Anda di halaman 1dari 2

Teks Pranatacara ‘Lomba Maca Geguritan dalam Rangka HUT SMA Negeri 1 Randudongkal’

Assalamualaikum wr. Wb

Kepareng dhumateng Ibu Kepala Sekolah ingkang dhahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru, Karyawan
ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X, XI saha XII ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasararan jasmani lan rohani
sahengga dumugi wekdal punika Panjenengan sedaya lan kula saged rawuhi Lomba maos Geguritan
kangge adicara ambal Warsa SMA N 1 Randudongkal.

Kula minangka kapranata cara ngaturaken maturnuwun sanget dhumateng para dhayoh ingkang
sampun kersa ngrawuhi adicara sakmenika ing wekdal menika kula badhe maosaken urut
reroncening adicara, inggih punika:

1. Pambuka
2. Sambutan Kepala Sekolah
3. Atur pangandikan saking ketua panitia
4. Maos geguritan saking peserta lomba
5. Pengumuman juara
6. Penutup

Ngancik adicara ingkang kaping setunggal, inggih menika pambuka. Mangga kita sedaya maosaken
donga miturut kapitodosanipun piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!

Adicara ingkang kaling kalih inggih menika sambutan kepala sekolah, Ibu Amintaningsih M. Pd.
Dhumateng Ibu Amintaningsih M. Pd ingkang sampun maringi sambutan, mugi-mugi mumpangati
kangge kita sedaya.

Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng
sedherek ketua panitia wekdal lan papan kula aturaken! Maturnuwun dhumateng ketua panitia
ingkang sampun maringi atur pangandikan.

Adicara ingkang saklajengipun inggih menika lomba maos geguritan. Kangge sedaya peserta lomba
mugi-mugi sampun siap. Ingkang peserta lomba kaping setunggal (lan seteruse), wekdal lan papan
kulo aturaken!

(Sedaya peserta lomba sampun tampil)

Mekaten tampilan saking sedaya peserta lomba maos geguritan. Dimohon kangge nyukani tepuk
tangan meriah kangge peserta lomba. Matur nuwun kangge dhukunganipun.

Adicara saklajengipun inggih menika pengumuman juara, kangge juara wonten 3 tiyang, dimohon
kangge ingkang angsal juara majeng dhateng ngajeng.

(Sedaya juara sampun diwenehi hadiahipun)

Wilujeng kangge ingkang sampun menang, kangge ingkang dereng menang sampun putus asa, matur
nuwun partisipasine kangge sedaya peserta ingkang sampun nderek lomba puniki.
Ngancik adicara ingkang pungkasan, inggih menika penutup. Kula minangka pranatacara mbok bilih
katah kalepatanipun nyuwun agunging pangampunten. Mangga kita sedaya maosaken donga
miturut kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!

Ing wasana cekap semanten, matur nuwun.

Wassalamualaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai