Anda di halaman 1dari 12

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran

Kidung Pambuka (KA No. 165 O Bingah Wit Amba Pareng)

Tandha Salib lan Cecala


I : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama Saha Hyang Putra
tuwin Hyang Roh Suci......
U : Amin
I : Mugi Sih Palimirma Dalem Gusti Yesus Kristus, asih
tresna Dalem Allah Hyang Rama saha Hyang Roh Suci
tansah Manunggala.
U : Kaliyan kawula sedaya.

Cecala
Bapak, Ibu lan para sedhèrèk ingkang kinasih ing Sang Kristus,
ing dalu punika kita sedaya kepareng nyawiji wonten ing
dalem punika karana sedhèrèk kita ingkang sampun jangkep
Tigang dinten punika tinimbalan sowan Hyang Rama ing
Swarga. Pramila mangga kita ngaturaken pamuji, mugi-mugi
ingkang sumaré sageda mlebet ing swargi lan dhumateng
kulawarga ingkang katilar pikantuka panglipuran.

Sakderengipun ibadat mèngeti tigang dintenipun sedhèrèk


kita punika kawiwitan, mangga kita sami ngakeni bilih kita
sadaya punika manungsa limrah ingkang kathah ing lepat lan
dosa. Pramila mangga sami keduwung lan nyuwun sih
kawelasan Dalem, amrih saged pantes nampi rawuh Dalem.
Pamartobat
Kawula ngakeni, ingarsaning Allah ingkang Mahakuwasa,
tuwin para sadherek sedaya, bilih kawula sampun nglampahi
dosa srana gagasan, tetembungan, tindak-tanduk, tuwin
margi nglirwakaken kewajiban, awit saking lepat kawula
saking lepat kawula, saking ngenging lepat kawula Pramila
kula nyuwun ingarsaning Ibu Kenya Maria, para malaekat
tuwin para suci, sarta para sedherek sadaya karsaa
nyenyuwunaken ingarsaning Allah, Pangeran kawula, Amin

I : Mugi Allah ingkang Mahakuwasa kersaa paring sih


palimirma lan pangapuraning dosa sarta nuntuna kawula
sedaya dhumateng gesang langgeng
U : amin

Sembahyang Pambuka

P : Suwawi sami munjuk. Dhuh Rama sumbering gesang,


Tigang dinten kepengker sedhèrèk kita punika …..
kapundhut wangsul sowan ing pangayunan Dalem. Umat
Dalem ingkang sesarengan makempal punika nyuwun,
mugi sedaya kalepatan lan kekiranganipun kasirnakna,
lan mugi Sampéyan Dalem kersa melasana dhumateng
abdi dalem punika, supados kepareng lumebet wonten
korining swarga, sesarengan para suci lan Ibu Maria,
karana putra Dalem Gusti Yesus Kristus ingkang
sesarengan kaliyan Hyang Rama tuwin Hyang Roh Suci
Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 2
mengku keprabon, panguwaos tuwin kamulyan ing
salami laminipun.

U : Amin.

Waosan Kitab Suci

P : Mangga kita mirengaken sabda Dalem Gusti


L : Pethikan piwulang saking Kitab Wahyu (Wahyu 21:1a,3-
5)
Lan aku sumurup langit anyar lan bumi anyar. Ing kana
aku sumurup Kutha Suci. Yerusalem anyar tumurun saka
swarga, tumedhak saka Allah, rinengga rengga kaya
temanten pinaesan methukake garwa. Sarta aku ngrungu
swara gemuruh saka ing dhampar manabda: iya iki
pedalemaning Allah ing madyaning manungsa. Gusti
dedalem tunggal karo umaté. Manungsa bakal dadi
bangsa Dalem, lan Gusti Allah-manunggal kang bakal
jumeneng Gusti Allahé. Gusti bakal ngusap sakeh luh
saka ing mripaté, lan ing kana wis ora bakal ana pati, ora
bakal ana sedhih, tangis lan lara, awit kang biyen kabèh
wis sirna. Déné Kang lenggah sinéwaka ana ing dhampar,
ngendika: "Gilo kabèh dak bangun anyar." Lan aku
dipangandikani: "Tulisen tetembungan iki, jer iki dhasar
bener lan nyata."

L : Makaten sabda Dalem Gusti


U : Sembah nuwun Konjuk ing Gusti.
Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 3
Kidung Antara KA no 306 Gusti Midangetna

P : Mugi Gusti tansah manunggala


U : Kaliyan kula sadaya
P : Pethikan Injil Suci anggitanipun Santo Mateus (5, 1 –
12)
U : Linuhurna Gusti
Gusti Yesus pirsa wong akèh, banjur minggah ing gunung,
satata lenggah, lan para murid mapan ing sacelaké. Gusti
medhar sabda lan paring piwulang mengkéné:
Rahayu wong kang asemangat miskin, iku kang ndarbeni
Kratoning Swarga. Rahayu wong kang nandhang prihatin,
awit bakal nampa panglipur Rahayu wong kang lembah
manah, awit iku kang bakal maris tanah. Rahayu wong
kang ngrasa ngelih ngelak marang kabeneran, awit bakal
ketutugan ing sabutuhé. Rahayu wong kang ambeg
welas, awit bakal genti nampa piwelas, Rahayu wong
kang resik ing ati, awit bakal nyawang Allah. Rahayu
wong kang mbangun katentreman, awit bakal sinebut
putraning Allah. Rahayu wong kang dikuya- kuya marga
kabeneran, awit iku kang ndarbeni Kratoning Swarga.
Rahayu kowé, yèn kowé diala-ala, dikuya-kuya, lan yèn
dikandhakaké ala warna-warna sing ora nyata marga
saka Aku; bungah-bungaha lan dipadha gambira, awit
bakal gedhé ganjaranmu ana ing swarga: iya mengkono
iku biyèn anggoné padha nguya- uya para nabi, kang
ndhisiki kowe.
Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 4
P : Makaten sabdaning Injil Suci
U : Linuhurna Gusti.

Homili/Panglimbang

Sedhèrèk sedhèrèk ingkang kinasih ing Sang Kristus. Kita


sedaya nresnani sedhèrèk kita ingkang sampun tigang
dinten punika kapundhut dening Pangeran. Ananging
tresnaning Pangeran tansah kita raosaken ing saben
dintenipun. Sae punika taksih gesang menapa malih sak
sampunipun seda. Kita sadaya punika kagungan Dalem
Pangéran. Makaten ugi sedherek kita punika kagungan
Dalem Gusti, ugi rumaos kinasihan dening Pangéran.
Namung raos lan wujud katresnan Dalem ingkang dipun
raosaken dening sedhèrèk kita punika benten kaliyan
nalika taksih sugeng ing donya punika.

Ing dinten punika kita kepengin memuji supados


sedhèrèk kita ingkang sampun seda punika sageda
ngraosaken katresnan Dalem kados dene Sri Yesus
ingkang ngraosaken katresnaning Pangeran. Gusti Yesus
dipun sarekaken tigang dinten ing makam lajeng dipun
wungokaken dening Pangéran. Lha mugi mugi sedhèrèk
kita punika ugi ngraosaken wungu Dalem karana
katresnan Dalem Gusti Yesus Kristus.

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 5


Santo Yoanes wonten Kitab Wahyu paring pangandikan:
"Delengen kemaing Allah ana ing tengah tengahing
manungsa lan piyambake bakal lerem bebarengan
karena kabeh manungsa. Lan manungsa kabe bakal dadi
umate lan piyambake dadi Pangérane."

Pramila Pangeran estu rawuh lan nresnaní kita sadaya


sami jalaran kita punika umat Dalem Gambaran ingkang
nyata rawuh Dalem dipun wujudaken dados Allahing kita
sedaya umat Dalem. Menawi ing jaman kawuri/riyen kita
sadaya ngantu-antu rawuhing priyayi ingkang kagungan
kawibawan ageng, utawi ngantu antu rawuhipun
sedhèrèk kita ingkang tebih kanthi kebak ing kapitadosan
bilih piyambakipun badhe rawuh, sakpunika kita sadaya
ngajeng ajeng rawuhipun Pangeran ing tengah tengah
kita. Pramila kita pitados bilih Pangeran ugi badhe rawuh
kanthi asih tresnanipun ingkang agung dhumateng
sedhèrèk kita ingkang sampun tigang
dinten kapundhut sowan.

Wontening Injil Mateus nandhesaken, bilih kita sadaya


kasebut begja sanès karana nggadhahi samudayanipun,
ananging malah kosok wangsulipun, begja karana
kepareng ngraosaken rawuhipun Pangeran wonten ing
sedaya ingkang kasebat: kemelaratan, keluwen, kasucen,
katentreman, lan sakpiturutipun. Kabegjan utami injih
karana kita sadaya kepareng ngraosaken kasangsaran

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 6


Dalem ingkang dipun alami dening Sri Yesus, karana para
nabi-nabi ugi ngalami bab ingkang sami.

Gusti Yesus paring sabda: "Rahayu kowé, yen kowé diala-


ala, dikuya-kuya, lan yèn dikandhakaké ala warna-warna
sing ora nyata marga saka Aku; bungah-bungaha lan
dipadha gambira, awit bakal gedhé ganjaranmu ana ing
swarga: iya mengkono iku biyèn anggoné padha nguya-
uya para nabi, kang ndhisiki kowé" (Mat 5,11-12)

Kabegjan kita minangka umat ingkang gadhah


kapitadosan injih punika kepareng nresnani Pangéran
karana Piyambakipun sampun ngrumiyini nresnani kita
sedaya kanthi sangsara, seda lan wungu kagem
sedaya dosa dosa kita.

Sesarengan kaliyan tresnaning Pangeran lan tresnaning


umat ingkang rawuh wonten ing mriki, mangga kita
ndherekaken lampahipun sedhèrèk kita dhateng papan
katentreman sejatos, nderek mulyo kaliyan Rama ing
Swarga. Kita nyuwun welas asihing Pangéran kagem
sedaya kulawarga ingkang tinilar supados tansah rukun,
tentrem lan penuh ing katresnan.

P : Mugi Linuhurna Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin


Hyang Roh Suci

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 7


U : Kados ing mulobuka, sakmenika sarta ing saklami
laminipun. Amin.

Sembahyangan Panyuwunan

P : Mangga para sedherek ingkang kinasih ing Pangeran,


kita nyuwun sih wilasaning Gusti supados kersaa
midhangetaken panyuwunan kita lan kersa nampi sedaya
ingkang kita suwun.
Suwawi sami munjuk:
Dhuh Rama ingkang maha welas, kawula nyuwun kersaa
Sampeyan Dalem midhangetaken panyuwunan kita lan
kersa nampu sedaya ingkang kita suwun.

L : Mugi sedhèrèk kawula ingkang tigang dinten kepengker


Sampeyan Dalem pundhut kondur pikantuka papan
ingkang mirunggan ing sisih tengen Dalem. nyawiji
kaliyan para suci lan mugi sedaya dosanipun kaleburna.
Kawula nyuwun...
U : Gusti mugi nyembadana panyuwun kawula

L : Dhuh Rama ingkang Maha Asih, kersaa paring


panglipuran dhumateng ingkang sami kapedhotan
katresnan kaliyan sedhèrèk kawula punika, supados
tuladha saé ingkang dipun tilaraken dadosa panglipuran
kagem sedaya kulawarga.
Kawula nyuwun…
U : Gusti mugi nyembadana panyuwun kawula.
Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 8
L : Dhuh Romo ingkang Maha Agung, kersaa paring
pangapunten sedaya dosa para leluhur kawula ingkang
sampun ngrumiyini sowan marak ing sahandhaping
Sampeyan Dalem.
Kawula nyuwun…
U : Gusti mugi nyembadana panyuwun kawula.

L : Dhuh Rama ingkang Maha Wicaksana mugi kersaa


paring kesarasan dhateng sedhèrèk sedhèrèk kawula
ingkang nandhang sakit, lan mugi sedaya dosanipun
kaleburna supadosa saged enggal nyawiji malih ing
padaleman suci asung puja lan puji dhumateng
Sampéyan Dalem.
Kawula nyuwun…
U : Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

P : Makaten kala wau panyuwun kawula dhuh Rama ing


Swarga. Sinaosa tebih saking kasampurnan, ananging
kawula pitados Hyang Roh Suci badhé nyampurnakaken
saéngga dumugi ing Ngarsa Dalem lan dados renaning
penggalih Dalem sarta badhé kajawab endah ing titi
wancinipun karana Sri Yesus Gusti Kawula.

U : Amin.

Rama Kawula

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 9


P : Para sedhèrèk mangga kita tunggilaken donga lan
panggantha kita kaliyan donga ingkang sampun
pinaringaken dhumateng kita:

Rama kawula ing swarga, mugi asma Dalem kaluhurna,


kraton Dalem mugi rawuha, karsa Dalem kalampahana,
won ten ing donya kados déné ing swarga, kawula
nyuwun rejeki kanggé sakpunika. Sakathahing lepat
nyuwun pangapunten Dalem, kados déné anggèn kawula
ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun
tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking
piawon. Amin.

P : Katentreman Dalem tansah manunggala


U : Kaliyan kula sadaya.

Sembahyang Sembahyang Panutup

P : Suwawi sami munjuk. Dhuh Rama ing Swarga, matur


sembah nuwun karana rawuh Dalem ing dalu puniki.
Mugi punapa ingkang kawula unjukaken dados rena
Dalem, saéngga sadhèrèk kula punika ugi ndhèrèk remen
tentrem lan mulya wonten ing kraton Dalem. Sedaya
punika kawula suwun karana Sri Yesus Gusti Kawula.
U : Amin.
P : Gusti manunggala
U : Kaliyan Kula sadaya

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 10


P : Mugi Gusti kersa nglubèraken sedaya berkahing
Pangéran dhumateng ingkang sumaré lan ingkang katilar,
saéngga samudayanipun lumampah kanthi saé lan mugi
ingkang kapedhotan katresnan punika sageda gumantos
dados berkahing Gusti ingkang Maha Suci, Hyang Rama,
Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci, Amin.
P : Kanthi makaten ibadat memule sampun paripurna
U : Sembah nuwun konjuk ing Gusti.
P : Mangga kita sami kondur, kautus martosaken
kabingahan katresnan Dalem Gusti.

U : Amin.

Kidung Panutup

Ndhèrèk Dewi Maria

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 11


Duh Rama,
Endah lan ganda aruming sekar menika mralambangaken
kamulyab lan aruming asma Dalem Gusti. Kawula nyuwun
mugi kaberkahana (+) sekar menika ingkang badhe kawula
wur wuraken ing makamipun abdi dalem Ibu Anastasia
Mainah Gunawan ingkang sampun tinimbalan mara king
ngarsa Dalem.
Mugi aruming sekar menika, saged anelakaken kamulyan
Dalem ingkang amenuhi bumi sarta abdi Dalem menika,
lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

Ibadat Pengetan Tigang Dinten Kapundhut ing Pangéran 12

Anda mungkin juga menyukai