Anda di halaman 1dari 1

B.

Jinis-jinise Artikel
Jinise artikel adhedhasar sipate, bisa kaperang dadi 2, yaiku artikel ilmiah lan
populer. Tembung ilmiah nduweni teges yaiku miturut ilmu pengetahuan; adhedhasar
sarat (kaidah) ilmu pengetahuan. Dene populer nduweni teges, yaiku dikenal lan
disenengi wong akeh (umum); miturut kebutuhan masarakat umum; gampang
dimangerteni lan disenengi wong akeh.
Artikel ilmiah iku asipat empirik, yaiku adhedhasar asil panliten kang ditindakake.
Artikel iki ora dimot ing sawernane media massa, amung ing media khusus kaya dene
ing jurnal kampus. Tuladhane, yaiku lapuran asil panliten, jurnal, makalah. Artikel
populer akeh dimot ing sawernane medhia massa, bisa ing medhia cithak utawa medhia
elektronik.
Saliyane iku, isih ana jinis-jinis artikel adhedhasar isine, ing antarane yaiku:
a. Artikel eksploratif, yaiku artikel kang isine njlentrehake (memaparkan) sawernane
kanyatan kang adhedhasar saka asil pasinaone panulis.
b. Artikel eksplanatif, yaiku artikel kang isine njlentrehake (memaparkan) sawijining
bab utawa sawijining wacanan supaya bisa gampang dimangerteni dening pamaos
(pembaca).
c. Artikel deskriptif, yaiku artikel kang isine njlentrehake (memaparkan) sawijining
kadadean/ masalah kang ana ing masarakat kang digambarake kanthi tliti lan njlimet
supaya bisa dimangerteni tenan dening pamaos kanthi jangkep.
d. Artikel Prediktif, yaiku artikel kang isine njlentrehake (memaparkan) samubarang
bab/ masalah kang ngandhut petungan utawa predhiksi kang bakal kelakon utawa ora.
e. Artikel Preskriptif, yaiku artikel kang isine njlentrehake (memaparkan) sawijining bab
supaya bisa menehi panuntun (petunjuk) marang pamaos saperlu kanggo ditindakake
supaya ora dadi kleru.

Anda mungkin juga menyukai