Anda di halaman 1dari 2

Nama Kelompok

: 1. Tania Safitri
2. Andaresta O.
3. Chaidir Fahmi L.
4. Reza Aji W.
5. Rima Febriani
6. Ristiana
7. Nurul Andhika D.N

Kelas

: XI.IIS 3

Assalamualaikum wr.wb, Sugeng Enjang

Para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kinurmatan. Sederengipun


sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Agung awit
sih nugraha ingkang kaperangaken dhumateng kita sedaya, saengga siang/ ndalu
menika, kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika
kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.
Salejengipun, kula minangka ketua panitai penyelenggara pangetan dinten
Kartini ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang
sampun nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar
dhumateng panjenengan sedaya.
Para rawuh sedaya, sampun kita mangetosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos
nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kia
pangeti minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mangeti
perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita
Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajatipun priya.
Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita bangsa Indonesia tansah
wonten ing pangitan. Para wanita boten dipun keparengaken sekolah. Boten
kepareng gadhah pedamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita
sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.

Asli perjuangane Kartini pranyata saestu saged kaleksana. Samenika sampun


kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi
pemimpin, menteri, presiden, kados Ibu Megawati Sukarnputri presiden Republik
Indonesia ingkang kaping gangsal.
Saumpami Kartini taksih sungeng remen priksa kawontenan kaum wanita ing
wanci menika. Hak-hakipun sami kaliyan para priya. Nanging kados pundi menawi
wonten wanita ingkang kathah sami ngrokok, mawi rasukan ing kawastanan modern,
saengga kirang ngngeti tata krama ? menika mboten nama emansipasi ! Mekaten
wau boten ateges emansipasi menika malah nerak tata krama.
Emansipasi ingkang dipun kersakaen Raden Ajeng Kartini inggih menika
ngengingi hak ing panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi
priya saged sinau ing pawiyata luhur, wanita inggih dipun parengaken wanita boten
namung pawon, masak, lan ngrimat putra kemawon.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, menawi [para wanita sampun sami
nyambut damel kangge majengken ngari utawi agami. Nanging mboten kesupen
wanita gadhah jejibahan nggklawentah putra ing kaluwargane lan ugi makarya
tandha darma bektinipun datheng negari.
Namung menika ingkang saged aturaken mboten kesupen kula aunging
panuwun dhumateng para rawuh ingkang sami nyengkuyung pangetan menika
kanthi biyatu arupi menapa kamawon. Mugi sedaya wau pikantuk piwales ingkang
murwat saking Gusti ibgkang Akarya jagad.
Menawi anggen kula matur nuwun wonten kalepatan sha solahbawa ingkang
kirang mranani penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun pangapunten.

Wasalamualaikum wr.wb, Sugeng Enjang

Anda mungkin juga menyukai