Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KOTA PASURUAN

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SMP NEGERI 11 PASURUAN
Jl. Halmahera Gang IX / 68 Gadingrejo Pasuruan
Telp. (0343) 427416, e-mail : smp_11pasuruan@yahoo.co.id
Web : http://smpn11pasuruan.sch.id

SUMATIF AKHIR SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2023/ 2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari, Tanggal : Rabu, 6 Desember 2023


Kelas : VII Waktu : 90 menit

Wacanen Kanthi Premati!

I. WANGSULANA KANG PATITIS KANTHI MILIH ANDHARAN SING PALING


BENER!
Wacanen kanthi titi teks deskripsi iki!
Wisata Bahari Lamongan (WBL)
Wisata Bahari Lamongan utawa kang kerep diarani WBL mujudake salah sawijine papan
pariwisata kang ana ing Kecamatan Paciran Kabupaten Lamongan. Papan pariwisata iki madeg
wiwit tanggal 14 November 2004. WBL manggon ing jalur pantura Surabaya-Tuban, uga cedhak
karo maneka papan pariwisata ing Jawa Timur, kayata Guwa Maharani, Makam lan Museum
Sunan Drajat, Makam Sunan Sendhang Dhuwur, lan Tanjung Kodhok Resort.
Wisata Bahara Lamongan (WBL) dadi papan pariwisata kang nggabungake konsep wisata
bahari lan taman rekreasi kanggo para kulawarga kang kepengin ngenggar-enggar pikiran saka
maneka kegiatan padinan. Saperangan wahana unggulan papan pariwisata iki, kayata Istana Bawah
Laut, Guwa Insectarium, Space Shuttle, Anjungan Wali Sanga, Texas City, Paus Dangdut, Tembak
Ikan, Rumah Kaca, uga Istana Bajak.
Madeg ing papan kang ambane 11 hektar, WBL tansah ngrembaka kanthi nyuguhake wahana
anyar ing saben taune. Saliyane iku, uga ana fasilitas kang nyengkuyung anane papan pariwisata
kasebut, kayata pasar hidangan, pasar wisata, pasar buah, lan iwak kanggo para wisatawan kang
kepengin blanja nalika dolan ing WBL.
1. Yen didulu (dilihat) saka madege WBL ing taun 2004, tegese WBL saiki wis umur … taun.
a. 17 b. 18 c. 19 d. 20
2. Ukara ing punggelan teks tanggapan deskriptif kasebut nggunakake basa . . . .
a. Ngoko alus c. Krama alus
b. Ngoko lugu d. Krama Lugu
3. Wisata Bahara Lamongan (WBL) dadi papan pariwisata kang nggabungake konsep wisata bahari
lan taman rekreasi kanggo para kulawarga kang kepengin ngenggar-enggar pikiran saka maneka
kegiatan padinan. Saperangan wahana unggulan papan pariwisata iki, kayata Istana Bawah Laut,
Guwa Insectarium, Space Shuttle, Anjungan Wali Sanga, Texas City, Paus Dangdut, Tembak
Ikan, Rumah Kaca, uga Istana Bajak Laut.
Punggelan teks deskripsi kasebut mujudake perangan ….
a. Identifikasi c. Deskripsi bagian
b. Klasifikasi d. Orientasi
4. Wisata Bahari Lamongan utawa kang kerep diarani WBL mujudake salah sawijine papan
pariwisata kang ana ing Kecamatan Paciran Kabupaten Lamongan. Papan pariwisata iki madeg
wiwit tanggal 14 November 2004. WBL manggon ing jalur pantura Surabaya-Tuban, uga cedhak
karo maneka papan pariwisata ing Jawa Timur, kayata Guwa Maharani, Makam lan Museum
Sunan Drajat, Makam Sunan Sendhang Dhuwur, lan Tanjung Kodhok Resort.
Pethikan teks deskripsi kasebut nuduhake perangan ….
a. Identifikasi c. Definisi
b. Klasifikasi d. Deskripsi bagian
5. Madeg ing papan kang ambane 11 hektar, WBL tansah ngrembaka kanthi nyuguhake wahana
anyar ing saben taune. Saliyane iku, uga ana fasilitas kang nyengkuyung anane papan pariwisata
kasebut, kayata pasar hidangan, pasar wisata, pasar buah, lan iwak kanggo para wisatawan kang
kepengin blanja nalika dolan ing WBL.
Miturut tata rakite teks deskripsi kasebut kalebu perangan ….
a. Identifikasi c. Klasifikasi
b. Definisi d. Deskripsi bagian
Pethikan teks profil tokoh ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 6 – 11.
BJ. Habibie
BJ.Habibie miyos ing Pare-Pare Sulawesi Selatan tanggal 25 Juni 1936. Dheweke minangka
presidhen katelu ing Indonesia. BJ.Habibie kuwi kalebu piyantun sing kagungan kawasisan ing
babagan teknologi.
6. Adhedhasar tata rakite, pethikan teks “BJ.Habibie” kasebut kalebu perangan . . . .
a. Identifikasi c. Definisi
b. Klasifikasi d. Deskripsi bagian
7. BJ.Habibie kuwi kalebu presidhen Indonesia kang kaping . . . .
a. Pisan c. Katelu
b. Pindho d. Kapapat
8. BJ.Habibie miyos ing Pare-Pare Sulawesi Selatan tanggal 25 Juni 1936.
Ukara kasebut nggunakake basa . . . .
a. krama alus c. Ngoko alus
b. krama lugu d. Ngoko lugu
9. Tembung lingga kang tinemu ing teks kasebut, yaiku . . . .
a. Miyos c. Piyantun
b. Katelu d. Kawasisan
10. BJ.Habibie kuwi kalebu piyantun sing kagungan kawasisan ing babagan teknologi.
Tembung kawasisan tegese . . . .
a. Kuwasani c. Pawongan
b. Kapinteran d. Nemokake
11. Bapak ngasta koper lan tas rangsel menyang Jakarta mau awan.
Tembung “tas rangsel” mujudake tuladhane tembung ….
a. Aran c. Kahanan
b. Kriya d, Katrangan
Wacanen pethikan teks tanggapan deskriptif ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan
nomer 12 – 15!
Grebeg Sura
Larung sesaji nalika grebeg sura katindakake ing tlaga ngebel. Larungan iki dianakake ing
wayah esuk dianggo sarana wisata. Sawijining tumpeng diwenehake marang para warga lan
tumpeng liyane digawa menyang tengahe tlaga bebarengan karo dedonga. Ana petugas kang
ditugasake nggawa sesajen menyang tlaga banjur dikeremake. Kanthi kereme tumpeng mula
adicara Grebeg Sura wis paripurna.
12. Pethikan teks “Grebeg Sura” kasebut nuduhake perangan . . . ing sajrone teks tanggapan
deskriptif.
a. Identifikasi c. Definisi
b. Klasifikasi d. Deskripsi bagian
13. Panulise ukara kapisan ing sajrone pethikan teks “Grebeg Sura” kang trep yaiku . . . .
a. Larung sesaji nalika grebeg sura katindakake ing tlaga ngebel.
b. Larung sesaji nalika grebeg sura katindakake ing Tlaga Ngebel
c. Larung sesaji nalika Grebeg Sura katindakake ing Tlaga Ngebel
d. Larung sesaji nalika Grebeg Sura katindakake ing tlaga Ngebel.
14. Panganggone swara “a jejeg” miturut pethikan “Grebeg Sura” kasebut tinemu ing
tembung....
a. Larung, sesaji, nalika c. Wisata, kanthi, menyang
b. Tlaga, ana, sarana d. Mula, sura, nggawa
15. Panganggone swara “u miring” kang tinemu ing pethikan teks “Grebeg Sura” kasebut
yaiku ....
a. Larung, esuk c. Tumpeng, esuk
b. Sura, larung d. Larung, banjur
16. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tuladhane tembung lingga yaiku.....
a. Tengahe, nggawa, nalika c. Banjur, tumpeng, esuk
b. Tlaga, wayah, wisata d. Adicara, ditugasake, kereme
17. Sawise metu saka pakunjaran krana tulisane kasebut, tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar
Dewantara ngedegake Nationaal Onderwijs Institut Taman Siswa utawa Perguruan
Nasional Taman Siswa.
Tembung andhahan kang tinemu ing ukara kasebut, yaiku . . . .
a. Metu, kasebut, utawa c. Saka, krana, tulisane
b. Pakunjaran, ngedegake, perguruan d. Tulisane, ngadegake, kasebut
Wacanen punggelan teks iki kanthi tliti!
"Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putrinipun para kleting
ingkang ayu-ayu, inggih menika Kleting Abang, Kleting Biru, Kleting Ungu, lan Kleting Ijo
sami ngenggar-enggar penggalih. Wonten nggriya Kleting Kuning olah-olah lan reresik griya
piyambakan. Kleting Kuning niku putra tirine Mbok Randha. Pengrengkuhe Mbok Randha
dhateng Kleting Kuning niku winastanan emban cindhe emban siladan, benten kaliyan putri
sanesipun....”
18. Ibu saben tahun mesti numbasake klambi anyar kanggo anak pambarep, ananging anak
nomer loro ora nate ditumbasake, mung diwenehi lungsuran (bekas). Tumindhake ibuk
kaya dene (emban cindhe, emban ciladhan). Bebasan ing ndhuwur ndeweni teges ….
a. Rukun c. Ora rukun
b. Ora adil d. Meri - merian
19. Para warga kerja bakti kanthi sayuk rukun, padha tumandang gawe nganti adus kringet.
Bener pituture para sepuh, rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Ing pethilan paragraf ing dhuwur, tembung endi wae sing kalebu basa rinengga….
a. Para sepuh c. Adus kringet
b. Sayuk rukun d. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
20. Paribasan sing tegese ora duwe apa-apa, ora gelem ikhtiyar nanging kepingin dadi
panguwasa, yaiku....
a. Adang-adang tetesi embun. c. Cebol nggayuh lintang
b. Blilu tau, pinter durung nglakoni. d. Durung pecus keselak besus
II. Pilihen Wangsulan bener apa salah pranyatan ana ing ngisor iki !
21. Tembang Sluku-sluku Bathok menehi piwulang nyucekake batin kanthi cara dzikir

Bener Salah

22. Tembang sluku – sluku bathog, gundhul – gundhul pacul , re kayo rek kuwi kalebu tembang
macapat, dene tembang mijil kalebu tembang dolanan .

Bener Salah
23. Tembang dolanan prau layar kae nyritakake bab kaendahan segara ana ing Indonesia uga
endahe yen sayuk rukun urip bebarengan .
Bener Salah
24. Wong tuwa iku olehe nyambut gawe mulai isuk nganti sore ora asuh, sing siji rampung,
sijine maneh kudu enggal ditandhangi maneh. Wong tuwo ing cerita ndhuwur kae yen di
entarake nganti adus kringet .
Bener Salah
25. Bubar diganti lampu-lampune, ing wayah dalu kantor kelurahan Gumul katon padhang
njingglang. Tembung padhang njingglang kalebu tembung entar.
Bener Salah
26. Ragam dhialek Surabayaan, Bojonegoroan, Malangan lan sapanunggalane iku pamerange ragam
basa sing dititik saka sapa sing nganggo lan situasine.

Bener Salah
27. Tembung sing ora teges salugune utawa tembung silihan biasa diarani tembung Saroja .

Bener
28. Urip nang deso kuwi luwih ayem tentrem tinimbangane urip nyang kutho. Tembung ayem
Tentrem tegese ora bisa turu lan kekurangan .

Bener Salah
29. Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese digandeng
dadi siji, ngemu surasa akeh utawa mbangetake.

Bener Salah
30. Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik. Yen nganggo Yen nganggo basa
ngoko alus, yaiku Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

Bener Salah
III. Jodokna pitakonan ing sish kiwa iki karo wangsulan ana ing sisih tengene !

31. Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, A. Wedhus
dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar
budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing
sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan
Kediri. Wisata ing dhuwur nyritakake ...........
32. Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru B. Candi Penataran
bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan
umum.Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-
ancer yaiku tembung ....
33. Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, C. Surasa
kurang luwih 16 km saka kutha.Tembung kurang luwih yen
karunut miturut macane nggunakake swara ….
34. Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke D. Menyang
seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana
ing pekarangan kayata : sapi, wedhus, kebo, pitik, kelinci,
bebek, menthog. Manut teks ing dhuwur tembung kang
nganggo swara miring yaiku.....

35. Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake E. U jejeg, A jejeg,
perjuwangane ing Kutha Surabaya. Liwat organisasi Budi U jejeg, I miring
Utomo. Dr. Soetomo uga ngedegake organisasi putri
Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang
nerbitake ariwarti Darma Kandha, sawijining surat kabar F. Klasifikasi
kang digunakake kanggo propaganda merjuwangake
kamardikan. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur
bageyan..........
36. Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah G. Wektu
satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon
Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan
30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula
hawane adhem. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku
kalebu.................
37. Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata H. Kriya
kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh -
wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan,
papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan
uga ana hunting foto. Struktur teks ing paragraf ndhuwur
yaiku kalebu .............

38. Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake I. Kahanan
maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta
kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane
kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang
papan panggonan kasebut . Paragraf ing dhuwur kalebu
struktur teks deskripsi yaiku..............
39. Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga J. Deskripsi bageyan
arep dherek lomba nembang macapat. Ukara kasebut ing
dhuwur nggunakake katerangan.............
40. Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe K. Idhentifikasi
menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah
kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma,
ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen
apik lan nyenengake. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk
“ kalebu tembung...........

IV. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi pathithis !

1. Coba ukara ing ngisor iki owahana nggunakake basa ngoko alus !
“ Pak guru lagi nulis Pelajaran ana papan tulis “
2. Unggah – ungguh basa manut jenise dibagi ana pira ? Terangna !
3. Sebutna jenise tembung ana basa jawa sethithike lima !
4. Apa sing diarani teks tanggapan dheskriptif iku ?
5. Sebutna struktur teks tanggapan dheskriptif sing kok weruhi !

SUGENG NINDAKAKEN PAKARYAN!

Anda mungkin juga menyukai