Anda di halaman 1dari 9

PEMERINTAH KABUPATEN PEKALONGAN

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SD NEGERI ……………………………………..
Alamat : Jl ……………………………………………….
E-mail: …………………………………………………………..
ASESMEN SUMATIF AKHIR SEMESTER I (ASAS)
(KURIKULUM MERDEKA)
TAHUN PELAJARAN 2023 / 2024
Mupel : Bahasa Jawa Hari,Tanggal :
Kelas : V ( Lima ) Waktu :
Petunjuk Umum :
1. Tulislah terlebih dahulu namamu pada tempat yang disediakan!
2. Bacalah dengan teliti setiap petunjuk pengerjaan soal!
3. Kerjakan tugas/ perintah yang ada pada soal!
4. Periksalah pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada Bapak/ Ibu pengawas!
I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara A, B, C utawa D, ing ngarep jawaban kang trep!
Wacanen teks pidhato iki kanggo mangsuli soal nomer 1-6!
Assalamualaikum warohmatuallahi wabarakatuh.
Nuwun Panjenenganipun Bapak/Ibu tiyang sepuh utawi Wali Murid siswa kelas gangsal SD
Tunas Bangsa ingkang minulya.
Puji sokur, sumangga kita aturaken dhateng ngarsanipun Allah SWT Ingkang Maha Welas
Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan saha kawilujengan, saengga kula
panjenengan sedaya saged pepanggihan wonten papan menika, ruang kelas gangsal SD Tunas
Bangsa. Saperlu sosialisasi pawiyatan siswa kelas gangsal tahun pelajaran 2021/2022
Kula minangka wakil saking sekolahan, ingkang kaleresan kadapuk dados walinipun kelas
gangsal. Ngaturaken agunging panuwun bilih panjenengan sami saged angrawuhi adicara menika
kanthi mematuhi protocol kesehatan covid 19. Mugi-mugi sosialisasi menika saged dipun tampi
kanthi legawa, kangge nglaksanakaken pawiyatan tahun pelajaran 2021/ 2022. Ing kahanan
pandemi covid 19 menika.
Para rawuh ingkang minulya, Amargi pandemi covid 19 dereng kendhat, Pemerintah dereng
ngeparengaken Pembelalajaran Tatap Muka wonten ing Sekolahan. Kepala Sekolah, Komite
Sekolah, saha rencang-rencang guru SD Tunas Bangsa sampun ngawontenaken rapat sekolah
ngenani babagan pelaksanaan proses pawiyatan ing tahun pelajaran 2021/ 2022. Ingkang
manggih keputusan bilih pawiyatan tasik tetep dipun laksanakaken kanthi Belajar Dari Rumah
(BDR), ngangge Model Daring lan Luring. Model Daring inggih menika pawiyatan teng
lebetipun jaringan internet saha Luring inggih menika pawiyatan mboten ngginakake jaringan
internet kados tahun kapungkur. Model Daring ngginakaken aplikasi google meet, zoom
meeting, website pembelajaran, saha media sosial kados Yutube, Facebook, saha whatsap. Model
Luring lumantar Belajar dari Rumah (BDR), bimbingan belajar lumantar Home visit saha
kelompok belajar. Pelaksanaan Home Visit saha Kelompok Belajar, siswa kedah tetep
glaksanakaken protocol kesehatan covid 19 inggih menika ngagem masker, mencuci tangan,
saha menjaga jarak. Menawi kondisi siswa kok badanipun kraos mboten sekeca, langkung
saenipun tiyang sepah langsung maringi ngertos lumantar whatsap saha ampun ndherek
Kelompokan kangge kesaenanipun saha kesarasanipun sedaya.
Bapak/Ibu mekaten ingkang saged kula aturaken. Panyuwun kula minangka wakililipun
pihak sekolah Bapak/Ibu sedaya saged nampi kanthi legawa keputusan menika. Saged sareng-
sareng mbimbing saha nggulawentah putra-putrinipun panjenengan sedaya. Tetep nglampahi
protocol kesehatan pencegahan penularan virus covid 19, supados proses pembelajaran tatap
muka teng sekolahan saged enggal kelaksanan. Cekap semanten atur kula, nyuwun pangapunten
sedaya kalepatan mbok menawi wonten atur kula ingkang mboten sekeca ing manahipun
panjenengan sedaya.
Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.

1. Irah-irahan kang trep kanggo sesorah ing dhuwur, yaiku Sosialisasi ....
A. Pandemi Penyakit Virus Covid 19 Kelas Gangsal SD Tunas Bangsa
B. Pencegahan PenularanVirus Covid 19 Kelas Gangsal SD Tunas Bangsa
C. Pawiyatan Masa Pandemi Covid 19 Kelas Gangsal SD Tunas Bangsa
D. Pendaftaran Masa Pandemi Covid 19 Kelas Gangsal SD Tunas Bangsa
2. Apa kang dadi keputusane rapat sekolah SD Tunas Bangsa, ?
A. Nglasanakaken pawiyatan tatap muka ing sekolahan ngangge model belajar Dari
Rumah.
B. Nglasanakaken pawiyatan tatap muka ing sekolahan ngangge model Daring lan Luring
C. Nglasanakaken pawiyatan tatap muka ngangge media sosial youtube, facebook lan
website pembelajaran
D. Nglasanakake pawiyatan Belajar Dari Rumah (BDR) ngangge model Daring lan Luring.
3. Sapa bae kang melu rapat sekolah SD Tunas Bangsa ana ing sesorah ndhuwur ....
A. Kepala Sekolah, Ketua Komite, saha sedaya guru SD Tunas Bangsa
B. Tiyang sepah kalihan wali kelas gangsal SD Tunas Bangsa
C. Kepala Sekolah, Tiyang sepah, saha wali kelas gangsal SD Tunas Bangsa
D. Kepala Sekolah, Ketua Komite, saha sedaya guru SD Tunas Bangsa
4. Apa kang perlu ditindakake siswa kelas gangsal kangge pelaksanaan Belajar Dari Rumah (BDR),
lumantar Home Visit saha Kelompok Belajar?
A. Siswa kedah tetep glaksanakaken protocol kesehatan covid 19 inggih menika ngagem
masker, mencuci tangan, saha menjaga jarak.
B. Menawi kondisi siswa kok badanipun kraos mboten sekeca, langkung saenipun tiyang
sepah langsung maringi ngertos lumantar whatsap.
C. Ngginakaken aplikasi google meet, zoom meeting, website pembelajaran, saha media
sosial kados Yutube, Facebook, saha whatsap.
D. Nglasanakake pawiyatan Belajar Dari Ruamah (BDR) ngangge model Daring lan
Luring.
5. Saged dipun tampi kanthi legawa. Tembung legawa kang ditulis miring tegese ....
A. sabar C. nerima
B. ikhlas D. pasrah
6. Kula minangka wakil saking sekolahan, ingkang kaleresan kadapuk dados walinipun kelas
gangsal.
Ukara iku nduweni teges ....
A. dadi wakile pihak sekolah lan dadi wong tuwane siswa kelas lima
B. dadi wakile kepala sekolah lan dadi wong tuwane siswa kelas lima
C. dadi wakile pihak sekolah lan dadi gurune siswa kelas lima
D. dadi wakile kepala sekolah lan dadi gurune siswa kelas lima
7. 1. Isi sesorah
2. Salam penutup
3. Atur panuwun marang para rawuh
4. Salam pambuka
5. Atur panuwun marang Allah S.W.T.
6. Panutup
7. Pangajab utawa Panyuwun
Perangan utawa bagian-bagian teks sesorah ing ndhuwur supaya urutane bener yaiku nomer....
A. 4 – 3 – 1 – 5 – 6 – 7 – 2
B. 4 – 1 – 3 – 5 – 6 – 7 – 2
C. 4 – 1 – 3 – 6 – 5 – 7 – 2
D. 4 – 3 – 5 – 1 – 7 – 6 – 2
8. Panyuwun kula minangka wakililipun pihak sekolah sedaya saged nampi kanthi legawa,
keputusan menika.
Punggelan teks sesorah ing ndhuwur kalebu perangan ....
A. atur panuwun marang para rawuh C. penutup sesorah
B. pangajap utawa panyuwun D. isi sesorah
9. Kula minangka Kepala Desa Harapan Indah maringi ngertos, bilih sedaya warga masyarakat
Desa Harapan Indah supados saged matuhi protocol kesehatan covid 19. Inngih menika
nglesanakake kebiasaan (3M) mencuci tangan, memakai masker, menjaga jarak.saha ndherek
program vaksinasi covid 19. Supados rantai penularan virus covid 19 saged kendhat. Saengga
kita sedaya saged nglampahi gesang bebrayan ingkang normal malih.
Punggelan sesorah ing ndhuwur ngemu surasa….
A. sosialisasi pencegahan penularan virus covid 19
B. sosialisasi pengobatan penularan virus covid 19
C. sosialisasi penyuntikan vaksinasi covid 19
D. sosialisasi njaga kesehatan sangka covid 19
10. Maca sesorah kang apik yaiku ....
A. ngerti lan paham isine sesorah, bener lan trep basa kang digunakake, seru suwarane,
sikep utawa panampilane, apik panganggone
B. ngerti lan paham isine sesorah, pepak lan runtut cak-cakane, bener lan trep basa kang
digunakake, apik panganggone
C. ngerti lan paham isine sesorah, pepak lan runtut cak-cakane, bener lan trep basa kang
digunakake, sikep utawa panampilane, rapi panganggone
D. ngerti lan paham isine sesorah, pepak lan runtut cak-cakane, trep anggone medhot
ukarane, trep bahasane lan cetha pengucapane, sopan penampilane, rapi panganggone
Wacanen teks cerita wayang iki kanggo mangsuli soal nomer 11 - 16!
Karna Madeg Senapati
Perang Bharata Yudha, iku perang antarane Kurawa kang nduweni watak serakah ambek budi
candala musuh Pandawa kang anduweni watak apik berbudi bawa laksana. Bala Kurawa kanti cara –
cara kang licik pingin ngrebut negara Ngastina sing sakmestine duweke Pandhawa. Bala Kurawa
sering ngrekadaya supaya Pandhawa oncat saka negara Ngastina uga sering ngacap patine, ananging
amarga diayomi kang Maha Kuwasa Pandhawa tetep urip temah jati waluya. Para Pandhawa njaluk
bali negara Ngastina ananging Bala Kurawa tetep puguh ora mbalekake, saengga dadi perang.
Perang Bharata Yudha wis akeh mangan korban, Resi Bisma senapatineng Kurawa uga gugur
ing ngalaga ketaman panah gamane Wara Srikandi senapatineng Pandhawa. Sakpungkure sedane Resi
Bisma, Prabu Duryadana nagih janjine Ratu Ngawangga Adipati Basukarna, menawa ana kedadian
perang Bharata Yudha Adipati Basukarna saguh madeg dadi senapatineng Bala Kurawa. Adipati
Basukarna langsung nyaguhi madeg dadi senapatineng Kurawa, mbanjur budhal ing ngalaga Tegal
Kuru Setra nyerang bala prajurit Pandhawa. Senapati Pandhawa Raden Gatot Kaca ing tengah bengi
gugur kaperjaya dening Adipatipati Basukarna. Bala Kurawa ngrasa seneng lan bungah ngrungu yen
Gatot Kaca gugur ing Palagan Kuru Setra.
Sakpungkure gugure Raden Gatot Kaca, Prabu Kresna sesepuhe Pandhawa ngutus Raden
Arjuna Jumeneng dadi senapatineng Pandhawa. Ngrungu sing dadi senapati Pandhawa Raden Arjuna
kang ora liya adhine dhewe, Adipati Basukarna Sowan Ibune yaiku Dewi Kunthi. Adipati Basukarna
sejatine tunggal Ibu karo Yudistira, Bimasena, lan Arjuna nanging beda bapa. Kawit alit Adipati
Basukarna dipun titipake kalih pamanipun Dewi Kunthi ing wewengkon Keraton Ngastina. Dewi
Kunthi bungah atine disowani putrane pambajeng. Adipati Basukarna dibujuk supaya gelem kumpul
karo sedulur-sedulure para Pandhawa. Nanging Adipati Basukarna ora gelem. Piyambake gadah
panemu kedah mbales budi marang Kurawa sing ngopeni lan nggulawentah piyambake kawit alit.
Adipati Basukarno matur karo ibune “ Kanjeng Ibu ingkang baku Pandhawa tetep isih wutuh lima,
kula mboten kumpul kalih sedulur Pandhawa mboten menapa”. Dewi Kunthi nangis mireng ature
putrane pambajeng, piyambake duweni firasat menawa ing perang tandhing mengko putrane
pambajeng bakal gugur ing alaga.
Wis tekan dina kang ditentokake perang tandhing antarane Adipati Basukarna Senapati Kurawa
musuh Raden Arjuna senapati Pandhawa. Adipati Basukarno nitih kereta dipun kusiri Prabu Salya
sesepuh Kurawa ya marasepahipun Adipati Basukarna, ewondene Raden Arjuna nitih Kereta dipun
kusiri Prabu Kresna sesepuh pandawa ya kakang iparipun. Karone katon gagah nganggo busana
kasenapaten, Kereta loro maju ing tengah – tengah peperangan Tegal Kuru Setra. Adu tandhing pada
ngetokake keprigelan olah gegamane arupa panah. Marga pada sektine mula mbutuhke wektu kang
suwe kanggo perang tandhing. Wusanane Adipati Basukarno lali ing panggraita, panah kang
dilepasake saka busure Raden Arjuna ora bisa dipapagi nganggo panah kang dilepasake Saka Busure
Adipati Basukarna. Panahe Raden Arjuna cumlorot playune tumancep ngenani janggane Adipati
Basukarna, anggane Adipati Basukarna ambruk depani bantala ing palagan Tegal Kurusetra gugur
dadi satriya kesumaning bangsa.

11. Perang Bharata Yudha iku perang antarane ….


A. Adipati Basukarno musuh Raden Arjuna
B. Adipati Basukarno musuh Raden Gatot Kaca
C. Resi Bisma musuh Wara Sri Kandhi
D. Bala Kurawa musuh Pandhawa
12. Apa bedane watake Kurawa lan Pandhawa?
A. Kurawa anduweni watak serakah ambek budi candala, dene Pandawa anduweni watak
apik berbudi bawa laksana
B. Kurawa anduweni watak apik berbudi bawa laksana, dene Pandhawa anduweni watak
serakah ambek budi candela.
C. Kurawa duweni watak kang licik kanggo ngrebut negara Ngastina, dene Pandawa
nganggo cara sing apik kanggo njaluk negara Ngastina.
D. Kurawa nganggo cara sing apik kanggo njaluk negara Ngastina, dene Pandawa duweni
watak kang licik kanggo ngrebut negara Ngastina
13. Apa sebabe Adipati Basukarno saguh kadapuk dadi senapati Bala Kurawa?
A. Marga duwe rasa gething lan sengit karo para Pandhawa.
B. Marga isin nolak ditagih janjine karo Prabu Duryadana.
C. Marga netepi janjine arep madeg dadi senapatineng bala Kurawa.
D. Marga Adipati Basukarno ratu Ngawangga isih wewengkon Ngastina.
14. Apa alesane Adipati Basukarna nolak panjaluke Ibune ora gelem kumpul karo sedulur-sedulure
Pandhawa?
A. Piyambake gadah panemu kudu mbales budi marang Kurawa sing ngopeni lan
nggulawentah piyambake kawit alit.
B. Piyambake nate janji yen nganti kedadian perang bharata yudha saguh madeg dadi
senapatineng Bala Kurawa
C. Piyambake gadah panemu yen Pandhawa dudu sedulure marga kawit alit sing ngopeni
lan nggulawentah Kurawa.
D. Piyambake gadah panemu dadi senapatineng Kurawa kudu perang tandhing karo Arjuna
Senapatineng Pandhawa. .
15. Perang tandhing antarane Adipati Basukarna musuh Raden Arjuna mbutuhake waktu kang suwe,
amarga....
A. Adipati Basukarna lan Raden Arjuna pada nitih kereta
B. Adipati Basukarna lan Raden Arjuna pada sektine
C. Adipati Basukarna lan Raden Arjuna pada gegaman panah
D. Adipati Basukarna lan Raden Arjuna pada bae senapatine
16. Sing njalari Dewi Kunthi nangis disowani Adipati Basukarno yaiku....
A. Adipati Basukarna isin marang Kurawa sing ngopeni lan nggulawentah piyambake
kawit alit.
B. Adipati Basukarna ora gelem kumpul karo sedulur-sedulure Pandhawa lan wedi ora dadi
senapati
C. Adipati Basukarna matur sing baku pandhawa isih tetep wutuh lima kula mboten
kumpul sedulur pandhawa mboten menapa
D. Adipati Basukarna nesu amarga kawit alit ora diopeni lan ora digulewentah ibune lan
pandhawa .
17. Gugur dadi satriya kesumaning bangsa.
Ukara ing ndhuwur tegese….
A. Mati dadi penghianate bangsa C. Mati dadi senapatine bangsa
B. Mati dadi pahlawan bangsa D. Mati dadi pangembating bangsa
18. Pandhawa iku lima cacahae. Pambarep arane Yudistira ratu ing Ngamarto, panegake arane
Bimasena kasattriyane Jodipati, panengahe arane Janaka kasatriyane Madukara, Wuragil Kembar
loro yaiku Nakula kasatriane Bumiretawu dene Sadewo Kasatriyane Sawojajar, Pandhawa sing
telu putrane Dewi Kunthi Talibarata dene sing kembar putrane Dewi Madrim. Bapake pandhawa
jejuluk Prabu Pandhu Dewanata ratu ing Ngastina,

Miturut punggelan cerita wayang ing ndhuwur, putrane Dewi Madrim yaiku….
A. Yudistira lan Bimasena C. Arjuna lan Nakula
B. Bimasena lan Arjuna D. Nakula lan Sadewa
19. Putra Pandhawa Papan Panggonan
1. Arjun a. Sawojajar
a
2. Nakul b. Jodipati
a
3. Bima c. Ngamarto
sena
4. Yudis d. Bumiretawu
tita
2. Sadewa e. Madukara
Pasangan kang trep antarane putra Pandhawa lan papan panggonane miturut tabel ing ndhuwur
yaiku….
A. 1-e, 2-d, 3-b, 4-c, 5-a C. 1-d, 2-e, 3-a, 4-b, 5-c
B. 1-b, 2-c, 3-d, 4-e, 5-a D. 1-a, 2-b, 3-c, 4-d, 5-e
20. Legendha sing dipercaya minangka asal-usule aksara Jawa, yaiku …..
A. Aji Saka C. Babad Tanah Jawa
B. Panji Laras D. Menak Jingga
21. Aksara Jawa iku cacahe ana … aksara
A. 5 C. 15
B. 10 D. 20
22. Pasangan aksara jawa iku cacahe ana ….
A. 15 C. 25
B. 20 D. 30
23. Bencana banjir lan tanah longsor iku biasane kedadian amarga alase gundul. Dadi ora bisa
nampung banyu udan. Mula yen kepingin ngatasi banjir masyarakat kudu gotongroyong
nganakake reboisasi nandur bibit kayu ning alas – alas kang gundul.

Tembung reboisasi iku tegese….


A. Nandur bibit kayu ana ing alas kang padha gundul.
B. Nandur bibit kayu ana ing alase masyarakat.
C. Nandur bibit kayu kanga lase lagi ditebang.
D. Nandur bibit kayu gotongroyong.
24.

Aksara jawa ing dhuwur munine…


A. latihan tarian jawi
B. latihan gendhing jawi
C. latihan aksara jawi
D. latihan tembang jawi

25. “Latihan hurup jawa “, tulisan aksara jawane kang bener yaiku….

A.

B.
..
C.

D.

II. Isinana cecak-cecak ing ngisor iki kanthi bener!

26. Para Rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing kahanan pandemi covid 19 kados sakmenika.
kita kedah tansah waspada njagi kesarasanipun badan. Kados sregep olahraga, ndahar
daharan ingkang bergizi, njagi kebersihanipun badan lan lingkungan.
Punggelan sesorah iku, miturut surasane kalebu perangan apa?
27. Kanca-kanca ingkang kula…, maturnuwun sanget sampun saged ngrawuhi acara ambal
warsa niki.
Tembung kang trep kanggo ngisi cecak-cecak punggelan atur panuwun para rawuh ing
ndhuwur yaiku….
28. Cekap semanten anggen kulo matur, menawi wonten lepatipun atur, kulo nyuwun agunging
pangaksama. Ukara kasebut kalebu perangan ….
29. Raden Janaka iku satriya panengah pandhawa. Duwe batur utawa rowang papat bapa lan
anak. Ki Lurah Semar bapake, ewondene anak – anake yaiku Ki Lurah Gareng, Ki Lurah
Petruk, lan Ki Lurah Bagong. Merga cacahe papat mulane diarani punakawan. Puna kawan
ngemu teges puna iku tegese batur, dene kawan tegese papat. Dadi puna kawan tegese batur
kang cacahe ana papat.
Diarani puna kawan amarga….
30. Wong sing gaweyane nabuh gamelan kanggo ngiringi pagelaran wayang arane….
31. Perang antarane Bala Kurawa musuh Pandhawa kasebut perang….
32. Para warga desa Jati Luhur pada gotongroyong ngresiki kali pinggir desane saka sampah lan
lumpur.
Apa tujuane Gotongroyong kang dilakoni warga desa Jati Luhur, ukara ing nduwur?
33. “Banjir uga bisa kadadean ana ing lepen.”
Tembung lepen nduweni teges ….

34. “Maca basa jawa” Tulisen ukara iku nganggo aksara jawa!

35.
ꦲ ꦤꦠ ꦠ ꦧ ꦱ
Tulisan latine yaiku….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor kanthi bener!


36. Pandhawa cacahe ana lima, sebutna!
37. Pagilaran Wayang Kulit malem tirakatan tahun wingi pancen luar biasah apike, wis dalange
kondhang, sindhene ya kondhang, wiyagane prigel lan pinter.
Tulisen ubarampe/peralatan lan sing maragakake ana ing pagilaran wayang kulit!
38. Apa kang diarani prastawa alam?
39. Tulisen papat prastawa bencana alam lan kang njalari kedadeane!
40. Tulisen ngaggo aksara jawa, ukara ing ngisor iki!
“maca buku”
KUNCI JAWABAN
SUMATIF AKHIR SEMESTER ( SAS )
TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : V (lima)

I. PILIHAN GANDA

1. C 11. D 21. D
2. D 12. A 22. B
3. A 13. C 23. A
4. A 14. A 24. B
5. B 16. B 25. B
6. C 16. C
7. D 17. B
8. B 18. D
9. A 19. A
10. D 20. A

II. ISIAN

- Isi sesorah
26.
- Isi pidato
- tresnani
- sayangi
27.
- kasihi
- kangeni
28. Panutup
29. - cacahe papat
30. wiyaga
31. Bharata Yudha
- Supaya ora kedadian bencana banjir.
32. - Supaya banyu kaline nek udan ora meluap dadi ora kebanjiran.
- Ora banjir.
33. Kali
34. ꦩꦕꦧꦱꦗꦮ
35. Ana tata basa

III. URAIAN
36. Yudistira, Bima, Arjuna, Nakula dan Sadewa.
1. Wayang kang maragakake Ki Dhalang/Pak Dhalang/Dhalang.
2. Gamelan kang maragakake/ kang nabuh Wiyaga/ para wiyaga.
37. 3. Sekar/Tembang/Genhing kang maragakake/ kang nembangake Sinden/Wira
Swara
4. Sound sistem/ Speker kang maragakake Tukang Soundsistem
38. Prastawa alam yaiku kadadean alam kang dumadi ana sawijining panggonan.
1. Bencana banjir disebabake alas gundul/ sampah
2. Tanah longsor disebabake alas gundul.
3. Gempa bumi/ lindhu disebabake gesere lempengan bumu/ ana gunung arep
39.
Njeblug.
4. Banjir lahar panas/ Udan watu panas/ Udan awu panas disebabake gunung
njebluk

40.

Anda mungkin juga menyukai