Anda di halaman 1dari 2

Tugas Artikel

(Bahasa Jawa)

Nama : Nazriel Ilham Syahrudin


Kelas : X KI – 2
Absen : 18
Rasa Bahagia Ketrimo Ing SMKN 5

Tahun ajaran baru iki kula sampun ketrimo ing Sekolah favorit kula yaiku
Sekolah Menengah Kejuruan 5 Surabaya (SMKN 5 Surabaya), SMKN 5 kuwi
dinggo murid - murid sing hebat, pinter, sregep, lan sopan marang wong liya.
Alhamdulilah kula bisa dadi salah sawijine siswa ing SMKN 5 iki, pastine kula
seneng lan bersyukur amarga bisa ketrimo ing SMKN 5 sing dadi impian kula
wektu sik lungguh ing bangku Sekolah Dasar (SD). Kula seneng bisa
nyenengake Wong tuwa kula lan dulur – dulur kula. ing awal tahun ajaran baru
iki kula perlu adaptasi marang sekolah anyar, lingkungan anyar, kanca anyar,
lan guru – guru anyar carane yaiku kenalan sing apik lan sopan marang kanca
– kanca lan guru – guru ing SMKN 5 Surabaya. Ing SMKN 5 ekskul lan
kegiatane ana akeh, mulai teko robotika, Karya Ilmiah Remaja (KIR),
Sepakbola, Basket, Futsal Lan Sapanunggalane.

Ing tahun iki pembelajaran lan Kegiatan Belajar Mengajar (KBM) sik
online amarga pandemi covid-19 iki, nanging pandemi iki ora ngehalangi kula
gawe kenalan marang guru – guru lan kanca – kanca, kula bisa kenalan online
lewat aplikasi yaiku Whatsapp, Zomm lan liya – lyane. Alhamdulilah tahun iki
sampun duwe kenalan akeh lan bisa interaksi marang guru – guru, lan mugi –
mugi covid iki cepet ilang ben bisa ketemu tatap muka marang kanca – kanca,
para guru lan bisa ngerasakake lingkungan ing SMKN 5 Surabaya. Mugi – mugi
SMKN 5 Surabaya bisa tetep ngasilake murid – murid utawa siswa siswi
berprestasi sampe dadi wong sukses ing masa depan.

Anda mungkin juga menyukai