Anda di halaman 1dari 5

UJIAN AKHIR SEMESTER TAHUN AKADEMIK 2022/2023

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH UNESA


----------------------------
Mata Kuliah : Dialektologi (100 menit)
Program/Angkatan : S1/Angk. 2020 A, B
Pembina : Udjang Pr. M. Basir

ANDA TELAH MELAKUKAN KAJIAN DIALEKTOLOGI SEBAGAI TUGAS


AKHIR

1. Tuliskan judulnya secara lengkap


2. Uraikan secara singkat dan jelas latar belakang yang menjadi dasar pemilihan
judul tersebut.
3. Apa vokus masalah yang menjadi sasaran utama penelitian tertsebut.
4. Apa manfaat teoritis dan dan praktis dari kajian anda?
5. Uraikan secara garis besar konsep teori utama yang mendasari kajian
penbelitian dialektologi anda.
6. Bagaimana cara pengambilan data dan jenis instrumen yang digunakan?
7. Uraikan garis besar hasil kajian yang anda dapatkan
8. Simpulan yang anda temukan dan saran apa yang anda berikan pada
penelityian dialektologi lanjutan.

WANGSULAN
Asma : Kuni Auliya Rahmah
Kelas : 2020A
NIM : 20020114005

1. Irah-irahan kajian dialektologi minangka tugas akhir yaiku “Kajian Fonetis Dan
Semantis Pada Dialek Masyarakat Kabupaten Pasuruan”.

2. Lelandhesan panliten ngenani panliten dialektologi Kabupaten Pasuruan yaiku


panliten kepengen mangerteni lan nyinaoni ngenani linguistik lan luwih munjerake marang
geografi dialek sing diwujudake lumantar peta utawa pasebaran dialek sajrone siji dhaerah.
Dialektologi iki saged didudut yaiku salah sawijine elmu maneka werna basa sing diarani
dialek sawijine daerah. Dialektologi uga diperang dadi loro cabang yaiku ngrembag
ngenani geografi dialek lan sosiolinguistik. Tegese sosiolinguistik iki yaiku kajian iki bakal
ngrembag ngenani wujud-wujud masyarakat. Yen cabang geografi dialek iki bakal
nyinaoni lan nliti ngenani variasa basa kanthi lelandhesan beda lokal sawijine siji daerah.
Beda kuwi mau digayutake karo leksikal sawijine basa.
Dialek Kabupaten Pasuruan iki bakal ngrujuk ngenani maneka werna basa sing
akeh bedane kayata kosa kata, tata basa, lan cara ngucap masyarakat Pasuruan.
Mengko panliten iki munjerake ancase yaiku nggoleki pepadha lan bedane basa
sajrone panliten kasebut. Bisa dimangerteni alasan panliti njupuk panliten dhaerah
Kabupaten Pasuruan amarga ing wilayah Pasuruan diperang dadi papat dialek yaiku
ana bahasa jawa arekan, bahasa jawa pendalungan, bahasa madura, lan bahasa jawa
tengger. Saking katelu dialek kuwi ana bedane yaiku ana ing fonologi lan semantis.
Pramila judul kajian iki yaiku “Kajian Fonetis Dan Semantis Pada Dialek
Masyarakat Kabupaten Pasuruan”.

3. Vokus masalah saking panliten dialektologi Kabupaten Pasuruan iki yaiku


ngrembag ngenani
 Wujud pasebaran dialek ing Kabupaten Pasuruan
 Bedane kajian fonetis sajrone dialek ing Kabupaten Pasuruan
 Bedane kajian semantis dialek ing Kabupaten Pasuruan

4. Manfaat teoritis kajian dialektologi wilayah Kabupaten Pasuruan yaiku:


 Mangerteni ngenani maneka werna masyarakat sing mapan ana ing
Kabupaten Pasuruan yaiku maneka werna jenis dialek.
 Mangerteni titikan saking pasebaran dialek Kabupaten Pasuruan
 Mangerteni kajian Linguistik makro lan mikro sing ana ing Kabupaten
Pasuruan
 Mangerteni kajian fonetis lan semantis ing Kabupaten Pasuruan
 Mangerteni unen-unen dialek, sistem unen-unen sawijine basa dialek ing
Kabupaten Pasuruan

5. Konsep teori sing dadi lelandhesan panliten dialektologi iki yaiku luwih nengenake
ngenani kajian fonetis lan semantis sing diperang dadi loro yaiku ana sinonimi lan
homonimi ing Kabupaten Pasuruan. Kajian fonetis iki nliti ngenani elmu unen-unen basa.
Fonetis ing bidhang linguistik ngrembag ngenani unen-unen basa sing diasilake lumantra
pocapan manungsa sabendina lan ngenani kepriye unen-unen bisa diasilake. Uga ana
semantis sing nliti ngenani kajian sing ana sesambungane karo makna. Bisa diarani yen
semantis iki bageyan saking elmu basa sing kajiane ngenani makna lan ana uga jenis,
perangan, pambentukan, owah-owahan makna. Saengga kajian semantis iki diperang dadi
loro yaiku sinonimi lan homonimi.

Kajian sinonimi yaiku kajian sing nduweni teges lan arti lan uga rong tembung sing
luwih lan kuwi nduweni teges sing padha. Sinonimi iku biyasane gunane kanggo
ngungkapane informasi, crita, fakta sing ana, lan gagasan kanthi cara lisan utawa
tulisan. Yen Homonimi yaiku sawijining tembung sing meh memper wujud lan
unen-unen meh memper karo bend aliya, nanging ngemot teges sing beda.
Homonimi uga sering diarani loro tuturan sing wujude tembung padha cara
pocapane utawa padha tulisan utawa ejaane.

6. Carane panliten nglumpukake dhata ing sajrone panliten iki yaiku nggunakake
panliten kualitatif lan kuwi nglumpukake dhata kanthi cara survey. Tujuwane survey iki
supaya panliti mangerteni ngenani gambaran tartamtu dhata kuwi. Uga nggunakake cara
metodhe wawancara terstruktur yaiku nyepakake pitakon marang narasumber mligine
tokoh masyarakat ing Kabupaten Pasuruan. Nggunakake pendekatan panliten kualitatif
rancangan deskriptif. Saka survey lan wawancara iku, dhata sing wis dikumpulake bakal
dianalisis kanthi cara kualitatif saengga bisa mengerteni ngenani makna ing sawalike
gejala utawa kahanan sing katon. Data sing bakal dianalisis wujude dhata saking lembar
observasi kegiyatan panggunaan bahasa Jawa arekan, bahasa Pendalungan, bahasa Madura
dan bahasa Tengger sajrone panguripan sabendina masyarakat Pasuruan. Dhata iki wujude
dhata primer sing diolehi saka menehi kuisioner lan wujude pitakonan kanthi langsung
wujude wawancara karo narasumber kanggo mangerteni papat maneka werna dialek
Kabupaten Pasuruan. Uga dhata iki ana sing wujude dhata sekunder yaiku sumber dhata
sing diolehi langsung lan dikumpulake dening panliti supaya kanggo nunjang sumber
kapisan.

Instrumen panliten sing dilakoni sajrone panliten Dialek Kabupaten Pasuruan:


 Buku lan alat tulis kanggo nulis apa wae babagan sing wigati diaturake
dening narasumber
 Alat tulis kayata buku lan bolpen kuwi gunane kanggo pengkodhean lan
nglumpukake dhatas
 Kamera hape kanggo njupuk dokumentasi karo narasumber lan njupuk
dokumentasi ngenani fenomena masyarakat Kabupaten Pasuruan
 Headset kanggo ngrungokake rekaman apa wae sing diandharake dening
narasumber supaya luwih cetha lan ora ana sing kleru
 Laptop kanggo nulis kasil panliten iki wujude makalah

7. Kajian Dialektologi sing diolehi yaiku :


 Pasebaran dialek Pasuruan sing diperang dadi papat wilayah pasebaran dadi
kabentuk dialek jawa arekan, jawa pendalungan, jawa tengger, lan madura
 Wujud dialek arekan kayata menehi ngenani kosa kata jawa umum lan jawa
dialek arekan Pasuruan. Tuladhane kayata kata benda, kata kerja, kata sifat,
kata keadaan, kata seruan, kata kekerabatan
 Nggoleki babagan semantis homonimi lan sinonimi dialek jawa arekan
Pasuruan
 Dialek jawa pendalungan kayata menehi ngenani kosa kata jawa umum lan
jawa dialek pendalungan Pasuruan. Tuladhane kayata kata benda, kata
kerja, kata sifat, kata keadaan, kata seruan, kata kekerabatan
 Nggoleki babagan semantis homonimi lan sinonimi dialek jawa
pendalungan
 Dialek jawa tengger kayata menehi ngenani kosa kata jawa umum lan jawa
dialek pendalungan Pasuruan. Tuladhane kayata kata benda, kata kerja,
kata sifat, kata keadaan, kata seruan, kata kekerabatan
 Ana fonetis ngenani doa-doa para masyarakat Tengger
 Nggoleki babagan semantis homonimi lan sinonimi dialek jawa Tengger
 Dialek Madura kayata menehi ngenani kosa kata jawa umum lan jawa
dialek Madura. Tuladhane kayata kata benda, kata kerja, kata sifat, kata
keadaan, kata seruan, kata kekerabatan
 Nggoleki babagan semantis homonimi lan sinonimi dialek Madura
 Uga ana tuladha wujude ukara supaya mangerteni cara ngucapake dialek
jawa arekan kepriye, ngucapake dialek jawa pendalungan kepriye,
ngucapake dialek jawa tengger kepriye, lan ngucapake dialek madura
kepriye. Anane tuladha iku supaya para pamaca mengerteni tuladha-tuladha
cara ngucapake lumantar ukara lan tembung.

8. Dudutan saking panliten dialektologi Kabupaten Pasuruan iki ana maneka werna
ragam dialek yaiku ana dialek jawa arekan, jawa tengger, jawa pendalungan, lan madura.
Anane papat maneka werna ragam dialek ing Kabupaten Pasuruan iki anane lelandhesan
pasebaran lan pambagian wilayah dialek Kabupaten Pasuruan. Uga ana cara nggunakake
dialek Pasuruan anana pambedha lan pepadhan saking fonetis lan semantis. Nanging yen
dideleng saka tetembungan kasil panliten iki, dialek jawa arekan meh saemper karo dialek
jawa ing kabupaten liyane. Babagan sing dadi lelandhesan kuwi amarga cedhake wilayah
Kabupaten Pasuruan karo wilayah liyane saengga nduweni variasi dialek sing padha.

Saran sing bisa ditemokake ing panliten sabanjure yaiku:


 Kanggo pamaca bisa ndadekake kasil panliten iki minangka sumber
informasi lan refrensi rujukan. Panliten iki uga bisa nuduhake marang
masyarakat umum supaya nglestarikake lan mertahanake panggunaan papat
dialek sing ana ing Kabupaten Pasuruan. Panliten iki diajab supaya bisa
migunani tumrap sapa wae sing maca. Ing panliten sabanjure, pamaca
muga-muga bisa mangerteni yen panliten iki isih ana kurange, nanging
sanadyan ana kurange isih bisa didadekake referensi menehi elmu sing
becik.
 Kanggo panulis uga nyadari yen panliten iki isih adoh saka tembung
sampurna lan isih akeh sing kleru. Mula saka kuwi, ing panliten sabanjue
muga-muga bisa luwih sampurna maneh. Didandani lan diowahi apa wae
sing isih kleru ing panliten sabanjure. Lan nindakake panlitian sing luwih
jero supaya luwih cetha lan trep anggone nampa kasil panliten sabanjure
luwih sampurna.

Anda mungkin juga menyukai