Anda di halaman 1dari 1

SEKOLAH ANYAR

Sak uwise lulusan SD lan preian saiki wes wayahe kagiyatan bali kaya biyen
maneh, yaiku sekolah golek ilmu . Atiku gugup lan deg-degan, amerga tahun iki
aku wes lingguh ing bangku SMP.
Aku ditrime ning sekolahan favorit seng wes aku karepne kawit SD biyen.
Senajan bijine hasil ujian nasionalku pas-pasan. Yaiku sekolah SMP negeri ing
kuthoku.
Tahun ajaran baru iki aku ngroso luwih deg-degan amerga aku uwis resmi dadi
siswa SMP. Seng mestine sekolahe anyar. panggone adoh saka umah, kanca
anyar, bapak lan ibu guru anyar.
Ket dino minggu Bapak lan Ibukku wes pada ngandani supoyo aku nyiapake
kebutuhan kanggo sekolah, kaya sepatu, tas, seragam, uge kabeh alat tulis
supoyo dine pertamaku melbu sekolah SMP lancer ora keteteran.
Pertama melbu sekolah yaiku dina senin, aku seneng lan semangat. Aku gumum
amerga sekolah SMP. Gedhe lan amba tinimbang SD, uga murid-muride akeh
banget. Kagiyatan pertama diwiwiti.
upacara bendera seng dipandu marang Bapak Ibu guru uga kakak kakak kelas 8
lan 9. Barisan upacara seng rapi gawe bungahe atiku.
Sakwise upacara banjur diadhepake karo kagiyatan sing jenenge MOS utawa
(Masa Orientasi Siswa). Kagiyatan iki apik lan gawe aku kare murid-murid
liyane ngenal lingkungan sekolah lan kabeh kagiyatan sekolah seng bakal tak
lakoni sak suwene 3 tahun.
Aku seneng lan tenanan meloni kagiyatan MOS. Aku lan murid-murid
nindakake kabeh sing diprintah saka kakang-kakang kelas. Kakang kelas seng
tak kira galak, tibane luwih becik. Ing dina akhir, kabeh dikengkon milih
ekstrakurikuler sing uwes disediake saka sekolahan.
Muge-muge aku ise sekolah seng tenanan, seng sregep supoyo iso nyenengne
Bapak Ibukku.

Anda mungkin juga menyukai