Anda di halaman 1dari 2

Alamku

Alam ingkang aku tresnani


Aku nyuwun pangapura
Amarga wes ngrusak rupamu
Wit-witan wis jarang ditemukake
Nanging, gedung padha ngadeg jejeg saambane dalam

He manungsa!
Yen aku nangis kowe padha susah
Banjir, kuwi tangisanku
Aku nangis ora tanpa sebab
Aku nangis amarga lelakumu

He manungsa!
Ojo kok rusak aku maneh
Aku bakal dadi apik yen awakmu apik
Ayo padha njaga aku
Lang gawe tentrem negara iki

Dening :
Syafira Rohidatul Aisy
X IA 6 / 37
( Banyuwangi, Januari 2017 )
Angka ing Duwur Kertas
Tipis lan akeh maceme
Reno-reno rupane
Duit..duit..duit
Yen ora ana awakmu, aku bisa susah
Yen ora ana awakmu, atiku bisa nelangsa
Duit..duit..duit
Urip iki ora tau adoh saka duit
Arep apa wae butuh duit
Duit ora selawase nyenengake
Perkara bisa teka amarga duit
Perkara teka, urip sengsara
Dening :
Syafira Rohidatul Aisy
X IA 6 / 37
( Banyuwangi, Januari 2017 )

Anda mungkin juga menyukai