Anda di halaman 1dari 2

SAMBUTAN LAMARAN (pihak perempuan)

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh


Muqodimah
Para Kyai ingkang kulo Hormati,
Para sesepuh pinisepuh ingkang kula hurmati
Khususipun dumatheng Bpk (Keluarga Pelamar)
Lan sedaya keluarganipun
Ingkang kulo hurmati.
Bpk ibu para rawuh sedaya ingkang kula hurmati.

Syukur Alhamdulila wonten ngarsanipun Alloh ta’ala


Ingkang sampun paring nikmat dumateng kula lan panjenengan,
Sahingga kita saget pepanggihan wonten dalem mriki
kanthi kawontenan sehat wal afiat

Sholawat ugi salam mugi kunjuk katur wonten ngarsanipun


junjungan kita nabi Muhammad SAW, kanthi waosan
Allahumma sholli wasalim wabarik alaih
Ing pangajab mugi kita sedaya benjang pikantuk safa’atipun.
Aamiin..

Wonten wekdal ingkang sae menika


Kulo mewakili Bpk (Hamengku Gati)
Matur agunging panuwun atas rawuh ipun
Keluarga Bpk (Calon Besan) lan sedaya kanca rombongan,
lan kalawau ugi sampun Kula midangetaken maksud lan tujuan kerawuhanipun
ingkang intinipun inggih menika mas (Pelamar)
putra kakungipun Bpk (Calon Besan) lan ibu (Calon Besan)
niat ngelamar putra putri nipun Bpk (Hamengku Gati) lan ibu (Hamengku Gati)

Pramila saking menika


Kula bade paring wangsulan, utawi jawaban
Saking maksud lan tujuan kalawau
Ananging langkung saenipun kita mirengaken langsung
Kados pundi wangsulan utawi jawaban
Saking putri nimas (Dilamar)

Nak, sampeyan wau wes miring dewe tho..


Yen rawuhe Bpk (Calon Besan) lan ibu (Calon Besan)
Duwe maksud ngelamar sampean,
arepe di olehne putra kakunge sing asmane mas (Pelamar)
opo nimas (Dilamar) gelem nompo lamarane mas (Pelamar)???
Alhamdulillah …
nimas (dilamar) purun nampi lamaran ipun nakmas (Pelamar)
kanthi suko bingahing manah,
sakmeniko kita tangletaken dumateng Bpk lan ibukipun nimas (Dilamar)

bpk ibu, menapa Bpk ibu setuju lan paring restu kalian pilihan ipun nimas (Dilamar)

Alhamdulillah …
Maturnuwun Bpk lan ibu sampun setuju lan paring restu dumateng nimas (Dilamar)
lan nakmas (Pelamar)
ingkang bade nindakaken prentahipun Allah lan Sunnah Rasulullah SAW
lan mugi pikantuk ridhanipun Allah SWT, aamiiin yra

Bpk ibu ingkang minulyo


Manga kita dungakaken
mugi-mugi sedaya urusan sak lajengipun di lancaraken kalian Allah SWT
lan rumah tangga ingkang dipun bangun benjeng
mugio dados rumah tangga ingkang Bahagia, Sakinah mawaddah warrahmah aamiin…

Mbok bilih cekap semanten


sambutan mewakili Bpk (Hamengku Gati) lan ibu (Hamengku Gati)
nyuwun pangapunten menawi wonten atur kula ingkang kirang mranani ing penggalih
lan ugi nyuwun ngapunten menawi anggen kulo paring pahurmatan wonten kekiranganipun.

Mugi-mugi pepanggihan wekdhal menika pikantuk ridhanipun Allah SWT

Wallahul muwafiq ila aqwami thoriq


Wassalamu’alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai