Anda di halaman 1dari 2

Roro Jonggrang

Ana ing jaman kerajaan Hindu-Buddha wonten satunggaling pangeran


kang nduwe jeneng Raden Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun
injih putra saking Raja Pengging Prabu Damar Moyo. Raden Bandung
Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti mandraguna.

Kajaba Pengging, ana kerajaan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko.
Raja Keraton Boko nun injih Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma
Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget kanthi jeneng Roro
Jonggrang.

Ana ing sawijining dina Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah
kerajaan kanthi nyerang Kerajaan Pengging. Prabu Boko ngumpulake
pasukan kanggo nyerang Kerajaan Pengging. Peperangan gendhe banjur
kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak Kerajaan
Pengging ugo Kerajaan Boko.

Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo dawuh dening
anake yaitu Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu
Boko. Mergi kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso,
Prabu Boko banjur bisa dikalahake nganti tekan patine.

Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupalo dawuh marang pasukane kanggo
mundur saka Kerajaan Pengging mlayu menyang Keraton Boko. Raden
Bandung Bondowoso kang ngerteni yen prajurit saka Kerajaan Boko
mundur banjung ngoyak Patih Gupalo lan pasukan sing mlayu menyang
Keraton Boko.

Patih Gupalo sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro Jonggrang
lan ngandhani menawi Prabu Boko wes mati neng tangan Raden Bandung
Bondowoso. Ora suwe banjur Raden Bandung Bondowoso dugi ing
keraton Boko. Pas dheweke lagi nggoleki Patih Gupalo neng njero istana,
dheweke ketemu karo anak Prabu Boko yaiku Roro Jonggrang.

Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung


katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging
Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden
Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake.
Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang
menehake syarat yen Raden Bandung Bondowoso pengen ngrabeni
piyambake. Roro Jonggrang banjur ngendikan: “Yen sampean pengen
ngrabeni aku, sampean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi
ana wektu sewengi.”

Panjaluk Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden


Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro Jonggrang kasebut.
Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal kanthi jeneng
Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut
kanggo mbangun candi kasebut.

Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa nggrampungake gaweane banjur


Roro Jonggrang njaluk dayang-dayang kanggo nutu pari lan ngobong
damen neng siseh wetan supaya dikira menawi esuk wis teka.

Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo


mbangun 1000 candi pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangun 1000
candi durung genep, Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake
nganti 999 candi.

Raden Bandung Bondowoso nesu, murka amarga saktemene srengenge


durung njedul. Piyambake nesu basan reti yen Roro Jonggrang sing wis
nglakoni kabeh mau supaya para lelembut ngiri srengenge wis njedul.
Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca
sing kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki
1000 candi kesebut.

Anda mungkin juga menyukai