Anda di halaman 1dari 2

LATIHAN SOAL

Nama : Kelas :

Wacanen crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-5

Tandur Pari
Indonesia diarani negara agraris. Negara agraris yaiku
negara kang saperangan gedhe wargane golek pangupajiwa
saka asiling tetanen. Indonesia sejatine negara kang gemah
ripah loh jinawi. Tegese kahanan lemah kang subur lan bisa
dadekake wargane dadi makmur, ayom ayem tentrem.
Salah sijining asil tani kang dadi kebutuhane masyarakat
yaiku beras. Mula, ora gumun menawa ora sethithik beras kang
kudu diasilake. Dene kang kajibah nyukupi kabutuhan beras
negara ora liya ya among tani. Kanthi cara nggarap sawah lan
nandur pari.
Nandur pari kui ana tata carane yaiku nyebar winih, gawe
bedhenan, ngluku, ndhaut, tandur, sawise ditandur, tanduran
pari bakal tuwuh ngrembaka kurang luwih 3 minggu. Ing wektu
kui, tanduran pari kudu oleh banyu kang cukup, dirabuk, lan
diwatun utawa digosrok. Pari paling cepet isa dipanen udakara
telung sasi.

1. Indonesia diarani negara?


2. Indonesia sejatine negara kang ….
3. Salah sijining asil tani kang dadi kebutuhane masyarakat
yaiku …..
4. Tuwuh tegese yaiku …..
5. Tanduran pari bakal tuwuh ngrembaka kurang luwih pirang
minggu?
6. Negara agraris yaiku…..
7. Mangsa ketiga yaiku ……
8. Apa kang diarani pranata mangsa kui?
9. Gemah ripah loh jinawi tegese ….
10. Tanduran apa kang ditandur ing mangsa ketiga?

11. Nandur pari kui ana tata carane yaiku ……


12. Pranata mangsa yen dikelompokake dadi patang mangsa
yaiku …..
13. godhong pqri arane …..
woh so arane ……..
14. Gawea ukara saka tembung ing ngisor iki !
a. Panen
b. Tuwuh
c. Subur
15. Apa bedane mangsa rendheng lan ketiga?

Anda mungkin juga menyukai