Anda di halaman 1dari 1

Bersih desa

Langsung menyang: pandhu arah, pados

Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar
panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen
lan kasile apik.

Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo
upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.

Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje
miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae.

Sajarah
Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai
dewi pari merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib
disyukuri.

Tujuan
Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen
pari sing melimpah
Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib,
roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit,
keamanan lan bencana.
Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya
kaadaan desa dadi tentrem lan aman.

Prosesi
Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi
upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe antarane:
janur kuning, kembang setaman, kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar,
bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari sing wis dipetik digotong
neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara
lanjutane sing umume digawe saka godhong antarane godhong kluwih, dhadhap
serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing
godhong iku nduwe fungsi lan makna.

Anda mungkin juga menyukai