Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Innal hamda lillaah nahmaduhu wa nasta’iinuhu wa na’uudzu billahi min


suruuri anfusinaa wa min sayyiaati a’maalinaa man yahdihillaahu falaa
mudhilla lah, wa man yudhlilhu falaa haadiya lah. Asyhadu allaa ilaaha illallah,
wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhuu wa rosuuluh.

Dewan Juri ingkang kawulo hormati


Konco-konco lomba pidato ingkang kulo tresnani

Sepindah, Sumongga kula lan panjenengan sedoyo ngucapaken syukur


dumateng Allah SWT, atas sedoyo limpahan rahmatipun dumateng kita,
sehinggo ing enjing puniko kito saget makempal wonten sekolah meniko kanti
sehat wal afiat.

Sholawat soho salam, mugi kaunjuk dumateng nabi Muhammad SAW ingkang
kito sedoyo tenggo-tenggo syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir. Amin
ya robbal alamin

Rencang-rencang ingkang kulo tresnani

Wonten mriki, kawulo bade nyampeaken sesorah kanti judul kenakalan remaja.

Wonten ing zaman modern meniko, katah bocah-bocah sekolah sing nakale
uwes ngeluwihi batas kewajaran. Saget kito tingale wonten lingkungan sekitar
kito khususipun ingkang kawontenan bocah sekolah.

Bocah-bocah saiki wes podo ora isin naliko tingkahe katah ingkang
menyimpang, malah-malah koyo roso seneng kalian kenakalanipun. Contonipun
sikap ingkang mboten pareng kito tiru yaiku :ngerokok. Bocah sekolah sak niki
sampun katah ingkang ngerokok, padahal arto kangggo sangu ingkang dipun
paring saking tiyang sepah mboten dikengkeng tumabas rokok, nanging kedah
dipun jajan utawi ditabungaken.

Contonipun sikap ingakng mboten pantes kanggene pelajar inggih puniko


tawuran, sering kito tingali info katah pelajar sakniki podo seneng tawuran kalih
sekolah lintune, niki nuduhaken moral pelajar meniko rendah sanget, padahal
wonten ing sekolah, wonten ing griyonipun msti sampun dikandani marang
tiyang sepah lan gurune.

Konco-konco ingkang kawulo tresnani

Tasih katah sanget kenakalan bocah pelajar sakmeniko, pola lintunipun, sak
wangsulipun sekolah mboten pribadi maring umah, ananging mampir wonten
ing PS, game online lan warnet.

Pramilo kito sedoyo ingkang wonten mriki, monggo sareng-sareng nunjukkaken


bahwa pelajar zaman sakmeniko mboten malih dicap pelajar ingkang nakal,
pelajar ingkang mboten sopan kelawan sikap kito sedoyo ingkang sae
Inggih puniko ingkang saget kulo aturaken
Kupat kecelup santen
Menawi lepat kulo nyuwun agenge pangapunten
Wabilahitaufik wal hidayah
Wasalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai