Anda di halaman 1dari 1

Nama : Fatchul Yusron Nawawi

No : 14
Kelas : XII MIA 2

DINA KAWITAN MLEBU SEKOLAH

Sakwise preian lulusan sekolah, saiki wis wayahe aktivitas bali kaya awal maneh.
Yaiku golek ngelmu kanggo sangu urip sing mandiri lan luwih becik tinimbang sakdurunge.
Atiku ndredeg banget amarga tahun ajaran anyar iki bedho karo tahun ajaran anyar
sakdurunge. Saiki aku wis molai nuntut ngelmu ana ing bangku SMA. Alhamdulillah senajan
biji hasil Ujian Nasional SMP ku ora apik banget, ananging aku bisa ketompo ono ing
sekolah SMA favorit kang wis tak karepake wiwit isih ono ing SMP biyen, yaiku SMA N 2
Pare.

Senajan sekolah wis dadi kebiasaan uga aktivitas kang rutin kanggo awakku,
ananging ing tahun ajaran anyar iki aku ngroso bedho. Aku ngroso luwih deg-deg an amarga
aku wis molai sekolah ana ing SMA. Sing mestine bakal ketemu karo sekolah kang anyar,
kanca anyar, bapak lan ibu guru anyar kanggo aku. Kawit dina minggu, bapak lan ibuku wis
podho paring wejangan supaya aku nyiapake kelengkapan kanggo sekolah mene, kaya
sepatu, tas, seragam sekolah, uga alat tulis supaya dina kawitanku mlebu sekolah ora
keteteran.

Dina pertama mlebu sekolah kawiwitan dina senin. Sing diwiwiti kanthi upacara
bendera. Senajan aku durung pati kenal karo kanca-kanca anyarku ananging barisan upacara
bisa katata kathon rapi lan nyenengake, amarga wis dipandhu dening bapak ibu guru uga
kakak-kakak kelas, lan para panitia MOPDB. Semono uga para petugas upacara uga bisa
nglaksanaake tugase kanthi lancar lan khidmad molai kawitan upacara nganthi pungkasane
upacara. Kegiatan upacara pertama ing tahun ajaran anyar iki uga kanggo mbukak acara
MOPDB ( Masa Orientasi Peserta Didik Baru ) tahun 2013 kang rencanane badhe
dilaksanaake telung dina, molai saking dina senin lan ditutup ing dina rebo.

Sakwise upacara bendera rampung, acara MOPDB diwiwiti karo sambutan Kepala
Sekolah SMA N 2 Pare kang disalirani dening Bapak Suhadi. Sakwise sambutan Kepala
Sekolah, acara dilanjutake karo penjelasan aturan-aturan lan tata tertib kang diterapake ing
SMA N 2 Pare niki. Dina pertama MOPDB niki diisi karo acara-acara kang padhet banget.
Kegiatan MOPDB ing dina pertama iki dipungkasani karo kegiatan pengenalan lingkungan
sekolah. Kabeh murid anyar dijak ngubengi lingkungan sekolah sembari diajari budaya-
budaya kang wis diterapake ing lingkungan SMA N 2 Pare niki, kayata 3S yaiku Sapa, Salim,
Salam. Ing kegiatan MOPDB iki aku seneng banget amarga kegiatan iki cukup apik lan
nggeret gawe aku mergo awake dhewe arep ngenal kakak-kakak kelas lan awake dhewe uga
oleh “piwulang urip” sing tentune bakal awake dhewe alami ing masa SMA sing bedho karo
masa SMP biyen.

Anda mungkin juga menyukai