Anda di halaman 1dari 12

TATA LAKSANA BOJANA EKARISTI

WARSA ENGGAL 1 SURA 1957


PAMBUKA

KIDUNG PAMBUKA (KA. 155)

TANDHA PAMENTHANGAN LAN SALAM PAMBAGYA


I : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh
Suci.
U : Amin.
I : Sih nugraha Dalem Gusti Yesus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang
Rama, lan Hyang Roh Suci, tansah manunggala.
U : Kaliyan kula sedaya

CECALA
I : Bapak-Ibu, para sadulur kinasih, dinten punika pasamuwan Suci ngajak kita
sadaya makempal wonten ing papan punika saperlu ngawontenaken
tirakatan mangayubagya Warsa Enggal miturut petangan Jawi. Kita lumebet
wonten ing 1 Sura 1957. Sasi Sura punika sasi ingkang suci ugi.Sasi
ingkang istimewa kangge kita sadaya anggenipun mbangun pakurmatan
dhumateng Allah.
Pramila, kita sadaya sapunika badhe ngaturaken atur panuwun dhumateng
Allah awit saking sadaya berkah Dalem ingkang tansah linuberan
dhumateng kita sadaya ing sakjroning taun kepengker. Kita ugi badhe
nyuwun berkah kangge gesang kita wonten ing warsa enggal punika.

PAMARTOBAT
I : Sumangga kita sami ngaturaken keduwunging manah wonten ing ngarsa
Dalem Gusti. Kita nyuwun pangapunten Dalem supados pantes
ngriyayakaken bojana kurban ekaristi punika.
U : Kawula ngakeni Ing ngarsaning Allah ingkang mahakuwasa tuwin para
sadherek sadaya. Bilih kawula sampun nglampahi dosa.Srana gagasan,
1
tetembungan, tindak-tanduk, tuwin nglirwakaken kewajiban, awit saking lepat
kawula, saking lepat kawula, saking genging lepat kawula.Pramila kawula
nyuwun ingarsanipun Ibu Kenya Maria, para Malaekat tuwin para Suci sarta
para sadherek sadaya, karsaa nyenyuwunaken ingarsaning Allah Pangeran
kawula.
I : Muga Allah kang Mahakuwasa karsaa paring palimirma lan pangapuraning
dosa, sarta nuntun kita sadaya dhateng gesang langgeng.
U : Amin

GUSTI NYUWUN KAWELASAN (KA. 173)

SEMBAHYANGAN PAMBUKA
I : Suwawi sami munjuk:
Gusti Allahing alam sawegung, ing dinten punika kawula mahargya
dhawahing warsa enggal, 1 Sura 1957.Kaparenga kawula sumujud ing
sangandhaping Sampeyan Dalem, atur puji syukur tuwin mulyakaken asma
Dalem, saha ngajeng-ajeng rumentahing sih Dalem. Keparenga kawula sami
suka gambira margi katunggilaken kaliyan Gusti ingkang boten nate damel
kuciwaning manah sadaya tiyang ingkang tansah ngantu-antu kawilujengan
Dalem.
Lantaran Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem, ingkang nunggil kalian Hyang
Rama tuwin Hyang Suci gesang lan mengku kaprabon ing salami-laminipun.
U : Amin

LITURGI SABDA

WAOSAN KAPISAN
Pethikan saking Kitab Yesaya
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing nalika Ingsun karenan, Ingsun
bakal paring wangsulan marang sira, lan ing dinane Ingsun paring karahayon,
Ingsun bakal mitulungi sira; sira wus Sundhapuk lan Sundadekake prajanjian
tumrap umat manungsa, Sunkarsakake mbangun bumi maneh lan mbage-mbage
tanah pusaka kang wus sepi mamring.

2
Sion celathu: “Pangeran Yehuwah wus nilar aku tuwin Gustiku wus kesupen marang
aku.”Apa wong wadon bisa lali marang bayine, nganti ora tresna marang wohing
wetengane? Sanadyan iku lali marang anake, nanging Ingsun ora bakal kesupen
marang sira. Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun, tembok-
tembokira iku tansah ana ing ngarsaning Sun.

Makaten sabda dalem Gusti


U : Sembah nuwun konjuk ing Gusti

MAZMUR TANGGAPAN
Reffren :Heh nyawaku, saosa pujimarang Pangeran Yehuwah

1. Anggitane Prabu Dawud.


Dhuh nyawaku, saosa puji marangPangeran Yehuwah!
Heh isining batinku kabeh, memujia marang asmane kang suci!
Dhuh nyawaku, saosa puji marang PangeranYehuwah,
lan aja lali marang sakehing kasaenane.

2. Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu,


lan maluyakake sakehe lelaramu.
Kang ngentas uripmu saka ing kubur,
lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan.

3. Pangeran Yehuwah paring adil lan kabeneran


marang sakehing wongkang kinaniaya.
Nabi Musa wus disumurupake marangmargi-margine,
lan pakaryan-pakaryane marang wongIsrael.

ALLELUIA
Alleluia
Aku iki pepadhanging jagad.

3
Sing tutburi Aku ndarbeni pepadhanging urip.
Alleluia

INJIL(Luk 5:1-11)
I : Gusti manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
I : Pethikan Injil Suci anggitane Santo Matius
U : Linuhurna Gusti

Gusti Yesus banjur minggah ing prau, para sakabate padha ndherek.
Dumadakan ana prahara ing sagara kono, praune nganti ketungkeban ing ombak,
nanging Gusti Yesus sare.
Para sakabate tumuli padha sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung,
kawula sami katiwasan.”
Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing
pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli
sirep.
Wong-wong padha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta, dene dalasan angin lan
sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe!”

I : Rahayu wong kang uripe salaras karo Sabda Dalem Gusti, lan ngugemi
dhawuh-dhawuh Dalem.
U : Rinesepna Sabda Dalem Gusti ing manah kawula.

HOMILI
KAWULA PITADOS
I&U : Kawula pitados ing Allah, Rama ingkang Mahakuwasa, ingkang nitahaken
bumi langit.
Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra dalem ontang-anting, Pangeran
kawula.Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasaning
Hyang Roh Suci.
Ingkang nandang sangsara, nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha
kapenthang, seda sarta kasarekaken.

4
Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda.
Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama sang
Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh, ngadili para tiyang gesang utawi
pejah.Kawula pitados ing Hyang Roh Suci.Pasamuwan Katulik ingkang
suci.Lanpanunggiling para suci. Pangapuntening dosa.Tangining
badan.Saha gesang langgeng. Amin

PANYUWUNAN UMUM
I : Para sadulur, sumangga kita sami ngaturaken panyuwunan kita kangge
rumentahing sih Dalem marang kita sadaya wonten ing saklebeting warsa
enggal punika. Sumangga kita sami nyuwun:
U : Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula

L : Mugi Gusti tansah paring berkah dhumateng pasamuwan utaminipun


pasamuwan Katolik ing Paroki Santo Yohanes Rasul Kutoarjo. Mugi ing
sakjroning warsa punika, kawula sadaya sesarengan saged mbudidaya
anggenipun ngrembakakaken iman kapitadosan. Mugi kawula sadaya
wonten ing warsa enggal punika tansah binerkahan kawilujengan awit saking
panuntunipun bapa suci, para uskup, tuwin para imam. Sumangga kita sami
nyuwun:
U : Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula

L : Mugi Gusti karsaa paring berkah kangge bangsa lan nagari Indonesia,
utaminipun para manggalaning praja supados tansah ngupaya mbangun
pasadherekan sejatos lan mujudaken masyarakat ingkang tata tentrem karta
raharja linandesan kaadilan dan asih tresna. Mugi Gusti kersa ngamping-
ngampingi para pemimpin bangsa, supados anggenipun nuntun saha
ngladosi masyarakat boten kekathahen pamrih warni-warni. Sumangga kita
sami nyuwun:
U : Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula

L : Mugi Gusti karsa paring kamantepan dhateng sadaya tiyang ingkang gojag-
gajeg manahipun, paring pamartobat dhateng para dosa lan paring

5
pangandel dhateng ingkang dereng sami pitados. Sumangga kita sami
nyuwun:
U : Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula

L : Mugi Gusti karsa ngenggalaken pangandel, pangajeng-ajeng tuwin


katresnan kawula sedaya supados kawula saged migunakaken wekdal
peparing dalem kanggé ngabdi Gusti lan ngladosi sesami kanti bingahing
manah. Sumangga kita sami nyuwun:
U : Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula

I : Kita samiwening sawetawis kangge ngaturaken panyuwunan kita piyambak-


piyambak wonten ing sajroning batos........

-------------------- wening sawetawis --------------------

Sumangga kita sami nyuwun:


U : Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula

I : Gusti, Sampeyan Dalem karsa njagi prauning Pasamuwan Dalem tuwin


paring kawilujengan dhateng sadaya kemawon ingkang sami setya tuhu ing
Sampeyan Dalem, sajroning nglangkungi sawarnining prahara, reribeding
jaman ngantos dumugi ing swarga, plabuhan papan lerem kawula. Pramila
kawula nyuwun ing Sampeyan Dalem, mugi karsaa paring pangayoman
kangge kawula sadaya wonten ing warsa enggal punika. Lantaran Sang
Kristus Gusti kawula.
U : Amin.
LITURGI EKARISTI

KIDUNG PISUNGSUNG (KA. 204)

6
SEMBAHYANGAN CECAWIS
I : Pinujia Gusti Allahing alam sawegung, awit rejeki punika kawula tampi
saking kamirahan Dalem Gusti. Sumangga sapunika kawula caosaken
ingarsa Dalem wulu-wedaling bumi pakaryaning manungsa dadosa
rejekining gesang rohani.
U : Pinujia Allah ing salami-lami

I : Pinujia Gusti Allahing alam sawegung, awit unjukan punika kawula tampi
saking kamirahan Dalem Gusti. Sumangga sapunika kawula caosaken
ingarsa Dalem wohing wit anggur pakaryaning manungsa dadosa unjukaning
gesang rohani.
U : Pinujia Allah ing salami-lami

I : Padha nyenyuwuna para sedulur, amrih caosan ini pantes tinampia dening
Allah Rama kang mahakuwasa.
U : Mugi caosan lantaran astanipun rama imam katampia ing Gusti, amrih luhur
tuwin mulyaning Asma Dalem, amrih migunanana ugi tumrap kawula
sadaya, saha Pasamuwan Dalem ing saindenging buwana.

I : Dhuh Gusti, Rama ingkang mahaasih, mugi karsaa nampi pisungsung


punika ingkang mujudaken gunging atur panuwun kawula sadaya awit
saking sadaya kamirahan Dalem ingkang sampun kawula tampi wonten ing
sakjroning warsa kepengker.
Mugi pisungsung punika ingkang dipun tunggilaken kaliyan kurbanipun Putra
Dalem dados berkah kangge kawula sadaya. Mugi semangating warsa
enggal 1 Sura punika, nggesangaken raos gentur ing tapa, lan matiraga,
kados dene Gusti kawula Sri Yesus Kristus. Awit panjenenganipun punika
Juru Wilujeng kawula sapunika sarta salami-laminipun.
U : Amin

7
SEMBAHYANGAN PUJI PANUWUN AGUNG
Prefasi
I : Gusti manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
I : Padha tumengaa ing ngaluhur
U : Sampun tumenga ing Gusti
I : Ayo padha munjuk sembah nuwun konjuk ing Allah
U : Mila pantes lan prayogi
I : Mila leres lan prayogi, pantes lan migunani bilih kawula wonten ing pundi-
pundi tansah munjuk sembah nuwun ing ngarsa Dalem Gusti, Rama
ingkang mahasuci, Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng lantaran
Sang Kristus, Gusti kawula.
Jer Gusti sampung dhangan ing panggalih mbangun samukawis dados
enggal malih lantaran Sang Kristus, Sang Pamarta, sarta marengaken
kawula sami nampi lubering sih nugraha.
Awit sanadyan jumeneng Allah, Gusti Sang Kristus karsa ngrucat kamulyan
sarta karya tentreming donya, srana nuntasaken rah ing pamenthangan. Mila
lajeng jinunjung ngungkuli samukawis lam tumrap ingkang sami nungkul
sumarah, jumeneng margining karahayon langgeng.
Pramila sesarengan kaliyan para malaekat tuwin malaekat agung, kaliyan
para suci isining swarga mulya, kawula sami ngidung puji panuwun agung
tanpa kendhat ngalembana:

SUCI (KA. 218)

I : Gusti tuhu suci! Sarta jumeneng sumbering sadaya kasucian. Ingkang


punika panyuwun kawula mugi kersaa nucekaken pisungsung punika mawi
berkahing Roh Dalem Amrih dadosa salira lan rah Dalem a Gusti kawula Sri
Yesus Kristus.

I : Gusti Yesus, nalika badhe pasrah sangsara saking karsa Dalem pribadi,
mundhut roti sarta munjuk sembah nuwun, roti dipun cuwil-cuwil, dipun
paringaken dhateng para murid kaliyan ngandika:

8
PADHA TAMPANANA IKI, LAN PADHA DIPANGAN KOWE KABEH
AWIT IKI SALIRAKU,
SALIRA KANG DIKURBANAKE KANGGO NGLABUHI KOWE.

I : Makaten ugi bakda bojana, Gusti Yesus mundhut tuwung sarta munjuk
sembah nuwun malih. Tuwung dipun paringaken dhateng para murid kaliyan
ngandika:

PADHA TAMPANANA IKI LAN PADHA DIOMBE KOWE KABEH,


AWIT TUWUNG IKI ISI RAHKU
RAHING PRAJANJIAN ANYAR SARTA LANGGENG,
RAH KANG DITUNTASAKEKANGGO NGLABUHI KOWE
LAN WONG KABEH MINANGKA PANGAPURANING DOSA.
IKI PADHA TINDAKNAKANGGO NGELING-ELING MARANG AKU.

I : Endah agung kekeraning pangandel


U : Seda Dalem kawula wartosaken,
wungu dalem kawula akeni,
rawuh Dalem malih kawula antu-antu

I : Pramila, dhuh Rama, ngengeti seda saha wungunipun Putra Dalem, kawula
sami ngun-jukaken rejekining gesang sarta tuwunging kawilujengan
minangka atur panuwun. Jer Gusti sampun marengaken kawula sami sowan
ngibadah wonten ing ngriki.
I : Kejawi punika kawula sami nyuwun mugi kawula ingkang sami ndherek
manunggil ing salira tuwin rah Dalem Sang Kristus, dipun kempalna dados
umat Dalem dening Hyang Roh Suci.

I : Dhuh Gusti, kawula aturi mberkahi Pasamuwan Dalem ingkang sumebar ing
salumahing bumi. Keparenga kawula sami mindhak-mindhak tresna,
manunggil kaliyan Santo Bapa Fransiskus, saha Rama Uskup Julianus,
tuwin para imam, diakon, rohaniwan, lan sedaya ingkang martosaken sabda
Dalem.

9
I : Mugi karsaa melasi sanak-sadherek kawula, ingkang sampun sami
tinimbalan kanthi pangajeng-ajeng badhe gesang malih; saha sadaya
kemawon ingkang sampun sami kapundhut kanthi sih kawelasan Dalem,
mugi katampia ing sunaring pepadhang Dalem. Keparenga sami ngaso
kanthi tentrem wonten ing pangayunan Dalem.

I : Panyuwun kawula, mugi Gusti karsaa paring kawelasan dhateng kawula,


supados saged pantes ndherek ngraosaken gesang langgeng sarta memuji
tuwin ngluhuraken Gusti, sareng kaliyan Ibu Kenya Maria, Ibuning Allah,
Santo Yusup garwa dalem, para Rasul tuwin pada Suci sadaya, ingkang
wiwit kina mila kinasih ing Gusti. Lantaran Sri Yesus Kristus, Putra Dalem.

I : Inggih lantaran Sang Kristus, sareng kaliyan Sang kristus, nunggil ing Sang
Kristus, tuwin manunggil ing Hyang Roh Suci, sagung pakurmatan tuwin
kamulyan konjuka ingarsa Dalem Allah Hyang Rama ingkang mahakuwasa
ing salami-laminipun.
U : Amin

RAMA KAWULA (KA. 140)


I : Awit saking piwulang Dalem, kawula kepareng munjuk
U : Rama kawula ing suwarga,Asma Dalem kaluhurna, Kraton Dalem mugi
rawuha.
Karsa Dalem kalampahana.Wonten ing donya kados ing suwarga. Kawula
nyuwun rejeki kanggé sapunika.Sakathahing lepat nyuwun pangapunten
Dalem,kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami.Kawula
nyuwun tinebihna saking panggodha saha linuwarna saking piawon.

Embolisme
I : Kaluwarna dhuh Gusti saking sawarnining piawon. Dene manah nyuwun
tentrem ing wekdal samangke supados kanthi sih pitulungan Dalem, kawula
resik saking dosam tebih saking godha rencana, tansah ngantu-antu
kamulyan tuwin rawuh Dalem, Sang Pamarta Sri Yesus Kristus.
U : Awit Gusti ingkang lestantun mengku keprabon, panguwaos, tuwin
kamulyan, ing salami-lami.

10
SEMBAHYANGAN KATENTREMAN
I : Gusti Yesus Kristus, Sampeyan Dalem nate ngandika: “Kowe padha
Daktinggali tentrem, lan katentreman-Ku kang Dakparingake kowe”. Pramila
sampun ngantos mriksani dosa kawula, nanging kawula aturi menggalih
pitadosing pasamuwan Dalem, saha wontena dhanganing panggalih.
Pasamuwan dalem tansah pinaringana tentrem lan rukun salaras kaliyan
karsa Dalem. Gusti ingkang gesang tuwin mengku keprabon ing salami-
laminipun.
U : Amin
I : Katentreman Dalem Gusti tansah manunggala.
U : Kaliyan kula sadaya

CEMPENING ALLAH (KA. 228)

KOMUNI
I : Para kadang kinasih, Gusti Yesus ngandika, ”Mara padha sowana Aku,
kabeh bae kang ngrenggiyek kabotan sesanggan mengko bakal dak
enthengake.” Mula ayo padha sowan Gusti lan nampi Gusti kang rawuh.
Yaiki Cempening Allah kang mbirat dosaning jagad.
U : Gusti estunipun kawula mboten pantes dipun rawuhi. Namung kula aturi
ngandika, sukma kawula tentu badhe saras.

KIDUNG KOMUNI (KA. 240 & 254)


SEMBAHYANGAN BAKDA KOMUNI
I : Suwawi sami munjuk.
Gusti Allah kawula ingkang Mahasuci, keparenga kawula nyaosaken atur
sembah nuwun, ing wanci mirunggan 1 Sura 1950 punika. Kawula tansah
suka gambira dene panjenengan sampun paring nugraha sakramen
mahasuci, ingkang manunggilaken kawula kaliyan Gusti lan ugi dados sangu
kangge kawula anggen kawula mlampah wonten ing warsa enggal punika.
Mugi karana sakramen punika kawula tansah mbudidaya murih resiking
batos lan gesang kawula, saengga pantes manunggil kabegjan, kaliyan
Gusti; lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U : Amin.

11
PANUTUP

WARA-WARA
BERKAH& AYAHAN
I : Para sadulur kinasih, urip kita ana ing kuasa Dalem Gusti, Gusti kang priksa
lan mranata kabeh lelakon ing donya. Gusti kang paring tata tentrem karta
raharja.Mula minangka panutuping bojana ekaristi mirunggan iki, pahargyan
tahun anyar miturut pitungan Jowo, ayo padha nyuwun berkah Dalem Gusti.

I : Gusti manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
I : Muga Allah kang Mahamirah, paringa pangayomanlan berkah matumpa-
tumpa, ing sajroning Tahun Anyar iki.
U : Amin
I : Muga Allah ngluberna sih Nugraha, ngreksa kapitayan, neguhna pengarep-
arep, lan ngurubna katresnan kang sejati.
U : Amin
I : Muga Allah ngrentahna tentrem raharja, nyantosakna jiwaraga,
nyembadanana sakehing panyuwunan, sarta nuntun para sadulur ngener
kamulyan jati.
U : Amin
I : Muga para sadulur dalah kuluarga lan kabeh kang kita suwunake ing
sajroning bojono iki, tansah binerkahan dening Allah kang Maha-kuwasa:
Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
U : Amin
I : Para sadulur kinasih bojana kurban ekaristi Tahun Anyar wus paripurna.Ayo
padha martosake katresnan lan kawelasan Dalem Gusti supaya kabeh bisa
ngrasakake katentreman Dalem.
U : Sembah nuwun konjuk ing Allah

KIDUNG PANUTUP (KA. 260)

12

Anda mungkin juga menyukai