Anda di halaman 1dari 2

NAMA : WANDA SELFIANA

NOMOR : 27
KELAS : 9 A

Pembukann Pidato Hari Kartini

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun,
sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad,
awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu
menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi
raharja mboten kirang satunggal menapa.

Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini


ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun
nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng
panjenengan sedaya.

Isi Pidato Hari Kartini

Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika
tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti
minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden
Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged
sami kaliyan drajating priya.

Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing
pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah
padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun
kaliyan kaum priya.
Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika
sampun kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi
pemimpin, kados Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang
kaping gangsal.

Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum
wanita ing wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang
dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami
antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita
inggih dipun parengaken. Wanita mboten naming ing pawon.

Penutup Pidato Hari Kartini

Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut
damel kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah
jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma
bektinipun dhateng negari.

Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken
agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan
menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya wau pikantuk piwales
ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.

Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani
penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai