Anda di halaman 1dari 2

Nama : Syafira Rizqi Noor Aninda

NPM : 2621230367

Pokjar : Bumiayu

1. Geguritan kang isine pesan moral

Guru

Cahyaning ati

Polahmu digugu lan ditiru

Pahlawan ilang tanpa pamrih

Jasamu sak dawaning jaman

Mula...

Bektia marang guru

Kang dadi oboring pendidikan

Kang mandhegani pembangunan moral

2. Geguritan kang isine sindiran

Korupsi

Abang putih kajunjung duwur ing langit pratiwi

Wujud getih lan balung para pejuang

Apa kowe isih eling?

Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal

Tumbal marang buwana kanggo kemerdekaan

Saiki apa?

Kowe ngapusi, kowe korupsi


Cangkemmu amba kebak arta

Raimu gedhek, ora duwe isin

Dijak rembug malah kepara angler

Rakyatmu kuru, kowe lemu

Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat

Sing makmur sapa?

Kowe lan kanca-kancamu

Sing tumindak ala marang rakyatmu

Mula, ayo brantas korupsi

Ayo padha gumregah

Mbangun bangsa Indonesia kang sumringah

Bangsa kang apik ing budi lan tutur

Bangsa kang sejahtera lan makmur

Anda mungkin juga menyukai