Anda di halaman 1dari 2

NAMA / ABSEN / KELAS : .............................................

Soal Formatif Semester Ganjil 2023-2024


BAHASA DAERAH KELAS 7

Teks ing ngisor iki wacanen sing premati , sabanjure wangsilana pitakon-pitakon
kanthi milih wangsulan sing paling bener

Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing Sukabumi , Jawa Barat .
Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pancen pinter lan
jenius , Umur lagi 14 taun wes nyandhang status mahasiswi kedokteran ing
Universitas Islam Sultan Agung ( Unissula )Semarang. Setaun sinau ing TK banjur
melbu Sd Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaranmlebu ing
kelas akselerasi.Ing SMP lan SMA uga mlebu kelas akselerasi, kabeh mung
mbutuhake wektu 4 taun. Prestasine Rafida ngetutake mbakyune , yaiku Rina
Helmi Sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida hasil jalaran
karo wong tuwane ditanemake kesadharan sinau dewe-dewe.
( Sumber : Penjebar Semangat , no.2,tgl.12 Januari 2013)

1. Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku ....


A. Rafida pinter lan genius
B. Ing Sd mlebu kelas akselerasi
C. Prestasine Rafida ngetutake mbakyune
D. Umur 14 tahun dadi mahasiswi kedokteran
2. Tindak – tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks yaiku ....
A. Prestasine
B. Kesadaran sinau dewe
C. Isih enao dadi dokter
D. Mlebu kelas akselerasi
3. “ Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadharan sinau
dhewe- dhewe “ .
Ukara ing ndhuwur kalebu bagean teks ....
A. Orientasi
B. Prastawa
C. Masalah
D. Reorientasi
4. Ki hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning
pendhidhikan. Taun 1959 Pamarentah paring gelar Bapak Pendididkan
marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose
ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional.Sesanti Tut Wuri Handayani
nganti saiki dadi lambange Kementrian Pendidikan lan Kebuyaan.
Tembung lelabuhan tegese ....
A. Cita – cita
B. Jasa
C. Andhil
D. Modal
5. Teks ing nomer 4 kalebu bagiane Struktur teks profil tokoh ....
A. Prastawa
B. Orientasi
C. Masalah
D. Reorientasi
6. Tut Wuri Handayani, sesanti saka Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo
nganti saiki , tegese yaiku ....
A. Ing mburi tansah menei tuladha
B. Saka mburi tansah paring tetulung
C. Ing mburi tansah menehi pamrayoga
D. Saka mburi tansah nyengkuyung
7. Pak Isman ... nalika prastawa “perobekan” gendero Landa Merah putih biru
enggo kari Merah putih ing Hotel Oranye Surabaya.Tembung sing cocog
kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ....
A. Ndelok
B. Nyawang
C. Nyekseni
D. Mriksani
8. Susi Susanti wes (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan negara.
Padhapuke tembung jeron kurung yaiku ....
A. Mbaleni
B. Bola – bali
C. Bali – bali
D. Dibaleni
9. Tuladha ukara sing nganggo basa ngoko alus yaiku ....
A. Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya
B. Sinten ingkang sampeyan percados dados ketua kelas?
C. Kulo diutus tumbas camilan dhateng warung
D. Panjenengan sesuk apa sido tindak Lamongan?
10.“ Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889 Kagungan
asma asli RM Suwardi Suryaningrat”. Ukara kasebut migunaakebasa ....
A. Ngoko Logu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus

Anda mungkin juga menyukai