Anda di halaman 1dari 3

Modul Basa Jawa

“Artikel Basa Jawa”

Kelas XII Semester Gasal


SMK Negeri 2
Surakarta
A. Artikel
Artikel mujudake perangan sing wigati kanggo panulis sing nulis karangan lumantar
medhia cithak utawa medhia elektronik. Lumantar ngasilake artikel, karya kita tetep dikenang
nganti wektu-wektu sabanjure.
1. Pangertene Artikel
Artikel bisa dimangerteni minangka karangan sing digawe adhedhasar fakta lan panemu
sing bakal diterbitake ing medhia kayadene medhia cithak, medhia online. Malah saiki akeh
artikel sing diunggah ing medhia sosial. Nulis artikel dhewe sejatine ngandhut ancas kanggo
ngandharake gagasan sing ngandhut dhata lan fakta. Ide-ide ing artikel kasebut pungkasane
bisa nglatih, ngyakinake lan uga menehi saran hiburan kanggo para pamaca. Kajaba iku, topik,
tema, utawa gagasan ing sawijining artikel bisa diwedharake awujud panemu sing bisa
dienggo kanggo nanggapi prakara sing ana sajroning masarakat uga menehi solusine.
2. Strukture Artikel
Struktur teks artikel mujudake gegambaran kepriye artikel kasebut diwangun. Strukture
artikel padha karo teks liyane.

Pambuka
Strukture Artikel

Isi

Panutup

Gambar 5 Bagan Strukture Artikel


Karacik dening panulis
Panulise artikel kudu nggathekake isine gagasan utawa ide ilmiahe. Gagasan ilmiah
kasebut bisa disumurupi saka substansi gagasane lan alur ilmiah ing artikel kasebut.
3. Jinis-Jinise Artikel
Miturut teorine, wewatakan, lan pamangune, sawijine artikel bisa dipecah dadi 5 (limang)
jinis sing bisa didelok ing bagan ngisor iki.
Jinis-Jinis Artikel

Artikel Artikel Artikel Artikel Artikel


Ekploratif Eksplanatif Deskriptif Prediktif Preskriptif

Gambar 5.2 Bagan jinis-jinise artikel


Karacik dening panulis
Andharan saben limang jinis artikel ing gambar bisa didelok ing ngisor iki.
a. Artikel Eksploratif
Artikel eksploratif yaiku artikel sing ngandharake kanyatan-kanyatan miturut
panalare panulis. Jinis kasebut pas banget kanggo ngandharake temon-temon anyar.
Tuladhane ana sawijine pawongan nemokake barang-barang antik.
b. Artikel Eksplanatif
Tembung eksplanatif tegese njelasake. Artikel eksplanatif yaiku artikel sing isine
nerangake sawijine masalah sing bisa dipahami dening pamaca.
c. Artikel Deskriptif
Artikel deskriptif yaiku artikel sing ngandharake sawijine masalah sing dumadi ing
masarakat saengga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis kasebut memper kaya
laporan utawa reportase. Bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen
artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini.
d. Artikel Prediktif
Tembung prediktif bisa diarani ramalan. Artikel prediktif yaiku artikel sing isine
petungan utawa ramalan perangan sing dumadi ing mangkone manut petungane panulise.
e. Artikel Preskriptif
Artikel preskriptif yaiku artikel sing menehi tuntunan tumrap pamaca
kanggo nindakake sawijine pakaryan. Mula, pamaca ora kliru utawa salah anggone
nindakake pakaryan kasebut.

Anda mungkin juga menyukai