Anda di halaman 1dari 1

P : Wiwit saking tahun pinten Bapak mbikak usaha sepatu niki?

N : Saka tahun 1995

P : Pripun awalipun Bapak mbikak usaha niki?


N : Mbiyen jaman cilik, bapak kuwi sekolah ora tau nggawe sepatu, banjur mbukak pakaryan iki,
kanggo bocah-bocah sing isih sekolah ben iso nggawe sepatu kabeh.

P : Napa kemawon bahan kagem ndamel sepatu, pak?


N : Ana werna-werna. Ana sing saka kulit asli, ana sing saka suede, ana sing saka kulit buk, lan kulit
lak. Sing anyar yaiku sepatu nggawe bahan karet lan kanvas.

P : Saking werna-werna bahan niku reginipun sami punapa benten, pak?


N : Yo, jelas beda. Sing kulit asli regane luweh dhuwur dibandingake sing bahan liyane.

P : Punapa Bapak mbukak cabang?


N : Cabang pabrike ora ono, ananging cabang tokone akeh.

P : Dados mboten pabrik kemawon? Bapak nggih mbikak toko?


N : Iya, le. Ana 10 toko.

P : Pinten karyawan ingkang nyambut damel pak?


N : Ing pabrik kurang luweh ana 50 wong. Ing saben toko kurang luweh telung wong.

P : Pinten sepatu ingkang saget didamel saben minggu, pak?


N : Kurang luweh 2000 sepatu.

P : Punapa ingkang dados alangan pakaryan sepatu niki?


N : Kadang bahan sepatune angel digoleki, dadi sak iso mungkin ngganti bahan sepatu lan regane
medun utawa malah munggah.

P : Punapa kaluwihan bisnis sepatu niki?


N : Kanggo biaya sekolah anak, kanggo biaya urip kulawarga, lan sak pituture.

P : Inggih sampun, pak. Cekap mekaten, maturnuwun sanget criyosipun. Nuwun sewu menawi
ngerepoti Bapak.
N : Ya le, padha-padha. Muga manfaat apa sing bapak critakne.

P : Wassalamu`alaikum Wr Wb
N : Wa`alaikumsalam Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai