Anda di halaman 1dari 2

Pasinaon 3

Ngrakit ukara kang ngemot paribasan, bebasan, lan saloka

Tuladha:
1. Paribasan : Kebo kabotan sungu
Ukarane : Pak Bokir uripe rekasa banget, anake lima isih sekolah
kabeh kaya kebo kabotan sungu.

2. Paribasan : Njajah desa milang kori


Ukarane : Mbah Bendo anggone ngudi kaweruh wis tekan ngendi-
endi nganti njajah desa milang kori.

Gladhen 1
Gawenen kaya tuladha, pilihen wangsulan kang cumawis!
1. Anggonku nuturi wis bola-bali nganti … nanging ora digugu babar blas.
2. Ing saben dhaerah kuwi ana pranatane dhewe-dhewe, paribasane … mula aja
sakarepe dhewe.
3. Olehku nggoleki sedulurku dakrewangi … nanging nganti saiki durung ketemu.
4. Emon konangan njupuk dhuwite Dora nalika wektu pelajaran olah raga. Emon
didukani Pak guru. Wong tuwane ditimbali kepala sekolah. Paribasane …
5. Rudi wis cocok banget karo Toni, ibarate …
6. Kowe aja ngina bocah iku, ibarate …. senajan ala nanging pinter.
7. Mbasan ana pembagian sembako, akeh banget para warga sing teka,
bebasane …
8. Dadi wong aja sok ….dumeh kuwasa, sugih aja sawiyah-wiyah marang wong
liya.
9. Aku ora bakal … yen perkara iku during rampung aku tetep tanggung jawab.
10. Aku mau diajak mulih bareng Banu numpak mikrolet. Bareng mudhun aku sing
di kongkon mbayar. Ngono iku diarani …

Pilihan Wangsulan
A Njajah desa milang kori 3 F Ana gula ana semut 7
B Bathok bolu isi madu 6 G Lambe satumang kari samerang 1
C Tumbu oleh tutup 5 H Tinggal glanggang colong playu 9
D Desa mawa cara, negara mawa tata 2 I Adigang, adigung, adiguna 8
E Nulung menthung 10 j Anak polah bapa kepradhah 4

Gladhen 2
Gawe ukara kang mathuk karo paribasan, bebasan, lan saloka
Tuladha:
1. Bebasan : Angon mangsa
Ukara : Mbah Bendo paring pitutur marang Supriyadi supaya
ora kesusu, kudu angon mangsa.
2. Paribasan : Weruh sadurunge winarah
Ukara : Salah siji kaluwihane Mbah Bendo yaiku weruh
sadurunge winarah, ngerteni perkara sing bakal
kedadeyan.
Gawea ukara nganggo unen-unen iki!
1. Mikul dhuwur mendhem jero
2. Nabok nyilih tangan
3. Kebo nusu gudel
4. Cebol nggayuh lintang
5. Kuntul diunekake dhandhang

Nulis Aksara Jawa


1. Adigang, adigung, adiguna
2. Kebo nusu gudel
3. Angon mangsa
4. Becik ketitik ala ketara
5. Kebo kabotan sungu

Anda mungkin juga menyukai