Anda di halaman 1dari 1

Sekar Dhandang Gula Sandi Asma

1. H. PUJIHARJO
Hardaning tyas ngluwari punagi
Pagelaran seni ringgit purwa
Ujud syukur mring Gustine
Janjine purna sampun
Ing pakaryan ngabdi Nagari
Hiya lulus raharjo
Anak papat rampung
Rampung wajibing sudarma
Jumbuh mareng panjongko ingkat kaesthi
Opo sedyane tekan

2. IBU PARDINI
Iku pantes kinarya palupi
Bebrayan Ki Haji Pujiharjo
Uga putra lan putrine
Patrap pakarti luhur
Anuraga tan hambek diri
Rumaket myang sanak kadang
Dadi anyedulur
Ing sajroning sesrawungan
Nora dhemen mbedake maring sesami
Iku Ki Pujiharjo

Karipta dening
MIYONO

Anda mungkin juga menyukai