Anda di halaman 1dari 1

A.

Artikel
Artikel yaiku sawijine wujud karangan kanthi dawa tartamtu kang isine ngandharake gagasan lan
fakta sawijine kedadeyan kang dumadi.

B. Jinis-jinise Teks Artikel


Jinis saka artikel iku maneka werna ing media massa utawa kalawarti, ing antarane yaiku:
1. Artikel Eksploratif yaiku artikel kang mbuka lan ngandharake fakta-fakta adhedhasar perangan saka
panulise.
Contoh artikel Eksploratif : Makalah penelitian
2. Artikel Eksplanatif yaiku artikel kang njlentrehake sawijine bab supaya bisa dipahami dening pamacane.
Contoh artikel Eksplanatif : Buku kang judhule “3 Ciri Pribadi Sukses” oleh Kevin, 16 Maret 2011.
3. Artikel Deskriptif yaiku artikel sing nggambarake sawijine perkara kang dumadi ing satengahe
masyarakat sahengga bisa ngowahi apa kang satenane dumadi.
Contoh artikel Deskriptif : pawarta ngenani aksi tawuran antar kampung
4. Artikel prediktif yaiku artikel sing surasane petungan/ramalan apa kang bakal dumadi ing tembe
mburine adhedhasar petungan panulise.
Contoh artikel Prediktif : Prakiraan cuaca, Prediksi skor (hasil) pertandingan sepakbola
5. Artikel Preskriptif yaiku artikel kang menehi tuntunan marang pamacane supaya nindakake sawijine bab
kang ora nindakake kaluputan.
Contoh artikel Preskriptif : Tutorial masak, Panduan daftar Email, dll

C. Stuktur Teks Artikel


Kanthi umum struktur utawa perangan kang diduweni artikel yaiku:
- Irah-irahan = Wakil saka tema kang diandharake
- Paragraf pambuka = Pokok pikiran kang bakal dipertahanake
- Paragraf isi = Ngandharake pokok pikiran
- Paragraf panutup = Medharake dudutan saka andharan sing ana ing saben paragraf panjelas

D. Maneka Werna Isi Teks Artikel


1) Artikel politik yaiku tulisan analisis panulis ngenani samubarang kang sesambungan karo politik saka
njero lan njaba negri. Tuladhane kaya kesuksesan partai, pemilu, lan kasus korupsi anggota dewan.
2) Artikel budaya yaiku tulisan kang ngandharake seluk-beluk budhaya. Kayadene grebeg sura, nguri-uri
wayang beber, lan tradhisi dhaerah.
3) Artikel penuntun praktis yaiku tulisan kang ngandharake tata cara praktis nindakake utawa nggawe
samubarang. Tuladhane kayata tata cara nyangkok pelem.
4) Artikel ekonomi yaiku tulisan analisis kahanan ekonomi mikro lan makro. Tuladhane dampak
mundhake lenga tumrap ekonomi nasional.
5) Artikel olahraga yaiku tulisan ngenani olahraga, bisa event utawa pawongane. Tuladhane ngenani nasib
olahraga bulutangkis Indonesia saiki.
6) Artikel pendhidhikan yaiku tulisan ngenani kependhidhikan. Kayata ngrembug Ujian Nasional, lan
kurikulum 2013.

Anda mungkin juga menyukai