Anda di halaman 1dari 5

PENILAIAN AKHIR SEMESTER

SEKOLAH DASAR ISLAM HASANUDDIN 03

TAHUN PELAJARAN 2022/2023

PENGETAHUAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VI (enam)
Hari, Tanggal :

I. Wenehana tandha ping (X) aksara A, B, C, utawa D sing ana


sangarepe wangsalan sing koanggep paling bener!

Ragam Tradisi Syawalan Ing Jawa Tengah

Ukara syawalan asale saka syawal sing tegese salah siji jeneng sasi sing ana
ing kalender Islam. Sasi syawal yaiku sasi sakbubare sasi Romadhan. Ana ing
sasi syawal iku, wong Islam ing Jawa Tengah nganakake padatan turun
temurun sing wis dilakoni wong tuwa utawa leluhur jaman biyen. Padatan iki
sing kasebut tradisi syawalan. Umume tradisine yaiku padha silaturahmi banjur
padha jaluk ngapura siji lan sijine ana ing dina riyaya Idul Fitri. Nanging
syawalan ing Jawa Tengah ora mung salam-salaman jaluk ngapura, saben
daerah duwe tradisi dhewe-dhewe pinuju bada kupat utawa Syawalan sing tiba
ing 8 Syawal.

Para warga sing manggon ing Kaliwungu, Kendal, Jawa Tengah, rame-rame
gawe sumedya kupat ing omahe dhewe-dhewe. Para warga miwiti acara bada
kupat utawa Syawalan kanti ziarah anamakame almarhum ulama utawa kyai
sing diajeni lan diurmati para warga. Kaya makame Kiai Guru, sing ngedekake
Masjid Agung Kaliwungu sing uga dikenal asma Kiai Asy’ari.

Yen para warga Desa Krapyak, Pekalongan Lor, Kutha Pekalongan, Jawa
Tengah mengeti Syawalan kanthi gawe lopis raksasaa sing dhuwure udakara
rong meter sing diametere 150 cm. Beda maneh ana ing Jepara, para wargane
neybut Syawalan nganggo tembung Lomban. Acara diwiwiti saka dhaerah
pelelangan ikan, Ujung Batu, Jepara. Ing kono nyediani sajen arupa sirah kebo
lan werna-werna panganan uga sayuran. Sakwise dongan kabeh
sajediwenehke ana dhuwur kapal banjur dilarung ning segara.

1. Syawalan tegese ....


a. Ziarah makam ing sasi syawal c. Pangetan wiyose Nabi
b. Ziarah ana ing dina jumat d. Nganakake pasar malam
2. Tlatah endi wae tradisi syawalan sing digambarke ing wacan ....
a. Kaliwungu, Kendal, Jawa Tengah
b. Pekalongan
c. Jepara
d. Kaliwungu, Pekalongan, Jepara
3. Tradisi syawalan ing jepara arane ....
a. Ujung c. Lomban
b. Unjung-unjung d. Sejarah
4. Sakdurunge sasi syawal yaiku ....
a. Muharram
b. Rajab
c. Romadhon
d. Maulud
5. Syawalan ing Pekalonganarupa ....
a. Gawe lopis raksasa
b. Larung sesaji
c. Gawe kupat raksasa
d. Gawe opor ayam
6. Dina bada utawa Idul Fitri sasi Syawal tanggal ....
a. 1 c. 8
b. 5 d. 10
7. Syawalan tegese kegiatan sing dianakake ing sasi ....
a. Juli
b. Syawal
c. Kupatan
d. Pasa
8. Nalika syawalan pada silaturahmi kanthi ....
a. Salaman
b. Guyonan
c. Donga
d. Rebutan
9. Sekaten dianakake ing sasi ....
a. Syawal
b. Maulid
c. Sura
d. Muharram
10. Syawalan dianakake ing sasi syawal tanggal ....
a. 1
b. 5
c. 8
d. 10
11. Ing acara tingkepan ana gunting lawe utawa ....
a. Janur
b. Pring
c. Kain
d. Busana
12. Tingkepan dianakake nalika kandhutan .... sasi
a. 1
b. 5
c. 7
d. 8
13. Mitoni uga diarani ....
a. Tedhak siten
b. Tingkepan
c. Sunatan
d. Mantenan
14. Tradisi tegese ....
a. Acara syawalan
b. Padatan turun temurun
c. Salah siji sasi Islam
d. Acarane wong jawa
15. Ing ngisor iki tradisi syawalan ing Kaliwungu, Kendal, Jawa Tengah,
kajaba ....
a. Gawe lopis raksasa sing dhuwure udakara rong meter
b. Ziarah ing almarhum ulama utawa kyai sing diajeni lan diurmati para
warga
c. Larung sajen sirah kebo
d. Gawe tumpeng lan dhahar
16. Akbar dipun utus Bu Guru mundhutaken buku wonten meja. Yen didadekake
basa ngoko dadine ...
a. Akbar dikengken bu guru mendhetaken buku wonten meja
b. Akbar dikengken bu guru njupukake buku ana meja
c. Akbar dikongkon bu guru njupukake buku ana meja
d. Akbar diutus bu guru njupukake buku wonten meja
17. Pak Sutarno penggaweane saben dina gawe barang saka wesi. Tukang gawe
barang saka wesi diarani ...
a. Empu
b. Pujangga
c. Montir
d. Pandhe
18. Ukara ing ngisor iki sing kelebu ukara crita (ora langsung) yaiku ...
a. Ibu ngendika aku munggah kelas kudu sregep sinau
b. Ibu ngendika, yen kepengin munggah kelas kudu sregep sinau
c. Ibu ngendika menawa aku sregep sinau
d. Ibu ngendika sregep sinau, aku munggah kelas
19. Ibu tindak peken mundhut menapa? Tembung mundhut ngokone ...
a. Tuku
b. Njupuk
c. Njaluk
d. Lunga
20. Bapak dipunaturi dhahar rumiyin. Tembung dipunaturi ngokone ...
a. Diutus
b. Diajak
c. Dikongkon
d. Lunga
21. Mira : Ibu, kula badhe matur
Ibu : Ana apa ta Mir, kok sajak perlu?
Mira : Anu bu ..................
Ibu : Kayane dhek wingi wis diparingi bapakmu ta, kanggo opo maneh?
Bapak : lya bu, Mira mau atur yen arep tuku buku.
Ukara kang trep kanggo njangkepi cecek-cecek ing dhuwur yaiku …
a. Aku arep njaluk duwit c. kula badhe nyuwun arta
b. Kowe njaluko dhuwit d. kowe tak jaluki dhuwit
22. Ibu senengane mangan sega jagung, Yen di kramakna inggil dadi ...
a. Ibu remenane nedha sega jagung
b. Ibu remenane nedha sekul jagung
c. Ibu remenanipun dhahar sekul jagung
d. Ibu senenganipun dhahar sega jagung
23. Tujuan dianakake koperasi sekolah yaiku kanggo nggampangake murid golek
kebutuhan sekolahe, nglatih ketrampilan lan rasa tanggung jawab.
Surasane wacan ing dhuwur yaiku ...
a. Murid golek kebutuhan sekolahe c. Koperasi golek bathi
b. Tujuan Koperasi Sekolah d. Nglatih keterampilane murid
24. Dhek jaman penjajahan, uripe rakyat pada ....
a. Sengsara
b. Mlarat
c. Sara
d. nelangsa

25. Mas Budi pantes dadi Polisi amarga awake ...

a. Ayem tentrem
b. Kuru aking
c. Gedhe bagus
d. Gagah prakosa

II. Wangsulana pitakon iki kanthi pratitis!


Gawea ukara saka tembung ing ngisor iki!

26. Masak
Ukara = .............................................................................................
27. Maos
Ukara = .............................................................................................
28. Tumbas
Ukara = .............................................................................................
29. Mirsani
ukara = .............................................................................................
30. Ngendika
Ukara = ............................................................................................

Anda mungkin juga menyukai