Anda di halaman 1dari 53

Program kerja

2.3 HASIL LAPANGAN

A. Rumah dudur milik Bpk Pujianto

B. Rumah dudur-kampung milik Bpk Atmo

C. Rumah dudur-limas milik Bpk Gito


Program kerja
ii

D. Rumah dudur-dudur milik Bpk Sarto Wijoyo

Sasaran objek rumah kali ini adalah rumah tradisional tipe dudur dudur. Setelah
pendataan survey, untuk tipe rumah dudur dudur Di Desa Munggang sari ini hanya ada
sedikit. Tipe rumah dudur dudur yang kami tuju yaitu berada di RW 2, Tepatnya di RT 1
Rumah milik Bapak Saryo Pawiro. Bapak Sarto Wijoyo adalah salah satu yang memiliki
rumah tipe dudur dudur yang statusnya sebagai warga Desa Munggangsari, beliau
berusia sekitar 74 tahun yang mata pencahariannya sebagai petani Di Munggangsari ini.
Rumah ini adalah peninggalan dari orang tuanya.

Rumah Bapak Sarto Wijoyo

1. HASIL PENGAMATAN
Program kerja
iii

Gbr 1a. Foto tampak depan bangunan Gbr 1c. Foto tampak sisi kiri depan
bangunan

Gbr 1b. Foto tampak sisi kanan belakang Gbr 1d. Foto tampak sisi kiri belakang
bangunan bangunan
Program kerja
iv

2. HASIL PENGUKURAN
Program kerja
v
Program kerja
vi
Program kerja
vii
Program kerja
viii
Program kerja
ix
Program kerja
x
Program kerja
xi

3. HASIL WAWANCARA

Rumah dudur-dudur-kampung milik Bpk Sarto Wijoyo

REKAMAN
Nara Sumber : Bapak Sarto Wijoyo
Objek : Rumah Dudur Dudur

F > Kulonuwun pak, ngapunten pak, ingkang sepindah kulo lan rencang rencang badhe
silaturahmi wonten riki,
Q > Gihh, alhamdulillah
F > Ingkang kalihipun niki badhe nyuwun ijin, badhe pados informasi griyo dudur ipun
jenengan pak, foto foto lan ukur ukur griyo dudur panjenengan,
Q > Ow gihh, ajeng ngukur?
F > Dados niki pak, niki kulo lan rencang rencang saking Yogya, saking universitas
widyamataram, wonten kkl ten munggangsari meniko, niki badhe analisa griyo dudur
wonten deso niko,
Q > Gih, ten gene pak lurrah nopo sinten?
F > Niki tileme ten gene Pak misro
Q > Ooo.. ten gene Pak misro, Pak Bayan,
Niko putu lurah, pak bayan misro,
F > Pak misro niko gih, oo..
Q > Gih monggo, ajeng sakniki nopo benjang, kajengipun jelas
F > Gih pak, dadose wau niku sampun mriki, wau sampun ngukur ngukur ingkang jobo,
dadose kirang ingkang dalem, wau siang bapak mungkin teseh ten sawah,
Niki Pak sakderenge ajeng tanglet tanglet riyen,
Q > Gih, nopo mas
F > Nek griyo niki sek bangun panjenengan kiyambak nopo..? (langsung di potong)

Q > Niki tinggalan, nek rumiyin niko bapak kulo asli nambangan, niki kulo aturke, lajeng
wonten kerto jayan, wonten kerto jayan mboten kraos, lajeng ceritane gih ngawulo lah, buruh
nuntun sapi ten peken, lajeng biso tuku pomaan ten riki... niko didol, nambangan gih riko didol,
ge tuku kertojayan sek murah, lajeng niki di turunke saget mencarke anak anak sedoyo.
W > Dadi niki riyen tumbas posisine pun ngoten niki gih?
Q > Gih, riyen kalih niki tumbas sedoyo, dados sek pendopo ngajeng niki pendopo lurah
niku dudu kilen, lajeng sek wingking niko tukunipun dudu wetan.
F > Nek meniko le damel, le masang niko wingkeng riyen ngajeng riyen gih pak..?
Q > Wingking riyen, lajeng biso tuku omah riki, la bapak niku yaa saumpami enten griyo
dudur gih ajeng bodo niko kulo purun, la dilalahe dudu kilen niku pendopo lurah didol, la niki
sakane niko boten petel, boten di pasah.

F > terus kolo riyen mindahe saking asale mriko pripun?


Q > gentosan, dadose riki dadi, lajeng riko ler gawe, pekarangan sek di nggeni ponakan
kulo, niku majeng ngidul, nah wingking niku gih gawe bapak kulo, itange gih caose tiyang cukup
lah bapak kulo.
F > dadose niki sek ngajeng pindahan gih ?
Q > pindahan saking kulon,

F > nek riyen pindahan di petil petil niko?


Program kerja
xii

Q > halah gih unsung, beto tiang di pangguli..

H > Terus niko pas ngusung niku menawi molo ne niko pripun le ngusung niku pak,
Q > napane ?

F > molo, ee niko dodo peksi niko pak,


Q > dodo peksi, dodo peksi niko damel, niku damelane tiang kertojayan

F > nek le mindah niku enten coco coro khusus mboten?


Q > gih coro biasa mawon lah, slametan ngobaran, tapi kulo di tilar tiang sepuh tahun
1962, lajeng simbok 1972, lajeng kulo omah omah duwe anak 5 niku tahun 2000 tiang setri
mboten purun brayaan,

H > nek jenengan asma lengkappipun sinten gih?


Q > sarto wijoyo, alias sarwoji,

F > nyuwun sewu mbah, nek yiswonipun pinten gih?


Q > kulo lahir 1929, dadi gih 86 nopo gih?

F > ooo.. gih, 86 mbah


Q > tapi rencang rencang pun boten enten sami,

W > nek niki soko sekawan niki enten sek benten boten pak,
Q > sokone ? gih wonten, tapi niku kulo aturke tiap didandani niku yakin raga

w > Maksute mbah?


Q > maksute duko pripun duko pripun tapi niku enten carane, ketan langgangan pasar,
peyek gorengan pasar, tempe bacem gorengan pasar, niku ming salah winginane tesih di bangun
tahun 99 niku kulo jawah piyaambak, kulo ajeng nyebreti niko, pas kulo penek kok grepek
putung, tibo..

F > dadose jawahh?


Q > nggih, la niku wing sing tahun 99 niku namung di gawekke tok, ketan di gawe dewe, d
goreng dewe, tempe bacem di gawe dewe, peyek gih gawe dewe, mboten purunn..
Ning niki seng kidul kilen sek elik dewe, sokone niko,

F > woo, sokone niki gih?


Q > nik kulo gih, asing kalih bangunan niko maune kok anget hawane, sok sok mbengeng..
F > nek menawi bangunan wingking?
Q > wingkeng tumbasan riki mboten nopo nopo,

F > oo malah boten nopo nopo,


Q > gihh, boten nopo nopo, nek ten tesih katah griyo dudur,
F > gih pak, niki kulo kalih rencang rencang sampun survey, tanglet tanglet, la niki survey
ten gene jenengan, nek riyen niku atapipun nopo gih pa griyo dudur niko?
Q > atape riyen alang alang, dereng enten genteng, gih enten genteng tapi namung
setunggal kalih griyo, tapi kulo menangi kulo lahir tesih dipayoni alang alang,

F > oo, tesih alang alang gih,


Q > empyak e niku empak getekan,

F > getekan? Empring ditoto niko?


Q > gih, ditoto niko, di toto getek ngeten, mlumah ngeten,
Program kerja
xiii

F > oo, mlumah ngeten dadi empyak mlumah terus duwure alang alang ngoten gih?
Q > anu duwure alang alang, diwelit, riyen niku dadose ulet koyo kados gendeng kok, awet
dadi boten tampu, boten trocoh,

F > nek menawi atape alang alang, terus wuwunge niku ngagem nopo gih?
Q > wuwunge gih alang alang,

w > woo gih ngagem alang alang gih, dados sedoyo alang alang gih? boten bocor gih?
Q > boten borot, menangi kulo, niki reyen ngagem alang alang, empyak ke getekan, ditoto
ngeten, ditaleni ngagem duk, niku riyen

w > empakke ngagem bambu pring niku gih ?


Q > enggih, lajeng sareng didandani kulo gede jaluk bambu, bambu lajeng kulo dandani
dewe, gantu kayu,

F > tahun pinten gih, ganti kayu niku


Q > nek boten salah tahun 36, kulo sampun mlebet sekolah kok,

W > nyuwun sewu mbah niki bande nyuwun foto kalih ngukur ngukur griyoniko,
Q > oo gih monggo monggo, dodone peksi niku batik niku, ukir... niki galih sedoyo niki,
galih tewel

F > galih tewel niku nopo mbah?


Q > galih tewel, nongko niko

F > oo, kayu nongko niko mbah?


Q > ngihh kayune..

H > rumiyen pas pasang niki, ngandape kolom niko diparingi koin niko boten gih mbah?
Q > benggol kecrik riyen, jaman yulianah nopo riyen,

H > benggol kecrik?


Q > gihh, benggol kecrik ten umpak niki, pendak umpak riki, tem jero sedoyo

H > pinten gih benggol kecrik niku mbah?


Q > dados limang sen nan, lajeng benggolan, sebenggol, (rong sen setengah)

H > menopo melih niko mbah,


Q > niku, gih sampun.. nek tiang cukup gih ngangge tengaan, niko sek ge mainan ten
ngesak niko, eee emas,

H > oo, gihhh.. niki nopo gih mbah, niki ge gedek gih?
Q > nopone?

H > gihh nopo niki


Q > ee opian, opian ge tutup..

H > menawi temboke niku pun ngagem boto gih,


Q > gih, ket awal bangun niko pun ngagem boto,
Jedaa sambil ngukur bangunan
H > mbah, ten duwur soko guru niku enten kaine gih?
Q > gih, niku embyan
Program kerja
xiv

H > embyan, dados sareng kalih masang koin ne niko gih?


Q > la nggihh, la niku pun dangu sak umuran kulo niku..

H > nyuwun sewu mbah.. niku wau ten wetan omah enten cakar pitik ten duwur kusen
niku nopo gih mbah?
Q > nopo sampun pirso?

F > sampun, wau kan ten jobi sampun nonton nonton..


Q > cakar pitik meniko gih kantunan tulakan, gih kantunan kulo seneng adu pitek, niku
pitik pun menang ping 6, lajeng kulo go bali ten ngomah pun waras ajeng kulo angkate adu
melih niku mboten sakit ujuk ujuk klabak klabak pejah, ljeng kulo ketok cakar e kulo paku ten
riku..

W > Sakniki pun boten enten gih mbah ten riki?


Q > nopone?

W > gih, nopo niku wau adu pitik niku?


Q > ten riki pun boten enten, gih nek ten kalimantan tesih katah, anak kulo 3 sek ten
kalimantan, bar bodo ajeng bali, niliki le gawe omah kulon kui (anaknya yg d kalimantan bangun
rumah di sebeah barat rumah dudur)

h > oo... nek niku panin e jenemgam gabah gih?


Q > gih niku gabah, kulo niku sediake mawon, jagung gih enten sak bagor niku, sakonten e..

h > mboten kagungan lumbung nopo mbah,


Q > mboten, namung tiyang biyen niku..

h > nyuwun sewu mbah niki, rumiyen nopo jenengan nate dados nopo, koyo pak bayan
nopo pripun ngoten?
Q > mboten purun, anak kulo mboten remen, anak kulo pun mboten nganggo ujian ujian
ngoten pun dados lurah tapi mboten gelem, ponakan kulo pun dadi lurah, lajeng kulo riyen nate
ten tebu, ten proyek tebu, 8 tahun lajeng anak kulo ponakan dadi lurah kulo leren, nko nek rugi
ndak di pangan lurah he karo bapak e ngoten.. ten pertanian..

h > nek niki kamar ge sare jenengan gih mbah?


Q > gih, niki kulo, la nek sek niki niko wau anak kulo sek kulo peroni saiki, niko mantu..

F > ngapunten mbah, nek menawi griyo sek wingkeng saget mlebet boten gih, ngukur
ngukur..
Q > oo mboten sah mawon.. wingking pun bodol kok,

h > menawi mundut fotonipun saget mboten mbah?


Q > sagett.. ,o mboten sah mawon, ee men lah koe rausah, pun cekap lah, gene ngeres ge
turu pitik niku.. ngeress...
Nek riki munggang sari kinten mboten enten sek dobel? Griyo dudur? Sek kados ngoten niki
mboten enten?

w > enten...
Q > gene pak lasikun?

F > gih, ler dalan niko?


Q > gene pak lasikun, sek ngajeng ngaler niku gih mburi dudur ngajeng dudur..
Program kerja
xv

h > nyuwun sewu mbah, rumiyen ingkan dados lurah niku pripun gih?
Q > kulo mengi gih.. niku lurah sanitiko, sariyun, lasimin, mujiono, pariyo.. gih niki enten 6

F > nek lurah niku pinten tahin pisan gih?


Q > 6 tahun.. nek riyen 12, lajang lasimin 15, lajeng 35 niku bapakne pak ganjar, lajeng 15
lasimin, lajeng sedoso tahun, lajeng sak niki mudun melih, 6 tahun 6 tahun..

F > nek kadus niko, nopo pak bayan niko pilihan nopo mbah?
Q > mboten.. mboten enten sek pilihan, gih niku rak sami ponakan kulo rakyat di temoke
ten balai dusun, wis kudu milih iki, ngoten manut, mboten enten pilihan,

F > pak bayan gih ngoten niku?


Q > pak bayan gih boten, polisi gih boten, kaum boten, ming tetepan,

h > sik saget netepke niku sinten gih mbah,


Q > lurah, bale deso.. bale deso niku deso lajeng rakyat deso niku muni “wis cukup, apik,
apik” ngeten pun kanggo, mboten pilihan, kakean ragat.. pilihkee, nek dudun dusun liane niko
gih pilihan, entek sejuta ngoten mboten dadi,

h > Nek niko mbah, nek pemilihan lurah niku kadose pripun gih jamane simbah riyen?
Q > niku kudu tuku rakyat, gih nek sek duite akeh etuke biting akeh,

F > kadose pripun mbah tuku biting niku?


Q > laa milih, iki duite sepuluh ewuu, sek iki gur limang gilo.. kan milih sek sepuluh ewu,

F > la nek ngagem biting niku pripun mbah?


Q > nganggo biting? Niku bumbung.. go tenger..
Program kerja
xvi

E. Rumah Bapak Saryo Pawiro

Sasaran objek rumah kali ini adalah rumah tradisional tipe dudur dudur limas.
Setelah kami survey, untuk tipe rumah dudur dudur limas Di Desa Munggang sari ini
hanya ada sedikit. Tipe rumah dudur dudur limas yang kami tuju yaitu berada di RW 2,
Tepatnya di RT 1 Rumah milik Bapak Saryo Pawiro. Bapak Saryo Pawiro adalah salah
satu yang memiliki rumah tipe dudur dudur limas yang statusnya sebagai warga Desa
Munggangsari, beliau berusia sekitar 74 tahun yang mata pencahariannya sebagai
petani Di Munggangsari ini. Rumah ini adalah peninggalan dari bapaknya.

Rumah Bapak Saryo Pawiro


Program kerja
xvii

1. HASIL PENGAMATAN

Gbr 1a. Foto tampak depan bangunan Gbr 1c. Foto tampak sisi kiri depan
bangunan

Gbr 1b. Foto tampak sisi kanan belakang Gbr 1d. Foto tampak sisi kiri belakang
bangunan bangunan
Program kerja
xviii

2. HASIL PENGUKURAN
Program kerja
xix
Program kerja
xx
Program kerja
xxi
Program kerja
xxii
Program kerja
xxiii
Program kerja
xxiv

3. HASIL WAWANCARA

Rumah dudur-dudur-kampung milik Bpk Sarto pawiro

REKAMAN
Nara Sumber : Bapak Saryo Pawiro
Objek : Rumah Dudur Dudur Limas

Hari :nyuwun sewu pak, naminipun bapak wau sinten gih?


P.Saryo:nami kulo sarwo pawiro
Hari :yuswonipun pak
P.Saryo:74 tahun
Hari :niki pak bade tanglet tanglet griyo dudur meniko, menawi griyanipun wiwit tahun
pinten gih le bangun nikopak
P.Saryo:wah niki ukuranne ngeh le gawe niku ukurane tahun 50 niki
Hari :tahun 50 ngeh?
P.Saryo:ngeh, mbiyen lak dabak terus dibangun dadi gedong
Hari :dabag ni ku pripun pak?
P.Saryo:dabag niku gedhek, gedhek dabak
Wisnu :dadi dindingnge niko ngeh pak?
P.Saryo:ngeh bapak kulo rak onten rejeki lek digedong
Wisnu :bapak’e niki sinten ngeh pak?
P.Saryo:bapak kulo?
Hari :nggeh
P.Saryo:mbah wono rejo
Hari :wiwite mbagun ngeh sakeng ngriyo ngajeng nopo wingkeng niki?
P.Saryo:ee wingkeng riyen lajeng damel ngajeng onten rejeki damel niki
Hari :siseh wetan niku nggeh?
P.Saryo:seng niki?
Hari :enggeh seng ngo damel...
P.Saryo: kuwi, kandang sapi kandang wedos
Hari :seng samping niku pak?
P.Saryo:niku dapur utawi pawon
Hari :barengngan kaleh seng wingkeng niku ngeh?
P.Saryo:mboteng, pawon niku gawean tahun 65
Hari :65 nek seng bangunan sek ngriyo....
P.Saryo:kuwi ukurane 50
Wisnu :peninggalan sakeng bapak ngeh?
P.Saryo:ngeh kulo ra isoh ngawe, gur sak niki ra isoh gawe mas soal’e niku kayune usuk’e
sak reng’e niku kayu nek sampean ra ngerti niku kayu mundung

Hari :mundung niku?


P.Saryo:mundung niku sek woh’e koyo nopo niku seng manggan’e diceplus’i niko sebangsa
duku
Hari :ooh sebangsa duku nggeh?
P.Saryo:nggeh neg cilik-cilik niko
Feri :sakniki pun mboten enten nggeh pak?
P.Saryo:mboten enten si mundung niku, niku gawean le ndamel tahun 55
Feri :55?
P.Saryo: nggeh le mbangun niku nduwur
Program kerja
xxv

Feri :nak teng riki nak seng ngo ndamel weber nak liyane kayu mundung nopo mawon
pak?
P.Saryo:nggeh sakniki seng penting nak coro riyen kulo matur niku nggeh kayu galeh
nongko niko sakniki rak ra ono seng nganggo kayu sak niki rak nganggo cor
Hari :enggeh nak sak niki, menawi kagem antep’e niku riyen ngagem nopo ngeh pak le
damel niki?
P.Saryo:nopone?
Hari :atep tutup niki gendeng’e?
P.Saryo:gendeng’e gendheng jaman riyen sanes gendheng press gendheng kuno
Wisnu :gendheng kripik niko ngeh pak? Dhedhe?
P.Saryo:lah niko gendheng niku ngedheng niku nopo jeneng’e?
Hari :kripik
P.Saryo:enggeh ha ha ha ha.... ngeh kulo nyeluk’e gendheng kuno
Feri :dadi sanes nopo? alang-alang ngeh pak?
P.Saryo:sanes mengkeh nak duwe rejeki ganti gendhen gedhe mugi-mugi, tinggalane tiang
sepuh kulo mboten tego buboh. Ndadani reng karo usuk niku nak ra nduwe sapi siji
ora isoh mas
Feri :meng reng kaleh usuk tok?
P.Saryo:ngeh nk mboten duwe sapi siji mboten isoh soal’e nopo-nopo larang. Niki le nganu
teng jogja kuliah’e?
Hari :enggeh kuliah’e teng jogja. Nyuwun sewu sagget nyuwun foto kaleh video ne
mboten nggeh mbah?
P.Saryo:oh monggo-monggo difotoni,niku mangke difotoni tengah niku
Hari :dodopeksine niko di ukir nggeh mbah?
P.Saryo:lha mestine wong riyen niku tumbas
Hari :oh tumbas?
P.Saryo:enggeh niku tumbas eh dilalah kok pas mboten ngarani ngalor ngidul’e
Hari :dadi pas sampun didamel joglone ngeten langsung tumbas mejo kursine?
P.Saryo:enggeh ditawani sedulur njuk kulo tulik’i kaleh bapak kulo, kulo ukur kok pas
Hari :nyuwun sewu mbah niki rencang-rencang kaleh bade ngukur-ngukur griyanipun
P.Saryo:ooh monggo-monggo
Hari :eh niko kok wonten kain?
P.Saryo:endi?
Hari :sek ngen kolom, duwur niko
P.Saryo: niki?
P.Saryo:ngeh
P.Saryo:kaleh adat jowo rak ono opo jeneng’e
Hari :tapi wonten mben kolom niku enten nggeh mbah?
P.Saryo: riyen enten. Ajeng ngo nopo to kok difotoni?
Hari :kagen nge penelitian nikikan ngriyo dhudur mboten enten seng ngelestariaken
P.Saryo:griyo seng larang apik banget niku nk kaleh griyo dhudur niko isek serem niki
Hari :Upak’e niku ngeh ditinggali arto koin niko pak pas ndamel’e?
P.Saryo: ndamel’e ngeh koyo ndamel umpak
Hari :mbok bilih ngawetke kayu niku kayune dipripunke nggeh pak?
P.Saryo: ngeh nalurinipun mileh kayun tuwo le negor mongsone seng apik coro wong
mbiyen, lh niki 55 sepriki pun pinten tahun?
Hari :pun setengah abad
P.Saryo:mbien rak reng’e niku do tempuk ngoten njuk kulo tuku reng kulo ngarani kayu
kalimantan larang wengi payu oleh wulu rembukan ro tukang’e usuk’e gendheng’e
ugo sak empyak kulo diundang,nek sek anyar karo sek amoh nek bapak nyong
milih sek amoh reng’e tapi seng kalah pakune
Hari :amoh niku seng?
P.Saryo:niku seng ajeng kulo genti
Hari :ooh dadi seng bekase seng lawasan nggeh?
Program kerja
xxvi

P.Saryo:hoo seng lawas, njuk dipakuni ,lha nek niki umpane entuk selonjotan nek umpane
oleh gendheng jaman saiki niku 80 taun dereng amoh
Feri :nek meniko pawidhangane ket riyen nggeh?
P.Saryo: pawidhangan ki opo?
Feri :pawidhangan ki sandhing-sanding’e doto peksin niku pak
P.Saryo:seng ijo-ijo niku ?
Feri :enggeh pak
P.Saryo:nggeh ketriyen niku
Feri :ooh ngoten niko
P.Saryo:neng wingenane nduwur niku lowo tok
Hari :niki kayune mundhut saking pundi?
P.Saryo:niki kayune saking pasaran ukir sari

Hari :niku kok wonten bolongan?


P.Saryo:niku rak riyen ditumbaske gebyog,nanging nduwur’e kurang pas sekilan
Hari :sek teng ngajeng niki mundhut’e pun benten nggeh
P.Saryo:haa benten niku,lha niki wong ngadek’e,njuk nek kanan kalih kiri niku saking jogja
nopo pundi ngoten,niki blandare rak mundhung
Hari :mundhung niku?
P.Saryo:nggeh seng kulo aturke,dadi blandar,reng,usuk,niku kayu siji.niku blandare saking
kayu kalimantan
Hari :oh seng di cet abang niku nggeh?
P.Saryo :bangunan 93 dadi ora menangi amoh’e
Hari :bangunan 93? Nek sek joglo niki bangunan tahun pinten nggeh pak?
P.Saryo:55,paling pol niku taun 65
Hari :tambah ten wetan niku nggeh? Rumiyen nek damel griyo saking wingking rumiyen
P.Saryo:bangunan riyen teng tengah bener,nek sakniki nek ndue anak rak le ndamel ten
samping kiri nopo samping kanan , dadi ngarahe didum niku rak pripun, niki
sampun gone anake kulo kalih, niki payah niki
Hari :payah’e pripun?
P.Saryo:payah’e separo wetan entuk’e seng enom,separo kulon entuk’e seng tuo mangkan
niku katutan omah kudune nggeh biyaya omah’e digeser,wong mbien kudu neng
tengen
Hari :le mbagi ten kulon ten wetan nggeh?
P.Saryo:enggeh mangke ngarep’e
Hari :enggeh le mbagi wong nggeh ngoten niku,nek mbagi bingung nggehan.mbok
menawi mboten di bagi ngajeng kalih wingking nggeh pak
P.Saryo:lha niku mangke panjang ngalor ngidule sami,wong pun di ketok mujur ngetan
ngulon niku pripun ,opo di paro,niku mangke dowone seng separo kilen oleh
wakete umpak.
Hari :nek griyone pak lurah kalih niki tuo pundi nggeh mbah?
P.Saryo:nggeh sebaya
Hari :lha niki sek taun 55 niku sek wingking nopo sek pundi?
P.Saryo:nggeh sek wingking ,njuk ngriki.
Hari :nek niki taun pinten?
P.Saryo:nek niki bangunane taun 55,ndisik pun onten omahe neng gedheg’e dak-dak’e
pring njuk di ganti boto
Hari :dadi kayune niki taseh asli sedoyo nggeh? Koyo soko,blandar niki? Menawi dudur
ngajeng wingking niko ukurane sami mboten nggeh mbah?
P.Saryo:mboten niki
Hari :nek dalem wingking meniko kagem menopo pak?
P.Saryo: kangge turu
Hari :senthong nggeh?
Program kerja
xxvii

P.Saryo:senthong nek wong mbien, muk saiki rak kamar


Hari :nek menawi niki rencang badhe ngukur dhalem wingking pareng?
P.Saryo:saged
Hari :iki tanah’e sek taseh asli,alami nggeh mbah,niki ngaggem boto nopo naming lemah
P.Saryo:lha niki lak boto di jejer-jejer.donge nek ono rejeki njuk gari nukokke keramik
Hari :nek niki benten nek kalih ngajeng nggeh pak?
P.Saryo:enggeh,nek niki rak papane niku teng ngandap nek wau teng nginggil.

Hari : nek njenengan nganune nopo niku?


P.Saryo:ahh ndue neng rung ngerti,ngerti kulo nggeh mung omah ngoten
Hari :nek gedheg’e niko sek papan ten mriki dangu dereng pak?
P.Saryo:seng niki, niku seng kotak pring niku dereng dangu niku
Hari :em dereng,nek sakderenge gedhek menopo pak?
P.Saryo:nggeh riyen koyo ngajeng niko
Hari :ooh,papan,niku ten ngandape dodo bikin niku riyen onten lampune nggeh pak?
P.Saryo:kui cantelan lampu
Hari :riyen ngagem’e lampu nopo?
P.Saryo:lampu biasa
Hari :ngagem listrik nopo?
P.Saryo:lampu cilik lampu kerek nopo lampu nopo niko
Feri :nek sabuk’e niku nggeh ket riyen dereng tau gantos nggeh
P.Saryo:wong pun ganti ulah-ulih niki,niki nembe ganti tahun pinten niki.
Feri :nek dudur’e?
P.Saryo:dudur’e dereng.
Feri :sokone nggeh pun mulai krepes
P.Saryo:kulo nggeh ndue soko ukurane 15cm niko iseh 3
Feri :nek niki jobin’e niki ket riyen nggeh?
P.Saryo:nggeh ngeten niki boto ditoto
Feri :nek niki pinten lapis to niki botone?
P.Saryo:sak lapis.
Feri :namung sak lapis. Dadi cb terus di kei boto saklapis?
P.Saryo:iki mbien ditembok nopo,nopo niko sak jaman meniko dereng wonten plasi.njuk
gabung kalih wedhi.wingenane pun ajeng kulo nek wani ajeng kulo lusi
Hari :nyuwun sewu mbah,meniko dipan,lemari....?
P.Saryo:amben
Hari :niku wonten tiyang kiyambak sek khusus damel joglo menopo tukang-tukang biasa
pak?
P.Saryo:tukang biasa niku rak onten nggon seng nyetak niki.khusus wong siji.
Hari :berarti nggeh khusus tiyang sak deso niku nggeh onten tiyang sek saged ngoten
niku nggeh?
P.Saryo:enggeh... sek di tuakke istilah’e
Hari :nek asmane sinten nggeh sek dituakke meniko?
P.Saryo:wong pun sedo.sek ngajen-ngajeni koyo niki niku ra keno.di keroki bocah-bocah
kui ora oleh. Umpamane koyo bocah-bocah ndelok le ngajenimboten oleh
Hari :oo ngoten to jaman riyen ngoten niku nggeh?
P.Saryo:jaman sakniki enggeh,mangke ndak le masang salah
Hari :ohh nek sokone pak,niki sokone saking sekawan niki wonten sek istimewa
kiambak mboten?
P.Saryo:mboten
Hari :dadi sedoyo sami nggeh
P.Saryo:sami
Feri :trus nek menawi pas ngadekke wonten nopo?menawi sajen nopo syarat menopo
ngoten
P.Saryo:nggeh niku naluri kulo,kantenan wong sesaji dadine nek wong ngadekke omah
Program kerja
xxviii

niku nggeh isik ten kuburan jenenge gendureke slametan

Hari :pas ndamele joglo niko nggeh onten slametan nggeh mbah?
P.Saryo:yo onten dadi...... wonten batur pertama niku slametan ngadek niku ngeh slametan
ngeh munggah blandar,mayung nggeh damel gincas niki rak dadi batur
ngadek,munggah blandar,mayu tapi terus didobel neng nggeh terus
diwucuti,umpamane sakmenten-sakmenten,sisan borongan,sisan seng nggawe
sakniki yo apik lah.soale le ngitung ngeten mas niku wau ngen tengah nggon
tanaman nek tuku pirang duit nggo anyar nek saiki dietung-etung mrikine cor niku
rodo ringan
Feri :nek niki riyen kayune piyambak nopo tumbas?
P.Saryo:nggeh tumbas
Feri :nek niki onten ander’e nopo mboten? Nek niki kalh ngajeng meniko?
P.Saryo:ander niku menopo?
Feri :dadi sek nyonggo molo meniko nanging dudur niki nopo sek cagak ngeten
P.Saryo:molo ki seng endi?
Hari :molo niku seng nginggil kiambak
P.Saryo:oo seng sanding dudur mujur ngetan, mboten
Feri :dadi mboten enten tengah-tengah’e diengge nyonggo nggeh? Dadi mung dudur
sekawan ngge nyonggo nginggil kiambak ngoten.nek ten riki wonten sek tau
umpak’e niku mendhak wonten mboten?
P.Saryo:nggeh kayae dereng nate
Hari :berarti nggeh sakderenge pun di padetke riyen.seng ngalor niki pun rodo mendak
sek riki namung sekedhik,nyuwun sewu mbah niki kalih ajeng ngukur pawon
P.Saryo:monggo ,karang nggo sinau’e men entuk biji apik
Feri :nek sek niki atap model nopo?
P.Saryo:niku nggeh modele model omah jowo meniko
Feri :berari niku nggeh dangu nggeh?
P.Saryo:enggeh niku gawean taun 65

Hari :niki 65 nk riku 55.nek dudur meniko kalih meniko,ngajeng nembe samping ngoten?
P.Saryo:niki ngajeng njuk ngriku kandang sapi
Hari :nek teng ngriki nek ndamel griyo malah wingking riyen nggeh
P.Saryo:lha enggeh niki jenenge soko.ra ono nek wong gawe ki seko mburi mengarep-
mengarep.yo nk wani yo kono nek coro kulo ra wani
Hari :berarti ten riki cen adate ngoten nggeh
P.Saryo:nek wani yo kono tapi resikone tanggung sendiri.nek wani yo wani nek iseh ragu-
ragu yo ojo wani-wani
Hari :nek lawang meniko nek kalih gebyog niko ket riyen ngoten pak?
P.Saryo:enggeh bareng niku
Hari :taseh asli nggeh pak?
P.Saryo:enggeh niku lemarine yo niku anak kulo ragil rak buju.nek kulo duit sewu
mbangane nggo tuku lemari nggo mbangun iki wae
Feri :nek niko usuke le gantos, carane men awet pripun pak?
P.Saryo:lha niku coro kudu milih kayu seng tuo
Feri :nopo wonten dikum barang?
P.Saryo:woo nggeh mboten onten.ha ora ndue kolam yo,nek coro daerah ngriko ndue
kolam
Feri :berarti nggeh niki bar di tegor dipotong terus dipasang nggeh?
P.Saryo:wa nek riyen nek niki nggeh di tegor benten kalih sakniki.riyen umpamane gawe
blandar nggeh ngukur bongkot-bongkot njuk diparo,njuk mangke separo niki
disipat diwadungi mboten koyo sakniki .niku blandar mawon dipasah kudu sek
alus..
Feri :nggeh kraos sanget nggeh
Program kerja
xxix

P.Saryo:nggeh sakniki wong gawe gedhong kulo ndelok ngen tukang-tukang nek riyen
wong pasang batu kudu ora keno krikik mas,

Feri :krikik?
P.Saryo :krikik niku contone niki niki kan pawon boto,niku kudu tembore radi ngoten
noto,sakniki lak onten ten kelompok,paling nek didol paling nggeh keno ngge
cekelan jane
Feri :oo nggeh berarti mboten roto ngoten nggeh
P.Saryo:nggeh sakniki mboten roto .nggeh apik sakniki malahan.nggeh umpamane le
pasang batu ora roto tegese ora rapet teng srowong niku kan malah apik,lagi damel
blek niku rak jenengane onten copotane mlebet ten mriku
Hari :nek ompakke sedoyo nggeh pasangane boto ngeten niki nggeh,
P.Saryo:haenggeh niku rak wingenane rak ajeng di genti koyo niko
Feri :niko cor nopo?
P.Saryo:nggeh mboten cor mboten
Feri :sami boto niko ditembok ngoten niko?
P.Saryo : di tembok, niko ajeng di cor e rekoso
Feri :kajeng’e ketinggal asline?
P.Saryo:nggeh
Feri :nek balok teng ngandap meniko jeneng‘e menopo nggeh pak?
P.Saryo:ooh, op kui, kulo radong e kui
Feri :nek ngo mahkota niku wau rak seng niku wau seng teng ngajeng tutup’e junjung’e
ngeh pak?
P.Saryo:seng enggeh
Feri :sak dereng’e seng menopo?
P.Saryo:ketriyen seng
Hari :ooh ketriyen seng, dados ndamel enjang nggeh seng
P.Saryo:enggeh
Feri :wonten seng seng wonten seng gendhen ngoten nggeh?
P.Saryo:enngeh rencanane ajeng kulo gendhen niku
Hari :wo nek meniko santen po nopo nek le nganu teng riki wonten tengah-tengah teng
soko cendhek meniko
P.Saryo:seng pundhi, seng niko?
Feri :ketriyen pun ukir-ukirran meniko?
P.Saryo:ha enggeh kaleh niku
Feri :ooh sae nggeh nak biasane kulo nonton niku seng kotak
P.Saryo:niko lemari niko neng kene terus ditumpa’i niki
Feri :nak pintu kaleh jendhelo niku asli riki nggeh pak
P.Saryo:asli riku kaleh gedhek
Feri :ha niki kayune niku bekas nggeh mbah seng blandar meniko seng wonten
bongkok-bongkok’an meniko?
P.Saryo:wo niku gebyok meniko
Feri :dadi modele le tubas gebyok sak paket nggeh?
P.Saryo:nggeh sak blandar
Feri :nek meniko nopo to pak, niki?
P.Saryo:gombal niku
Feri :namung seko tengah nggeh seng onten umpak’e?
P.Saryo:nun?
Feri :namung seko niki nggeh seng onen umpak’e nak seng soko-soko biasa niku mboten
enten umpak’e?
P.Saryo:nggeh onten neng umpak’e cilik
Program kerja
xxx
Program kerja
xxxi

Rumah dudur milik Bpk Pujianto

Ibu Lasinem (....th) adalah ketua RW 1 desa Munggangsari yang bertempat tinggal desa
Munggangsari RW 1 RT 1.

Berikut mengenai hasil wawancara tentang rumah dudur dengan narasumber Bapak
Imam:

Ferry : Terus nek. Nek menika kok lawang e di tutup nopo mbah ? kok lawang e
di tutup ?
Niko enten lawang e madep ngilen niko.
Lasinem : sek ngilen niku ?
Ferry : Nggeh sek ngilen niku.
Lasinem : gandeng sampon amoh lajeng.
Ferry : Kajeng onten ambruk nggeh mbah O…ngoten.
Hari : Sing niki nggih semono ugi nggih mbah?
Lasinem : la niki nggeh, niki nggeh lawang. Tapi niki saking jawi elek saking njobo.
Ferry : nggeh. Nek riyen niku namung dudur tok ngoten nopo wingking e onten
meleh riyen sek griya niku?
Lasinem : riyen , nggih ngoten niki
Program kerja
xxxii

Ferry : dudur, dudur ngoten. Kaleh ngoten nggeh


Lasinem : riyen tapi
Ferry : nek ket riyen sakderengenipun gendeng paris menika nopo nggih,
sakderengen genteng kripik Menika ?
Lasinem : nggeh genteng niku ket mbiyen.
Ferry : oh, ket riyen genteng kripik ngoten niku. Nek menawi asbes e meniko,
sakderenge asbes menopo ?
Lasinem : menika seng.
Ferry : nggeh sakderenge seng ? riyen
Lasinem : nggeh niku gendeng, kados niku.
Ferry : o sami nggeh, kadose trus digantos seng ngoten nggeh. Nek wuwung
nipun ?
Lasinem : nggeh seng
Ferry : nggeh ket riyen seng ngoten niku.
Lasinem : genteng sing neng nduwur seng riyen niku. Lajeng niku padon niku
nggih seng
Ferry : ooo ngoten.
Harry : dinding e riyen nggeh pun ngagem bata ngeten niki bu ?
Lasinem : nggeh, niku seh bata dereng enten batako, batane alit-alit nek riyen niku.
Nggeh niku tembok e mawon mbrodol-mbrodol nek sakniki kan mboten
saged kulo doli, soale niku riyen Sakretiku cariyose’ nek ndamel kan
mboten wonten semen e, mung pasir kaleh kapur. Lajeng nek empon kan
kadose mbrodoli.
Ferry : nek menika kok di tutup gedek nika riyen jendela nopo ?
Lasinem : Nggeh
Ferry : riyen jendela trus di copot tutup nggo gedek ngoten.
Harry : rumiyen onten pinten kamar nggeh sing niku ?
Lasinem : nggeh riyen ?
Harry : rumiyin wonten pinten kamar nggih sek ngajeng niki ?
Lasinem : nggih riyen ming sekedik kamare ming riki setunggal.
Harry : sing wonten cendelo niki nggih?
Lasinem : nggih sing niku.
Ferry : Sek kilen niko nggeh onten bu ?
Program kerja
xxxiii

Lasinem : enten stunggal.


Harry : Kaleh nggeh dadose. Nek sek wingking rumiyin pinten bu, sek dudur
niku ?
Lasinem : nek wingking kulo mboten menangi namung tilas e.hehehe
Ferry : o, ngoten
Lasinem : namung gabah e, nggeh riyen sakdurunge mbangun nggeh asline dudur
kabeh.
Ferry : nek panjenengan asma ne sinten bu ?
Lasinem : kulo, Lasinem
Ferry : Lasinem nggeh. Nek yuswo?
Lasinem : mboten retos
Ferry : nek njengan niku brarti ibu e pak lurah nggeh ?
Lasinem : nggeh, ibu e pak lurah tapi pak lurah sing bontot.
Ferry : nek riyen niku dadi garwane n jenengan pak dukuh nggeh ?
Ferry : nek jubin nipun bu, ket kolo riyen nggeh sampun jubin ngonten niku?
Lasinem : mboten
Ferry : nek riyen nopo nggeh ?
Lasinem : nggih naming siti.
Ferry : Ooo, siti nggeh.
Lasinem : nek niki jubin kan pon dangu, termasok tilaran nggih. Niki ming siti
kadose.
Ferry : niki nek dicat maleh, diaci maleh nggeh sae.
Lasinem : nggeh, nek niku (4:27-5:04)
Ferry : nek saka ne teng lebet niko ket riyen dereng tau gantos nggeh ?
Lasinem : nggeh mboten ganti
Ferry : nggeh ket riyen taksih sae ngoten nika nggeh.
Lasinem : nggeh , nggeh nika lebet sek dudur nggeh dereng gantos, sing gantos
nggih namung niku, usuk, reng , blandar.
Ferry : nek ngajengan niko, teras niko riyen nopo bu ?
Lasinem : nggeh gendeng.
Ferry : o, riyen gendeng sedoyo
Lasinem : riyen nggeh gendeng sedoyo.
Lasinem : kayak e nyusul anak e
Program kerja
xxxiv

Ferry : teng pundi bu ?


Lasinem : sekolah ten kutorejo
Ferry : kok tebih sanget?
Lasinem : pun SMA kog.
Ferry : o, pun SMA.
Ferry : nek pamidangan sing inggil saka guru nika, sakniki kan tesih sae niko
pun gantosan nopo?
Lasinem : nopo ?
Ferry : pawidatangel inggil blabak teng inggil saka guru niko, nopo ket riyen
nggeh
Lasinem : niki tesih sae, niku seng ganten mung usuk, reng, blandar. Nek sing
dudur niku tesih riyen
Harry : Taun pinten bu le..
Lasinem : mboten retos kulo. (6:51-6:56)
Ferry : nek riyen niku ndalem dudur katah sanget nggeh ?
Lasinem : katah nek riyen
Ferry : Nggeh tradisi ne ket nenek moyang niku nggeh katah sanget.
Harry : (7:05)
Lasinem : La niku sek wetan nggeh dudur sami. Gone tiang sepuh kula riyen nggeh
dudur.
Ferry : tekno sakniki ?
Lasinem : yo priki tesih dudur
Ferry : tesih nggeh, teng pundi nggeh bu ?
Lasinem : neng wetan.
Ferry : RW stunggal ?
Lasinem : yo, niki tesih ngetan lurus (7:30-7:35) majeng ngaler.
Ferry : Tekno pun di renovasi nopo tesih alami ngeten niki ?
Lasinem : (7:42-7:48)
Harry : Sek manggon griya niki sinten nggeh bu ?
Lasinem : (7:52-7:53)
Harry : Nami nipun ?
Lasinem : Atmo Lasikun.
Ferry : o, nggeh wingi nggeh sampun swan mriko
Program kerja
xxxv

Lasinem : (7:59-8:00)
Ferry : nggeh nggone pak atmo lasikun niko
Lasinem : (8:05-8:06)
Ferry : Nek wingi mboten ketemu tiyang e namung saking njabi difoto
Lasinem : Nek riyen katah niku dudur.
Ferry : Nggeh sakniki pun digantos omah saiki
Lasinem : nek niku riyen-riyen nggeh dudur, tapi sampun digantos
Ferry : Nek sumur niko ket riyen teng ajeng ngoten niku ?
Lasinem : Nggeh.
Ferry : Kan biasane teng wingking
Lasinem : Nggeh, teng njabi tapi.nek niki ki benten (9:08-913)
Ferry : Brarti ket omah riyen sumur teng ajeng nggeh.kan biasane teng mburi
kiwo.
Lasinem : nggeh, teng wingking pawon.
Ferry : nggeh sementara ngoten riyen, kulo sakrencang bade nyuwun pamit
woten lepat sakrencang nyuwun ageng pangapunten.
Lasinem : nggeh sami-sami, nggeh ngaturaken …..

Rangkuman:

Rumah dudur-kampung milik Bpk Atmo


Program kerja
xxxvi

Rumah dudur-kampung milik Bpk Atmo

Feri : “terus sek dudur nembe ngajenge niki sek kampong niki nggeh?”
Pak Atmo : “niki, enggih”
Feri : “nopo dereng dangu sek niki?”
Pak Atmo : “nek niki kaleh wingking riyen niki, nggen meniko”
Feri : “berarti dudur, terus kampong ngajeng niki, terus nembe sing wingking meniko
enggal”
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “nek niki njenengan ndamel piyambak nopo warisan seking bapak?”
Pak Atmo : “nek niki ndamel piyambak”
Feri : “nek sek dudur meniko?”
Pak Atmo : “nek niku nggih wis …. Tapi nak dipun kulo renovasi”
Feri : “nek riyen gendeng’e meniko nopo pak?”
Pak Atmo : “gendeng’e mung gendeng biasa niku”
Feri : “riyen sakderengipun gendeng kripik ngoten niku?”
Pak Atmo : “sek niki nopo?”
Feri : “sek ingkang dudur”
Program kerja
xxxvii

Pak Atmo : “ket riyen nggih gendeng’e niku”


Feri : “ket riyen berarti ngoten nggih”
Feri : “nek jubin’e riyen?”
Pak Atmo : “jubin? mboten jubin riyen”
Feri : “dadi siti ngoten nggih”
Pak Atmo : “niki ajeng ……”
Feri : “nopo kepareng kulo lan rencang mlebet griyane jenengan badhe motret?”
Pak Atmo : “nggih monggo”
Feri : “teseh asli njih, sae sanget niki pak”
Pak Atmo : “haha la nggih, omahe wong ndeso nggih”
Feri : “niki katah sanget nggih, nek riyen niki nggih sedoyo dudur nopo pak teng
munggangsari?”
Pak Atmo : “nggih mboten mesti kok, mongko dudure”
Feri : “sek gadhah griya dudur niku mesti gadah jabatan nopo masyarakat biasa angsal
ngoten?”
Pak Atmo : “ha biasa mawon”
Feri : “berarti mboten onten aturan sek saged ndamel dudur mek pak lurah nopo pak
bayan nggih?”
Pak Atmo : “nggih mboten”
Feri : “nek sakderenge niki onten dinding pilar barang, nek riyen sakane kayu nopo
pak?”
Pak Atmo : “sakane nggih kayu niku”
Feri : “sek njawi meniko?”
Pak Atmo : “njawi nggih koyo niki”
Feri : “berarti dinding nggih ket riyen, pun bata”
Feri : “nek pintu terus jendelo niku nggih tesih asli nggih?”
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “nek niki sek dudur niki nggih kamar nggih?”
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “nek kamar teng mriki sek ngarani nopo?”
Pak Atmo : “nggih sami mawon, sentong nggih”
Feri : “nek wingking pawon nggih”
Pak Atmo : “niko nggeh kandang lah nek pawon teng mriko”
Feri : “ooo nek pawon teng kiwone ngoten nggih? Kiwone dudur pawon wingkinge
kandang?”
Pak Atmo : “nggih”
Program kerja
xxxviii

Feri : “beton nggeh niki?”


Pak Atmo : “cor-coran”
Feri : “taun pinten niki pak ndamele?”
Pak Atmo : “tahun 2004”
Feri : “ooo dereng dangu nggih pak dadine”
Feri : “nek sek wingking piyambak niko pak? Kandange niko?”
Pak Atmo : “nek wingking piyambak nggih sami”
Feri : “berarti ndamel niki terus ndamel wingking meniko”
Feri : “berarti ndek riyen mek dudur tok setunggal kaleh pawon meniko?”
Pak Atmo : “nek riyen nggih ngajeng mriki dudur tapi kula ganti niki”
Feri : “berarti riyen dudur kaleh nggih terus dudure ngajengan digantos kampong
meniko”
Feri : “nek niki usuk’e kaleh reng pun digantos peng pinten pak? Sak kelingan’e
jenengan
mawon”
Pak Atmo : “peng tigo niki”
Feri : “ooo nggih 20 tahun pisan gantos nggih, niki pring nggih?”
Pak Atmo : “pring, wong nek pring kaleh kayu niku nek podo dene niku nek awet nggih awet
pring’e”
Yoga : “niki nganggo pring nopo mbah?”
Pak Atmo : “seng pundi?”
Yoga : “pring’e niki pring nopo kok kandel-kandel niku?”
Pak Atmo : “pring apus lah nek coro mriki lah”
Yoga : “pring apus nggih, niku riyen dikum banyu nopo dipilihi sek sampun tuo”
Pak Atmo : “mboten dikum kok, nek coro mriki mboten dikum kok, nek dikum kan coro ler”
Yoga : “berarti pun garing nggih?”
Pak Atmo : “nek pring niku janji tegorane mongso sae, nggih awet”
Yoga : “nggih onten wongsone”
Yoga : “terus niki kok didamel kampong tekne nopo mbah? nopo mboten dudur
mawon?”
Pak Atmo : “teneh nek dudur niku bebeh le nerapi gendeng nak do mlorot”
Yoga & Feri : “ooo ngoten nggeh”
Pak Atmo : “nek koyo ki kan meng nggih …..”
Feri : “jare niki onten totonan bata mboten?”
Pak Atmo : “mboten”
Feri : “sek niki tok nggih?”
Program kerja
xxxix

Pak Atmo : “niki tok”


Feri : “nek teng riki njenengan gadah sek dinggeh wadah grabag mboten?”
Pak Atmo : “grabag nopo?”
Feri : “dadi mek khusus koyo dipan niko nggeh wadah grabag”
Pak Atmo : “mboten”
Feri : “nek riki mlebet rw 1 nggih, pak misro?”
Pak Atmo : “nggih pak bayan’e pak misro, ler niko”
Feri : “nek riyen niku pilihan lurah’e jaman riyen pripun?”
Pak Atmo : “jaman mbiyen nggih pilihan asli”
Feri : “dadi mboten coblosan ngoten nggih?”
Pak Atmo : “ha nggeh coblosan”
Feri : “nek niki nek biasane kan lawange inepe gangsal, kok niki sekawan?”
Pak Atmo : “karang niki damelane tiang riyen”
Feri : “berarti malah dangu sek niki nggih daripada sek inepe gangsal?”
Pak Atmo : “nggih, inep gangsal kan damelane tahun niki mawon lah, nek niki kan asli jaman
riyen”
Feri & Yoga : “ooo malah asli sek inep sekawan nggih”
Pak Atmo : “nek sek inep limo nggih jenenge mpun damelan tahun niki lah, tur gebyoke
nggih
sae, nek model sak niki, gadok lah”
Amin : “niki nggeh kayu nopo mbah?”
Pak Atmo : “niki nggih nongko niki, galih”
Amin : “galih, nongko tuo nggih?”
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “nek sek dudur nggih galih nongko sedoyo?”
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “sek riki?”
Pak Atmo : “riku kandang, kandang sapi”
Feri : “nek kegunaane kampong sek wingking niko nggih deleh nopo?”
Pak Atmo : “niko kosong, wingking piyambak sek kosong, nek niku kamar mburi”
Feri : “nek sek griya wingking medale pundi pak? ajeng motret”
Pak Atmo : “nggih medal riko”
Pak Atmo : “mburi yo koyo ngene nggo kandang pitik, mbelek tok”
Feri : “kok niki mboten dikei lawing, nopo teng wingking dudur mboten angsal wonten
bangunan pak?”
Pak Atmo : “soale kan lawange neng wetan kae”
Program kerja
xl

Feri : “turno nek onten bangunan teng wingking dudur niku angsal mboten pak?”
Pak Atmo : “mboten hehe”
Feri : “mboten nggih, nek niki kan istilahe mlebete seking samping dadi terpisah nggih
bangunane, dadi nek umpomo onten bangunan teng wingking dudur mboten
angsal”
Pak Atmo : “nggih, mboten”
Feri : “nek pawon niku kedahe teng kiwone dudur nggih?”
Pak Atmo : “nggih, kui nak sek asli jaman riyen, nek koyo sakniki kan pawon teng wingking”
Feri : “kok ngoten niku nek tiang riyen nopo alesane?”
Pak Atmo : “alasane nek coro tiang’e niki ngadeg lah, pamane jejer kan jenengan, kulo, terus
sebelah”
Feri : “niki sumur nopo?”
Pak Atmo : “niku pawon, pawon legen nggih ndamel gulo”
Feri : “ooo nggih njenengan riyen ndamel?”
Pak Atmo : “……. sek nderes”
Feri : “sak niki sampun mboten”
Pak Atmo : “sak niki prei, iki lak jenenge lak mek nggo kandang legen, ndamel gulo lah”
Feri : “citakane nggih batok niko nggih?”
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “sek prei pun pirang?”
Pak Atmo : “ameh setahun nggih”
Feri : “nek sumur nggih teng wingking pawon nggih mboten dudur pak?”
Pak Atmo ; “nggih asline nggih koyo niki, niki sumur nggih asline pun awet riyen niku”
Amin : “pun beton nggih niki sokone?”
Pak Atmo : “cor-coran”
Feri : “niki nggeh 2004 nggih?”
Pak Atmo : “nggih, ndamel niko ngajeng dados njuk ndamel niki”
Feri : “nek nggen brunjunge niko nggon mustoko meniko nggih ket riyen seng nopo?”
Pak Atmo : “nggih seng awit riyen”
Feri : “berarti dereng tau gendheng nggih?
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “nek wuwunge meniko pak?”
Pak Atmo : “wuwunge gendheng”
Feri : “ket riyen? riyen gendheng?”
Pak Atmo : “nek riyen wuwunge nggih seng, niku nak pun ganti lah”
Feri : “nek pawon niku modele bebas nopo nggih kudu srotong ngoten?”
Program kerja
xli

Pak Atmo : “nggih koyo niku, nggih podo niki”


Feri : “nggih cen peraturane ngoten niku nggih, sami nggeh nek dalem dudur sejaman
sek
ndamel nggih sami sedoyo”
Pak Atmo : “nggih”
Feri : “nek ngoten niku sek ndamel niku, maksude sek pinter sek nuani nggih tiang
setunggal sak ndeso nopo katah?”
Pak Atmo : “nggih mboten, piyambak-piyambak”
Feri : “ooo dadi sek gadah griyane piyambak nggih”
Feri : “nek le ngukur riyen nganggeh meteran nopo nggih nopo?”
Pak Atmo : “nek riyen nggih nganggehmeteran, tapi kan kantenan riyen niku dereng enten
meteran nggih ukurane meng karangan nganggeh tambang nopo nggeh genter”
Feri : “nek riyen pun leponan ngoten niki griyane?”
Pak Atmo : “nggih mpun”
Feri : “tekno mek mboten nggeh semen nggeh riyen?”
Pak Atmo : “nggih pun semenan”
Feri : “sek nggo nyampur nopo mawon ngoten niku?”
Pak Atmo : “nek riyen campurane? niku paling semen bata niko bebegan bata”
Feri : “bata merah nggih”
Pak Atmo : “nggih niku tok campurane”
Feri : “mboten nggeh gamping nggihan?”
Pak Atmo : “nggeh nganggih kok, campur kabeh”
Feri : “namine campuran nopo ngoten niku pak?”
Pak Atmo : “nggih campurane mek niku gamping kalih bata”
Feri : “dadi mboten onten jenenge ngoten?”
Pak Atmo : “mboten onten liya-liyane”
Yoga : “niku onten wajan’e?”
Pak Atmo : “nggih, wajan’e”
Feri : “keren, nopo nopo leh ngarani teng riki?”
Pak Atmo : “keren, nggih sami”
Feri : “nggih sampun pak”
Feri : “kolo wau kulo pun mriki, njenengan lagi medal wau, nembe teng sabin nggih?”
Pak Atmo : “nggih”
Program kerja
xlii

Rumah dudur-limas milik Bpk Gito

W: nuwun sewu a
X: ooh nggeh
W: niki kulo kaleh rencang-rencang badhe nerus aken opservasi wau dalu kalehan bapak
lan ibu menawi griyo dudur meniko
X: enggeh

H: enggeh pak badhe nyuwun pirso sejarah’e griyone dhudur panjenenggan niku pripon
nggeh pak?
X: sejarah ipun kulo duwe omah dhudur niku nggeh meng tinggalan sakeng tiyang sepah,
tiyang sepah ngeh kelebat’e tinggalan sakeng simbah, simbaah nggeh tinggalan sakeng
buyut ngoten. Dadi niki nak omah kulo niki pun turun 4. Papat kulo..
Nak nggon artine griyo dhudur ki opo yo nek artine ki yo meng dhuwur asline, gedhe
dhuwur,ngoten dudur, gede dwur,

H: enggeh
X: tur nggeh rata-rata kan meng loslosan

W: enggah loslosan
X: dhudur kaleh loslosan artine. Upamane eneg seng yok ditambahi pencesan kam kuwi
namine kampung. Ditambahi sinom nak neng mburi nak neng ngarep kampung
W: dadi nek mburi niku sinom nak teng ngajeng kampung?
X2: satrio mangku putri... ( tabahan dari simbah)
X: priwe wooo..?
X2: satrio mangku putri.. satrio niku dudur e putri niku sek limasan nikii,
Program kerja
xliii

X: enggeh. Nek menawi wonten wetan joglo gih,


W: nak meawi bapak rumiyin nathe nambah-nambah’i bangunan mboten nggeh pak?
X: niki riyen nggeh dhudur tapikan jaman simbah niku putrane katha terus sek ngajeng
dipindah, dibetho upamane gadhah anak 2 mawon umpane kan terus upamane seng
setungal seng pokok, seng setungal didamelke griyo sanes pekarangan rak niku wau
terus diangkat. Njok niki seng ngajeng didamel limas

W: dhudur’e niku riyen kaleh nggeh?


X: enggeh tapikan terus dibetho kaleh sederek ipun simbah

W: dados njenengan mboten mernahi pas dipindah’e nggeh?


X: nggeh dereng tapi nak ngruyane teseh, dadi nak dhudur sedanten nggeh teng
wingkeng. Kateranset seng ngajeng ipun dibongkar rak terus dibangun limasan

W: seng bangun limasan’e njenengan?


X: bapak. Niki dados tahun 77

W: dados’e tahun 77 njenengan nggeh


X: pun rodho gede

W: meniko nggeh damel joglo niko ngge ngagem naluri nggeh tradisi ngoten niku?
X: lah nggeh nganu teseh ngagem tradisi jawi

W: nggeh tradisinipun sami kalihan joglo nipun?


X: nggeh sami. Nek wonten riki asal dhamel griyo sek nganggo soko niku tetep ngangge
naluri jawi. Nak kain mori seng ngo gawe kemol blandar tumpang niku jeneng’e jidhan.
Neg nak teng akal tapi nak teng istilah’e secara nalar nek kulo le mbayang-mbayangke
niku meng istilah’e niku rak niki kayu-kayu keras ngoten ketindhihan abot ben ora pecah
kan dilandhesi riyen nikun rak secara akal tapi nak naluri jawi kulo mboten isoh

W: nongko nggeh pak niku?


X: nak niki sogo thelek niki seng ngajeng

W: dhudur’e ngangem galeh?


X: nongko nggeh galeh

W: niko pak joglo dalem benten nggeh?


X: benten soal’e meniko kan gagrak riyen

W: tunggale rumiyen nggeh?


X: enggeh tunggale rumiyen nak menikokan istilah’e rak tahun 77 pun enten setitik
kemajuan kekarep’anne masyarakan rak yo kekareppanne uwong lak yo bedo kaleh wong
mbiyen

W: pun kombinasi
X: enggeh,dimaos sampun teseh jawi tapikan sampun benthen. Lah malah saik niki seng
midel sak niki mah mboten ngagem gebyok pun nganem jendelo ombo. Lah niki tahun
77 kulo genti usuk winggi tahun 92

W: usuk’e mawon niku seng digentos?


X: enggeh niku seng ngajeng
Program kerja
xliv

W: niku teseh ajek nggeh?


X: enggeh meng ketambahan iki. Iki blandar niki rak riyenkan dados bengal

W: ooh ngge dados setunggal kaleh dudhur?


X: enggeh

W: maksud’e prunan kaleh dhudur?


X: enggah prunan lak blandare dados setunggal lah tukang’e duwe ide be le dandan rodho
kepenak pak ngoten. Dadosdipisan nak blandar seng mburi enton seng rusak seng
ngajeng mboten gebongkar

W: ngge leres niku pak


X: enggeh nk rumiyen meng numpang mas

W: dados setunggal ngoten


X: enggah dados niki numpang mriko. Tur nak nikikan pun jaman’e enten gergaji nak sen
mriko rak model pahat kabeh nganggo kampak ngangge wadong seng mburi

W: walaupun nagngge kampak nangeng garapan’e nggeh sae nggeh?


X: nggeh dados niku

W: dhodok weksi niku biasane fungsine ngge kangge gantungan lampu?


X: sek niki?

W: dhodok weksi niku


X: ooh enggeh

W: dhudur’e nggeh ngoten?


X: enggeh sami. Jan’e nek seng asli dhodok weksi niku mboten niki neng kok? Dhodok
weksi niku ganjelan antawis ipun blandar kaleh blandar niki pengerat nikokan nek
dhudur ...dhudur istilah’e ragi mewah rak ngoten niku rak disukani ganjek sek ukiran
niku asline seng jeneng’e dhodok weksi niki

W: lah niki namine nopo?


X: lah niki rak meng blandar gantung, blandar gantung niki rak mung ngo sekedar
gantungan lampu ngge pasti nak dhudurkan niku mlebet’e teng dhodok weksi sambung
kaleh niki diblandar disukani tumpang niki. Kan nak dhudur kan roto-roto upamane
griyo madep ngidul niki blandar niki nalor ngidul

W: nyuwun sewu pak niki kalehan ngukur-ngukur?


X: ooh nggeh monggo

W: nyuwun seu pak niki bade ngukur ngukur griyonipun..


X: oo gih monggo, mbeto meteran dereng?
A: sampun pak, niki pun beto, kalih nyuwun foto foto gih pak,
X: oo gih, yo sak anane, wong karang gone ya dasare barang lawas, njut sing duwe ratau
neng ngomah, dadi koyo ngalass.. :D :D
(Sabil ngukurr)
A: gihh samii pak
X: Beto meteran panjang?
Program kerja
xlv

W: sampun, pen beto kok pak, niki enten meteran


H: nyuwun sewu pak, wiwit manggon riki riyen pun ngagem jobin ngoten niki ?
X: gih riyen dereng, teseh lemah niko,
w: dadose pun pas dados jobin niko jenengan gih?
x: niki kulo cilik, tapi langkung riyen kalih niki, niku gih antawisin kulo sd, kelas telu lah,
sekitar tahun 74, mlebet mawon nek ajeng ngukur..
(mau ngukur yang belakang)
a: bade ngukur dudur ipun,
x: oo gih, monggo monggo, la niku, jane asline dodo peksi niki, sek mujur ngaler ngidul,
w: tapi enten sek ukiran hiasan niko gih?
X: gih, sek wong mampu tenan kan sek niku, sek ukiran ukiran ngoten, juk niku nginggile,
sek jaman jaman rodo anyar meneh paling mboten telu limo, niki kan se jaman lawas tesih siji,
nek dudur niku gih rata rata ganjil lah, nek mboten telu, limo, pitu,

W: tembok e niki tembok jaman riyen gih pak?


X: gih, niku dereng nate rehap, tur yo nganune teseh yak e yo meng kapur karo nopo niko,
A: nganu niko, remukan boto niko?
X: dereng ngangge, gih sinaoso empun nek niki dereng ngangge boto abang, makste nek
pasang niko enten sek ngangge boto merah, nek sek ngajeng sekedik sampun ngagem, nek sek
niki dereng..

A: inep e pintu gangsal gih niki,


X: gih, nek jaman riyen nek griyo griyo sek enten niku rata rata ganjil, duko pripun maksute
mboten retii..
H: kadose pun dangu tenan gih niki griyone..
X: gihh, nek niko sek kilen gene jenengan tilem niko gene mbakyu kulo, nek niko teseh
griyo anyar, niku soale sek yoso siwo, terus siwo tilar di pindah mriko kalih bapak
disuakke mbk ayu..

A: Ooo.. niku gih sik dipindah saking riki?


X: dedee, dede saking riki, niku yasane sek yoso pakde, tapi kan pakde niku boten gadah
anak, erus pun nilar, la terus di beto mriki dingge mbak yu kulo..
Nek niki kan dereng mambu graji blandar blandar e, teseh nganggo , nek coro mriki
bledak lah, di pacul niko, pacak terus dilakokke niko,
W: oo, nek riyen dereng enten graji gih?
X: gih, duko pripun dereng enten nopo pripun, kulo gih dereng reti..
A: Niki gih galih pak,
X: gihh, niki galih nongko, soale nek ten riki jati mboten awet, soale kalah kalih angit laut,
W: galih niki malah tahan nek kalih angin laut?
X: gihhh, la niki nek jati niku, perabotan kulo purun lapuk, tapi nek niki mboten, paling
ming rontok paku pakune.. niki gih roto roto namung kayu nongko, glugu
Niki gih duko, le saget ngrehap niki kapan, la niko lagi saget nyimpen gendeng e tok,

A: gihh, tapi le ajeng rehap tetep ddur to niki pak,


X: tetepp, tapi gih nenggo danane entenn (hhhehehe) la niki, niki kan kudu genti, pun
lapuk, tapi kan kulo lirak lirik endi sek enten kayu nongko sek pun rodo gede, hhe
Otomatis nek tumbas sek ten riko, nopo pun pabrikan niku gih larang banget,
A: kamar e niki jenenge sentong gih?
X: gih, niki sentong,
H: awit rumiyen sentong e niki namung kalih gih,
Program kerja
xlvi

X: Gih, sentong kalih, tapi niku pintune papat, riyen kan enten sekat sekat e, tapi sakniki
plong plongan,
W: ooo, dadi niku riyen sentong e enten papat gih?
X: gihhh, sakniki di plong, nek niko sek nginggil jenenge “midangan dereng kulo rubah
niko, niki sek kados niikii, (menuju sentong, lokasinya di atas sentong)
niki lak riyen nek enten hajatan pangan panganan disukakke riki, ten nginggil riki,
(sekat bambu di atas slah satu sentong)
W: namine midangan gih pak,
X: gihhh, midangan..
W: niku umpamane gadah hajat kan sekat niki di buka, terus nek riyen kan nek gadah
hajatan disukakke riki, ten nginggil riki,
X: ooo, nek niku pak, kulo nate krungu, nek riyen niku le mungal gadah lemari kusu sek ge
nyimpen kangge nganu maling ngoten, tesih gadah pak,
W: la niku, grobok, namine grobok, amben manten.. la niki niki kan sek separo niki nek
gadah gabah gabah niko di simpen ten riki, terus nek gdah grabak grabak sek rodo nganu kan
disimpen riki, niki ya nek riyen ngandap enten alase, tpi niki pun kuo bongkar,

Rumah dudur-dudur milik Bpk Sarto Wijoyo


Program kerja
xlvii
Program kerja
xlviii

Rumah dudur-dudur milik Bpk Sarto Wijoyo

F > Kulonuwun pak, ngapunten pak, ingkang sepindah kulo lan rencang rencang badhe
silaturahmi wonten riki,
Q > Gihh, alhamdulillah
F > Ingkang kalihipun niki badhe nyuwun ijin, badhe pados informasi griyo dudur ipun
jenengan pak, foto foto lan ukur ukur griyo dudur panjenengan,
Q > Ow gihh, ajeng ngukur?
F > Dados niki pak, niki kulo lan rencang rencang saking Yogya, saking universitas
widyamataram, wonten kkl ten munggangsari meniko, niki badhe analisa griyo dudur
wonten deso niko,
Q > Gih, ten gene pak lurrah nopo sinten?
F > Niki tileme ten gene Pak misro
Q > Ooo.. ten gene Pak misro, Pak Bayan,
Niko putu lurah, pak bayan misro,
F > Pak misro niko gih, oo..
Q > Gih monggo, ajeng sakniki nopo benjang, kajengipun jelas
F > Gih pak, dadose wau niku sampun mriki, wau sampun ngukur ngukur ingkang jobo,
dadose kirang ingkang dalem, wau siang bapak mungkin teseh ten sawah,
Niki Pak sakderenge ajeng tanglet tanglet riyen,
Q > Gih, nopo mas
F > Nek griyo niki sek bangun panjenengan kiyambak nopo..? (langsung di potong)

Q > Niki tinggalan, nek rumiyin niko bapak kulo asli nambangan, niki kulo aturke, lajeng
wonten kerto jayan, wonten kerto jayan mboten kraos, lajeng ceritane gih ngawulo lah, buruh
nuntun sapi ten peken, lajeng biso tuku pomaan ten riki... niko didol, nambangan gih riko didol,
ge tuku kertojayan sek murah, lajeng niki di turunke saget mencarke anak anak sedoyo.
W > Dadi niki riyen tumbas posisine pun ngoten niki gih?
Q > Gih, riyen kalih niki tumbas sedoyo, dados sek pendopo ngajeng niki pendopo lurah
Program kerja
xlix

niku dudu kilen, lajeng sek wingking niko tukunipun dudu wetan.
F > Nek meniko le damel, le masang niko wingkeng riyen ngajeng riyen gih pak..?
Q > Wingking riyen, lajeng biso tuku omah riki, la bapak niku yaa saumpami enten griyo
dudur gih ajeng bodo niko kulo purun, la dilalahe dudu kilen niku pendopo lurah didol, la niki
sakane niko boten petel, boten di pasah.

F > terus kolo riyen mindahe saking asale mriko pripun?


Q > gentosan, dadose riki dadi, lajeng riko ler gawe, pekarangan sek di nggeni ponakan
kulo, niku majeng ngidul, nah wingking niku gih gawe bapak kulo, itange gih caose tiyang cukup
lah bapak kulo.
F > dadose niki sek ngajeng pindahan gih ?
Q > pindahan saking kulon,

F > nek riyen pindahan di petil petil niko?


Q > halah gih unsung, beto tiang di pangguli..

H > Terus niko pas ngusung niku menawi molo ne niko pripun le ngusung niku pak,
Q > napane ?

F > molo, ee niko dodo peksi niko pak,


Q > dodo peksi, dodo peksi niko damel, niku damelane tiang kertojayan

F > nek le mindah niku enten coco coro khusus mboten?


Q > gih coro biasa mawon lah, slametan ngobaran, tapi kulo di tilar tiang sepuh tahun
1962, lajeng simbok 1972, lajeng kulo omah omah duwe anak 5 niku tahun 2000 tiang setri
mboten purun brayaan,

H > nek jenengan asma lengkappipun sinten gih?


Q > sarto wijoyo, alias sarwoji,

F > nyuwun sewu mbah, nek yiswonipun pinten gih?


Q > kulo lahir 1929, dadi gih 86 nopo gih?

F > ooo.. gih, 86 mbah


Q > tapi rencang rencang pun boten enten sami,

W > nek niki soko sekawan niki enten sek benten boten pak,
Q > sokone ? gih wonten, tapi niku kulo aturke tiap didandani niku yakin raga

w > Maksute mbah?


Q > maksute duko pripun duko pripun tapi niku enten carane, ketan langgangan pasar,
peyek gorengan pasar, tempe bacem gorengan pasar, niku ming salah winginane tesih di
bangun tahun 99 niku kulo jawah piyaambak, kulo ajeng nyebreti niko, pas kulo penek kok
grepek putung, tibo..

F > dadose jawahh?


Q > nggih, la niku wing sing tahun 99 niku namung di gawekke tok, ketan di gawe dewe, d
goreng dewe, tempe bacem di gawe dewe, peyek gih gawe dewe, mboten purunn..
Program kerja
l

Ning niki seng kidul kilen sek elik dewe, sokone niko,

F > woo, sokone niki gih?


Q > nik kulo gih, asing kalih bangunan niko maune kok anget hawane, sok sok mbengeng..
F > nek menawi bangunan wingking?
Q > wingkeng tumbasan riki mboten nopo nopo,

F > oo malah boten nopo nopo,


Q > gihh, boten nopo nopo, nek ten tesih katah griyo dudur,
F > gih pak, niki kulo kalih rencang rencang sampun survey, tanglet tanglet, la niki survey
ten gene jenengan, nek riyen niku atapipun nopo gih pa griyo dudur niko?
Q > atape riyen alang alang, dereng enten genteng, gih enten genteng tapi namung
setunggal kalih griyo, tapi kulo menangi kulo lahir tesih dipayoni alang alang,

F > oo, tesih alang alang gih,


Q > empyak e niku empak getekan,

F > getekan? Empring ditoto niko?


Q > gih, ditoto niko, di toto getek ngeten, mlumah ngeten,

F > oo, mlumah ngeten dadi empyak mlumah terus duwure alang alang ngoten gih?
Q > anu duwure alang alang, diwelit, riyen niku dadose ulet koyo kados gendeng kok,
awet dadi boten tampu, boten trocoh,

F > nek menawi atape alang alang, terus wuwunge niku ngagem nopo gih?
Q > wuwunge gih alang alang,

w > woo gih ngagem alang alang gih, dados sedoyo alang alang gih? boten bocor gih?
Q > boten borot, menangi kulo, niki reyen ngagem alang alang, empyak ke getekan, ditoto
ngeten, ditaleni ngagem duk, niku riyen

w > empakke ngagem bambu pring niku gih ?


Q > enggih, lajeng sareng didandani kulo gede jaluk bambu, bambu lajeng kulo dandani
dewe, gantu kayu,

F > tahun pinten gih, ganti kayu niku


Q > nek boten salah tahun 36, kulo sampun mlebet sekolah kok,

W > nyuwun sewu mbah niki bande nyuwun foto kalih ngukur ngukur griyoniko,
Q > oo gih monggo monggo, dodone peksi niku batik niku, ukir... niki galih sedoyo niki,
galih tewel

F > galih tewel niku nopo mbah?


Q > galih tewel, nongko niko

F > oo, kayu nongko niko mbah?


Q > ngihh kayune..

H > rumiyen pas pasang niki, ngandape kolom niko diparingi koin niko boten gih mbah?
Q > benggol kecrik riyen, jaman yulianah nopo riyen,
Program kerja
li

H > benggol kecrik?


Q > gihh, benggol kecrik ten umpak niki, pendak umpak riki, tem jero sedoyo

H > pinten gih benggol kecrik niku mbah?


Q > dados limang sen nan, lajeng benggolan, sebenggol, (rong sen setengah)

H > menopo melih niko mbah,


Q > niku, gih sampun.. nek tiang cukup gih ngangge tengaan, niko sek ge mainan ten
ngesak niko, eee emas,

H > oo, gihhh.. niki nopo gih mbah, niki ge gedek gih?
Q > nopone?

H > gihh nopo niki


Q > ee opian, opian ge tutup..

H > menawi temboke niku pun ngagem boto gih,


Q > gih, ket awal bangun niko pun ngagem boto,
Jedaa sambil ngukur bangunan
H > mbah, ten duwur soko guru niku enten kaine gih?
Q > gih, niku embyan

H > embyan, dados sareng kalih masang koin ne niko gih?


Q > la nggihh, la niku pun dangu sak umuran kulo niku..

H > nyuwun sewu mbah.. niku wau ten wetan omah enten cakar pitik ten duwur kusen
niku nopo gih mbah?
Q > nopo sampun pirso?

F > sampun, wau kan ten jobi sampun nonton nonton..


Q > cakar pitik meniko gih kantunan tulakan, gih kantunan kulo seneng adu pitek, niku
pitik pun menang ping 6, lajeng kulo go bali ten ngomah pun waras ajeng kulo angkate adu
melih niku mboten sakit ujuk ujuk klabak klabak pejah, ljeng kulo ketok cakar e kulo paku ten
riku..

W > Sakniki pun boten enten gih mbah ten riki?


Q > nopone?

W > gih, nopo niku wau adu pitik niku?


Q > ten riki pun boten enten, gih nek ten kalimantan tesih katah, anak kulo 3 sek ten
kalimantan, bar bodo ajeng bali, niliki le gawe omah kulon kui (anaknya yg d kalimantan bangun
rumah di sebeah barat rumah dudur)

h > oo... nek niku panin e jenemgam gabah gih?


Q > gih niku gabah, kulo niku sediake mawon, jagung gih enten sak bagor niku, sakonten
e..

h > mboten kagungan lumbung nopo mbah,


Q > mboten, namung tiyang biyen niku..
Program kerja
lii

h > nyuwun sewu mbah niki, rumiyen nopo jenengan nate dados nopo, koyo pak bayan
nopo pripun ngoten?
Q > mboten purun, anak kulo mboten remen, anak kulo pun mboten nganggo ujian ujian
ngoten pun dados lurah tapi mboten gelem, ponakan kulo pun dadi lurah, lajeng kulo riyen nate
ten tebu, ten proyek tebu, 8 tahun lajeng anak kulo ponakan dadi lurah kulo leren, nko nek rugi
ndak di pangan lurah he karo bapak e ngoten.. ten pertanian..

h > nek niki kamar ge sare jenengan gih mbah?


Q > gih, niki kulo, la nek sek niki niko wau anak kulo sek kulo peroni saiki, niko mantu..

F > ngapunten mbah, nek menawi griyo sek wingkeng saget mlebet boten gih, ngukur
ngukur..
Q > oo mboten sah mawon.. wingking pun bodol kok,

h > menawi mundut fotonipun saget mboten mbah?


Q > sagett.. ,o mboten sah mawon, ee men lah koe rausah, pun cekap lah, gene ngeres ge
turu pitik niku.. ngeress...
Nek riki munggang sari kinten mboten enten sek dobel? Griyo dudur? Sek kados ngoten niki
mboten enten?

w > enten...
Q > gene pak lasikun?

F > gih, ler dalan niko?


Q > gene pak lasikun, sek ngajeng ngaler niku gih mburi dudur ngajeng dudur..

h > nyuwun sewu mbah, rumiyen ingkan dados lurah niku pripun gih?
Q > kulo mengi gih.. niku lurah sanitiko, sariyun, lasimin, mujiono, pariyo.. gih niki enten 6

F > nek lurah niku pinten tahin pisan gih?


Q > 6 tahun.. nek riyen 12, lajang lasimin 15, lajeng 35 niku bapakne pak ganjar, lajeng 15
lasimin, lajeng sedoso tahun, lajeng sak niki mudun melih, 6 tahun 6 tahun..

F > nek kadus niko, nopo pak bayan niko pilihan nopo mbah?
Q > mboten.. mboten enten sek pilihan, gih niku rak sami ponakan kulo rakyat di temoke
ten balai dusun, wis kudu milih iki, ngoten manut, mboten enten pilihan,

F > pak bayan gih ngoten niku?


Q > pak bayan gih boten, polisi gih boten, kaum boten, ming tetepan,

h > sik saget netepke niku sinten gih mbah,


Q > lurah, bale deso.. bale deso niku deso lajeng rakyat deso niku muni “wis cukup, apik,
apik” ngeten pun kanggo, mboten pilihan, kakean ragat.. pilihkee, nek dudun dusun liane niko
gih pilihan, entek sejuta ngoten mboten dadi,

h > Nek niko mbah, nek pemilihan lurah niku kadose pripun gih jamane simbah riyen?
Q > niku kudu tuku rakyat, gih nek sek duite akeh etuke biting akeh,

F > kadose pripun mbah tuku biting niku?


Q > laa milih, iki duite sepuluh ewuu, sek iki gur limang gilo.. kan milih sek sepuluh ewu,
Program kerja
liii

F > la nek ngagem biting niku pripun mbah?


Q > nganggo biting? Niku bumbung.. go tenger..

JOBLIST MATERI RUNTUTAN RUMAH


WAWANCARA DUDUR 1. Dudur rumah Bpk Pujianto
PENGUKURAN SEJARAH DESA 2. dudur-kampung rumah Bpk Atmo
DOKUMENTAS TRADISI DAWETAN 3.dudur-limas rumah Bpk Gito
I
PENGAMATAN 4.dudur-dudur rumah Bpk Sarto Wijoyo
5.dudur-dudur-kampung rumah Bpk Sarto pawiro
Wawancara, pengamatan,pengukuran,dokumentasi di bab 2

1. Wawancara tentang rumah Dudur


2. Wawancara tentang sejarah Desa
3. Wawancara tentang tradisi dawetan
4. Rumah dudur milik Bpk Pujianto
5. Rumah dudur-kampung milik Bpk Atmo
6. Rumah dudur-limas milik Bpk Gito
7. Rumah dudur-dudur milik Bpk Sarto Wijoyo
8. Rumah dudur-dudur-kampung milik Bpk Sarto pawiro

Anda mungkin juga menyukai