Anda di halaman 1dari 1

TULADHA HASTUNGKARA

Assalamu'alaikum Warohmatullahi Wabarokaatuh

A’uudzubillahi Minasy syaathaanir Rajiim, Bismillahir Rahmaanir Rahiim.

Alhamdulillaahi Rabbil’aalamin Allahumma shaalli “alaa sayyidinaa

Muhammadin wa'alaa ali Sayyidina Muhammad «

1. Dhuh Gusti Alloh sesembahan kawula, ing dinten punika kawula ingkang samya kempal
manunggal saprelu ngadani tata upacara pakurmatan Sang Dwi Warna, kawula sedaya
nyuwun paringana berkah lan pitedah, murih kawula sedaya tansah tresna dhumateng Ibu
Pretiwi lan Bangsa sarta tansah iling dhumateng labuh labet kusumaning Bangsa.

2. Dhuh Gusti Alloh Ingkang Maha Asih lan boten pilah pilih, paringana lungiding akal budi
rikala kawula nimba ngilmu,

murih kawula sedaya nggadhahi ngilmu ingkang migunani kangge kawula sedaya murakabi
dhumateng, Negara, Bangsa lan Agama.

3. Dhuh Gusti Alloh, Ya Rahmaan Ya Rahiim paringana kekiyatan, kesarasan sarta kesabaran-
dhumateng Bapak / Ibu dwija saha karyawan karyawati kula, ingkang sampun paring
panggulawentah dhumateng kula sedaya, mugi pambudidaya Bapak /Ibu Guru sedaya
kaserat minangka Amal Soleh ingkang katampi dening Allah SWT.

4. Dhuh Gusti Alloh Ingkang Maha Agung, Dzat Ingkang Maha Tunggal, tebihana Negara
kawula saking pambengan lan rubeda, tinebihna ing dursila jati ingkang badhe ngrusak
tatanan Negara lan nyirnakaken Pancasila sarta Undang — undang Dasar 1945. Saking Bumi
Indonesia, murih kawula sedaya saget sembada ing karya mangun lan nggayuh masyarakat
ingkang adil lan makmur”

5. Dhuh Gusti Allah Dzat Ingkang Maha Welas Asih, nyuwun pangapunten sedaya dosa
kawula, dosa bapak /ibu kawula, dosa para Dwijawara lan para pangarsa praja, tinebihna
kawula saking sipating duraka lan candhala, cinaketna kawula sedaya ing margi ingkang
lempeng,margi ingkang sinangkling Karahmatan.

6. Dhuh Gusti Alloh Ingkang Maha Wicaksana, Dzat Ingkang Maha Asih, kinabulna donga
panyuwunan kawula sedaya.”

Rabbanaa aatinaa fid dunya hasanahtaw wa’fil aakhirati hasanataw waqina ‘adzabannaar

Wal hamdu lillahi robbil ‘aalamiin:

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokaatuh.

Anda mungkin juga menyukai