dumadine . . . .
37. Jam siji aku wis mulih sekolah, bapak dereng bali.
Basa kramane tembung bali, yaiku ….

KD. 3.2
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki! ( no. 38-39)
Gambuh
Aja seneng adu-adu
Iku mung gawe susah uripmu
Becik tumindak jujur lan ati-ati
Karo kanca kudu rukun
Lanang wadon sami mawon

38. Urip bakal susah menawa seneng ….


39. Isine tembang Gambuh ing ndhuwur yaiku ….

Gatekna prethelan tembang macapat ing ngisor iki!


Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur

40. Guru wilangan lan guru lagu saka prethelan tembang macapat ing ndhuwur, yaiku ….

KD. 3.3
41. Gurune Raden Werkudara asmane ….
42. Jeneng liyane Werkudara, yaiku ….

KD. 3.4
43. Wujude sandhangan layar, yaiku ….
44. Sandhangan cecek manggone ana ing … tembung.
45. ?nitih[dok/.
Aksara jawa ing ndhuwur unine ….

III. Wangsulana pitakon – pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!


KD. 3.1
46. Sebutna carane menehi tanggapan marang critane kancamu 3 (telu) bae !
47. Ukara ing ngisor iki gantinen nganggo basa krama inggil !
“Bapak lan ibu lunga menyang Pemalang”

KD. 3.2
48. Wacanen tembang Gambuh iki !
Rungokna pituturku
Bocah sekolah kudu sinau
Aja padha seneng nakal lan kemaki
Iku sipat ora apik
Marakake dadi bodho

Gawea simpulan saka tembang ing ndhuwur!

KD. 3.3
49. Gatekna ukara – ukara ing ngisor iki !
1. Gunung Tembayat iku mapan ana ing tltah Bayat, wilayah Klaten.
2. Sawise oleh dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga, Ki Ageng Pandhanaran enggal-enggal budhal
menyang Gunung Tembayat.
3. Ki Ageng ora pirsa yen garwane ketinggalan ana ing samburine.
4. Merga kepingin enggal tumeka, tindake Ki Ageng Pandanaran rikat banget

Urutna ukara ing ndhuwur saengga dadi paragraf kang runtut !

KD. 3.4
50. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa!
a. Dina Rebo sekolah libur
b. Lunga menyang Brebes
c. Bocah enom

Anda mungkin juga menyukai