Anda di halaman 1dari 12

Pidato JawaTentang kebersihan lingkungan di Sekolah

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.


Dhumateng Bapak Kepala Sekolah SMP 8 PEMALANG
Dhumateng Bapak lan Ibu guru, Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi
sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti
sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya
nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-
sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge
kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan
kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun
menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang
lan sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang
ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki
sekolah kita tresnani, SMP 8 PEMALANG menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten
sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak
positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun
pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Pidato bahasa jawa tentang kebersihan lingkungan di Sekolah

Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah SMP 8 PEMALANG ingkang kinurmatan.


Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa
ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing
acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha salam
senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita
tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahhumma sholli ala
syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan
wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih
punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki
supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan
punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah
ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal
dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah
saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon
disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun
agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum wr. Wb
Pidato bahasa jawa tentang Pendidikan

Assalamualaikum wr. Wb.

Kanca-kanca ingkang kula tresnani,


Pamucalan utawi pendidikan anggadahi manfangat kunjuk kita sedaya, pendidikan umumipun kawitan
wanci satiyang punika dipunlairaken lan tansah mlampah salebeting kita gesang wonten donya menika.
Hal menika amargi pendidikan mboten namung kawujud pendidikan formal kemawon, ananging
langkung saking menika pendidikan ugi njangkep dening sedaya pengalaman ingkang kita lampahi
wonten salebeting gesang.
Sinaosa wanci menika pendidikan formal sampun kathah dipun cawisaken wonten sekitar kita, ananging
pendidikan ingkang sejatosipun mboten namung saking pendidikan formal kados sekolah lan perguruan
tinggi. Kawontenan menika saestu sanget wigati tumrap kita sedaya amargi pendidikan anggadahi
tujuan kathah kagem kita sedaya, wondene manfangat pendidikan kirang langkung saget kula aturaken
mekaten:
Setunggal, Ngebaki kebetahan elmi uga pangasumerepan tumrap manungsa.
Kalih, Mujudtaken pepengin kita sedaya utawi cara Indonesianipun cita-cita.
Tiga, Nggampilaken pendamelan kita sedaya.
Sekawan, Nampa elmi ingkang badhe kita sedaya betahaken konjuk masa ngajeng kita.
Gangsal, Nambah wawasan ingkang langkung wiyar konjuk pangertosan kita sedaya.
Kanca-kanca ingkang bagya mulya,
Wonten ngandap wau namung sekedik tujuan saking pendidikan, langkung malih saking menika
pendidikan ugi nggadahi manfangat tumrap kita sedaya ingkang kirang langkung kados mekatan.
Setuggal, Nyiapaken para wiranem konjung nepeng peran tertemtu salebet masyarakat masa ingkang
badhe datheng.
Kalih, Marisaken elmi ingkang cocog kaliyan peranan kesebat saking tiyang sepuh dhateng para
wiranem.
Tiga , Marisaken kabudayan kagem njagi katentreman saha kewutuhan masyarakat ingkang dados
syarating mutlak kunjuk kelajengan bangsa lan negari Indonesia.
Para kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih namung mekaten atur kula wonten ngarsa panjenengan sami. Kathah kalepatanipun saestu
nyuwun lilane panjenengan paring pangapunten.

Wassalamualaikum wr. Wb
Pidato bahasa jawa tentang Pendidikan

Assalamualaikum WR WB
Ingkang kulo hormati bapak kepala sekolah SMP 8 Pemalang
Bapak ibu guru lan staf serta jajarannya
Tak ketinggalan ugi tencang-rencang sedoyo ingkang kulo tresnani

Langkung rumyin monggo kito sedoyo ngaosaken roso sykur kito dumatheng allah swt, ingkang sampun
amaringi pinten-pinten kanikmatan dumatheng kito sedoyo, sehinggo kita sedoyo saget kempal ing mriki
dalam rangka acara mengeti "Pelepasan kelas XII meniko" ing keadaan sehat walafiat

Ingkang ongko kalih inggih puniko ucapan maturnuwun dumatheng bapak kepala sekolah, bapak ibu
guru SMP 8 PEMALANG lan rencang rencang sedoyo. sehinggo acara niki dados biso kawujudaken kanthi
meriah lan mugi-mugi boten wonteng alangan punopo-punopo

Wontene kulo ing mriki, kulo aminangkani atur sangking wakil seluruh siswa SMP 8 PEMALANG di suwun
nyampaikan pidato dateng hadirin sedoyo.

Hadirin ingkang kulo hormati

Pendidikan iku luih penting tinimbang dunyo, mergo pendidikan utowo ilmu kang di nduweni setiap
menuso kui orak bakal biso nganti kentekan ilmu. Seje koyo dunyo, anggone awakmu duweni dunyo
kang akeh lan katah, nanging kui bakale biso telas .

Kangge kebutuhan sehari-hari , seje koyo ilmu lan pendidikan kang luih penting. mergo ilmu kang di
warahke marang wong liyo utowo di wehke marang wong liyo kui orak bakal kalong. Lan ilmu kui
sampun wonten seng njogo.

Wassalamualaikum wr. Wb
Pidato bahasa jawa tentang Kebersihan Lingkungan

Assalamualaikum Wr.Wbsalamualaikum Wr.Wb


Bapak Ibu Guru Ingkang kula kurmati
Rencang-rencang ingkang kula tresnani

Saderengipun kula matur , sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur


dhumateng ngrsanipun Gusti Allah ingkang maha Asih ingkang tansah paring kanugrahan
dhumateng kita sami .
Para rawuh ingkang manuluyo ,
Ing mriki kula mingkang dados warga sekolah , badhe mbabar babagan lingkungan
ingkang ijo.Ingkang dipunwastani ” Ijo ” puniko mboten namung salah satunggaling werna ,
nanging wonten hubunganipun kaliyan seger , nyaman , lan lingkungan inkang sehat . Wonten
pundhi-pundhi tukul wit-witan , woh-wohan , lan suket , tebih saking polusi .Wit ageng-ageng
tinata rapi wonten tengen lan kiwanipun sekolah. Mboten wonten godong-godong lan sampah
pating semerawut wonten nglebet sekolah.
Sinten ingkang badhe tanggung jawab njagi lingkungan sekolah dados resik , ijo lan
sehat ? Jawabanipun inggih punika ” Kitaa .. kitaaa .. ” warga sekolah . Bilih kita purun disiplin ,
pramila kita saged mujudaken sekolah kita dados sekolah ijo , lingkunganipun aman , lan
nyaman kangge sinau . Lan dipunwiwiti saking sekolah menika , kebersihan , lingkungan sehat
saged dipunwujudaken . Kulo pitados bilih para rawuh sarujuk kalehan usulan kula ndadhosake
sekolah SMP 8 Pemalang ijo , lan resik. Pramila sumgga kula ngajak rencang-rencang sedaya
njagi sekolah kita , supados tetep resik , sehat , rapi , lan endah , nyaman kangge warga sekolah.
Makanten ingkang saged kula aturaken bilih kathah klenta-klentunipun atur kula nyuwun
agunging pangapunten .
Wasalamualaikum wr.wb
Pidato bahasa jawa tentang Kedisiplinan

Assalamualaikum wr. wb.

Salam kasugengan lan kaharjan dumateng kita sesoyo mugi tansah kasiran Amin.
Sumonggo kula lan panjenengan sedoyo manjataken puja lan puji syukur dumateng gusti
ingkang maha asih saking kemirahanipun kita tasih saged makempal wonten papan mriki kanti
pinaringan karaharjan.

Kula lan panjenengan sedoyo sampun magerti lekne kedesiplinan iku uga penting
banget kanggo uripe manungso.
kedisiiplinan ngajarake kita supados saged disiplin wonten segala hal
contoh kita tertib wonten hal ibadah,sekolah lan sak piturute.

Kedisiplinan uga penting kagem kita,yen kita saged disiplin wonten segala hal,mesti kula
lan panjenengan sedoyo moten rugi

cekap sementen anggen kula matur,yen wonten kalepatan atur nuwun agunging pangaksami.

wassalamualaikum wr.wb.
Pidato bahasa jawa tentang Kedisiplinan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu guru SMP 8 Pemalang minangka
pangayomaning kawula dasih ingkang tuhu wicaksana. Sagung para kanca ingkang kula tresnani.
Minangka umat ingkang ngrasukagami, sumangga kita dherekaken hamanengku puja saha muji sukur
dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung awit Panjenenganipun taksih kepareng paring nugraha
nikmat dhumateng kita sedaya. Saweneh saking nikmat kasebat inggih menika kita taksih keparingan
yuswa panjang lan kebagaswarasan saengga kita saged kempal manunggal wonten ing SMP 8 Pemalang
menika.
Kita ugi pantes ngaturaken puji sukur dhumateng SMP 8 Pemalang menika ingkang sampun
mlebet Rintisan Sekolah Berstandar Internasional utawi RSBI. Nanging siswa-siswa SMP kita menika
kedisiplinanipun taksih dereng sae.
Pramila,kangge para kanca sedaya,kita supados disiplin.
Pangandikanipun Nabi supados kita tumindak disiplin inggih menika
“disiplin menika penting sanget kangge umat muslim”,tegesipun disiplin saking kalimat menika yaiku
disiplin beribadah,disiplin waktu,lan sapanunggalane.
Minangka putra bangsa ingkang sae mangga sami-sami kita nindakaken disiplin menika kanthi lampah
satrep supados wonten ing donya kita sehat jasmani lan rohani.
Kepareng kula mendhet paribahasanipun saking bahasa jawa bilih “disiplin kunci saking
kasuksesan”.
Pramila kangge mungkasi atur sesorah menika, kula ngajak dhateng sedaya kadang mudha mangga
tansah jaga kebersihan lingkungan sekolah kangge nggayuh gebang mulya wonten donya ugi wonten ing
akhirat.
Pungkasaning atur, kupat kecempung santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Pidato Bahasa Jawa tentang Bahaya Narkoba
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kawula hormati Bapak guru bahasa jawa lan rencang-rencang kula ingkang kula tresnani.
Saderengipun sumonggo kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Alloh SWT ingkang
taksih maringi kawilujengan dumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal malih wonten
kesempatan niki, sholawat saha salam mugi konjuk wonten ngarsanipun Nabi Muhammad SAW ingkang
sampun mbekta kita sedaya wonten jaman ingkang terang benderang
Kepareng wonten ing kesempatan niki, kula bade ngaturaken babakan Narkoba. Saderengipun kita
sedaya sami sampun ngertosi ingkang namine narkoba nggih? Mboten tiyang enem, mboten sepuh
sampun mangertosi narkoba amargi sering diberitakaken wonten tv. Narkoba niku obat ingkang saged
mbahayaken sanget lan saged nyebabaken tumindak pengonsumsine melenceng saking kasusilan lan
saged mlebetaken marang penjara. Tiyang ingkang ngonsumsi narkoba niku saged ical kesadaran lan
tumindak anarkis, kadosipun : mbegal, mejahi tiyang, lan sanes-sanesipun,. Ingkang luwih
mbahayanipun malih narkoba niku saged nyebabaken pengonsumsine kecanduan, menawi
kecanduanne sampun berat saged nyebabaken pengonsumsine niku pejah utawi ninggal. Tiyang
ingkang ngonsumsi narkoba niku saged sinten mawon, mboten pejabat, mboten artis, mboten sugih,
mboten miskin.
Pramila kanti mekaten, mangga kita sareng-sareng nebihi narkoba. Upaya-upaya ingkang saged
dipun tindaake inggih menika :
1. Ningkataken keimanan dumateng Alloh SWT
2. Ninggalaken utawi nebihi kebiasan supados ngrokok
3. Ati-ati menawi milih kanca
4. Ningkataken kegiatan ingkang positif kangge ngisi waktu luang
5. Pemerintah kedah damel aturan lan sanksi hukuman ingkang saged damel efek jera
Langkung para generasi muda kedah berjuang saha merangi narkoba ampun ngantos kepincut
barang ingkang haram menika amargi kita sedaya bade dados harapan bangsa wonten ing masa depan
Sakiranipun mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi saged ndadosaken manfaaat lan
pepenget tumrap kita sedaya lan bilih menawi kula matur wonten katah kekuranganipun, kula nyuwun
agunging pangampunten .
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Pidato Bahasa Jawa tentang Bahaya Narkoba

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak/Ibu guru SMP 8 PEMALANG ingkang kula bakteni lan kula tresnani.
Sumangga kita haturaken puji syukur dhumateng ngarsonipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Ingkang
tansah paring kanugrahan dhumateng kita, satemah kita saged makempal wontening papan panggenan
punika kanthi wilujeng.

Bapak/Ibu ingkang tansah kinurmatan, wonten ing titi wanci punika kepareng kula badhe ngandharaken
babagan bahaya narkoba dhumateng generasi mudha lan masyarakat. Kita mangertos salah
satunggaling ancaman kangge bangsa punika inggih menika narkoba. Dampak saking pengginaan
narkoba kados menika gangguan kesehatan, tindak-tanduk ipun, kriminalitas, kekerasan, lan
sapanunggalipun.

Penyalahginaan narkoba saged dibasmi kanthi cara kasebut :


1. Nderek kagiatan sosial
2. Nyelaki sesrawungan kaliyan pecandu narkoba
3. Ngulinaaken cara gesang ingkang sehat

Kula ing mriki badhe ngajab Bapak/Ibu supados njagi putra-putrinipun saking kegiyatan-kegiyatan
ingkang saged ngarahaken dhumateng penggina narkoba ingkang haram punika. Lan kita kudu njagi
negri supados nagari kita bebas narkoba.

Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kathah pinanggih kelepatan kulo nyuwun agungipun
pangapunten. Matur suwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Pidato Bahasa Jawa tentang Perpustakaan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu.


Ingkang kula hormati bapak/ibu guru smp 8 pemalang saha rencang rencang ingkang
kula tresnani. pertami tami mangga kita panjataken puja lan puji syukur kehadirat allah swt
amargi inggil sedaya rahmatipun kita saged kempal sareng wonten papan puniki. bapak/ibu
guru ingkang kula hormati ijinkan kula kagem sanjangaken ngaturakan sepatah kalih patah
tembung lebet pidato kula ingkang kagungan irah-irahan manfaat perpustakaan kagem siswa.
buku inggih menika jendela donya kaliyan maos kita saged menjelajah donya. Maos ngagungani
kathah sanget manfaat.
Wonten 5 untung saking maos:
1) kita terhindar saking kebodohan ,
2) kita saged nginggahaken konsentrasi ,
3) kita saged ngertos bab-bab ingkang dereng kita ngertosi babar pisan ,
4) kita keparing ngembangaken kefasihan lebet maos ,
9) kita keparing sumerep kronologi setunggaling peristiwa ,
Saking untung kasebat dipunsimpulaken menawi maos menika wigatos amargi kaliyan
maos kita keparing informasi utawi elmi kawruh ingkang mboten namung manfaat kagem diri
kita nanging kagem tiyang sanes ugi. sasampunipun sumerep wigatosipun maos, alangkah sae
menawi kita nginggahaken minat waos . nanging ketertarikan lebet maos mboten keparing
timbul kaliyan ndadak. nanging mbetahaken wekdal lan latihan kaliyan terasan. amargi menika
wonten area sekolah wonten paringi fasilitas kados perpustakaan ingkang kagungan tujuan
kagem nginggahaken minat waos siswa wonten sekolah.
wonten sisi menika perpustakaan ugi keparing dipunagem kagem ngicalaken raos bosan
sasampunipun siswa numuti pelajaran. perpustakaan ugi wonten jangkepi kaliyan fasilitas-
fasilitas ingkang sampun wonten tenaken sekolah kagem para siswa. perpustakaan dipundamel
kaliyan sa-mekaten saenipun supados para siswa ingkang wonten ten sekolah rumaos tertarik
kagem ngrawuhi perpustakaan.
Para hadirin ingkang kula hormati pramila, sumangga kita dadosaken maos dados
rutinitas lan ndamelaken maos dados setunggaling kalimrahan utawi malah kebetahan. mila
kita badhe ngraosaken manfaat-manfaat ingkang ageng, ingkang timbul amargi kegiatan maos
kasebat. hadirin ingkang bingah. mekaten lah pidato kula, mugi-mugi manfaat kagem kita
sedaya. menawi wonten tembung tembung kula ingkang kirang kersa wonten penggalih kula
nyuwun pangapunten .
waassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Kenakalan Remaja

Assalamualaikum wr.wb

Bpk/ibu guru ingkang kulo hormati,

Rencang-rencang ingkang kulo banggakan lan kulo tresnani,

Monggo kito sesarengan bersyukur dumateng gusti kang Maha Agung,atas karunia nikmat lan
rahmat dumateng kito sedoyo. Lan mugi-mugi ALLAH SWT meridoi setiap usaha ingkang kito
selenggarakan inggih meniko,babakan usaha masalah kenakalan remaja ingkang lumajan kritis.

Katah pengaruh budaya asing kang baku kanti di pun filter amargi ten era Globalisasi
informatika ing bidang internet kang terbuka lebar,ditambah nalika sifat remaja kang berjiwa
muda.Sehingga remaja katah engkang lepas kontrol, amargi kito sesarengan kedah saged
maringi pengkal dumateg remaja-remaja kita lewat pendidikan agama.

Bapak/ibu guru kang kulo hormati lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani meniko inkag kulo
saged aturaken, mugi-mugi wonten manfaatipun dumateng kito sedoyo. Ingkang wonten
kesalahanipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah.

Wasalamualaikum Wr.Wb
(pidato jawa pergaulan bebas)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati, Bpk Ibu guru ingkang kula hormati. Mboten supe
rencang-rencang ingkang kula tresnani. Langkung rumiyen monggo tansah ngonjukaken puji
syukur wonten ngarsaning gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalah kula tasih
pinaringan kesarasan sahinggo saged kempal wonten mriki kanti mboten wontel alangan
satunggal punapa.

Kula ingkang tinanggenah dados wakilipun konco sekelas supados ngaturaken kenging menapa
muda-mudi jaman sameniko remen kalih pergaulan bebas. Wonten adicara menika kula badhe
ngaturaken menapa sebabipun para muda-mudi remen pergaulan bebas. Mugi-mugi mawon
ingkang kula aturaken mangke saged migunani kagem kula sarencang lan umumipun dumateng
para muda-mudi sedaya.

Konco-konco ingkang kula tresnani, kita sampun mangartos bilih pergaulan bebas menika
mbekto dampak ingkang mboten sae tumprap kita sedoyo ingkang saweg masa pubertas.
Sebab-musababipun lare muda-mudi sami klentu kekancan utawi pergaulan bebas, inggih
menika:

Faktor keluwargo, faktor menika menawi lare muda-mudi mboten pikanto kasih sayang lan
pengayoman ingkang cekap. Ndadosaken para muda-mudi ngucali kasih sayang wonten jawi,
inggih menika saking rencang-rencang, menawi mboten waspodo saged terjrumus pergaulan
bebas.Kirangipun pangertosan babagan agama, faktor menika ugi ndadosaken penyebab klentu
pergaulan.Faktor lingkungan, para muda-mudi kedah saged milih sinten ingkang sae dipun
dadosaken rencang lan ingkang mboten sae. Pergaulan bebas sagedipun atasi kanti ningkataken
keimanan ugi takwa kita dumateng Gusti Allah. Coro lintunipun kagem ngindari pergaulan
bebas inggih menika nyaluraken bakatipun ingkang positif, saged njogo emosi ugi mikiraken
masa depan.

Mekaten ingkang kula aturaken mugi-mugi saged mbekto manfaat tumrap kita sedaya. Katah
lepat kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai