Anda di halaman 1dari 7

Program kerja

2.3 HASIL LAPANGAN

Studi lapangan tentang rumah Dudur yang mengambil lokasi desa Munggangsari
disajikan dengan metode wawancara dari beberapa narasumber dan metode observasi
atau pengamatan berupa foto dan pengukuran berupa gambar denah, tampak, dan
potongan. Secara garis besar runtutan penyajian hasil lapangan adalah sebagai berikut:

1. Wawancara tentang rumah Dudur


2. Wawancara tentang sejarah Desa
3. Wawancara tentang tradisi dawetan
4. Rumah dudur milik Bpk Pujianto
5. Rumah dudur-kampung milik Bpk Atmo
6. Rumah dudur-limas milik Bpk Gito
7. Rumah dudur-dudur milik Bpk Sarto Wijoyo
8. Rumah dudur-dudur-kampung milik Bpk Sarto pawiro

Rumah dudur-dudur milik Bpk Sarto Wijoyo


Program kerja
ii

Rumah dudur-dudur milik Bpk Sarto Wijoyo


Program kerja
iii

F > Kulonuwun pak, ngapunten pak, ingkang sepindah kulo lan rencang rencang badhe
silaturahmi wonten riki,
Q > Gihh, alhamdulillah
F > Ingkang kalihipun niki badhe nyuwun ijin, badhe pados informasi griyo dudur ipun
jenengan pak, foto foto lan ukur ukur griyo dudur panjenengan,
Q > Ow gihh, ajeng ngukur?
F > Dados niki pak, niki kulo lan rencang rencang saking Yogya, saking universitas
widyamataram, wonten kkl ten munggangsari meniko, niki badhe analisa griyo dudur
wonten deso niko,
Q > Gih, ten gene pak lurrah nopo sinten?
F > Niki tileme ten gene Pak misro
Q > Ooo.. ten gene Pak misro, Pak Bayan,
Niko putu lurah, pak bayan misro,
F > Pak misro niko gih, oo..
Q > Gih monggo, ajeng sakniki nopo benjang, kajengipun jelas
F > Gih pak, dadose wau niku sampun mriki, wau sampun ngukur ngukur ingkang jobo,
dadose kirang ingkang dalem, wau siang bapak mungkin teseh ten sawah,
Niki Pak sakderenge ajeng tanglet tanglet riyen,
Q > Gih, nopo mas
F > Nek griyo niki sek bangun panjenengan kiyambak nopo..? (langsung di potong)

Q > Niki tinggalan, nek rumiyin niko bapak kulo asli nambangan, niki kulo aturke, lajeng
wonten kerto jayan, wonten kerto jayan mboten kraos, lajeng ceritane gih ngawulo lah, buruh
nuntun sapi ten peken, lajeng biso tuku pomaan ten riki... niko didol, nambangan gih riko didol,
ge tuku kertojayan sek murah, lajeng niki di turunke saget mencarke anak anak sedoyo.
W > Dadi niki riyen tumbas posisine pun ngoten niki gih?
Q > Gih, riyen kalih niki tumbas sedoyo, dados sek pendopo ngajeng niki pendopo lurah
niku dudu kilen, lajeng sek wingking niko tukunipun dudu wetan.
F > Nek meniko le damel, le masang niko wingkeng riyen ngajeng riyen gih pak..?
Q > Wingking riyen, lajeng biso tuku omah riki, la bapak niku yaa saumpami enten griyo
dudur gih ajeng bodo niko kulo purun, la dilalahe dudu kilen niku pendopo lurah didol, la niki
sakane niko boten petel, boten di pasah.

F > terus kolo riyen mindahe saking asale mriko pripun?


Q > gentosan, dadose riki dadi, lajeng riko ler gawe, pekarangan sek di nggeni ponakan
kulo, niku majeng ngidul, nah wingking niku gih gawe bapak kulo, itange gih caose tiyang cukup
lah bapak kulo.
F > dadose niki sek ngajeng pindahan gih ?
Q > pindahan saking kulon,

F > nek riyen pindahan di petil petil niko?


Q > halah gih unsung, beto tiang di pangguli..

H > Terus niko pas ngusung niku menawi molo ne niko pripun le ngusung niku pak,
Q > napane ?

F > molo, ee niko dodo peksi niko pak,


Q > dodo peksi, dodo peksi niko damel, niku damelane tiang kertojayan
Program kerja
iv

F > nek le mindah niku enten coco coro khusus mboten?


Q > gih coro biasa mawon lah, slametan ngobaran, tapi kulo di tilar tiang sepuh tahun
1962, lajeng simbok 1972, lajeng kulo omah omah duwe anak 5 niku tahun 2000 tiang setri
mboten purun brayaan,

H > nek jenengan asma lengkappipun sinten gih?


Q > sarto wijoyo, alias sarwoji,

F > nyuwun sewu mbah, nek yiswonipun pinten gih?


Q > kulo lahir 1929, dadi gih 86 nopo gih?

F > ooo.. gih, 86 mbah


Q > tapi rencang rencang pun boten enten sami,

W > nek niki soko sekawan niki enten sek benten boten pak,
Q > sokone ? gih wonten, tapi niku kulo aturke tiap didandani niku yakin raga

w > Maksute mbah?


Q > maksute duko pripun duko pripun tapi niku enten carane, ketan langgangan pasar,
peyek gorengan pasar, tempe bacem gorengan pasar, niku ming salah winginane tesih di
bangun tahun 99 niku kulo jawah piyaambak, kulo ajeng nyebreti niko, pas kulo penek kok
grepek putung, tibo..

F > dadose jawahh?


Q > nggih, la niku wing sing tahun 99 niku namung di gawekke tok, ketan di gawe dewe, d
goreng dewe, tempe bacem di gawe dewe, peyek gih gawe dewe, mboten purunn..
Ning niki seng kidul kilen sek elik dewe, sokone niko,

F > woo, sokone niki gih?


Q > nik kulo gih, asing kalih bangunan niko maune kok anget hawane, sok sok mbengeng..
F > nek menawi bangunan wingking?
Q > wingkeng tumbasan riki mboten nopo nopo,

F > oo malah boten nopo nopo,


Q > gihh, boten nopo nopo, nek ten tesih katah griyo dudur,
F > gih pak, niki kulo kalih rencang rencang sampun survey, tanglet tanglet, la niki survey
ten gene jenengan, nek riyen niku atapipun nopo gih pa griyo dudur niko?
Q > atape riyen alang alang, dereng enten genteng, gih enten genteng tapi namung
setunggal kalih griyo, tapi kulo menangi kulo lahir tesih dipayoni alang alang,

F > oo, tesih alang alang gih,


Q > empyak e niku empak getekan,

F > getekan? Empring ditoto niko?


Q > gih, ditoto niko, di toto getek ngeten, mlumah ngeten,

F > oo, mlumah ngeten dadi empyak mlumah terus duwure alang alang ngoten gih?
Q > anu duwure alang alang, diwelit, riyen niku dadose ulet koyo kados gendeng kok,
awet dadi boten tampu, boten trocoh,
Program kerja
v

F > nek menawi atape alang alang, terus wuwunge niku ngagem nopo gih?
Q > wuwunge gih alang alang,

w > woo gih ngagem alang alang gih, dados sedoyo alang alang gih? boten bocor gih?
Q > boten borot, menangi kulo, niki reyen ngagem alang alang, empyak ke getekan, ditoto
ngeten, ditaleni ngagem duk, niku riyen

w > empakke ngagem bambu pring niku gih ?


Q > enggih, lajeng sareng didandani kulo gede jaluk bambu, bambu lajeng kulo dandani
dewe, gantu kayu,

F > tahun pinten gih, ganti kayu niku


Q > nek boten salah tahun 36, kulo sampun mlebet sekolah kok,

W > nyuwun sewu mbah niki bande nyuwun foto kalih ngukur ngukur griyoniko,
Q > oo gih monggo monggo, dodone peksi niku batik niku, ukir... niki galih sedoyo niki,
galih tewel

F > galih tewel niku nopo mbah?


Q > galih tewel, nongko niko

F > oo, kayu nongko niko mbah?


Q > ngihh kayune..

H > rumiyen pas pasang niki, ngandape kolom niko diparingi koin niko boten gih mbah?
Q > benggol kecrik riyen, jaman yulianah nopo riyen,

H > benggol kecrik?


Q > gihh, benggol kecrik ten umpak niki, pendak umpak riki, tem jero sedoyo

H > pinten gih benggol kecrik niku mbah?


Q > dados limang sen nan, lajeng benggolan, sebenggol, (rong sen setengah)

H > menopo melih niko mbah,


Q > niku, gih sampun.. nek tiang cukup gih ngangge tengaan, niko sek ge mainan ten
ngesak niko, eee emas,

H > oo, gihhh.. niki nopo gih mbah, niki ge gedek gih?
Q > nopone?

H > gihh nopo niki


Q > ee opian, opian ge tutup..

H > menawi temboke niku pun ngagem boto gih,


Q > gih, ket awal bangun niko pun ngagem boto,
Jedaa sambil ngukur bangunan
H > mbah, ten duwur soko guru niku enten kaine gih?
Q > gih, niku embyan

H > embyan, dados sareng kalih masang koin ne niko gih?


Program kerja
vi

Q > la nggihh, la niku pun dangu sak umuran kulo niku..

H > nyuwun sewu mbah.. niku wau ten wetan omah enten cakar pitik ten duwur kusen
niku nopo gih mbah?
Q > nopo sampun pirso?

F > sampun, wau kan ten jobi sampun nonton nonton..


Q > cakar pitik meniko gih kantunan tulakan, gih kantunan kulo seneng adu pitek, niku
pitik pun menang ping 6, lajeng kulo go bali ten ngomah pun waras ajeng kulo angkate adu
melih niku mboten sakit ujuk ujuk klabak klabak pejah, ljeng kulo ketok cakar e kulo paku ten
riku..

W > Sakniki pun boten enten gih mbah ten riki?


Q > nopone?

W > gih, nopo niku wau adu pitik niku?


Q > ten riki pun boten enten, gih nek ten kalimantan tesih katah, anak kulo 3 sek ten
kalimantan, bar bodo ajeng bali, niliki le gawe omah kulon kui (anaknya yg d kalimantan bangun
rumah di sebeah barat rumah dudur)

h > oo... nek niku panin e jenemgam gabah gih?


Q > gih niku gabah, kulo niku sediake mawon, jagung gih enten sak bagor niku, sakonten
e..

h > mboten kagungan lumbung nopo mbah,


Q > mboten, namung tiyang biyen niku..

h > nyuwun sewu mbah niki, rumiyen nopo jenengan nate dados nopo, koyo pak bayan
nopo pripun ngoten?
Q > mboten purun, anak kulo mboten remen, anak kulo pun mboten nganggo ujian ujian
ngoten pun dados lurah tapi mboten gelem, ponakan kulo pun dadi lurah, lajeng kulo riyen nate
ten tebu, ten proyek tebu, 8 tahun lajeng anak kulo ponakan dadi lurah kulo leren, nko nek rugi
ndak di pangan lurah he karo bapak e ngoten.. ten pertanian..

h > nek niki kamar ge sare jenengan gih mbah?


Q > gih, niki kulo, la nek sek niki niko wau anak kulo sek kulo peroni saiki, niko mantu..

F > ngapunten mbah, nek menawi griyo sek wingkeng saget mlebet boten gih, ngukur
ngukur..
Q > oo mboten sah mawon.. wingking pun bodol kok,

h > menawi mundut fotonipun saget mboten mbah?


Q > sagett.. ,o mboten sah mawon, ee men lah koe rausah, pun cekap lah, gene ngeres ge
turu pitik niku.. ngeress...
Nek riki munggang sari kinten mboten enten sek dobel? Griyo dudur? Sek kados ngoten niki
mboten enten?

w > enten...
Q > gene pak lasikun?
Program kerja
vii

F > gih, ler dalan niko?


Q > gene pak lasikun, sek ngajeng ngaler niku gih mburi dudur ngajeng dudur..

h > nyuwun sewu mbah, rumiyen ingkan dados lurah niku pripun gih?
Q > kulo mengi gih.. niku lurah sanitiko, sariyun, lasimin, mujiono, pariyo.. gih niki enten 6

F > nek lurah niku pinten tahin pisan gih?


Q > 6 tahun.. nek riyen 12, lajang lasimin 15, lajeng 35 niku bapakne pak ganjar, lajeng 15
lasimin, lajeng sedoso tahun, lajeng sak niki mudun melih, 6 tahun 6 tahun..

F > nek kadus niko, nopo pak bayan niko pilihan nopo mbah?
Q > mboten.. mboten enten sek pilihan, gih niku rak sami ponakan kulo rakyat di temoke
ten balai dusun, wis kudu milih iki, ngoten manut, mboten enten pilihan,

F > pak bayan gih ngoten niku?


Q > pak bayan gih boten, polisi gih boten, kaum boten, ming tetepan,

h > sik saget netepke niku sinten gih mbah,


Q > lurah, bale deso.. bale deso niku deso lajeng rakyat deso niku muni “wis cukup, apik,
apik” ngeten pun kanggo, mboten pilihan, kakean ragat.. pilihkee, nek dudun dusun liane niko
gih pilihan, entek sejuta ngoten mboten dadi,

h > Nek niko mbah, nek pemilihan lurah niku kadose pripun gih jamane simbah riyen?
Q > niku kudu tuku rakyat, gih nek sek duite akeh etuke biting akeh,

F > kadose pripun mbah tuku biting niku?


Q > laa milih, iki duite sepuluh ewuu, sek iki gur limang gilo.. kan milih sek sepuluh ewu,

F > la nek ngagem biting niku pripun mbah?


Q > nganggo biting? Niku bumbung.. go tenger..

Anda mungkin juga menyukai