Anda di halaman 1dari 2

WULANGAN 1 ARTIKEL

KOMPETENSI DASAR INDIKATOR


3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.1.1 Menjelaskan struktur artikel.
menganalisis teks nonsastra (berita, 3.1.2 Menjelaskan jenis artikel.
artikel, laporan, dan lainnya) secara 3.1.3 Menganalisis isi artikel.
lisan dan tulis.
4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan 4.1.1 Membaca ekspresif teks artikel.
mengekspresikan isi teks nonsastra 4.1.2 Meringkas artikel
secara lisan dan tulis. 4.1.3 Menanggapi isi artikel.
4.1.4 Menulis artikel sederhana.

A. NGGATEKAKE PANGERTEN ARTIKEL


Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep, dawane wis ditemtokake kang ditulis kanthi
tujuan tartamtu sinebar liwat medhia massa tumrap online utawa offline. Antarane koran,
majalah, buletin, lan sapanunggalane.

Kanggo nulis artikel, mula kudu manut sajrone struktur. Ing ngisor iki diandharake struktur
artikel kang dumadi saka:
1. Irah-irahan yaiku bab ing karangan utawa judhul.
2. Pambuka yaiku pucuking karangan. Panggonan pambuka ing ngarep sajrone karangan.
3. Isi yaiku babakankang dirembug sajrone karangan.
4. Panutup yaiku tulisan ing mburi utawa pungkasane karangan.

Sajrone ngrembug isi artikel, lumrahe weneh pitakon ngenani:


1. Apa, jenenge kedadeyan kang dumadi.
2. Sapa, pawongan utawa sing ana sajrone prastawa.
3. Kepriye, anggone prastawa iku dumadi sajrone karangan.
4. Kapan, waktu kedadeyan sajrone karangan iku dumadi.
5. Ana ing ngendi, papan anggone kadadeyan prastawa.
6. Geneya, sabab musababe kedadeyan sajrone karangan iku dumadi.
Pitakon ing dhuwur iku kanggo ngandharake prastawa kang dumadi sajrone karangan utawa
artikel sing diwaca. Mula, kanggo isi karangan kudu selaras kabutuhan masyarakat utawa
sing lagi viral.

B. NGUMPULAKE INFORMASI SAJRONE ARTIKEL


Piwulangan kegiyatan ngumpulake informasi tegese nggolek pangerten lan kawruh ngenani
bab-bab kang disinauni. Jroning bab ngumpulake informasi sing kudu ditindakake dening
siswa yaiku: mangerteni ciri-ciri artikel lan jinising artikel.
1. Ciri-ciri Artikel
Karya tulis bisa diarani minangka sawijine artikel menawa duweni cirri utawa titikan.
Kaya ing ngisor iki:
a. Tulisane cekak, padhet, lan cetha.
b. Sumbere fakta kang ana.
c. Asifat factual cundhuk klawan dhata-dhata kang diweruhi dening pangripta.
d. Original, dudu copywriting.
e. Isi kang diandharake asli asil dhata, dudu pamikire pangripta.
f. Isine bisa awujud paparan biografi tokoh, kisah-kisah perjalanan, argumentasi,
prastawa, kahanan panguripan lan liyane.
g. Gagasan utawa topik kudu selaras klawan kabutuhan pamaca utawa bebrayan umum
(sing lagi viral).

2. Jinis-jinis lan Tuladhane Artikel


Artikel kaperang ana maneka warna adhedhasar kadadeyan kang dumadi. Mula diringkes
sajrone jinising artikel, antarane yaiku:
a. Artikel Eksploratif
Tulisan kang isine ngandharake fakta miturut pamawas lan kajian panulis. Mula
artikel iki cocog kanggo ngandharake temon-temon anyar, kayata: nemokake barang-
barang antik petilasan jaman purba, makalah panaliten, skripsi, tesis, lan
sapanunggalane.
b. Artikel Eksplanatif
Artikel kang isine katrangan ngenani babakanprakara kanggo dimangerteni luwih
cetha dening pamaca tumrap karangan kasebut. Tuladhane: “Buku Kemakmuran
bukan Kebetulan” (Ki jendral Nasution, Bandung, 3 Maret 2019), lan buku sababak
liyane.
c. Artikel Deskriptif
Tulisan kang nggambarake prakara dumadi ing bebrayan (masyarakat). Jinise artikel
iki padha karo reportase. Senadjan reportase mung ngandharake fakta wae, dene
jroning artikel deskriptif pangripta bisa nambahi opini kanggo njlentrehake prakara
kanthi cetha. Tuladhane: babakan aksi tutup dalan Rungkut Menanggal klawan
Pondok Candra, lan pawarta liyane kang ana ing masyarakat.
d. Artikel Prediktif
Babagan kang sipate arep utawa durung dumadi, miturut analisa panyerat. Tuladha:
Predhiksi skor tetandhingan sepakbola, Prakiran cuaca, lan sababak liyane
e. Artikel Preskriptif
Artikel kang weneh tuntutan marang wong sing maca supaya ora kliru. Tuladha:
“Buku Shalat Lima Waktu”, “Nindakake Diet kang Sihat”, lan sapanunggalane.

Anda mungkin juga menyukai