Anda di halaman 1dari 3

Fadilatal muhtaromin poro alim poro bapak kyai ingkang tansah kulo dereaken fatwa lan

perjuanganipun
Wabil khusus pengiring penganten kakung saking…..ingkang tansah kulo hormati
Keluarga besar besan saking

Wonten ing wekdal puniko kito sedoyo tansah pikantuk rohmatipun Alloh sahinggo saged silaturahim
wonten dalemipun bapak…..kanti sehat wal afiyat mboten wonten alangan setunggal punopo
Sebagai ungkapan syukur datenga Alloh swt, keranten kulo lan panjenengan menawi mboten dipun
paring kenikmatan saestu ing dalem wekdal kados saat mekaten mboten saged hadir, Alhamdulillah
keranten rohmat nikmat hidayah inayahipun alloh kulo lan panjenengan saged ngerawuhi setunggal
kuwajiban inggih meniko dungaaken dateng manten kekalih inggih meniko mas….kaleyan …, mugi-mugi
mangke lan sak terusipun dados pasangan ingkang sakinah mawadah warohmah
Ingkang nomer kalih sholawat lan salam, inggih puniko nabi pilihan ingkang ngrangkep pinten-pinten
sebutan nabiyuna muhammadin qod ursila lil alaminan rohmatan wafudilah
Mugi-mugi kanti sholawat kito sedoyo tansah dipun akui tansah dipun daku dados umatipun , ingkang
saged dereaken menopo ingkang dados printah-printahipun soho nilar ingkang menopo dados larangan-
laranganipun , langkung-langkung kito sedoyo ingkang sareng sareng mawantu-wantu sak mangke ,
ngajeng-ngajeng syafaatipun awit wonten dunyo ngantos dumugi wonten ing akhirotipun amin
allohumma amin
Teng mriki kulo minongko sesulih saking panjenenganipun bapak…sepindah

---------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Hadrotal muhtaromin poro alim, poro sepuh pini sepuh, ingkang dahat kasepuhaken
Poro romo-romo kyai ingkang hadir meniko, panjenenganipun romo kyai khusoyin…. Ingkang cadong
barokah duaipun
Poro bapak poro ibu hadirin wal hadirot rohimakumulloh wa atsabakumulloh
Sak derengipun matur wonten siang meniko, monggo samiyo kito mujiaken raos syukur wonten ngarso
dalem Alloh swt, bi qouli alhamdulillahi robbil alamin, atas sedoyo pinten-pinten kanikmaten ingkang
sampun kito raosaken sesarengan ing antawisipun sehat wal afiyat, titikane sehat kulo panjenengan
sami dipun hurmati kale pak……alhamdulillah.
Dumateng poro bapak poro ibu ingkang minulyo
Kulo panjenengan sami wonten siang puniko mboten sekedar mung syahadah ora mung sekedar
nyekseni pengantin antawisipun ……….kaliyan………mboten. tapi wonten acara spiritual ingkang sakral
inggih puniko purun nderek dungaake pengantin kekalih

---------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Dumateng keluarga besar bapak….sak gotrah sedoyo ingkang kulo mulyaaken


Dumateng poro hadirin wal hadirot penderek penganten, mboten kasupen mempelai berdua ingkang
sak meniko kalenggahaken wonten ing dampar kencono, kaombyong-ombyonge kembang monco warno
ingkang ketingal inggih meniko seneng bahagia kito dungaaken mugi-mugi temanten sekalian meniko
dados setunggalipun rumah tangga ingkang sakinah mawadah warohmah pinaringono berkah saking
ngersanipun Alloh swt Allohumma Amin.

Mugiyo kanti shalawat kasebat kolowau, sedoyo ingkang sami rawuh wonten majlis ingkang penuh
berkah meniko tansah dipun akui dados umatipun ingkang saged ndereaken ingkang punopo dados
printah-printahipun soho nilar ingkang dados larangan-laranganipun, kalangkung-langkung kito sedoyo
mawantu-wantu syafaatiun awit wonten dunyo ngantos dumugi wonten ing akhirotipun amin
allohumma amin.

Beliau nabi lan rosul ingkang sampun paring dateng kito uswah hasanah, contoh ingkang sae dateng
umatipun, sae anggenipun beribadah, sae anggenipun berumah tangga, sae anggenipun bermasyarakat.
Pramilo monggo kito berusaha ngarep ngarep dados umatipun ingkang setia ndereaken dawuh-
dawuhipun lan niru tindak lampahipun, sahinggo ada harapan mbenjang kito saged angsal syafaatipun
ugi sareng-sareng mlebet suwarganipun Alloh swt. Amin Allohumma amin

Syukur dateng Alloh swt, keranten kulo lan panjenengan menawi mboten dipun paring kanikmatan sak
estu ing dalem saat kados mekaten mboten saged hadir Alhamdulillah keranten nikmat hidayah
inayahipun Alloh kulo lan panjenengan saged ngerawuhi setunggalipun kewajiban inggih meniko
ndungaaken dateng manten kekalih inggih meniko roro ayu……kaliyan dimas bagus ….. mugi-mugi
mangke lan sak terusipun dados pasangan ingkang sakinah mawadah wa rohmah

Anda mungkin juga menyukai