Anda di halaman 1dari 4

Amanda Dealova Salsabiella/05/XI TJA 2

Teks Pranatacara “SKOMDA ACT 2.0”


Assalamu’alaikum wr.wb.
Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak
Ibu guru. Ingkang kula urmati para tamu undangan wali murid tuwin para
kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng
paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga ngantos
wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi
undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III.
Kaping kalihipun mugi-mugi, salawat salam tansah kunjuk dhumateng
kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Sumangga ing adicara SKOMDA ACT 2.0 kawiwitan kanthi maos
Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep
paring barokah sahengga lampahing adicara punika saged lumampah
kanthi rancag engga paripurna.
Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat
kinurmatan, kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga
langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara
ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia.
Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan.
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan
panjenengan sedaya kanthi maoswaosan basmallah sesarengan, matur
suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika nembangake Lagu “Indonesia Raya”
lan “Mars Telkom School”, para rawuh kadhawuhan ngadeg. ……………
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pagelaran Tari Remo saking
kelas X, kula sumanggaaken. …………… Matur suwun.
Adicaraingkang kaping sekawan inggih menika atur pangandikan saking
Ketua Pelaksana SKOMDA ACT 2.0. Dhumateng Ketua Pelaksana, kula
sumanggaaken. …………… Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking
Ketua OSIS SMK Telkom Sidoarjo. Dhumateng Ketua Osis, kula
sumanggaaken. …………… Matur suwun
Adicara ingkang kaping enem inggih menika atur pangandikan saking
Kepala Sekolah SMK Telkom Sidoarjo. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah,
kula sumanggaaken. …………… Matur suwun.
Adicara ingkang kaping pitu inggih menika cakap-cakap kaliyan MC.
Dhumateng MC kula sumanggaken. …………… Matur suwun.
Adicara ingkang kaping wolu inggih menika pagelaran saking Final Lomba
Modern Dance. Dhumateng para final kula sumanggaken. ……………
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping songo inggih menika ISHOMA saka pukul 18.00
nganti pukul 19.15. Dhumateng para tamu kaliyan kanca-kanca bisa leren,
dhahar lan sholat.
Adicara ingkang kaping sedoso inggih menika pambukaan puncak adicara
saking MC. Dhumateng MC kula sumanggaken. …………… Matur
suwun.
Adicara ingkang kaping sewelas inggih menika pagelaran Juara lomba
geguritan lan orasi.
Juara 1 : ………
Juara 2 : ………
Juara 3 : ………
Dhumateng Juara 1, Juara 2, lan Juara 3 kula sumanggaken. ……………
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping kalih welas inggih menika cakap-cakap kaliyan
MC. Dhumateng MC kula sumanggaken. …………… Matur suwun.
Adicara ingkang kaping telu welas inggih menika pengumuman pemenang
lomba SKOMDA ACT 2.0 miturut kaetgori Modern Dance, Fotografi, Web
Desain, lan Mobile Legend.
Kategori Modern Dance
Juara 1 : ………
Juara 2 : ………
Juara 3 : ………
Dhumateng para pemenang kula sumanggaken munggah ing panggung.
…………… Matur suwun.
Kategori Fotografi
Juara 1 : ………
Juara 2 : ………
Juara 3 : ………
Dhumateng para pemenang kula sumanggaken munggah ing panggung.
…………… Matur suwun.
Kategori Web Desain
Juara 1 : ………
Juara 2 : ………
Juara 3 : ………
Dhumateng para pemenang kula sumanggaken munggah ing panggung.
…………… Matur suwun.
Kategori Mobile Legend
Juara 1 : ………
Juara 2 : ………
Juara 3 : ………
Dhumateng para pemenang kula sumanggaken munggah ing panggung.
…………… Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan welas inggih menika “Sesi Foto Bareng”
pemenang karo Kepala Sekolah SMK Telkom Sidoarjo. Dhumateng para
pemenang lan Bapak Kepala Sekolah kula sumanggaken munggah ing
panggung.
Adicara ingkang kaping gangsal welas inggih menika cakap-cakap kaliyan
MC. Dhumateng MC kula sumanggaken. …………… Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem welas inggih menika bakal ana pagelaran
band saking internal. Dhumateng para anggota band kula sumanggaken.
…………… Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem welas inggih menika bakal ana pagelaran
band saking internal. Dhumateng para anggota band kula sumanggaken.
…………… Matur suwun.
Ing Pungkasan Adicara inggih menika donga lan panutup. Dhumateng
Bapak (….) wekdal kulo sumanggaaken. …………… Matur suwun
Monggo kita pungkas adicara ing siang menikakanthi waosan hamdallah
sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.Matur suwun.Para rawuh
ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging
samudra pangaksamadhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten
lepating atur anggen kula matur . Jenang sela waderkali sesondheran,
apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

WasssalamualaikumWr. Wb

Anda mungkin juga menyukai