Anda di halaman 1dari 73

PANGETRAPING MODHEL STUDENT TEAM ACHIEVEMENT DIVISION

TUMRAP KAPRIGELAN NYERAT PARAGRAP AKSARA JAWI


SISWA KELAS IX SEMESTER I SMP NEGERI I BAWANG
KABUPATEN BATANG
WARSA 2012/2013

SKRIPSI

NUR FAIYAH
NPM 08430132

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHSA DAN SENI


IKIP PGRI SEMARANG
ii

WARSA 2012/2013
PANGETRAPING MODHEL STUDENT TEAM ACHIEVEMENT DIVISION
TUMRAP KAPRIGELAN NYERAT PARAGRAP AKSARA JAWI
SISWA KELAS IX SEMESTER I SMP NEGERI I BAWANG
KABUPATEN BATANG
WARSA 2012/2013

SKRIPSI

Katur dhumateng Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI


Semarang minangka Jangkep Peranganing Sarana Nggayuh

Drajading Sarjana Pendidikan

NUR FAIYAH
NPM 08430132

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHSA DAN SENI


IKIP PGRI SEMARANG
WARSA 2012/2013

i
SKRIPSI

PANGETRAPING MODHEL STUDENT TEAM ACHIEVEMENT DIVISION


TUMRAP KAPRIGELAN NYERAT PARAGRAP AKSARA JAWI
SISWA KELAS IX SEMESTER I SMP NEGERI I BAWANG
KABUPATEN BATANG
WARSA 2012/2013

Ingkang rinakit lan dipunajengaken dening

Nur Faiyah

NPM 08430132

Sampun kasarujuki dening panuntun murih kadadar

Ing ngarsaning Dewan Pandadar

Surya Maret 2013

Panuntun I, Panuntun II,

Sutadi, S.Pd., M.Pd. Totok Yasmiran, S.S.


NIP. 196705041990031012 NPP. 097002243

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2012/2013

ii
SKRIPSI
PANGETRAPING MODHEL STUDENT TEAM ACHIEVEMENT DIVISION
TUMRAP KAPRIGELAN NYERAT PARAGRAP AKSARA JAWI
SISWA KELAS IX SEMESTER I SMP NEGERI I BAWANG
KABUPATEN BATANG
WARSA 2012/2013

Ingkang rinakit lan dipunajengaken dening


Nur Faiyah
NPM 08430132
Sampun dipuntanggeljawabaken ing ngarsanipun Dewan Pendadar nalika
surya Maret 2013 miwah kapratelakaken sampun murakabi
Dewan Pandadar
Pangarsa, Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M.Hum. Dra. HR. Utami, M.Hum.


NIP. 19650316 1990032002 NPP. 906301071

Pandadar I,
Sutadi, S.Pd., M.Pd. (..........................................)
NIP. 196705041990031012
Pandadar II,
Totok Yasmiran, S.S. (..........................................)
NPP. 097002243
Pandadar III,
Ahmad Iskak, S.Pd., M.Pd. (..........................................)
NIP. 196304201984051001

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI


IKIP PGRI SEMARANG
2012/2013

iii
PRATELAN

Skripsi kanthi irah-irahan “Pangetraping Modhel Student Teams


Achievement Division Tumrap Kaprigelan Nyerat Paragrap Aksara Jawi Siswa
Kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa 2012/2013”
ingkang kaserat dening:

Nama : Nur Faiyah

NPM : 08430132

Boten mlagiat utawi nedhak pamawas saking seratanipun tiyang sanes.


Sedaya pamanggih utawi panggihan tiyang sanes ingkang wonten ing skripsi
punika kacuplik utawi dipunrujuki kanthi dhasar kodhe etik ilmiah.

Semarang, Maret 2013

Panaliti

iv
SESANTI LAN PISUNGSUNG

Sesanti

 Iman saha ikhlas dados tentreming manah


 Sepira gedhening sengsara yen tinampa amung dadi coba

Pisungsung
1. Bapa Sutego saha Ibu Sutirah tiyang sepuh kula ingkang kula bekteni, lan
ingkang tansah paring donga pangestu.
2. Adhi kula Dwi Setyo Rini ingkang sampun paring pandonga.
3. Sadherek-sadherek kula ingkang tansah paring motivasi dhateng kula.
4. Pepujaning ati (Arif Teguh Priyadi) ingkang tansah paring motivasi.
5. Kanca-kanca progdi PBSJ mliginipun kelas C ingkang tansah
nyengkuyung dadosipun skripsi punika.
6. Kanca-kanca kost lan kanca raket ingkang tansah setiya mbiyantu kula.
7. Pamaos ingkang wicaksana.

v
ATUR PANGIRING

Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas Asih saking
sedaya rahmat, hidayah, lan inayah-Ipun saha awit saking katresnan-Ipun Gusti
panaliten kanthi irah-irahan “Pangetraping Modhel Student Teams Achievement
Division Tumrap Kaprigelan Nyerat Paragrap Aksara Jawi Siswa Kelas IX
Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa 2012/2013” saged
purna.

Skripsi punika saged purna awit pambiyantu lan bimbinganipun sedaya


pihak. Pramila kanthi andhap asor ing kalodhangan punika panaliti ngaturaken
agunging panuwun dhumateng:

1. Bapa Dr. Muhdi, S.H., M. Hum. minangka Rektor IKIP PGRI Semarang
ingkang sampun ngeparengaken panaliti ndherek ngangsu kawruh ing
IKIP PGRI Semarang.
2. Ibu Dra. Sri Suciati, M. Hum. minangka Dekan Fakultas Pendidikan
Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang ingkang sampun paring idin ing
panaliti skripsi punika.
3. Ibu Dra. H.R. Utami, M. Hum. minangka Ketua Prodi Pendidikan Bahasa
dan Sastra Jawa ingkang tansah paring pangestu dhateng panaliti skripsi
punika.
4. Bapa Sutadi, S.Pd., M. P.d. minangka Dosen Pambimbing I ingkang
sampun paring bimbingan ing panaliten skripsi punika.
5. Bapa Totok Yasmiran, S.S. minangka Dosen Pambimbing II ingkang
sampun paring bimbingan ing panaliten skripsi punika.
6. Bapa lan Ibu Dosen Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa IKIP PGRI
Semarang.
7. Kepala SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang ingkang sampun paring
idin panaliti.
8. Bapa lan Ibu kula ingkang sabar lan paring kathah wejangan saengga
skripsi punika saged purna.
9. Kanca-kanca mahasiswa IKIP PGRI Semarang Jurusan Bahasa lan Sastra
Jawa warsa 2008.

vi
Ing pangajab mugiya skripsi punika migunani tumrap jagading
pendhidhikan umumipun lan mliginipun tumrap pasinaon basa Jawi.

Semarang, Maret 2013

Panaliti

vii
SARIPATHI

Nur Faiyah. NPM 08430132. “Pangetraping Modhel Student Teams


Achievement Division Tumrap Kaprigelan Nyerat Paragrap Aksara Jawi Siswa
Kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa
2012/2013”. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Pendidikan
Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang. Panuntun I Sutadi, S.Pd., M. Pd.
Panuntun II Totok Yasmiran S,S.
Wosing tembung: Nyerat, Paragrap Aksara Jawi, Modhel Student Teams
Achievement Division.
Skripsi punika ngrembag babagan nyerat paragrap aksara Jawi kanthi
ngginakaken modhel Student Teams Achievement Division. Momotaning prekawis
ing panaliten punika, kadospundi cak-cakanipun modhel Student Teams
Achievement Division Tumrap Kaprigelan Nyerat Paragrap Aksara Jawi Siswa
Kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa
2012/2013”. Ancasing panaliten inggih punika, kangge mbuktekaken asiling
pangetraping modhel Student Teams Achievement Division Tumrap Kaprigelan
Nyerat Paragrap Aksara Jawi Siswa Kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang
Kabupaten Batang Warsa 2012/2013”.
Panaliten punika kalebet panaliten kwantitatif. Pendekatan ingkang dipun-
ginakaken wonten ing panaliten inggih punika pendekatan eksperimen. Dhata ing
panaliten punika wujudipun asil seratan siswa anggenipun nyerat paragrap aksara
Jawi ingkang dipunparingaken. Kejawi punika dhata ugi awujud asiling
wawanrembag kaliyan siswa. Dene teknik pangempalan dhata ingkang dipun-
ginakaken inggih punika teknik tes lan non-tes. Tes dipun-ginakaken kangge
mendhet dhata ngengingi kaprigelan nyerat paragrap aksara Jawi tumrap siswa
SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang warsa 2012/2013 kanthi ngginakaken
modhel Student Teams Achievement Division. Tes dipuntindakaken kanthi cara
pepanthan sisiwa dipunaturi nyerat paragrap aksara Jawi kanthi tema tertamtu ing
lembar jawab ingkang sampun kacawisaken. Teknik analisis dhata ingkang dipun-
ginakaken inggih punika teknik kwantitatif lan kwalitatif..
Asiling panaliten kelas kontrol nyerat paragrap aksara Jawi saged
dipuntingali saking cacah siswa 30 ingkang saged nggayuh KKM namung wonten
18 utawi 60%, ingkang 12 siswa utawi 40% dereng saged nggayuh KKM. Asiling
kelas eksperimen nyerat paragrap aksara Jawi saged dipuntingali saking cacah
siswa 34 ingkang saged nggayuh KKM namung wonten 26 utawi 76,47%, ingkang
8 siswa utwi 23,52% dereng saged nggayuh KKM. Asil punika saged dpuntingali
indhak-indhakan antawis biji kelas kontrol lan biji kelas eksperimen inggih punika
45,89%.

viii
ABSTRAK

Nur Faiyah. NPM 08430132. “Pangetraping Modhel Student Teams


Achievement Division Tumrap Kaprigelan Nyerat Paragrap Aksara Jawi Siswa
Kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa
2012/2013”. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Pendidikan
Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang. Pembimbing I Sutadi, S.Pd., M. Pd.
Pembimbing II Totok Yasmiran S,S.
Kata Kunci: Nyerat, Paragrap Aksara Jawi, Modhel Student Teams Achievement
Division.
Skripsi ini membahas masalah menulis paragraf aksara Jawi dengan
menggunakan model Student Teams Achievement Division. Model Student Teams
Achievement Division digunakan sebagai model alternatif supaya siswa senang
dan mau mendengarkan penjelasan materi dari guru dan diharapkan dapat
mencapai tujuan pembelajaran. Rumusan masalah dalam penelitian ini, bagaimana
langkah-langkah model Student Teams Achievement Division untuk menulis
paragraf aksara Jawa siswa kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten
Batang Warsa 2012/2013. Tujuan penelitian adalah untuk membuktikan hasil
model Student Teams Achievement Division untuk menulis paragraf aksara Jawa
siswa kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa
2012/2013.
Penelitian ini termasuk penelitian kuantitatif. Pendekatan yang digunakan
dalam penelitian ini yaitu pendekatan eksperimen. Data dalam penelitian ini
wujudnya hasil menulis siswa dalam menulis paragraf aksara jawa. Selain itu data
juga berwujud hasil wawancara bersama siswa. Sedangkan teknik pengumpulan
data yang digunakan yaitu teknik tes dan non-tes. Tes digunakan untuk
mengambil data mengenai ketrampilan menulis paragraf aksara Jawa siswa kelas
IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa 2012/2013 dengan
menggunakan modhel Student Teams Achievement Division. Tes dilaksanakan
dengan cara kelompok siswa disuruh menulis paragraf aksara Jawa dengan tema
tertentu dilembar jawab yang sudah ada. Teknik analisis data yang digunakan
adalah teknik kuantitatif lan kualitatif.
Hasil penelitian kelas kontrol menulis paragraf aksara Jawa dapat dilihat
dari 30 yang bisa mencapai KKM jumlahnya 18 atau 60%, yang 12 siswa atau
40% belum bisa mencapai KKM. Sedangkan hasil kelas eksperimen menulis
paragraf aksara Jawa dapat dilihat dari siswa 34 yang bisa mencapai KKM 26 atau
76,47%, yang 8 siswa atau 23,52% dereng belum bisa mencapai KKM.
Peningkatan antara nilai kelas kontrol dan nilai kelas eksperimen adalah 45,89%.

ix
DHAPTAR ISI

Kaca

IRAH-IRAHAN ............................................................................................... i

PASARUJUKAN PANUNTUN...................................................................... ii

PENGESAHAN LULUS.................................................................................. iii

PRATELAN..................................................................................................... iv

SESANTHI LAN PISUNGSUNG................................................................... v

ATUR PANGIRING........................................................................................ iv

SARIPATHI..................................................................................................... viii

ABSTRAK........................................................................................................ ix

DHAPTAR ISI.................................................................................................. xii

DHAPTAR TABEL.......................................................................................... xiii

DHAPTAR GRAFIK ....................................................................................... x iv

DHAPTAR SIMPINGAN ............................................................................... xv

BAB I PURWAKA ................................................................................... 1

A. Pawadaning Prekawis .............................................................. 1


B. Momotaning Prekawis ............................................................. 3
C. Ancasing Panaliten .................................................................. 3
D. Mumpangating Panaliten ......................................................... 4
E. Panandhesing Tembung ing Irah-irahan................................... 4
F. Tatarakiting Penyeratan Skripsi ............................................... 7
BAB II LANDHESANING TEORI .......................................................... 8

A. Bakening Pasinaon Basa Jawi.................................................. 8


B. Bakening Nyerat ...................................................................... 10
1. Pangertosan Nyerat ............................................................ 10
2. Ancasipun Nyerat............................................................... 10

x
3. Mupangating Nyerat........................................................... 12
C. Nyerat Aksara Jawi .................................................................. 12
D. Modhel STAD (Student Team Achievement Division).............. 24
BAB III METHODE PANALITEN ............................................................ 29

A. Desain Panaliten ...................................................................... 29


B. Papan lan Wekdal..................................................................... 30
C. Populasi lan Sampel ................................................................. 30
D. Variabel Panaliten .................................................................... 31
E. Dhata lan Sumber Dhata .......................................................... 31
F. Teknik Pengempalan Dhata ..................................................... 31
G. Instrumen Panaliten.................................................................. 33
H. Teknik Analisis Dhata ............................................................. 37
I. Prosedur Panaliten ................................................................... 38
BAB IV PANGETRAPING MODHEL STUDENT TEAM ACHIEVEMENT
DIVISION TUMRAP KAPRIGELAN NYERAT PARAGRAP
AKSARAJAWI ........................................................................... 43
A. Deskripsi Dhata ....................................................................... 43
B. Asil lan Pirembagan Panaliten ................................................. 43
C. Pirembagan .............................................................................. 49
D. Dudutan Pirembagan Prekawis ............................................... 55
BAB V A. PANUTUP................................................................................ 56
B. Dudutan ................................................................................... 56
C. Pamrayogi ............................................................................... 57
KAPUSTAKAN

SIMPINGAN

xi
DHAPTAR TABEL

Kaca
Tabel 2.1 Carakan Aksara Jawi ....................................................................... 13

Tabel 2.2 Pasangan AKsara Jawi ..................................................................... 14

Tabel 2.3 Aksara Murda, Pasangan aksara Murda lan Tuladhanipun ............. 19

Tabel 2.4 Aksara Rekan, Pasangan Aksara Rekan lan Tuladhanipun ............. 21

Tabel 2.5 Aksara Swara lan Tuladhanipun ...................................................... 22

Tabel 2.6 Angka Jawi ...................................................................................... 24

Tabel 3.1 Aspek Nyerat Paragrap Aksara


Jawi………………………………………........................................................ 34

Tabel 3.2 Pedoman Penilaian Nyerat Paragrap Aksara Jawi .......................... 31

Tabel 3.3 Lembar Observasi ............................................................................ 31

Tabel 3.4 Pedoman Wawanrembag ................................................................. 32

Tabel 4.1 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap Aksara Jawi
ing Kelas IX-E (Kelas Kontrol)........................................................................ 42

Tabel 4.2 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap Aksara Jawi
ing Kelas IX-B (Kelas Eksperimen) ................................................................ 43

Tabel 4.3 Tetandhingan Asiling Kelas Kontrol lan Kelas

Eksperimen ...................................................................................................... 48

xii
DHAPTAR GRAFIK

Kaca
Grafik 4.1 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap Aksara Jawi
ing Kelas IX-E (Kelas Kontrol) ....................................................................... 42

Grafik 4.2 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap Aksara Jawi
ing Kelas IX-B (Kelas Eksperimen) ................................................................ 43

Grafik 4.3 Tetandhingan Asiling Kelas Kontrol lan Kelas Eksperimen .......... 48

xiii
DHAPTAR SIMPINGAN

Simpingan 1 Rencana Pelaksanaan Pembelajaran

Simpingan 2 Dhaptar Presensi Siswa Kelas IX-E

Simpingan 3 Dhaptar Presensi Siswa Kelas IX-B

Simpingan 3 Asil Biji Kelas Kontrol

Simpingan 4 Asil Biji Kelas Eksperimen

Simpingan 5 Lembar Observasi

Simpingan 6 Lembar Kerja Siswa Kelas Kontrol

Simpingan 7 Lembar Kerja Siswa Kelas Eksperimen

Simpingan 8 Gambar Piwucalan ing Kelas Eksperimen

Simpingan 8 Surat Ijin Panaliten saking Kampus IKIP PGRI Semarang

Simpingan 10 Surat Ijin Panaliten saking SMP Negeri I Bawang Kabupaten


Batang

Simpingan 11 Rekapitulasi Bimbingan Skripsi

xiv
BAB I

PURWAKA

A. Pawadaning Prekawis
Basa Jawi mujudaken mata pelajaran muatan lokal ingkang wonten
ing tlatah Jawi Tengah, Yogyakarta lan Jawi Timur. Bidang studi basa Jawi
ugi kalebet salah satunggaling mata pelajaran muatan lokal ingkang dados
target peningkatan mutu pendidikan, amargi budaya Jawi punika sajakipun
saya kentir dening ngrembakaning jaman. Adhedhasar lelimbangan punika,
piwucalan basa Jawi prelu karembakaken malih. Prekawis punika jumbuh
kaliyan Serat Kekancingan Gubernur Jawa Tengah nomor: 423.5/5/2010
babagan Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal (Basa Jawa) Untuk
Jenjang Pendidikan SD/SDLB/MI,SMP/SMPLB/MTs Negeri dan Swasta
Provinsi Jawa Tengah.
Ing kurikulum KTSP, piwucalan basa Jawi dipuntindakaken kanthi
ancas supados siswa saged nggadhahi kaprigelan basa lan sastra. Kekalihipun
kedah ngemot tigang kaprigelan ingkang kedah dipunkuwaosi siswa, inggih
punika kognitif, afektif, lan psikomotorik (Arikunto 2009: 117)
Kaprigelan basa (utawi language arts, language skills) wonten ing
kurikulum, kaprigelan basa kaperang dados 4 inggih punika nyemak, micara,
maos, lan nyerat (Tarigan, 1987: 1). Kaprigelan kalawau dipunparingaken
dhumateng para siswa supados siswa saged gladhen nyemak, micara, lan
nyerat. Salah satunggaling basa ingkang kedah dipunkuwaosi inggih punika
kaprigelan nyerat. Nyerat punika asil kreatifitas lan pamanggihipun panyerat.
Kanthi nyerat, satunggaling tiyang saged mratelakaken ide lan
pamanggihipun kanthi awujud seratan, tuladhanipun nyerat paragrap aksara
Jawi.
Nyerat paragrap aksara Jawi sampun mlebet ing kurikulum kelas IX
SMP/MTs. Nyerat paragrap aksara Jawi mlebet ing standar kompetensi
inggih punika saged medharaken pamikiran, pamawas, lan maos ing maneka

1
2

warni karangan ngginakaken ragam basa Jawi jumbuh kaliyan unggah-


ungguh lan nyerat paragrap aksara Jawi. Ewadene kompetensi dasar ingkang
dipunsinau inggih punika nyerat paragrap aksara Jawi kanthi nerapaken angka
Jawi.
Salah satunggaling kabudayan Jawi ingkang adiluhung inggih punika
aksara Jawi. Aksara Jawi inggih punika aksara ingkang dipun-ginakaken
dening tiyang wonten ing tlatah Jawa Tengah, Yogyakarta, lan Jawa Timur.
Aksara Jawi punika wonten 20 wujud.
Ananging ing kanyatan siswa kirang remen piwucalan basa Jawi
mliginipun babagan aksara Jawi. Aksara Jawi punika angel amargi sampun
boten dipun-ginakaken wonten ing padintenan. Sumber piwucalan ugi
penting sanget amargi saking sumber punika dwija badhe maringi piwucalan.
Dwija namung ngginakaken setunggal piwucalan inggih punika LKS
(Lembar Kerja Siswa), satemah siswa namung sinau saking satunggal sumber
piwucalan punika.
Supados piwucalan punika saged kalampah kanthi sae kedah
ngginakaken modhel piwucalan, satemah saged narik kawigatosanipun siswa
lan boten mboseni. Nyatanipun dwija taksih ngginakaken modhel ceramah
lan tanya jawab kemawon satemah siswa kirang minat lan motivasi tumut
piwucalan basa Jawi.
Saking andharan ing nginggil punika saged dipunpendhet dudutan
menawi piwucalan basa Jawi wonten ing kanyatan kirang dipunremeni siswa
satemah ndadosaken bijinipun siswa boten nggayuh KKM (Kriteria
Ketuntasan Minimal).
Salah satunggaling cara ingkang saged dipuntindakaken kangge ngudi
indhaking kawasisan nyerat aksara Jawi inggih punika piwucalan kanthi
modhel Student Teams Achievement Division. Modhel punika saged
dipunajab saged ngudi indhaking keaktifan siswa, nuwuhaken suasana
ingkang ngremenaken lan saged ngudi indhaking kewasisan siswa nyerat
aksara Jawi. Modhel pasinaon Student Teams Achievement Division inggih
punika satunggaling modhel pasinaon kooperatif ingkang ngginakaken
3

pepanthan alit ingkang anggota saben pepanthanipun 4-5 kanthi heterogen.


Dipunwiwiti kanthi maringi ancas pasinaon, maringi materi, kagiyatan
kelompok, kuis lan penghargaan kelompok (Trianto: 2007: 68).
Saking andharan ing nginggil pramila panaliti nggadhahi pangajab
badhe ngawontenaken panaliten kanthi irah-irahan “Pangetraping Modhel
Student Teams Achievement Division Tumrap Kaprigelan Nyerat Paragrap
Aksara Jawi Siswa Kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten
Batang Warsa 2012/2013”.

B. Momotaning Prekawis
Adhedhasar pawadan prekawis ing nginggil, saged kapendhet
momotaning prekawis makaten.
Kadospundi cak-cakanipun lan nyerat paragrap aksara Jawi kanthi
modhel Student Teams Achievement Division Tumrap Kaprigelan Nyerat
Paragrap Aksara Jawi Siswa Kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang
Kabupaten Batang Warsa 2012/2013?

C. Ancasing Panaliten
Saking momotaning prekawis ing nginggil, saged kapendhet ancasing
panaliten makaten.
Mbuktekaken lan saged ngandharaken asiling piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi kanthi modhel Student Teams Achievement Division
Tumrap Kaprigelan Nyerat Paragrap Aksara Jawi Siswa Kelas IX Semester I
SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa 2012/2013.

D. Mupangating Panaliten
Mupangating panaliten wonten 2 (kalih) inggih punika mupangat
teoretis lan praktis.
1. Mupangat Teoretis
a. Panaliten punika saged nambah kawruh wonten ing piwucalan basa
Jawi, mliginipun babagan kaprigelan nyerat paragrap aksara Jawi.
4

b. Asil panaliten punika saged kangge dhasar nindakaken panaliten


salajengipun babagan nyerat paragrap aksara Jawi.
2. Mupangat Praktis
a. Tumrap Siswa
1) Siswa mangertosi kanthi gamblang babagan aksara Jawi
mliginipun nyerat aksara Jawi.
2) Siswa gadhah greget nderek piwucalan basa Jawi.
b. Tumrap Dwija
1) Dwija pikantuk pengalaman ingkang enggal wonten piwucalan
nyerat paragrap aksara Jawi.
2) Dwija saged nemtokaken media lan modhel piwucalan ingkang
trep ing piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi.
c. Kangge Pawiyatan
1) Modhel Student Teams Achievement Division saged
nyengkuyung piwucalan basa Jawi mliginipun babagan nyerat
paragrap aksara Jawi.
2) Asil panaliten saged paring pisumbang kangge mbudidaya
ngrembakakaken piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi kanthi
ngginakaken modhel Student Teams Achievement Division.

E. Panandhesing Tembung ing Irah-irahan


Supados boten wonten pangertosan lan penafsiran ingkang lepat ing
babagan ngengingi mahami irah-irahan panaliten punika, kedah
dipuntegesaken istilah-istilah ingkang dipunagem, kados ing ngandhap
punika.
1. Pangetraping
Pangetraping inggih punika caraning pangrakit, panata,
pamasang, ngecakaken (Poerwadarminta, 1939: 619).
Ingkang dipunkajengaken pangetraping ing panaliten punika
ngecakaken modhel Student Teams Achievement Division tumrap
kaprigelan nyerat paragrap aksara Jawi.
5

2. Modhel Student Teams Achievement Division


Modhel Student Teams Achievement Division inggih punika
satunggal modhel piwucalan kooperatif ingkang ngginakaken pepanthan-
pepanthan alit ingkang anggota saben pepanthanipun 4-5 siswa kanthi
heterogen. Dipunwiwiti kanthi pamringan ancas pasinaon, maringi
materi, kagiyatan pepanthan, kuis lan penghargaan pepanthan (Trianto,
2007: 52).
Ingkang dipunkajengaken Modhel Student Teams Achievement
Division ing panaliten punika modhel pasinaon kooperatif tumrap
kaprigelan nyerat paragrap aksara Jawi siswa kelas IX Semester I SMP
Negeri I Bawang Kabupaten Batang Warsa 2012/2013.
3. Kaprigelan
Tembung “kaprigelan” aslinipun saking tembung lingga “prigel”
pikantuk ater-ater ka- lan panambang –an. Tembung prigel gadhahi
teges: 1) pinter, 2) bisa, (Poerwadarminta, 1939: 657). Bilih
dipunwuwuhi ater-ater ka- lan panambang –an tegesipun kapinteran
utawi katrampilan.
Ingkang dipunkajengaken kaprigelan ing panaliten punika siswa
kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang Kabupaten Batang warsa
2012/2013 saged lan trampil anggenipun nyerat paragrap aksara Jawi
sasampunipun pasinaon.
4. Nyerat
Tarigan (1994: 3) ngandharaken bilih nyerat punika kaprigelan
basa ingkang dipun-ginakaken kangge sesambetan kanthi boten langsung
kaliyan tiyang sanes. Nyerat punika kagiyatan ingkang produktif lan
ekspresif.
Ingkang dipunkajengaken nyerat ing panaliten punika nyerat
paragrap aksara Jawi siswa kelas IX Semester I SMP Negeri I Bawang
Kabupaten Batang warsa 2012/2013.
6

5. Paragrap
Wiyanto (2006: 20) ngandharaken bilih paragrap inggih punika
sekelompok kalimat ingkang sesambetan lan sami-sami njlentrehaken
satunggal unit pokok pikiran.
Ingkang dipunkajengaken paragrap ing panaliten punika paragrap
aksara Jawi ingkang dipunserat dening siswa Kelas IX Semester I SMP
Negeri I Bawang Kabupaten Batang warsa 2012/2013.
6. Aksara Jawi
Aksara Jawi inggih punika aksara ingkang dipun-ginakaken
dening tiyang wonten ing Jawi Tengah, Yogyakarta, lan Jawi Timur.
Aksara Jawi punika wonten 20 wujud.
ancrkftswlpdjyvmgbqz
Ingkang dipunkajengaken aksara Jawi ing panaliten inggih punika
aksara Jawi legena, pasangan aksara Jawi, sandhangan aksara Jawi,
aksara murda, aksara swara, lan angka Jawi.

F. Tatarakiting Panyeratan Skripsi


7

Tatarakiting panyeratan skripsi punika saged kaperang dados tiga


inggih punika perangan wiwitan, perangan isi, lan perangan pungkasan.
Perangan wiwitan kaperang dados kaca irah-irahan, kaca pasarujukan,
kaca pangesahan, sesanthi lan pisungsung, atur cecala, abstraksi, lan dhaptar
isi.
Perangan isi punika minangka bagian pokok utawi wigatos saking
skripsi ingkang kaperang dados 5 BAB inggih punika.
BAB I purwaka, ingkang badhe ngandharaken babagan irah-irahan,
pawadaning prekawis, momotaning prekawis, ancasing panaliten,
mupangating panaliten, panadhesing tembung ing irah-irahan, lan tatarakiting
panyeratan skripsi.
BAB II inggih punika landhesaning teori ingkang wosipun teori pasinaon,
bakening pasinaon basa Jawi, bakening nyerat, nyerat aksara Jawi, modhel
STAD.
BAB III inggih punika pendekatan, papan lan wekdal panaliten, dhata lan
sumber dhata, variabel panaliten, teknik pengempalan dhata, instrument
panaliten, methode pangempalaning dhata, teknik analisis dhata.
BAB IV pirembagan ingkang wosipun mratelakaken asiling analisis saking
panaliten. Wosipun ngemot deskripsi dhata, asil lan pirembagan panaliten, lan
dudutan saking pirembagan prekawis.
BAB V inggih punika panutup, ing salebeting panutup isinipun wonten kalih
sub bab, inggih punika dudutan lan pamrayogi.
BAB II

LANDHESANING TEORI

A. Bakening Pasinaon Basa Jawi


Mliginipun Mata Pelajaran basa Jawi ingkang wonten ing salebeting
kelompok Mata Pelajaran Muatan Lokal Standar Isi lan Standar Kompetensi
Lulusan boten kalebet ing salebeting Standar Nasional. Ing struktur
Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP), Muatan Lokal mujudaken
kagiyatan kulikuler kangge ngrembakaken kompetensi ingkang trep kaliyan
ciri khas lan potensi laladanipun. Kurikulum ingkang dipun-ginakaken sami
ananging materinipun boten saged dipundadosaken satunggal amargi
gumantung dening laladan piyambak-piyambak.
Adhedhasar potensi pangrembakanipun lan kahanan peserta didik
kangge nguwaosi kompetensi ingkang migunani kagem piyambakipun,
wonten gangsal pilar ingkang kedah dipungatosaken antawisipun sinau
kangge iman dhateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, mangertosi lan
ngayati, nindakaken lan nglampahi kanthi efektif gesang sesarengan ingkang
migunani kagem tiyang sanes, mbangun lan manggihi jati dhiri lumantar
proses ingkang aktif, kreatif, efektif lan nyengsemaken. Ing salebeting
kahanan ingkang nggadhahi gegayutan kaliyan peserta didik lan pendidik
saengga sami narima, akrab, terbuka, hangat, kaliyan prinsip, Tut Wuri
Handayani, Ing Madya Mangunkarsa Ing Ngarsa Sung Tuladha.
Pasinaon basa Jawi punika wonten sekawan aspek ingkang kedah
dipungatosaken, inggih punika aspek mirengaken, micara, maos, lan nyerat.
Nyerat paragrap aksara Jawi sampun mlebet ing kurikulum kelas IX
SMP/MTs. Nyerat paragrap aksara Jawi mlebet ing standar kompetensi inggih
punika saged medharaken pamikiran, pamawas, lan maos ing maneka warni
karangan ngginakaken ragam basa Jawi jumbuh kaliyan unggah-ungguh lan
nyerat paragrap aksara Jawi. Ewadene kompetensi dasar ingkang dipunsinaoni
inggih punika nyerat paragrap aksara Jawi kanthi nerapaken angka Jawi.

8
9

Ancas saking Standar Kompetensi Mata Pelajaran basa Jawi inggih


punika 1) peserta didik saged ngrembakaken potensinipun trep kaliyan
kaprigelan, kabetahan lan minatipun, sarta saged nuwuhaken greged tumrap
asil karya sastra lan asil intelektual masyarakat Jawi, 2) Dwija langkung
mandiri ing salebeting nemtokaken bahan ajar basa lan sastra trep kaliyan
kahanan lingkungan sekolan lan kaprigelan peserta didik, 3) Tiyang sepah lan
masyarakat saged kanthi aktif ing salebeting kagiyatan program basa lan
sastra ing sekolahan, 4) Sekolah saged nyusun program pendidikan babagan
basa lan sastra trep kaliyan kahanan peserta didik lan sumber sinau ingkang
sampun wonten.
Mata Pelajaran basa Jawi ngadhahi ancas supados peserta didik
nggadhahi kaprigelan inggih punika 1) Wicantenan kanthi efektif lan efisien
trep kalian etika lan budaya Jawi sae kanthi lisan utawi seratan, 2) Nggadhahi
raos remen ngginakaken basa Jawi minangka basa daerah ingkang ndukung
basa Indonesia, 3) Mangertosi basa Jawi lan ngginakaken kanthi trep lan
kreatif kangge pinten-pinten ancas 4) Ngginakaken basa Jawi kangge
ningkataken kaprigelan intelektual sarta manteping emosional lan sosial 5)
Ngraosaken lan mupangataken karya sastra kangge nambah wawasan 6)
Nggadhahi raos remen utawi bangga satra Jawi minangka khasanah budaya
Jawi.
Wekdal sapunika taksih kathah piwucalan ingkang kathah
kekiranganipun, wiwit saking mutu pasinaon, mliginipun wonten ing SD,
SMP, lan SMA. Sedaya cara sampun dipuntindakaken kangge ngindhakaken
mutu pasinaon, wiwit saking ngindhakaken kwalitas dwija, nyampurnakaken
kurikulum, sarana prasarana pasinaon lan ngindhakaken mutu manajemen
pasinaon. Sedaya ingkang dipuntindakaken punika dereng wonten asil
ingkang mranani ing penggalih.
Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) dipunracik kangge
njangkepi amanat ingkang wonten salebeting UU RI No. 20 Tahun 2003
babagan system pendidikan Nasional lan PP RI No. 19 Tahun 2005 Badan
Standar Nasional Pendidikan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (BNSP
10

KTSP). Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan inggih punika kurikulum


operasional ingkang kasuwun lan katindakaken dening satuan pendidikan
utawi pawiyatan tartamtu (Muslich, 2007:17). Kurikulum Tingkat Satuan
Pendidkan (KTSP) punika dipunsusun dening BNSP ingkang gadhah sekawan
komponen inggih punika ancas dening tingkat satuan pendidikan, struktur lan
muatan KTSP, kalender pendidikan, silabus lan RPP.
Adhedhasar serat Kekancingan Gubernur Jawa Tengah No. 423.5/05/
2010, netepaken kurikulum piwucalan basa Jawi kangge jenjang pawiyatan
SD/SLB/MI, SMP/SMPLB/Mts, lan SMA/SMALB/SMK/MA negeri utawi
swasta Provinsi Jawi Tengah ingkang ngemot kangge ngindakaken ajining
pendidikaning Jawi Tengah mliginipun kangge ngupaya nanemaken bobot aji
budi pekerti lan penguwaosan basa Jawi tumrap siswa.

B. Bakening Nyerat
Nyerat punika dados satunggaling aspek wonten ing piwucalan.
Pirembagan nyerat punika sampun mlebet wonten ing kurikulum tingkat
satuan pendidikan ingkang ngemot kaprigelan nyerat dados satunggaling
aspek piwucalan.
1. Pangertosan Nyerat
Tarigan (1994: 3) ngandharaken bilih nyerat punika kaprigelan
basa ingkang dipunginakaken kangge sesambetan kanthi boten langsung
kaliyan tiyang sanes. Nyerat punika kagiyatan ingkang produktif lan
ekspresif. Wonten ing kagiyatan nyerat punika panyerat kedah trampil
ngginakaken grafologi, struktur bahasa, lan kosa kata. Kparigelan nyerat
boten saged karengkuh kanthi otomatis, anaging kedah gladhen lan
praktek ingkang kathah lan teratur.
2. Ancasipun Nyerat
Ancasipun nyerat wonten pitu (Tarigan 2008: 25-26), antawisipun
kados ing ngandhap punika.
11

a. Ancas Penugasan
Panyerat boten nggdhahi ancas kagem punapa piyambakipun
nyerat.Panyerat namung nyerat, mawi mangertosi ancasipun.
Piyambakipun nyerat amargi pikantuk tugas, boten amargi
pepinginan piyambak (Tuladhanipun: para siswa ingkang
dipunparingi tugas ngrangkum buku, sekretaris ingkang angsal tugas
ndamel laporan utawi notulen rapat).
b. Ancas Alturistik
Panyerat nggadhahi ancas kagem ngremenaken pamaos,
ngindharaken kedudukan para pamaos lan penalaranipun, pengin
mbiyantu para pamaos langkung remen kaliyan karyanipun. Tiyang
boten saged nyerat kanthi trep guna menawi piyambakipun pidatos,
kanthi sadhar punapa kanthi boten sadhar bilih pamaos badhe
menikmati karyanipun inggih punika”lawan” utawi “musuh”. Ancas
alturistik inggih punika kunci keterbacaan satunggaling seratan.
c. Ancas Persuasif
Seratan ingkang ancasipun ngyakinaken para pamaos
babagan kaleresan gagasan ingkang dipunandharaken.
d. Ancas Informasional
Seratan ingkang ancasipun maringi informasi utawi
katrangan panerangan dhumateng para pamaos.
e. Ancas Pernyataan Diri
Seratan ingkang ancasipun nepangaken piyambakipun
dhumateng pamaos.
f. Ancas Kreatif
Ancas punika wonten sesambetanipun kaliyan ancas
penghayatan piyambakipun. Ananging ‘keinginan kreatif’ wonten
mriki ngluwihi pernyataan piyambakipun, lan nglibataken
piyambakipun kaliyan pepinginan nggayuh normal artistik utawi
seni ingkang ideal, seniidaman. Seratan ingkang nggdhahi ancas
nggayuh nilai-nilai artistik, nilai-nilai kesenian.
12

g. Ancas Pemecahan Masalah


Wonten ing seratan kados mekaten panyerat nyobi ngudhari
prekawis ingkang dipunadhepi. Panyerat nyobi njlentrehaken,
njernihaken, njelajahi serta neliti kanthi cermat pikiran-pikian lan
gagasanipun piyambak supados saged dimangertosi lan dipuntampi
dening para pemaos.
3. Mupangating Nyerat
Miturut Akhadiah (1988: 1-2), nyerat nggadhahi mupangat
makaten.
a. Kanthi nyerat kita saged mangertosi kaprigelan lan potensi
piyambakipun.
b. Kanthi nyerat kita saget ngembangaken pinten-pinten gagasan.
c. Kagiyatan nyerat meksa kita supados saged nyerap, madosi, serta
nguwaosi informasi sesambetan kaliyan topik ingkang dipunserat.
d. Nyerat inggih punika mengorganisasiaken gagasan kanthi cara
sistematik serta ngandharaken kanthi tersirat.
e. Kanthi cara nyerat punika kita saged ninjau serta mbiji gagasan kita
piyambak kanthi cara langkung objektif.
f. Kanthi nyerat ing nginggil kertas kita langkung gampil mecahaken
prekawis, inggih punika kanthi cara dipunanalisis kanthi cara tersurat
wonten ing konteks ingkang langkung konkret.
g. Tugas nyerat ngengingi topik saged motivasi kita sinau kanthi aktif.
h. Kagiyatan nyerat ingkang sampun dipunrencanakaken saged
ngulinkaken kita mikir serta berbahasa ingkang tertib.

C. Nyerat Aksara Jawi


Aksara Jawi inggih punika aksara ingkang dipunginakaken dening
bebrayan Jawi wiwit rumiyin minangka sarana sesrawungan. Kanthi aksara
Jawi kala wau bebrayan Jawi saged lung-tinampen pangertosan punapa dene
ngudi sawarnaning kawruh.
13

Nyerat aksara Jawi kedah dipungladhi, amargi boten saged namung


srampangan kemawon nanging kedah ngertos aksara Jawinipun. Lare jaman
sapunika sampun boten trampil malih nyerat aksara Jawi jalaran sampun
awis-awis. Adhedhasar saking andharan punika kaajab kewasisan nyerat
aksara Jawi siswa saged dipunindhakaken.
Perangkat aksara Jawi wonten 6 inggih punika carakan, pasangan,
sandhangan, aksara murda, aksara swara, lan angka Jawi.
1. Carakan Aksara Jawi
Carakan (abjad Jawa) inggih punika aksara baku seratan Jawi.
Cachipun 20 aksara ingkang dipunwiwiti saking aksara ha dumugi nga
lan nggadhahi sipat silabik (bersifat kesukukataan) (Team Penyusun,
2002: 5).
Tabel 2.1 Carakan Aksara Jawi
a n n r k
Ha Na Ca Ra Ka
f t s w l
Da Ta Sa Wa La
p d j y v
Pa Dha Ja Ya Nya
m g b q z
Ma Ga Ba Tha Nga

Werni-werni aksara Jawi punika kasebat aksara legena. Aksara


legena inggih punika ingkang dereng pikantuk sandhangan utawi dereng
ewah saking asalipun amargi dereng pikantuk pananda swanten
sanesipun.

2. Pasangan Aksara Jawi

Pasangan inggih punika wujud utawi cara nyerat aksara jawi


sanesipun ingkang cacahipun wonten 20 ginanipun kagem nggabungaken
14

suku kata (wanda) mati kaliyan suku kata salajengipun (Team Penyusun,
2002: 5).
Tabel 2.2 Pasangan Aksara Jawi

H N C R K
Ha Na Ca Ra Ka
F T S W L
Da Ta Sa Wa La
P D J Y V
Pa Dha Ja Ya Nya
M G B Q Z
Ma Ga Ba Tha Nga

3. Sandhangan Aksara Jawi

Sandhangan aksara Jawi inggih punika tetenger ingkang


dipunginakaken kangge ngowahi utawi muwuhi unining aksara utawi
pasangan (Team Penyusun, 2002: 18). Sandhangan aksara Jawi wonten
sekawan jinis, inggih punika: sandhangan swara, sandhangan
panyigeging wiyanjana, lan sandhangan pangkon.
a. Sandhangan Swara
Sandhangan swara wonten gangsal, inggih punika.
1) Wulu ( i )= i
Sandhangan wulu dipunginakaken kangge mujudaken vokal
i ing satunggaling wanda.
Tuladhanipun: siji = siji, pipi = pipi, wingi = wizi
2) Pepet ( e) = ê
Sandhangan pepet dipunginakaken kangge mujudaken vokal
ê ing satunggaling wanda lan dipunserat ing nginggil pungkasaning
aksara.
Tuladhanipun: pêtêng = pete,=ênêm = aenem\
a) Suku ( u )= u
Sandhangan suku dipunginakaken kangge mujudaken vokal
u ing satunggaling wanda lan dipunserat ing ngandhapipun
pungkasaning aksara.
Tuladhanipun: tuku buku = tukubuku, watu = wtu
15

b) Taling ( [ )= e
Sandhangan taling dipunginakaken kangge mujudaken
vokal é ing satunggaling wanda ingkang boten dipunserat kaliyan
aksara swara E. Sandhangan taling dipunserat ing ngajengipun
aksara.
Tuladhanipun: édi péni = [afi[pni, bébék = [b[bk\
c) Taling tarung ([ … o)= o
Sandhangan taling tarung dipunginakaken kangge
mujudaken vokal o ing satunggaling wanda. Sandhangan taling
tarung dipunserat ing sakiwo tengenipun aksara.
Tuladhanipun: bolong = [bo[l=o, toko= [to[ko

b. Sandhangan Panyigeging Wanda

Sigêg tegesipun mandhêg, wanda tegesipun “suku kata”,


wanda ingknag dipunsigêg punika = mandhêg utawi “mati” (Team
Penyusun, 2002: 24). Sandhangan panyigêg wanda wonten 3 (tiga).

1) Sandhangan Wignyan
h
Sandhangan wignyan nggadhahi ayahan dados sulihipun
sigêg aksara nglêgêna ha, dipunserat wignyan (Team Penyusun,
2002: 24).
Tuladhanipun:
Munggah gunung = mu=ghgunu=
Papah gedhang = pphged=
2) Sandhangan Layar

/
Sandhangan layar nggadhahi ayahan dados sulihipun sigêg
aksara nglêgêna ra, dipunserat sigêg ra (layar) (Team Penyusun,
2002: 24).
Tuladhanipun:
Sekar gambuh = sek/gmB|h
Bubar turu = bub/turu
16

Sega punar = segpun/


Kembang mawar = kemB=mw/

3) Sandangan Cêcak

=
Sandhangan cêcak nggadhahi ayahan dados sulihipun
sigêg nga, dipunserat sigêg nga (cêcak) (Team Penyusun, 2002:
25).
Tuladhanipun:
Patang puluh = pt=puluh
Pêtêng bangêt = pet_ebzet\
Sandhangan cêcak bilih dipunserat sesarêngan kaliyan
sandhangan wulu, urutan panyeratanipun ing sakwingkingipun
sandhangan wulu (Team Penyusun, 2002: 25).
Tuladhanipun:
Ing wingking = ai=wi=ki=
Kucing gering = kuci=geri=
Sandhangan cêcak bilih dipunserat sesarêngan kaliyan
sandhangan pêpêt, urutan panyeratanipun ing sakwingkingipun
sandhangan pêpêt (Team Penyusun, 2002: 25).
Tuladhanipun:
Andheng andheng = anDeanDe
= =
Unyeng unyeng = auveauve
c. Sandhangan Wiyanjana = =

Sandhangan wiyanjana wonten tiga, inggih punika.


1) Cakra ( ])
Cakra inggih punika tetanda gugus konsonan ingkang
unsure pungkasanipun awujud konsonan r. cakra dipunserat
serangkai ing ngandapipun pungkasaning aksara (Team Penyusun,
2002: 29).
Tuladhanipun:
Cakra = ck]
Sasra = ss]
Prajurit = p]jurit\
2) Keret ( } )
17

Keret inggih punika tetanda gugus konsonan ingkang


unsure pungkasanipun awujud konsonan rlandiikuti vokal e. Cakra
dipunserat serangkai ing ngandapipun pungkasaning aksara (Team
Penyusun, 2002: 31).
Tuladhanipun:
Kreteg = k}teg\
Tresna = t}sN
Brengos = b}[zos\
3) Pengkal ( - )
Pengkal dipunginakaken kangge mujudaken konsonan y lan
gandheng kaliyan konsonan saliyanipun ing satunggaling wanda.
Pengkal dipunserat serangkai ing ngandapipun pungkasaning
aksara (Team Penyusun, 2002: 31).

Tuladhanipun:
Kyai Ali = k-aiAli
Kapyarsa = kp-/s
Sanityasa = snit-s

d. Sandhangan Pangkon (Paten)

\
Aksara nglêgêna ingkang dipunserat katambah mawi
sandhangan pangkon dados sigêg utawi “mati” (Team Penyusun,
2002: 27).
Tuladhanipun:

Manuk = mnuk\
Keset = ke[st\
Prabot = p][bot\

4. Aksara Murda

Aksara murda inggih punika aksara Jawi kina kangge nyerat gelar
lan asma tiyang, geografi, kutha, lembaga pamarintah, ananging boten
pareng dipunserat wonten ing pungkasaning tembung (Team Penyusun,
2002: 12). Aksara murda punika wonten 7, inggih punika.
Tabel 2.3 Aksara Murda, Pasangan Aksara Murda, lan Tuladhanipun
18

Nama Wujud Aksara Murda Tuladhanipun


Aksara Aksara Pasangan
Murda Murda
Na ! Nabi Nuh
® !bi!uh
Nurman Natanagara
!u/mn®tngr
Ka @ Kali Krasak
ˉ kli@]sk\
Kabupaten Kudus
kbup[tnfus\

Ta # Tawangmangu
± #w=mzu
Tuwan Tantri
#uwn±nTi
]
Sa $ Sasrakusuma
° $s]kusum
Kabupaten Sampang
@bup[tn°mP=
Pa % ² Pangeran Puger
%[zrn²uge/
Pangeran Pekik
%[zrn²ekik\
Ga & Gusti Gandakusuma
´ &usTi&nFkusum

Gunung Galunggung
&unu=&lu=gu=
Raden Gandamana
19

r[fn´nFmn
Ba * Bupati Banyumas
µ *upti*vums\
Babad Banyuwangi
*bfµvuwzi

5. Aksara Rekan

Aksara rekan dipun-ginakaken kangge panyeratan basa


manca mliginipun basa Arab (Team Penyusun, 2002: 16). Aksara
rekan wonten 5 (gangsal) inggih punika.
Tabel 2.4 Aksara Rekan, Pasangan Aksara Rekan, lan Tuladhanipun

Nama Wujud Wujud Tuladhanipun


Aksara Aksara Aksara
Rekan Rekan Pasangannya
Kha k+ Khatib arep khutbah
k+tibHxpK+|tBh
Dza f+ Wong dzalim kesed dzikir
[wo=f+limKe[sfF+iki/
fa/va p+ P+ Fungsine vitamin tumrap
kasarasan
p+u=si[np+itminT|m]pKsrsSn\
Buku iki ukuran folio
bukuaikiauku/r[nP+oli
[yo
Za j+ Zakat iku wajib lan ziarah iku
sunat
j+ktHikuwjibLnJ+iyrhaikusunt\
Gha g+ Ghazali lan Ghulam Ahmad
g+j+lilnG+||lm\Ahmf\
20

6. Aksara Swara

Aksara swara dipunginakaken kangge nyerat tembung-


tembung manca, nama ingkang dipunurmati utawi tembung panyapa
saking basa asing saengga pocapanipun leres (Team Penyusun, 2002:
13). Aksara swara punika wonten gangsal, inggih punika.
Tabel 2.5 Aksara Swara lan Tuladhanipun

Nama Wujud Tuladhanipun


Aksara Aksara
Swara Swara
A A Ali tuku klambi
AlitukukLmBi
Ahlul sunah
AhlulSunh
Wus akil balig
wus\AkilBlig\
É E Emanuel
EmnuEl\
Weton Eropa
we[ton\E[rop
Wong Eskimo
[wo=EsKi[mo
I I Iklan
IkLn\
Ibnu Majah
Ibmjh
Wus ikhtiyar
wus\IkTiy/
0 O Organisasi
O/gnissi
Wulan Oktober
wuln\O[kTobe/
Organ otomatis
O/gn\O[tomtis\
U U Urbanisasi
21

U/bnissi
Imam lan uskup
Imm\ln\UsK|p\
Ukhuwah umat
Uk+uwhUmt\

7. Angka Jawi

Kados angka latin, angka jawi ugi wonten 10, panyeratan


angka Jawi kedah dipunpisah saking aksara Jawi ingkang
sakderengipun lan sasampunipun. Tanda ingkang dipunginakaken
kangge nyerat angka Jawi inggih punika pada pangkat ( ; ; ).
Tabel 2.6 Angka Jawi

Angk 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0
a Jawi
Angk 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0
a
Latin

Tuladhanipun:

Dawané 36 séntimeter.
?fw[n;36;[sniT[mte/.

D. Modhel Student Teams Achievement Division


Piwucalan kooperatif Student Teams Achievement Division punika
kalebet salah satungggal tipe saking modhel pasinaon kooperatif kanthi
ngginakaken pepanthan-pepanthan alit kanthi cacah anggota saben pepanthan
4-5 kanthi heterogen (Trianto, 2007: 52). Dipunwiwiti kanthi paring ancas
pasinaon, materi, kagiyatan pepanthan, kuis, lan penghargaan pepanthan.
Wonten ing modhel Student Teams Achievement Division, siswa dipundum
ing tim belajar ingkang anggotanipun 4-5 ingkang kaperang miturut tingkat
prestasi. Dwija ngandharaken pasinaon, lajeng siswa “bekerja” wonten ing
tim. Dipunpikajengaken sedaya anggota sampun mahami lan nguwasai materi
pasinaon.
22

Pasinaon kooperatif tipe Student Teams Achievement Division punika


mbetahaken persiapan ingkang mateng sakderengipun kagiyatan piwucalan
kalaksanakaken. Persiapan-persiapan kasebat antawisipun: dwija nyiapaken
perangkat piwucalan kadosta RPP (Rencana Pelaksanaan Pembelajaran),
buku siswa, LKS (Lembar Kerja Siswa), lembar wangsulanipun, lan silabus.
Persiapan sanes inggih punika pembentukan pepanthan utawi kelas. Wonten
ing pembentukan pepanthan punika dipunusahakaken supados kewasisan
siswa ing kelas punika heterogen lan kewasisan siswa antawisipun kelas
satunggal lan sanesipun relative homogen.
Ing ngandap punika reng-rengan ingkang jangkep saking piwucalan
kooperatif tipe (STAD) Student Teams Achievement Division (Trianto, 2007:
52).
1. Piwucalan
a. Wiwitan
1) Ngandharaken kalih siswa punapa ingkang badhe dipunsinau lan
punapa prekawis punika wigati.
2) Dwija saged ndamel siswa dados pepanthan supados dwija
angsal konsep utawi ndamel siswa supaya remen kalih piwucalan
punika.
3) Dipunambali kanthi cara singkat katrampilan utawi informasi
ingkang dados syarat mutlak.
b. Pengembangan
1) Materi dipunkembangaken jumbuh kaliyan punapa ingkang
dipunsinauni siswa wonten ing pepanthan.
2) Piwucalan kooperatif negesaken, menawi sinau punika mahami
boten apalan.
3) Asring ngontrol pemahaman siswa kanthi cara maringi gladhen-
gladhen.
4) Maringi wangsulan punapa wangsulan punika leres punapa
boten.
23

5) Saged gantos pokok ingkang sanes menawi siswa sampun


mangertosi pokok prekawisipun.
c. Gladhen
1) Ndhawuhi siswa ngisi gladhen ingkang sampun dipunsiapaken.
2) Ndhawuhi siswa kanthi cara acak kangge mangsuli pungkasaning
gladhen. Sapunika nggadhahi ancas supados siswa kedah siyap
kanthi sae.
3) Gladhen kelas boten pareng nyita wekdal ingkang dangu.
Ndamel satunggal utawi kalih masalah (gladen) lan kanthi cara
langsung dipunparingi umpan balik.
2. Sinau kelompok
Dangunipun sinau pepanthan, gladhen anggota pepanthan inggih
punika saged mangertosi materi ingkang sampun dipunparingi kalian
dwija lan mbiyantu siswa sanes ingkang satunggal pepanthan kangge
pemahaman materi punika. Siswa dipunparingi lembar kagiatan ingkang
saged dipunginakaken kangge gladhen ingkang tasih dipunlampahaken
kangge ngetes para siswa satunggal pepanthanipun.
Wonten ing wiwitan dwija ngginakakan piwucalan koopertif,
dwija ugi maringi pitulungan kanthi cara njlentrehaken pitakenanipun,
review konsep utawi mangsuli pitakenan.
Salajengipun cak-cakan ingkang dipunlampahaken dening dwija
inggih punika.
a. Kasuwun anggota pepanthan mindhah meja/bangku kanthi cara
sesarengan lan pindhah wonten ing meja pepanthan.
b. Siswa dipuaringi wekdal kirang saking 10 menit kangge milih asma
pepanthan.
c. Ngedum lembar kegiatan siswa
d. Dipunandharaken kaliyan siswa kangge kerja sama kaliyan pasangan,
tigang siswa utawi setunggal kelompok utuh, miturut kalih materi
ingkang dipunsinau. Menawi siswa nggarap gladhen, saben siswa
kedhah ngarap gladhen piyambak-piyambak lajeng dipunjumbuhaken
24

kaliyan rencange. Menawi wonten ingkang boten saged mangsuli


satunggal gladhen, rencang satunggal kelompok nggadhahi tanggung
jawab njlentrehaken. Menawi siswa mangsuli gladhen kanthi
wangsulan pendek, siswa asring pitaken lan saklajengipun saben
siswa satunggal lan satunggalipun gantosan mbekta lembar kegiatan
lan ngupaya mangsuli pitakenanipun.
e. Njlentrehaken kangge siswa menawi dereng purna, sinau dumugi
yakin. Rencange wonten ing salebeting pepanthan saged nggayuh biji
ngantos 100 wonten ing kuis. Supados siswa mangertos lembar sinau
punika kangge sinau, boten namung dipunwangsuli lan
dipunparingaken malih. Dados wigati sanget kangge siswa nggadhahi
lembar kagiatan punika kangge ngecek siswanipun piyambak lan
kelompok wekdal siswa sinau. Siswa dipunemotaken menawi siswa
nggadhahi pitakenan, amargi sakderenge nyuwun priksa kalih dwija
siswa kedhah pitaken kalian rencang satunggal pepanthanipun.
f. Wekdal siswa nyambut damel wonten ing pepanthan, dwija keliling
wonten ing lebet kelas. Dwija kedah muji pepanthan ingkang sedaya
anggotanipun nyambut damel kanthi sae, anggota ingkang lenggah
wonten ing kelompok punika kangge mirengake kados pundi anggota
sanes nyambut damel lan sapiturute.
3. Kuis
Kangge nedahaken punapa ingkang dipunangsal siswa wonten
ing pasinaon pepanthan punika. Kuis dipunwangsuli kaliyan siswa
piyambak-piyambak. Asil kuis punika dipunginakaken kangge biji saben
siswa lan dipunparingaken wonten salebeting biji pepanthan.
1) Penghargaan pepanthan
Langkah wiwitan ingkang kedah dipunlampahaken ing
pawiatan inggih punika ngitung biji pepanthan lan biji saben siswa
lan maringi sertifikat utawi penghargaan pepanthan ingkang sae.
Penghargaan pepanthan diparingaken minangka nggadhahi dasar
saking rata-rata biji saben siswa wonten ing pepanthan.
25

Keluwihan
- Saged ningkatake keaktifan siswa.
- Nuwuhake suwasana ingkang ngremenake.
- Siswa saged nampi pinten-pinten ragam saking rencange, serta
nglatih ketrampilan sosial siswa.
Kekirangan
- Pemborosan wekdal.
- Siswa boten saged kerja kalih rencang kanthi cara efektif wonten
salebeting kelompok.
BAB III
METHODE PANALITEN

A. Desain Panaliten
Pendekatan ingkang dipun-ginakaken wonten ing panaliten inggih
punika pendekatan eksperimen. Panaliten eksperimental (eksperimental
research) inggih punika panaliten kwantitatif ingkang langkung jangkep
tegesipun nyekapi sedaya syarat kangge nguji gegayutanipun sebab-akibat
(Sukmadinata, 2010: 194).
Panaliten punika kalebet jinis panaliten kwantitatif, trep kaliyan
naminipun kedah kathah ngginakaken angka, wiwit saking ngempalaken
dhata, penafsiran tumrap dhata kasebat, sarta penampilan saking asilipun.
Makaten ugi pemahaman dudutan panaliten langkung sae menawi
dipunsukani tabel, grafik, bagan, gambar utawi tampilan sanesipun.
Kejawi makaten, dhata ingkang arupi angka, wonten ing panaliten
kwantitatif ugi wonten dhata ingkang arupi informasi kwalitatif (Arikunto,
2010: 27).
Metodhe eksperimen ing panaliten punika dipuntindakaken kanthi
cara ngandharaken piwucalan. Siswa dipuncobi lan ngraosaken, sarta
mbuktekaken piyambak satunggaling prekawis ingkang dipunsinau. Objek
ingkang dipun-ginakaken winates, inggih punika nyerat paragrap aksara
Jawi.
Panaliten punika dipunwiwiti kanthi nemtokaken subjek panaliten.
Subjek panaliten lajeng dipunpantha dados kalih kelas, inggih punika kelas
kontrol lan kelas eksperimen. Kelas eksperimen inggih punika kelas
ingkang nindakaken piwucalan kanthi ngginakaken modhel Student Teams
Achievement Division. Ewadene kelas kontrol inggih punika, kelas
ingkang boten ngginakaken modhel Student Teams Achievement Division
kangge mbentenaken saking kelas eksperimen.

26
27

B. Papan lan Wekdal Panaliten


1. Papan Panaliten
Panaliten punika badhe kalaksanan wonten ing SMP Negeri I
Bawang Kabupaten Batang.

2. Wekdal Panaliten

Panaliten punika dipunlampahi wonten ing salebeting Semester


I Warsa Piwucalan 2012/2013.

C. Populasi dan Sampel


a. Populasi
Populasi inggih punika wilayah generalisasi ingkang
kaperang saking objek utawi subjek ingkang nggadai kwantitas lan
karakteristik tertamtu ingkang sampun dipun-ginakaken dening
panaliten kangge dipunsinau lan mangke dipunpendhet
dudutanipun.
Wonten ing panaliten kasebat populasi inggih punika
sedaya Siswa Kelas IX SMP Negeri I Bawang Kecamatan Bawang
Kabupaten Batang.
b. Sampel
Sampel inggih punika saperangan utawi wakil populasi
ingkang dipunteliti (Arikunto 2006: 174). Pamendheting sampel
kedah dipuntindakaken mawi cara makaten satemah saged
dipunpendhet sampel (tuladha) ingkang leres-leres saged migunani
kangge tuladha utawi saged nggambaraken kawontenanipun
populasi sejatosipun.
Panemtoning sampel wonten ing panaliten punika
dipuntindakaken kanthi teknik random assignment ingkang
jinisipun clutser random sampling inggih punika mendhet kalih
kelas IXB lan IXE saking kelas IX SMP Negeri I Bawang.
28

D. Variabel Panaliten
Wonten ing panaliten kwantitatif panaliti asring ngginakaken
pengukuran saking wontenipun satunggaling variabel kanthi ngginakaken
instrumen panaliten. Variabel inggih punika gejala ingkang dados fokus
paneliti kangge dipunamati (Sugiyono, 2006: 2).
Wonten ing panaliten punika wonten kalih variabel, inggih punika
variabel bebas lan variabel terikat.
1. Variabel Bebas (X)
Variabel bebas inggih punika variabel ingkang mangaribawani
utawi ingkang dados sebab ewah-ewahanipun utawi timbulipun
variabel terikat. Variabel bebas wonten ing panaliten punika arupi
pangginaning modhel Student Teams Achievement Division.
2. Variabel Terikat (Y)
Variabel terikat inggih punika variabel ingkang
dipunpangaribawani utawi ingkang dados akibat amargi wontenipun
variabel bebas. Variabel terikat wonten ing panaliten inggih punika
asiling piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi.
E. Dhata lan Sumber Dhata
1. Dhata

Dhata ing panaliten punika wujudipun asil seratan siswa


anggenipun nyerat paragrap aksara Jawi ingkang dipunparingaken.
Kejawi punika dhata ugi awujud asiling wawanrembag kaliyan siswa.

2. Sumber dhata
a. Sumber Dhata Primer

Azwar (2010: 36) mratelakaken bilih pangertosan dhata


primer inggih punika dhata ingkang dipunpendhet saking sumber
sepisan lumantar prosedur lan teknik mendhet dhata saged arupi
interview, observasi utawi panganggenipun instrument pengukuran
ingkang dipundamel jumbuh kaliyan ancasipun. Sumber dhata
29

primer ing panaliten punika arupi seratan paragrap ingkang awujud


aksara Jawi.

b. Sumber Dhata Sekunder

Azwar (2010: 36) mratelakaken bilih pangertosan dhata


sekunder inggih punika dhata kaangsalaken saking pihak
sanesipun, boten langsung kapendhet saking subjek panaliten.
Padatanipun arupi dhata dokumentasi lan arsip-arsip resmi.
Sumber dhata ing panaliten punika arupi asil observasi,
dokumentasi, lan wawanrembag.

F. Teknik Pangempalan Dhata

Teknik ingkang dipun-ginakaken wonten ing panaliten punika


awujud teknik tes lan non tes.

1. Teknik Tes
Tes dipun-ginakaken kangge mendhet dhata ngengingi
kaprigelan nyerat paragrap aksara Jawi tumrap siswa SMP Negeri I
Bawang Kabupaten Batang warsa 2012 kanthi ngginakaken modhel
Student Teams Achievement Division.
Tes dipuntindakaken kanthi cara pepanthan sisiwa dipunaturi
nyerat paragrap aksara Jawi kanthi tema tertamtu ing lembar jawab
ingkang sampun kacawisaken.
2. Teknik Non Tes
Teknik non tes ingkang badhe dipun-ginakaken inggih punika
observasi, wawanrembag, dokumentasi.
a. Observasi
Observasi ugi dipunsebat pengamatan ingkang nyangkup
kagiyatan pamuatan kawigatosan kaliyan setunggal objek kanthi
sedaya piranti indriya. Punapa ingkang sampun dipunandharaken
sejatosipun inggih punika pengamatan langsung. Observasi saged
dipunlajengaken kanthi tes, kuesioner, rekaman gambar, lan
30

rekaman suwanten (Suharsimi 2006: 156-157). Observasi ing


panaliten punika ngamati kadospundi solah bawaning siswa nalika
tumut panaliten.
b. Wawanrembag
Wawanrembag dipun-ginakaken kangge mendhet dhata
kanthi cara langsung ngengingi prekawis-prekawis ingkang
gegayutan kaliyan nyerat paragrap aksara Jawi. Wawanrembag
dipuntindakaken nalika sasampunipun piwucalan nyerat paragrap
aksara Jawi.
Wawanrembag punika boten sedaya siswa ingkang
dipunpendhet dhatanipun ananging namung saperangan siswa
kemawon.

c. Dokumentasi

Dokumentasi inggih punika methode ingkang dipunpendhet


panaliti kanthi cara ngempalaken dhata ingkang badhe dipunteliti.
Jinisipun dokumentasi inggih punika asil tes lan foto wekdal
piwucalan.

G. Instrumen Panaliten
Instrumen panaliten inggih punika alat utawi fasilitas ingkang
dipun-ginakaken dening panaliti nalika ngempalaken dhata supados
panaliten langkung gampil lan asilipun langkung sae, permati, jangkep, lan
sistematis supados gampil dipunolah (Arikunto 1998: 36). Instrumen
ingkang dipun-ginakaken makaten.
1. Instrumen Tes
Instrumen tes wonten ing panaliten punika arupi tes tertulis
kangge siswa kelas IX supados panaliti saged mangertosi kaprigelan
nyerat paragrap aksara Jawi
31

Tabel 3.1 Aspek penilaian nyerat paragrap aksara Jawi


No Aspek Acuan Pambiji Skor
1 Trepipun panyeratan 1. Aksara jawi kaliyan 2
aksara Jawi legena tembung ing paragrap trep
lan leres
2. Aksara Jawi kaliyan 1

tembung ing paragrap


boten trep
2 Trepipun panyeratan 1. Pamilihing pasangan trep 2
pasangan aksara Jawi kaliyan tembungipun
2. Pamilihing pasangan 1
boten trep kaliyan
tembungipun
3 Trepipun panyeratan 1. Pamilihing sandhangan 2
sandhangan aksara Jawi trep kaliyan wandanipun
2. Pamilihing sandhangan 1
boten trep kaliyan
wandanipun
4 Treipun panyeratan 1. Pamilihing angka Jawi 2
angka Jawi trep kaliyan tembungipun
2. Pamilihan angka Jawi 1
boten trep kaliyan
tembungipun
5 Rapinipun seratan 1. Seratanipun sae lan rapi 2
aksara Jawi 2. Seratanipun boten sae lan 1
boten rapi.
32

Tabel 3.2 Penilain Nyerat Paragrap Aksara Jawi


Tembung
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
Ukara
1 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2
2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2
33

3 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2
4 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2
5 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2
Skor 10 10 10 10 10 10 10 10 10 10
Biji 100

2. Instrumen Non Tes


Dipun-ginakaken kangge nggambaraken solah bawanipun siswa
saderengipun lan sasampunipun dipunparingi piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi ngginakaken modhel Student Teams Achievement
Division. Alat kangge ngempalaken dhata non tes inggih punika.
a. Lembar Observasi
Lembar observasi dipun-ginakaken kangge ngamati
kagiyatan siswa nalika proses piwucalan ngginakaken modhel
Student Teams Achievement Division.

Tabel 3.3 Lembar Observasi


No Objek Pengamatan Inggih Boten
1 Punapa siswa aktif wonten ing
salebeting piwucalan?
2 Punapa siswa aktif paring pitakenan
nalika proses piwucalan?
3 Punapa siswa saged nampi piwucalan
kanthi sae nalika modhel
dipunginakaken?
4 Punapa siswa aktif nalika nyerat
paragrap aksara Jawi?
5 Punapa siswa ewet anggenipun nyerat
paragrap aksara Jawi?

Katrangan: Dipunpilih ngginakaken tanda (√)


34

c. Pedoman Wawanrembag
Wawanrembag katindakaken sasampunipun mangertosi asil
tes nyerat paragrap aksara Jawi. Saking asil wawanrembag punika
saged dipunmangertosi tanggapan siswa tumrap modhel Student
Teams Achievement Division salebeting pasinaon nyerat paragrap
aksara Jawi. Asil wawanrembag punika saged dados acuan kangge
mangertosi asil punapa boten piwucalan nyerat paragrap aksara
Jawi kanthi modhel Student Teams Achievement Division.

Tabel 3.4 Pedoman Wawanrembag


No Pitakenan Wangsulan
1 Kadospundi raos panjenengan
nalika nampi piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi?
2 Prekawis punapa ingkang
ndadosaken panjenengan awrat
kangge nampi piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi?
3 Kadospundi pamanggih
panjenengan ngengingi
piwucalan nyerat paragrap
aksara Jawi?
4 Kadospundi pamanggih
panjenengan ngengingi modhel
Student Teams Achievement
Division ingkang
dipunginakaken?
5 Punapa panjenengan remen
nalika nampi piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi
ngginakaken modhel piwucalan
35

Student Teams Achievement


Division?
6 Kadospundi raos panjenengan
nalika nampi piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi
ngginakaken modhel Student
Teams Achievement Division?

H. Teknik Analisis Dhata


1. Teknik Kwantitatif
Dipun-ginakaken kangge nganalisis dhata mawi angka-angka.
Dhata punika saking asiling nyerat paragrap aksara Jawi siswa kelas
kontrol lan kelas eksperimen. Cak-cakan kangge ngetang dhata
kwantitatif, inggih punika.
1) Ngetang skor ingkang sampun kagayuh dening siswa
2) Ngetang skor kumulatif saking sedaya aspek
3) Ngetang skor rata-rata
4) Ngetang persentasi kanthi rumus kados makaten.
SK
SP = X 100%
R
Katrangan:
SP = Skor Presentasi
SK = Skor Kumulatif
R = Cacah Responden

Kangge ngetang rata-rata asil/biji ing kelas kontrol lan


kelas eksperimen, ngginakaken rumus kados makaten.

∑X
X= N

Katrangan:
36

X = Biji rata – rata (Mean)

∑X = Gunggung sedaya skor

N = Cacahing siswa

(Arikunto, 2006: 264)

2. Teknik Kwalitatif
Teknik kwalitatif dipunginakaken kangge nganalisis asilipun
observasi. Asil observasi saking kelas kontrol lan kelas eksperimen
dipunbandingaken. Saking asil perbandingan kasebat, saged
dipunpriksani kebentenan antawisipun piwucalan ingkang
ngginakaken modhel lan piwucalan ingkang boten ngginakaken
modhel.

I. Prosedur Panaliten

Prosedur panaliten wonten ing panaliten punika dipunpantha dados


kalih.

1. Piwucalan ing kelas Kontrol

Piwucalan ing kelas kontrol dipuntindakaken kanthi modhel


berbasis tiyang (metodhe ceramah). Piwucalan punika dipunlampahi
kanthi sekawan tahap inggih punika tahap ancang-ancang, tahap cak-
cakan, tahap paniti priksa, lan tahap pamawas.

a. Rancangan
Rancangan kagiyatan ing panaliten punika makaten.
1) Damel RPP (Rencana Pelaksanaan Pembelajaran) trep
kaliyan cak-cakan ingkang badhe dipuntindakaken.
2) Nyepakaken instrument panaliten ingkang badhe dipun-
ginakaken kangge ngukur asil piwucalan nyerat paragrap
37

aksara Jawi. Instrumen panaliten punika kedah jumbuh kaliyan


piwucalan nyerat aksara Jawi ingkang kalebet ing standar
kompetensi: saged medharaken pamikiran, pamawas, lan maos
ing maneka warni karangan ngginakaken ragam basa Jawi
jumbuh kaliyan unggah-ungguh lan nyerat paragrap aksara
Jawi.
3) Nyepakaken pedoman pengamatan ingkang dipundhapuk
saking tes nyerat, observasi, lan damel alat evaluasi ingkang
jumbuh kaliyan piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi.
b. Cak-cakan
Cak-cakan minangka ayahanipun rancangan piwucalan
ingkang sampun dipundamel, satemah cak-cakan punika saged trep
kaliyan rancangan piwucalan. Cak-cakan ingkang badhe
dipunlampahi inggih punika nglampahi piwucalan kanthi
ngginakake medhia berbasis tiyang (ceramah) lajeng paring tugas
nyerat paragrap aksara Jawi. Cak-cakan ingkang badhe
katindakaken inggih punika persiapan, pelaksanaan, lan tindak
lanjut.
Wonten ing persiapan, kagiyatan ingkang badhe
katindakaken inggih punika damel siswa supados siap nampi
piwulangan. Kagiyatan punika saged arupi maringi pitakenan
kawontenanipun siswa, narik kawigatosanipun siswa supados
ngandharaken punapa ingkang dados pepalang nalika nyerat
paragrap aksara Jawi.

Wonten ing pelaksanaan, kagiyatan piwucalan nyerat


paragrap aksara Jawi dipunaturaken dhumateng siswa. Ing ngriki
dwija ngandharaken materi babagan nyerat paragrap aksara Jawi.
Sasampunipun siswa dipunpaparingi materi, siswa dipundhawuhi
nyerat paragrap aksara Jawi.
c. Paniti Prikasa
38

Kagiyatan punika dipunlampahi nalika proses piwucalan.


Wonten ing kagiyatan punika, badhe dipunrembag sedaya prastawa
ingkang wonten gegayutanipun kaliyan proses piwucalan.

Wonten ing kagiyatan paniti priksa, dhata ingkang badhe


dipunkempalaken awujud instrument. Instrumen-instrumen punika
awujud (1) tes nyerat, kangge ngukur kaprigelan siswa nalika
nyerat paragrap aksara Jawi, (2) observasi siswa kangge mriksani
kagiyatan siswa nalika proses piwucalan.
d. Pamawas
Kagiyatan ingkang dipunlampahi inggih punika
ngempalaken dhata supados saged dipunanalisis. Wonten ing tahap
punika, panaliti saged manggihaken kekirangan proses nyerat
paragrap aksara Jawi kanthi ngginakaken medhia berbasis tiyang
(metodhe ceramah).

2. Piwucalan ing kelas Eksperimen


Piwucalan ing kelas eksperimen dipuntidakaken kanthi
ngginakaken modhel Student Teams Achievement Division. Piwucalan
punika nggadhahi sekawan tahapan inggih punika ancang-ancang
(Persiapan), cak-cakan (Tindakan), paniti priksa (Pengamatan), lan
pamawas (Refleksi).

a. Rancangan
Kagiyatan ingkang wonten ing ancang-ancang makaten.
1) Damel RPP (Rencana Pelaksanaan Pembelajaran) ingkang trep
kaliyan cak-cakan ingkang badhe dipuntindakaken.
39

2) Nyepakaken modhel Student Teams Achievement Division


ingkang badhe dipun-ginakaken ing piwucalan nyerat aksara
Jawi.
3) Nyepakaken instrumen panaliten ingkang badhe dipun-
ginakaken kangge ngukur asil piwucalan nyerat paragrap aksara
Jawi. Instrumen panaliten punika kedah jumbuh kaliyan
piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi ingkang wonten ing
salebeting standart kompetensi: saged medharaken pamikiran,
pamawas, lan maos ing maneka warni karangan ngginakaken
ragam basa Jawi jumbuh kaliyan unggah-ungguh lan nyerat
paragrap aksara Jawi.
4) Nyepakaken pedoman pengamatan ingkang dipundhapuk saking
tes nyerat, observasi, lan damel alat evaluasi ingkang jumbuh
kaliyan piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi.
b. Cak-cakan
Cak-cakan minangka ayahanipun rancangan piwucalan
sampun dipundamel, saengga cak-cakan punika kedah trep kaliyan
rancangan piwucalan. Cak-cakan ingkang badhe dipunlampahi
inggih punika maringi materi babagan nyerat paragrap aksara Jawi.
Cak-cakan ingkang badhe katindakaken inggih punika persiapan,
pelaksanaan, lan tindak lanjut.
Wonten ing persiapan, kagiyatan ingkang badhe
katindakaken inggih punika damel siswa supados siap nampi
piwulangan. Kagiyatan punika saged arupi maringi pitakenan
kawontenanipun siswa, narik kawigatosan siswa supados
ngandharaken punapa ingkang dados pepalang nalika nyerat
paragrap aksara Jawi lan nepangaken modhel ingkang badhe dipun-
ginakaken inggih punika modhel Student Teams Achievement
Division.
Wonten ing pelaksanaan, kagiyatan nyerat pargrap aksara
Jawi kanthi modhel Student Teams Achievement Division
40

dipunaturaken dhumateng siswa. Ing ngriki, siswa dipunbagi ing


tim belajar ingkang anggotanipun 4-5 ingkang kaperang miturut
tingkat prestasi. Dwija ngandharaken materi babagan nyerat
paragrap aksara Jawi lajeng siswa ‘bekerja’ wonten ing tim utawi
kelompok. Dipunpikajengaken sedaya anggota sampun mahami lan
nguwasai materi piwucalan. Sasampunipun punika, siswa
dipundhawuhi kangge nyerat paragrap aksara Jawi.
c. Paniti Priksa
Kagiyatan punika dipunlampahi nalika proses piwucalan.
Wonten ing kagiyatan punika, badhe dipunrembag sedaya prastawa
ingkang wonten gegayutanipun kaliyan proses piwucalan.
Wonten ing kagiyatan paniti priksa, dhata ingkang badhe
dipunkempalaken awujud instrumen. Instrumen-instrumen punika
awujud (1) tes tertulis, kangge ngukur kaprigelan siswa nalika
nyerat paragrap aksara Jawi, (2) observasi siswa kangge ningali
kagiyatan siswa nalika proses piwucalan.
d. Pamawas
Kagiyatan ingkang badhe dipunlampahi inggih punika
ngempalaken dhata supados saged dipunanalisis. Wonten ing tahap
punika, panaliti saged manggihaken kekirangan lan kelangkungan
proses piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi kanthi ngginakaken
modhel Student Teams Achievement Division.
BAB IV

PANGETRAPING MODHEL STUDENT TEAM ACHIEVEMENT DIVISION


TUMRAP KAPRIGELAN NYERAT PARAGRAP AKSARA JAWI

A. Deskripsi Dhata
Asiling panaliten kanthi irah-irahan “Pangetraping Modhel Student
Team Achievement Division kangge Ngindhakaken Kaprigelan Nyerat
Paragrap Aksara Jawi SMP Negeri I Bawang Kelas IX Semester I Kecamatan
Bawang Kabupaten Batang Warsa 2012/2013”, katindakaken mawi kalih
objek panaliten inggih punika kelas kontrol lan kelas eksperimen. Kelas IX-E
dados kelas kontrol, dene kelas IX-B dados kelas eksperimen.
Wonten ing panaliten punika badhe dipunjlentrehaken saking asiling
panaliten lan pirembaganipun. Panaliten punika ngginakaken kalih cara inggih
punika tes lan non tes. Tes punika dipunterapaken ing kalih kelas, inggih
punika ing kelas kontrol lan kelas eksperimen. Tes punika dipun-ginakaken
kangge ngukur kewasisan nyerat paragrap aksara Jawi tumrap sisiwa ing kelas
kontrol lan kelas eksperimen. Tes punika saged nemtokaken lan botenipun
modhel Student Team Achievement Division ingkang dipun-ginakaken kangge
nyerat paragrap aksara Jawi.
Kelas kontrol dipumwucal dening dwija lan kelas eksperimen
dipunwucal dening panaliti. Saben kelas punika wonten satunggal
pepanggihan lan wekdalipun wonten 2x40 menit. Materi piwucalan ing kelas
kontrol lan kelas eksperimen punika sami inggih punika nyerat paragrap
aksara Jawi.

41
42

B. Asil lan Pirembagan Panaliten


1. Asiling Panaliten Tes
a. Kelas Kontrol
Tes kaserat ing kelas kontrol ngengingi nyerat paragrap aksara
Jawi, siswa kedah nyerat paragrap aksara Jawi ingkang
dipunparingaken dening dwija. Biji siswa dipunlebetaken ing dhata
kawasisan nyerat paragrap aksara Jawi lajeng saged dipunasilaken
dhata aspek kawasisan nyerat paragrap aksara Jawi ing kelas IX-E
(Kelas Kontrol).

Tabel 4.1 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap


Aksara Jawi ing Kelas IX-E ( Kelas Kontrol).

No Biji Katrangan Frekuensi Presentasi % Rata-rata

1. 85-100 Sae Sanget 7 23,33% ∑x


X=
N
2. 70-84 Sae 10 33,33%
2158
3. 55-69 Cekap 11 36,67%
30
4. 50-54 Kirang 2 6,67%
= 71,93
5. ≤49 Kirang Sanget 0 0%
Jumlah 30 100%
43

36,67%

33,33%

23,33%

6,67%

Kirang sanget;
Series1; 0%

Grafik 4.1 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap


Aksara Jawi ing Kelas IX-E (Kelas Kontrol)

Andharan ing nginggil saged dipuntingali bilih asil panaliten


saking kelas kontrol babagan nyerat aksara Jawi saking 30 siswa
namung cacah 7 utawi 23,33% pikantuk biji 85-100 kagolong sae
sanget, siswa cacah 10 utawi 33,33% pikantuk biji 70-84 kagolong sae,
siswa cacah 11 utawi 36,67% pikantuk biji 55,69 kagolong cekap,
siswa cacah 2 utawi 6,67% pikantuk biji 50-45 kagolong kirang, lan
boten wonten siswa ingkang pikantuk biji ≤49.

Adhedhasar saking kelas kontrol wonten ing nginggil saged


dipunpendhet dudutan bilih cacah siswa 30 ingkang saged nggayuh
KKM namung wonten 18 utawi 60%, ingkang 12 siswa utawi 40%
dereng saged nggayuh KKM.

b. Kelas Eksperimen

Tes kaserat ing kelas eksperimen ngengingi nyerat paragrap


aksara Jawi, siswa kedah nyerat paragrap aksara Jawi ingkang
dipunparingaken dening dwija. Biji siswa dipunlebetaken ing dhata
kawasisan nyerat paragrap aksara Jawi lajeng saged dipunasilaken
44

dhata aspek kawasisan nyerat paragrap aksara Jawi ing kelas IX-B
(Kelas Eksperimen).

Tabel 4.2 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap


Aksara Jawi ing Kelas IX-B ( Kelas Eksperimen).
No Biji Kat Frekuensi Presentasi % Rata-rata
1. 85-100 Sae Sanget 10 29.41% ∑x
X=
N
2. 70-84 Sae 13 38.24%
2590
3. 55-69 Cekap 11 32.35%
34
4. 50-54 Kirang 0 0%
= 76.17
5. ≤49 Kirang Sanget 0 0%
Jumlah 34 100%

38,24%

32,35%

29,41%

Kirang; Series1; Kirang sanget;


0% Series1; 0%

Grafik 4.2 Rekapitulasi Presentasi Asil Kawasisan Nyerat Paragrap


Aksara Jawi ing Kelas IX-E (Kelas Eksperimen)
45

Andharan ing nginggil saged dipuntingali bilih asil panaliten


saking nyerat aksara Jawi 34 siswa ingkang ndherek tes. Siswa cacah
10 utawi 29,41% pikantuk biji 85-100 kagolong sae sanget, siswa
cacah 13 utawi 38,24% pikantuk biji 70-84 kagolong sae, siswa cacah
11 utawi 32,35% pikantuk biji 55-69 kagolong cekap lan boten wonten
siswa ingkang pikantuk biji kirang ≤54.

Saged dipunpendhet dudutan bilih cacah siswa 34 ingkang


saged nggayuh KKM namung wonten 26 utawi 76,47%, ingkang 8
siswa utwi 23,52% dereng saged nggayuh KKM. KKM piwucalan
nyerat paragrap aksara Jawi inggih punika 68.

2. Asiling Panaliten Non-Tes


1) Observasi

Observasi punika dipuntindakaken kangge mangertosi lan


ngamati solah bawa siswa nalika piwucalan nyerat paragrap aksara
Jawi kanthi modhel Student Team Achievement Division ing kelas
eksperimen. Asiling observasi ing kelas eksperimen saged
dipuntingali ing ngandhap punika.

Asil observasi medharaken bilih modhel Student Team


Achievement Division ingkang dipunterapaken ing kelas
eksperimen langkung sae tinimbang ing kelas kontrol kanthi
modhel konvensional. Piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi
kanthi modhel Student Team Achievement Division ndadosaken
siswa langkung aktif tinimbang ngginakaken modhel konvensional.
Siswa langkung remen amargi kanthi modhel Student Team
Achievement Division siswa langkung nggatosaken, kanthi modhel
punika ndadosaken siswa remen kaliyan wangsulanipun.

Modhel punika nggadhahi wujud nyerat paragrap aksara


Jawi lajeng siswa dipundhawuhi mangsuli soal ingkang sampun
dipunparingaken. Kathah siswa ingkang tertarik lan remen amargi
46

modhel Student Team Achievement Division punika satunggaling


modhel ingkang saged narik kawigatosanipun siswa satemah
piwucalan punika boten mboseni.

2) Wawanrembag

Amrih pikantuk dhata ingkang langkung jangkep lan


mangertosi pamanggihipun siswa sasampunipun ndherek
piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi kanthi modhel Student
Team Achievement Division. Wawanrembag dipuntindakaken
nalika sasampunipun piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi.

Wawanrembag punika boten sedaya siswa ingkang


dipunpendhet dhatanipun ananging namung saperangan siswa
kemawon. Saking sampel punika saged dipunpendhet dudutan
menawi siswa taksih angel nampi piwucalan nyerat paragrap
aksara Jawi. Langkung-langkung anggenipun nyerat aksara Jawi
taksih kathah ingkang klentu.

Ngengingi modhel ingkang dipun-ginakaken panaliten


punika saged dipunpendhet dudutan bilih siswa punika langkung
remen ing piwucalan tinimbang ngginakaken modhel konvensional
utawi ceramah ing nyerat paragrap aksara Jawi.

Pramila modhel Student Team Achievement Division ing


piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi saged dipunsebat efektif,
amargi siswa langkung remen ngginakaken modhel Student Team
Achievement Division tinimbang ngginakaken modhel
konvensioanal lan siswa saged nampi piwucalan punika.
47

C. Pirembagan
1. Pirembagan Asiling Dhata Tes
a. Pirembagan Asiling ing Kelas Kontrol

Asiling tes ing kelas kontrol saged dipuntingali bilih asil


panaliten saking nyerat paragrap aksara Jawi 30 siswa ingkang
ndherek tes. Siswa cacah 7 utawi 23,33% pikantuk biji 85-100
kagolong sae sanget, siswa cacah 10 utawi 33,33% pikantuk biji 70-84
kagolong sae, siswa cacah 11 utawi 36,67% pikantuk biji 55,69
kagolong cekap, siswa cacah 2 utawi 6.67% pikantuk biji 50-45
kagolong kirang, lan boten wonten siswa ingkang pikantuk biji ≤49.
Saged dipunpendhet dudutan bilih cacah siswa 30, ingkang saged
nggayuh KKM namung wonten 18 siswa utawi 60%, ingkang 12 siswa
utawi 40% dereng saged nggayuh KKM.

Adhedhasar paniti priksa saking kelas kontrol saged


dipunmangertosi pepalang ingkang dipunadhepi dening siswa kados
ing ngandhap punika.

1) Siswa boten migatosaken andharanipun dwija.


2) Siswa boten paham babagan nyerat paragrap aksara Jawi.
3) Siswa pasif ing piwucalan.
4) Siswa gineman lan guyonan piyambak.
5) Dwija namung ngginakaken modhel konvensional.
6) Dwija boten kreatif.

Pramila saking punika taksih kathah siswa ingkang dereng


saged nggayuh KKM nyerat paragrap aksara Jawi.

b. Pirembagan Asiling Tes ing Kelas Eksperimen.

Asiling tes ing kelas eksperimen saged dipuntingali bilih asil


panaliten saking nyerat aksara Jawi 34 siswa ingkang ndherek tes.
Siswa cacah 10 utawi 29,41% pikantuk biji 85-100 kagolong sae
48

sanget, siswa cacah 13 utawi 38,24% pikantuk biji 70-84 kagolong sae,
siswa cacah 11 utawi 32,35% pikantuk biji 55-69 kagolong cekap lan
boten wonten siswa ingkang pikantuk biji kirang ≤49. Saged
dipunpendhet dudutan bilih cacah siswa 34 ingkang saged nggayuh
KKM namung wonten 26 utawi 76,47%, ingkang 8 siswa utwi 23,52%
dereng saged nggayuh KKM. KKM piwucalan nyerat paragrap aksara
Jawi inggih punika 68.

Adhedhasar paniti priksa saged dipunmangertosi kelangkungan


saking kelas eksperimen kados ing ngandhap punika.

1) Siswa langkung tertarik lan remen ngengingi modhel ingkang


dipun-ginakaken.
2) Siswa paham lan mangertosi babgan nyerat paragrap aksara Jawi.
3) Siswa purun migatosaken andharanipun dwija.
4) Siswa aktif ing piwucalan.
5) Siswa sampun nggadhahi greget sinau aksara Jawi sasampunipun
dwija maringi modhel Student Team Achievement Division.
6) Dwija langkung kreatif ngginakaken modhel boten namung
ngginakaken modhel konvensional.

Pramila saking andharan wonten nginggil saged dipunpendhet


dudutan menawi sampun wonten bentenipun saking asil sinau siswa
babagan nyerat paragrap aksara Jawi saged dipuntingali saking biji ing
kelas kontrol lan kelas eksperimen ingkang sampun dipuntindakaken
dening dwija.

c. Tetandingan Asiling Tes Kelas Kontrol lan Kelas Eksperimen.

Saking asilipun biji tes saged dipuntingali tetandingan antawis


asil kelas kontrol lan kelas eksperimen nyerat paragrap aksara Jawi ing
ngandhap punika.
49

Tabel 4.3. Tetandhingan Asiling Kelas Kontrol lan Kelas Eksperimen.

No Biji Kate Frekuensi Presentasi Biji Rata-rata


gori Kontrol Ekspe Kontrol Eksperi Kontrol Eksperi
rimen men men
1 85-100 SS 7 10 23,33% 29,41% ∑x ∑x
X= X=
N N
2 70-84 S 10 13 33,33% 38,24%
2158 2590
3 55-69 C 11 11 36,67% 32,35%
30 34
4 50-54 K 2 0 6,67% 0%
5 ≤49 KS 0 0 0% 0%
Jumlah 30 34 100% 100% 71,93 76,17

38,24% 36,67%
33,33% 32,35%
29,41%

23,33%

6,67%
4; Eksperimen; 5; Eksperimen;
0% 5; Kontrol; 0%

Kontrol Eksperimen

Grafik 4.3 Tetandhingan Asiling Kelas Kontrol lan Kelas Eksperimen.

Katrangan:

1 : Se sanget
2 : Sae
3 : Cekap
4 : Kirang
50

5 : Kirang sanget

Saking tabel 4.3 lan grafik 4.3 saged dipuntingali menawi asil
piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi antawis asil kelas kontrol lan
eksperimen taksih langkung sae kelas eksperimen tinimbang asil
saking kelas kontrol.

Asiling saking kelas kontrol anggenipun nyerat paragrap aksara


Jawi saged dipunpendhet dudutan bilih cacah siswa 30 ingkang saged
nggayuh KKM namung wonten 18 utawi 60%, ingkang 12 siswa utawi
40% dereng saged nggayuh KKM.

Asiling saking kelas eksperimen anggenipun nyerat paragrap


aksara Jawi saged dipunpendhet dudutan bilih cacah siswa 34 utawi
76,47% ingkang saged nggayuh KKM namung wonten 26, ingkang 8
siswa utawi 23,52% dereng saged nggayuh KKM.

Adhedhasar asiling panaliten saking kelas kontrol lan


eksperimen pikantuk dhata ingkang saged dipunjlentrehaken kados ing
ngandhap punika.

Dhata saking kelas kontrol kados ing ngandhap punika.

1) Siswa boten migatosaken andharanipun dwija.


2) Siswa boten paham babagan nyerat paragrap aksara Jawi.
3) Siswa pasif ing piwucalan.
4) Siswa gineman lan gojek piyambak.
5) Dwija namung ngginakaken modhel konvensional.
6) Dwija boten kreatif.
51

Dhata saking kelas eksperimen kados ing ngandhap punika.

1) Siswa langkung tertarik lan remen ngengingi modhel ingkang


dipun-ginakaken.
2) Siswa paham lan mangertosi babagan nyerat paragrap aksara Jawi.
3) Siswa purun migatosaken andharanipun dwija.
4) Siswa aktif ing piwucalan.
5) Siswa sampun nggadhahi greget sinau aksara Jawi sasampunipun
dwija maringi modhel Student Team Achievement Division.
6) Dwija langkung kreatif ngginakaken modhel boten namung
ngginakaken modhel konvensional.

Adhedhasar asiling panaliten wonten nginggil saged


dipunpendhet dudutan menawi piwucalan ingkang ngginakaken
modhel lan boten ngginakaken modhel langkung sae ingkang
ngginakaken modhel. Dados, dwija kedah kreatif anggenipun
ngandharaken piwucalan supados asilipun sinau saged maksimal lan
saged nggayuh ancas piwucalan.

2. Pirembagan Asiling Dhata Non-Tes .


1) Observasi

Observasi punika dipuntindakaken kangge mangertosi lan


ngamati solah bawa siswa nalika piwucalan nyerat paragrap aksara
Jawi kanthi modhel konvensional. Asil observasi medharaken bilih
modhel Student Team Achievement Division ingkang dipunterapaken
ing kelas eksperimen langkung sae tinimbang ing kelas kontrol kanthi
modhel konvensional. Piwucalan nyerat paragraph aksara Jawi kanthi
modhel Student Team Achievement Division ndadosaken siswa
langkung aktif tinimbang ngginakaken modhel konvensional utawi
ceramah.
52

Siswa langkung remen amargi kanthi modhel Student Team


Achievement Division siswa langkung nggatosaken amargi modhel
punika ndadosaken siswa remen kaliyan wangsulanipun. Modhel
punika nggdhahi wujud nyerat paragrap aksara Jawi lajeng siswa
dipundhawuhi grap soal ingkang sampun kacawisaken. Kathah siswa
ingkang tertarik lan remen amargi modhel Student Team Achievement
Division punika satunggaling modhel ingkang saged narik
kawigatosanipun siswa satemah piwucalan punika boten mboseni.

2) Wawanrembag

Amrih pikantuk dhata ingkang langkung jangkep lan


mangertosi pamanggihipun siswa sasampunipun ndherek piwucalan
nyerat paragrap aksara Jawi kanthi modhel konvensional.
Wawanrembag dipuntindakaken nalika sasampunipun piwucalan.

Wawanrembag punika boten sedaya siswa ingkang


dipunpendhet dhatanipun ananging namung saperangan siswa
kemawon. Saking sampel punika saged dipunpendhet dudutan menawi
siswa taksih angel nampi piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi.
Langkung-langkung anggenipun nyerat aksara Jawi taksih kathah
ingkang klentu.

Ngengingi modhel ingkang dipun-ginakaken panaliten punika


saged dipunpendhet dudutan bilih siswa punika langkung remen ing
piwucalan tinimbang ngginakaken modhel konvensional utawi
ceramah ing nyerat paragrap aksara Jawi.

Pramila modhel Student Team Achievement Division ing


piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi saged dipunsebat efektif, amargi
siswa langkung remen ngginakaken modhel Student Team
Achievement Division tinimbang ngginakaken modhel konvensioanal
lan siswa saged nampi piwucalan punika.
53

D. Dudutan Pirembagan Prekawis


Saking asil tes lan non tes ing kelas kontrol lan kelas eksperimen
punika saged dipunpendhet dudutan bilih kathah siswa ingkang remen kaliyan
modhel Student Team Achievement Division ingkang dipun-ginakaken panaliti
ing kelas eksperimen tinimbang modhel konvensioanl ingkang dipun-
ginakaken ing kelas kontrol. Asil anggenipun nyerat paragrap aksara Jawi ugi
langkung sae ing kelas eksperimen tinimbang ing kelas kontrol.

Saking asil observasi ugi kathah siswa ingkang remen lan aktif ing
salebeting piwucalan ing kelas eksperimen., siswa punika kathah ingkang
paring pitakenan dhumatheng panaliti salebeting piwucalan. Semana ugi
saking asil wawanrembag, ing kelas kontrol punika kathah siswa ingkang
boten remen kaliyan modhel ingkang dipun-ginakaken salebeting piwucalan,
menawi ing kelas eksperimen punika kathah siswa ingkang remen kalian
modhel ingkang dipun-ginakakesn ing salebeting piwucalan.
BAB V

PANUTUP

A. Dudutan

Modhel Student Teams Achievement Division punika kalebet salah


satungggal tipe saking modhel pasinaon kooperatif kanthi ngginakaken
pepanthan-pepanthan alit kanthi cacah anggota saben pepanthan 4-5 kanthi
heterogen (Trianto, 2007: 52). Dipunwiwiti kanthi ancas pasinaon, materi,
kagiyatan pepanthan, kuis, lan penghargaan pepanthan. Wonten ing modhel
Student Teams Achievement Division, siswa dipundum ing tim belajar
ingkang anggotanipun 4-5 ingkang kaperang miturut tingkat prestasi. Dwija
ngandharaken pasinaon, lajeng siswa “bekerja” wonten ing tim.
Dipunpikajengaken sedaya anggota sampun mahami lan nguwasai materi
pasinaon.
Dudutanipun bilih kaprigelan nyerat paragrap aksara Jawi kanthi
ngginakaken modhel Student Team Achievement Division langkung sae
tinimbang ngginakaken modhel konvensional. Biji rata-rata ing kelas kontrol
inggih punika 71,93% saking cacah 30 siswa lan biji rata-rata ing kelas
eksperimen inggih punika76,17% saking cacah 34 siswa.

Asiling ing kelas kontrol anggenipun nyerat paragrap aksara Jawi


saged dipuntingali bilih saking cacah 30 siswa ingkang saged nggayuh KKM,
namung 18 siswa utawi 60%, ingkang dereng saged nggayuh KKM punika
wonten 12 siswa utawi 40%. Saking 34 siswa ingkang saged nggayuh KKM
namung 26 siswa utawi 76,47%, ingkang dereng saged nggayuh KKM namung
8 siswa utawi 23,52%. Dados, kaotipun siswa ingkang sampun nggayuh KKM
wonten indhakan 45,89%.

54
55

Indhak-indhakan kasebat saged dipunjalari siswa remen kanthi


piwucalan ngginakaken modhel Student Team Achievement Division. Asil
punika saged dipuntingali saking biji ing kelas eksperimen, observasi lan
wawanrembag. Adhedhasar asiling observasi siswa aktif ing piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi. Indhak-indhakan siswa ing salebeting piwucalan nyerat
paragrap aksara Jawi kanthi ngginakaken modhel Student Team Achievement
Division sampun asil lan saged ngindhakaken kaprigelan nyerat paragrap
aksara Jawi tumrap siswa SMP Negeri I Bawang kelas IX Kabupaten Batang
Warsa 2012/2013.

B. Pamrayogi

Adhedhasar dudutan panaliten kasebat, saged kaandharaken pamrayogi


inggih punika.

1. Dwija prayogi ngginakaken modhel ingkang variatif ing salebeting


piwucalan, tuladhanipun kanthi nerapaken modhel Student Team
Achievement Division ing piwucalan nyerat paragrap aksara Jawi. Modhel
Student Team Achievement Division saged dipundadosaken alternative
kangge pasinaon nyerat paragrap aksara Jawi amargi sampun kabukten
bilih kanthi modhel punika siswa anggenipun nyerat paragrap aksara Jawi
langkung sae lan saged nggayuh KKM.
2. Dwija prayoginipun ngripta medhia utawi modhel ingkang trep lan
jumbuh kaliyan materi ing salebeting piwucalan supados siswa remen
tumut piwucalan basa Jawi.
KAPUSTAKAN

Arikunto, Suharsimi. 2006. Dasar-dasar Evalusi Pendidikan. Jakarta: PT Bumi


Aksara.

Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik.


Jakarta: Rineka Cipta.

Azwar, Saifudin. 2011. Metode Penelitian. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Harjito, dan Nazla Maharani Umaya.2009. Jurus Jitu Menulis Ilmiah & Populer.
Semarang: IKIP PGRI Press.

Muslich, Masnur. 2007. KTSP Pembelajaran Berbasis Kompetensi dan


Kontekstual. Jakarta: PT Bumi Aksara.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai


Pustaka.

Serat Kekancingan Gubernur Jawa Tengah nomor. 423.5/5/2010. Kurikulum Mata


Pelajaran Muatan Lokal (Basa Jawa) Untuk Jenjang Pendidikan
SD/SDLB/MI, SMP/SMPLB/MTs Negeri dan Swasta Provinsi Jawa
Tengah.

Sudjana, Nana dan Ahmad Rivai. 2009. Media Pengajaran. Bandung: Sinar Baru
Algensindo.

Sugiyono. 2009. Metode Penelitian Pendidikan. Bandung: Alfabeta.

Sutadi. 2008. Telaah Kurikulum Bahasa Jawa. Semarang: IKIP PGRI Press.

Sukmadinata, Nana Syaodih. 2010. Metode Penelitian Pendidikan. Bandung: PT.


Remaja Rosdakarya.

Suprijono, Agus. 2011. Cooperatif Learning Teori dan Aplikasi Paikem.


Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Sutadi. 2010. Sanggar Piwucalan. Semarang: IKIP PGRI Press.

Syaiful, Aswan. 2006. Strategi Belajar mengajar. Jakarta: Rineka Cipta.

Tarigan, Henry Guntur. 1994. Menulis Sebagai Suatu Keterampilan Berbahasa.


Bandung: Angkasa.

56
57

Trianto. 2007. Model-model Pembelajaran Inovatif Berorientasi Konstruktivistik.


Jakarta: Prestasi Pustaka Publisher.

Wiyanto, Asul. 2006. Terampil Menulis Paragraf. Jakarta: PT. Grasindo.

Anda mungkin juga menyukai